Enjoying your free trial? Only 9 days left! Upgrade Now
Brand-New
Dashboard lnterface
ln the Making
We are proud to announce that we are developing a fresh new dashboard interface to improve user experience.
We invite you to preview our new dashboard and have a try. Some features will become unavailable, but they will be added in the future.
Don't hesitate to try it out as it's easy to switch back to the interface you're used to.
No, try later
Go to new dashboard
Published on Feb 05,2023
Like
Share
Download
Create a Flipbook Now
Read more
Published on Feb 05,2023
No description
Home Explore Djaka Lodang No 23-2022
Publications:
Followers:
Follow
Publications
Read Text Version
More from DJAKA LODANG
P:01

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 1 Tintingan Buku

SETU KLIWON, 5 NOPEMBER 202

23

2

KUBURANE MBAH DIN RENTEN AMBLONG

PANGUPABOGA

Soto Triwindu Solo

Klangenane Jokowi TRADHISI

Festival Bregada Rakyat DIY

P:02

2 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

Kasambung kaca 51

Rampung wilujengan telung

ndinanan, Marsono wis bali

menyang Yogja. Menyange

Yogja kejaba nggawa ati susah

merga ditinggal seda bapake, uga

nggembol ati cuwa, karo sikepe Sumiati, sing wis disengguh,

ora tresna maneh

marang dheweke. Mulihe

menyang kost-kostan,

kena kinaran nggendhong

ati semplah.

Rasa susahe disokake

kanthi crita utawa curhat

marang Anwar. Sing

dicurhati ora bisa aweh

pitutur utawa panemu

akeh-akeh, awit pancen

isih padhadene enome.

Ya, yen perkara pacar,

utawa cah wadon, miturut

dhekne, aja nganti

nggandhuli pangrasane

banget-banget, jer pancen

isih ana tataran pacaran.

Wancine isih padhadene

sekolah. Sapa ngerti, liya

wektu malah kepethuk

bocah wadon sing luwih

gemati, tinimbang sing

dianggep wis nyidrani

tresna.

Ujarane Anwar, ora kabeh gawe nglengganane

ati, awit tresnane marang Sumiati

mono, kepetung tresna kang

sepisanan. Ujare lelagon ana sing

muwus, menawa tresna sepisanan

kuwi rasane digawa nganti tekan

pati. Apamaneh tresna sepisanan

tresna kang gagal, sok gawe sing

nandhang tresna dadi ceklek

atine. Nanging marsono uga eling

sawenehe ukara, kang muni, donya

iki ambane ora mung sagodhong

kelor.

Kabeh sapolah-tingkahe ujugujug lambene Marsono ngundang

jeneng wanita sing dianggep cidra

tresna. Saparipolahe neng atine

mung tumancep marang jeneng

siji kuwi. Nganti-nganti kanthi ora

sadhar, ilate ngundang jenenge

nalika jagongan karo rewange.

Bokmenawa ana sing tegel muni

Marsono wis kedanan Sumiati.

“Rumangsaku Mas Marsono

wengi iki nggone gladhi keroncong

kok ora konsentrasi ta Mas

Anwar?” alok kang semu takon lan

pambadhene Siti Marpuah, kanthi

semu bisik-bisik, marang Anwar.

“Ya sing sabar lan mangerteni,

awake dhewe minangka kanca

sagrup. Dheweke rak mentas

ditinggal seda bapake! Dadi upama

pikirane sik labil kuwi lumrah,”

panemune sing dibisiki.

“Gek sesuk menawa isih ngene

terus kahanane njur dadi apa musike?” tambong tantinge Siti.

“Rakya wis beda pangrasane yen

suk pentas!” Anwar nggedhekake

atine sing was-was.

“Wengi iki parah lho!” saruwene

Siti maneh.

“Ya coba mengko rampung

gladhen cedhakana lan tuturana

bokmenawa sampeyan bisa

mulihake semangate!” srayane

sing dijak ngrembug solah-bawane

Marsono kang lagi kelangan

semangat.

“Ya, sampeyan kuwi ngono, sing

wis paham aten-atene!” Siti nguncalake kanthi sedya mbalekake

panemune Anwar.

“Aku ya wis aweh panemu, menawa mati kuwi wis dadi pesthi

lan kabeh bakal ngalami,” selake

nalika ngerti karepe Siti mbalekake

akone.

“Yen ngono mengko rampung

gladhen mampir dhisik neng angkringe bulikku ayo, Mas Marsono

dikandhani lan dituturi barengbareng wong loro!” pangajake Siti.

Sing diajak durung kober semaur

merga gladhen arep diwiwiti

maneh mbaleni lagu-lagu sing

durung apik.

Nganti entek wektune gladhen,

malah Siti sing ora pati konsentrasi.

Iki kagawa saka pangrasane

ngenani omongane Anwar

babagan Marsono. Latihan

keroncong wengi kuwi

kepetung ora kompak,

nganti saenteke wektu latihan. Kuwi uga dirasa lan

dikandhakake dening pelatihe.

“Yen sampeyan

sumadya mengko

onthelku sing neng

pondhokan kok gawa

nyang kost-an ya ora apaapa Mas,”

“Hla sampeyan glidhig

sesuk nunggang apa?”

“Ya nunut angkota,

utawa bus kota. Njur sesuk

awan sampeyan menyang

angkringane bulik nggawa onthel,” katrangane

uga panemune.

“Ya wis, yen ngono

krenah sampeyan

nyegat bus kota kari sing

pungkasan iki mengko!”

Sejatine bus kota sing

ditumpaki wong loro

kuwi uga metu laladan wetan

Karangmalang. Ning embuh ana

daya tarik apa, Marsono milih

ngancani Siti mulih dhisik ngalahi

mengko mbalik kanan kanthi

nganggo onthele Siti.

Sasuwene neng njeron tumpakan, Siti kanthi nekad takon, yagene neng latihan mau Marsono ora

duwe semangat lan konsentrasi.

Sing ditakoni mau-maune wegah

kandha, menawa atine kabidhung

karo sikepe kekasihe. Ning,

suwene-suwe, apa sing digawe wadi

Marsono, sida kawetu dikojahake

marang Siti. Embuh apa sing

dirasa Siti nalika iku, kanthi ujugujug tangane ngrangkul pundhake

sing wis walaka. Sing dirangkul

rada njenggirat awit rasane

rangkulan rinasa seje karo

panjamah tangane sadurunge.

Kaya ana rasa seje, mungguhing

Marsono, caturan neng njero

bus kota wengi kuwi. Ora krasa

lambene ujug-ujug nyeluk jenenge

Sumiati.

13

12

P:03

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 3

CRITA SAMBUNG ................................ 2

Ijasah

SRUMUWUS ....................................... 4

Banjir

WAWASAN JRONING NEGARA............ 5

Plus-Minus Kendharaan Listrik

TOSAN AJI .......................................... 6

Babagan Pamor Dhuwung

SASTRA & BUDAYA ............................. 7

Bagong

WIRANOM........................................... 8

Hapsari Teta Raharja

Yen Kepengin Kasil Kudu Fokus

PAGELARAN ....................................... 9

Mbabar Cangkir

PRIBADI BINUKA................................. 10

Kurnia Sari, S.Kep,NS

Tenaga Kesehatan Sing Peduli

PAWIYATAN......................................... 12

Siswi SDIT Cendekia Bantul

Sasab Alih Aksara Jawa

LAPORAN DHAERAH ......................... 14

Muludan Ing Desa Sumurarum

Grebeg Gunungan Lentheng Agung

WANITA & KELUWARGA .................16

Cepet Lalen

HERBAL............................................... 17

Ceplukan

JAGADING LELEMBUT ........................ 18

Kuburane Mbah Din Renten Amblong

KEMBANG SETAMAN........................... 19

TINTINGAN BUKU ............................... 20

Nyinau Tembang Jawa Kanggo Bocah

PADHALANGAN................................... 22

Lairipun Sri Arjunasasra

CRITA RAKYAT..................................... 24

Majapait

CERKAK............................................... 26

Puspita

WACAN BOCAH................................... 28

Magang Kerja

AKSARA JAWA ................................... 29

MACAPAT ............................................ 30

Hari Pahlawan

TEMBANG DOLANAN .......................... 30

Senam

GEGURITAN......................................... 31

SEMARANGAN .................................... 32

Kudu Slametan Model Kepiye Jal?

OH LELAKON ...................................... 33

Lelakone Painem

PENGALAMANKU ............................... 34

- Ora Sedhih Nanging Ngelih

- Tukang Nyrempeti

NAPAK TILAS ...................................... 35

Saka Kabanaran, Wiwitane Jumeneng Nata

LIPUTAN.............................................. 36

Ratu Adil

Kanggo Mangayubagya HUT lan Dilantike

Gubernur/Wagub DI Yogyakarta

PANGUPABOGA................................... 38

Soto Triwindu Solo

Dadi Klangenane Jokowi

KRATON .............................................. 40

Sengkalan ing Kraton Ngayogyakarta

TRADHISI............................................ 42

Festival Bregada Rakyat DIY

Bali Kagelar Secara Langsung

LIPUTAN.............................................. 44

Temu Kangen Ing Civita

Ngronce Crita Endah Milangoni

WISATA ............................................... 46

Wisata Puncak Saka Nanggulan

Kulonprogo

PANGGUNG......................................... 49

Dr. Purwadi, S.S., M.Hum

Dhosen Wegig Ngripta Tembang

Uga Dhalang

SATLERAMAN ..................................... 50

Sunarso, S.Sn

Guru Seni Budaya Uga

Pengendhang Kondhang

Majalah Basa Jawa

Ngesthi Budi Rahayu

Ngungak Mekaring Jagad Anyar

Kababar Seminggu Sepisan

Terbit saben dina Sabtu

PENERBIT PT DJAKA LODANG PERS

Anggota SPS No. 66/1971/14/B/2002

SIUPP: SK MENPEN NO. 109/SK/MENPEN/

SIUPP/C1/1986 TGL 22 MARET 1986

Racikan

Pelanggan saha sutresna Djaka Lodang, menawi kintunan DL boten dumugi alamat,

kersaa paring katrangan lumantar sms utawi wa nomer: 0878 38 224 646

PENDhiri: H. Kusfandi [almarhum] &

Drs. H. Abdullah Purwodarsono

PEMIMPIN UMUM/PEMIMPIN REDAKSI:

Kuswinarni

PEMIMPIN PERUSAHAAN:

Tony Urat Sitohang

REDAKSI PELAKSANA:

Drs. Suhindriyo

REDAKSI:

Drs. Suhindriyo

Tatiek Poerwa Kalingga

SEKRETARIS REDAKSI:

Maria Nur Cahyati

ARTISTIK:

Tri Listiyono,

Wahyu Kadarsih,

Lestari Setyani.

KEUANGAN:

Wiji Sukarti

PROMOSI & IKLAN

Bari

SIRKULASI:

Sukarni

Heru

ALAMAT REDAKSI/ADMINISTRASI:

Jl Patehan Tengah, 29 Yogyakarta 55133

TELP./FAX. 372950

Email: djaka_lodang @ yahoo.co.id SMS: 0878 38 224 646

No. Rekening Bank :

Bank Mandhiri KH A. Dahlan

137-00-1034862-7

a.n. PT Djaka Lodang Pers

BRI Cabang Katamso

0245 0100 2268 307

a.n. PT Djaka Lodang • [BUKTI KIRIMAN SUPAYA KAKIRIM,

LUMANTAR WA UTAWA EMAIL]

Rega Eceran Rp 13.000,00 [DIY],

Rp 13.500,00 [jaban DIY]

Rega langganan sesasi Rp 50.000,00 [4 x

terbit] • Rega langganan sesasi Rp 62.500

[5 x terbit] • Langganan lumantar pos

ing Pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp

10.000,00 lan sajabaning pulo Jawa

tambah ongkos kirim Rp 12.000,00

• iklan Rp 1.500,00/baris

• Rega Iklan Display, Paket

Sponsor Rubrik bisa sesambungan

langsung marang bagian iklan •

Foto dikirim file dhewe format TIF/JPEG 200 dpi.

“Djaka Lodang” nampa sumbangan tulisan lan

gambar saka para maos. Redaksi duwe hak

ngowahi tulisan kang bakal dicetak tanpa ngowahi

isi. Tulisan, foto, gambar lan sapanunggalane

kang kapacak dicaosi sembulih. Kang pidalem

ing Yogyakarta bisa mundhut langsung sembulihe

seminggu sawise karyane kapacak. Tulisan kang

ora kapacak dikondurake yen dikantheni

perangko sacukupe. Tulisan bisa kakirim liwat

email: [email protected].

Akehe tulisan watara 4.500 karakter

(klebu spasi) format RTF (dudu doc).

Peri Pesen Bakso

Kurnia Sari, S.Kep. NS

Samak Djaka Lodang minggu iki direnggani dening Kurnia

Sari, S.Kep. NS, sawenehe tenaga kesehatan sing kebak

prestasi. Kepara nate kasil nglungguhi juwara Dimas Diajeng

Kabupaten Kulonprogo 2017. Uga nate dadi penampil terbaik

Kirab Pawai Budaya Nusantara dalam Jambore Pemuda

Indonesia (JPI)Toboali, Bangka Selatan, Provinsi Bangka

Belitung taun 2018. (Foto. Ist/DL)

P:04

4 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

Kartun Editorial

Srumuwus

BANJIR

Dening : Ki Pandan Alas

Saiki banjir mèh ana ing endi waé, mèh sa

Indonesia lan uga ana ing sawetara tlatah donya.

Déné menawa digatèkake, banjir iku jalarané

ana telu, yaiku : saka kersané Gusti Allah, amarga

saka alam, lan amarga polahé manungsa. Yèn wis

dadi kersané Gusti Allah, manungsa ora bakal bisa

apa-apa. Manungsa mung bisa pasrah waé. Kaya crita

nyata sing misuwur banget, yaiku prahuné Kanjeng

Nabi Nuh. Sandonya klelep kabéh.

Yèn jalaran saka alam, manungsa isih bisa

nguwasani, ngendalèni lan ngatur banyu, amrih

banyu ora marahi dadi bilai lan musibah. Bangsa

Walanda misuwur lan kondhang amarga pinter banget

ngendhalèni banyu. Akéh tlatah lemah sing ana ing

negara Walanda luwih endhèk, tinimbang lumahing

banyu. Ananging negara Walanda prasasat ora tau

ngalami banjir. Iku amarga nduwéni ilmu manajemen

banyu, lan kesadaran sing dhuwur ngruwat lan

ngurmati alam.

Yèn banjir jalaran saka polahé manungsa, iku

pancèn angèl. Manungsa nganggo lan migunakaké

alam kanthi sembarangan, sakepénaké dhéwé.

Manungsa meksa alam kanggo nyukupi kabutuhané,

ora preduli marahi alam dadi rusak. Panjurunging

hawa nepsu lan kekarepané manungsa kang ora

duwé wates, mbanjur mbeneraké kabéh carané

dhéwé. Amarga saka iku, alam banjur dadi rusak.

Lan pungkasané alam dadi ngamuk, banjur males

marang manungsa. Salah siji wujudé piwales alam

yaiku banjir, sing njalari bilai sing nggegirisi!

Dadi apa sing kudu ditindakaké? Manungsa

kuwi cerdhas, lan mesthi nggawé evaluasi lan bisa

nemokaké solusi kanggo banjir sing nggawé rekasa.

Nanging amarga saka panyurungé hawa nepsu,

uga hedonisme, mula menungsa mbanjur keladuk

sajroné nguja hawa nepsu. Kepéngin énggal éntuk

akéh, ora preduli marahi rugining liyan lan uga bisa

ngrusak alam. Luwih-luwih ketemu wong sing srakah.

Yèn mengkono, bakal angèl golèk solusi, sanajan wis

ngerti carané!

Sawetara cara kanggo nyegah banjir sajané pancén

wis dimangertèni déning manungsa. Nanging amarga

saka tuntutan kabutuhan, mbanjur sawetara cara

ngendaléni banjir iki dadi angèl ditindakaké, kayata:

kali lan kalén dikeruk. Rereged disingkiraké karebén

banyuné mili kanthi lancar. Reboisasi tetuwuhan.

Mliginé jinis tetuwuhan lan wit sing bisa cepet nyesep

banyu. Ora ngedegaké omah ing pinggir kali, amarga

bakal marahi kali dadi sempit lan dadi ngganggu

dalaning banyu. Aja negor wit-witan ing alas kanthi

cara ora patrap, lan uga sing ana ing pinggir kali,

amarga wit lan oyodé bisa kanggo nyimpen banyu lan

bisa menggak banjir. Lan uga nggawé biopori kanggo

nambahi panyerepan banyu lan sapanunggalané.

Sawetara upaya ing ndhuwur mau iku, bisa kanggo

nyegah banjir lan lemah longsor, nanging pancén

kudu ditindakaké kanthi tetep lan ajeg. Pemerintah

uga wis ora kurang usahané kanggo nyegah banjir,

nanging masarakat kudu mélu nyengkuyung kanthi

sadar, murih upaya mekak banjir bisa kasil kanthi

tuntas.

Ana paribasan urip kuwi mili kaya lakuné banyu.

Salah sawijiné wujud Hasta Brata kang diwejangaké

déning Sang Prabu Sri Kresna marang Arjuna, ing

padhang Kurusétra nalika Perang Bharatayudha.

Banyu duwéni sipat lerem lan adhem. Banyu kuwi

nguripi. Banyu tansah mili menyang papan sing

mengisor. Yén banyu meneng lan rata, banyu bisa

dadi kaya kaca pengilon. Yén banyu mili gedhé

banget, bisa duwé kekuwatan lan daya sing ngédabédabi, Banyu bisa ngremukaké apa waé sing ana

ngarepé lan sing ngalangi dalané.

Dadi, kudu pinter ngrawat lan

ngruwat alam, kepriyé carané

murih alam ora nesu. Banjur

males lan nggawé bilai lan

musibah. Priyé carané dadékaké

banyu dadi migunani kanggo

menungsa lan titahé Gusti Allah.

Ora malah mbebayani lan dadi

jalaran tumekaning bilai marang

manungsa.

Pungkasaning atur, sumangga

kita sami ngupadi amrih banyu

bisa dadi berkahing Gusti Allah.

Banyu kang migunani minangka

dadi syarat, kanggo manembah

marang Kang Makarya Jagad.

Banyu sing menéhi mampangat

lan migunani kanggo manungsa,

kanggo titahé Gusti Allah liyané,

uga alam saisiné. Upaya mau bakal

migunani banget kanggo njaga

alam, lan mupangat tumrap ing

manungsa. (KPA:25 Okt 2022)

P:05

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 5 Wawasan Jroning Negara

Dening Suhindriyo

PLUS-MINUS KENDHARAAN LISTRIK

Kahanan Anyar sing Ora Bisa Ditampik

Gayutan karo pemasarakatan

mobil listrik pemerintah

Indonesia babar Peraturan

Pemerintah (PP) Nomor 55 Tahun

2019 tentang Percepatan Program

Kendaraan Bermotor Listrik Berbasis Baterai (KBLBB) untuk

Transportasi Jalan. Sawise iku sawetara aturan turunan saka sakehe kementerian uga kababar.

Salah sijine aturan yaiku Peraturan

Menteri Energi dan Sumber Daya Mineral (ESDM) Nomor 13 Tahun 2020 tentang Penyediaan Infrastruktur Pengisian Listrik untuk

KBLBB. Turunan aturan (regulasi)

saka peraturan iki antarane kang

ngatur kegiyatan stasiun pengisian

kendaraan listrik umum (SPKLU)

apadene stasiun penukaran baterai kendaraan listrik umum

(SPBKLU).

Lelandhesan cathetan sing diduweni Kementerian ESDM tekan

sasi Juli 2022 wis dibangun SPKLU

cacah 346 lan SPBKLU cacah 369

iji. Lire, kesiapan kanggo mapag mangsa (era) mobil listrik

wis disiapake. Bebarengan iku

Kementerain ESDM uga menehi

insentif tarif pengisian listrik

kanggo kendharaan lsitrik, menehi

pelayanan gampang kanggo

perijinan badan usaha kendharaan

lsitrik sarta badan usaha pengisian

listrik kanggo kendharaan listrik.

Gayutan karo saya grengsenge

upaya kanggo masarakate kendharaan listrik Dirut PLN nganggep wektu iki dadi wektu sing pas

kanggo mlumpat saka kendharaan

bahan bakar fosil tumuju bahan

bakar listrik. Wektu iki konsumsi

lenga Indonesia 1,5 yuta barel saben dinane sing diramal ing taun

2030 bisa nyandhak dadi 2 yuta

barel saben dinane. Bebarengan

iku prodhuksi lenga sajrone negara mung watara 660.00 barel saben dinane sing ateges

isih kudu nekakake lenga saka

mancanagara. Ditandhingake

antarane kendharaan BBM karo

listrik, rata-rata rega bensin

saben liter watara Rp 15.000 /

liter iku sebandhing karo 1,5

kWh listrik sing regane Rp.2.300.

Lelandhesan bandhingan iki

ateges migunakake kendharaan

listrik luwih murah lan luwih resik

hawane.

Era kendharaan listrik kanggo

Indonesia wis teka lan ora bisa

ditolak. Presidhen Joko Widodo

nalika ngendikakake rancangan

konsep pembangunan ibu kota

negara (IKN) Nusantara sing mujudake kota pintar berbasis hutan dan

alam uga mratelakake menawa

ing ibu kota anyar iki kabeh kendharaan kudu migunakake listrik (Selasa, 18 Oktober 2022).

Lire, dina ngarep kendharaan

Indonesia, gelem ora gelem bakal

nyrambah era kendharaan listrik

senajan kabeh program iku mesthi

ana plus lan minuse.*

Sumber wacan / warta / gambar:

https://www.idntimes.com/automotive/car/

seo-intern/kelebihan-dan-kekuranganmobil-listrik

https://video.kompas.com/watch/197980/

jokowi-ikn-nusantara-adalah-kota-pintarberbasis-hutan

Senajan kendharaan

listrik kaya mobil lan sepedha motor

listrik wis dikenal wiwit Abad-19 nanging lagi

populer ing enteke Abad-20 utawa ing wiwitane Abad21. Durung kumbule kendharaan listrik ing Abad 19-20

iki krana ana kanyatan rega bahan bakar motor dianggep isih

murah lan gampang ditemokake ing sembarang papan. Kejaba iku

marga akeh gambaran menawa kendharaan listrik iku sumber daya

kekuwatan (energi) iku ing batere durung bisa diendelake kanggo

lelungan adoh krana keawetan batune lan sumadhiyane papan

pelayanan kanggo ngisi batere. Rega mobil listrik uga tikel lorone

ditandhing rega mobil bahan bakar lenga marga regane batu litium

sing kanggo nggerakake mobil utawa motor rega batune wis

setengah regane kendharaan. Senajan mobil listrik daya

tenagane saka bateri nanging papan kanggo gawe

batere iki uga mesine migunakake bahan bakar

fosil, sing ateges keluke ngregedi hawa

(pencemaran,polusi).

P:06

6 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Tosan Aji

Agus Wuryanto S.Sn, A

FPSI*, Hon E HPPW

Penasehat Pusaka

Nusantara, Penasehat

Wonosobo Heritage,

Ketua Paguyuban

Tosan Aji Pakuwojo,

Wonosobo

Babagan Pamor Dhuwung

Pamor dhuwung wujudipun warni-warni kados

ron-ronan, sekar-sekaran,

taneman ugi sato kewan.

Wonten maleh pamor ingkang

awujud gambar rajah, ingkang

maksudipun kangge mujudaken donga katur Allah,

lumantar Pamor ingkang

kadamel ing wilah dhuwung.

Umumipun donga sifatipun

ihktiar, panuwunan punika

saged mawi cara piyambakpiyambak, dene kabul botenipun

sedaya mutlak kersaning Allah

ingkang Maha Agung. Kita jalma manungsa namung

saged nenuwun. Sedaya donga ugi pusaka, mboten

bakal tumama, menawi ingkang dedonga mboten

khusuk, mboten resik manahipun, mboten nyawiji,

sedaya kedah saking kersaning Allah. Ingkang

baken, sedaya punika namung kangge seserepan

pangertosan, utaminipun kangge tambahan

wawasan babagan kabudayan jawi, ing zaman para

luhur rumiyin.

Ing ngandhap punika gambaraning pamor ingkang

kapundhut saking kitab “PAMORDOEWOENG”Pakem

Doewoeng Angka II, babon asli saking Cirebon,

katerbitaken 2e DRUK ing Solo 1935 :

44. Pamor ing ngandhap punika mboten wonten

sebutanipun, anamung kaaturaken gadhah donga lan

kekajengan sinten ingkang nyepeng bakal yuwono,

slamet, menapa ingkang dados kekajenganipun

saged kaleksanan, saha saged gadhah ingah-ingahan

kewan kathah.

45. Pamor ing ngandhap punika mboten wonten

namanipun, anamung nggadhahi donga saha

kekajengan sinten ingkang nyepeng bakal slamet,

tansah cinatur becik, sarta sarwa bener, mboten

purun goroh.

46. PAMOR GILMA

Pamor ing ngandhap punika anami pamor Gilma,

Kaaturaken ngggadhahi donga saged ndadosaken

ngelihing tiyang utawing sato kewan, menawi dados

gegaman landhep boten kenging kaunus, Menawi

wonten tiyang nggadahi niyat jahat dumateng

piyantun ingkang nyepeng pamor punika, kados

ketingal wonten satus rewangipun, ugi menawi pun

beta mlampah ndalu kaceluka namining pamor,

dados menawi gadhah damel saged ngaling-ngalingi

ingkang ngggadhahi pamor.

47. Pamor ing ngandhap mboten wonten

namanipun, anamung kacariosaken menawi

kangge dagang kathah batinipun, saha slamet

sakpiturutipun.

48. Pamor ing ngandhap- punika ugi tanpa nama,

anamung kasebataken nggadahi donga manfaat sae

kangge ngawula, cepet pikantuk palenggahan, saha

kathah ingkang nresnani.

49. PAMOR KERIK

Pamor ing ngandhap punika kawastanan pamor

Kerik, menawi pun beta kesah tebih bakal pikantuk

rewang saha sedherek kathah.

P:07

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 7 Sastra & Budaya

Masarakat Jawa wis pana

babagan wayang. Lumrahe

wayang dipentasake

nganggo waton pakem. Tegese

manut aluring lakon wayang kang

wis baku utawa maton. Nanging

nalikane Ki Seno Nugroho taksih

sugeng, panjenengane ngadani

pagelaran wayang kang rada

nyleneh, ora lumrah. Ewa semono,

bab kuwi dadi apik lan kondhange

Ki Dhalang Seno Nugroho. Ing

pakem pedhalangan wayang

kulit paraga punakawan statuse

minangka batur kang ora bakal

dadi paraga tama. Nanging ing

pewayangan Ki Seno Nurgoho

punakawan bisa dadi paragatama.

Tuladhane paraga Bagong

lan Petruk. Iki kang sinebut

transformasi seni pedhalangan.

Sejatine transformasi seni

pedalangan mau wis lumaku

wiwit mbiyen mula. Nalika lakon

carangan dadi sawijining dasar

pedalangan. Tuladhane anane

lakon Petruk Dadi Ratu utawa

Semar Mbangun Kahyangan.

Marga sejatinya kesenian mau

pancen ngalami transformasi

amarga sejatine seni iku ngalami

transformasi. Ora ana seni kang

ajeg terus wiwit biyen nganti tekan

jaman saiki.

Ki Seno Nugroho pancen

dhalang kang menjila, kang pinter

nganggit lakon wayang gaya baru.

Gaya transformasi, nganggo

paraga Bagong, sauga ngaggo

tokoh paraga Petruk. Bagong

dicritakake kanthi gaya baru, sok

uga nganggo tembung-tembung

modhern kanggo gawe sangsaya

moncere tokoh Bagong. Bagong

ditampilake minangka paraga kang

cerdhas, lan duwe kawanen kang

nggegirisi. Mula ora mokal menawa

paraga Bagong dadi tokoh idaman

tumrape penonton. Kepara nalika

Ki Seno Nugroho seda, tokoh

Bagong melu dherekake sang

dhalang tekan alam kubur. Bagong

dadi tokoh idola, klebu idholane

sang Dhalang Ki Seno Nugroho.

ya marga Bagong mau Ki Seno

Nugroho dadi kondang kaloka.

Kondang minangka dhalang

bertalenta.

Ana fenomena kang aneh nalika

Ki Seno Nugrono munculake paraga

Bagong dadi paragatama. Aku

duwe pangira menawa bab kuwi

kanggo mbalik swasana pentas lan

dadi dhasar filosipine. Anggone

ndadekake paraga Bagong dadi

paraga tama utawa tokoh idhola

mau manut pamawasku ki dalang

kepengin ndadekake wong

cilik minangka paraga sentral.

Kepengin ndadekake wong cilik

duwe sumbangan pemikiran

kang menjila tumrap masarakat.

Kepengin ora mung wong luhur wae

kang duwe pemikiran modhern.

Iki mujudake pembalikan logika

pikir saka tokoh sentral marang

paraga pinggiran, Wong mung

atase Bagong kang dhapur batur

utawa punakawan bisa dadi paraga

tama kang menjila utawa moncer.

Kepara iku minangka kritik kang

sinamudana tumraping para luhur

kang ora bisa dadi tepa tuladha

ing masarakat. Mulane Bagong sok

wani adu rembug karo para raja,

para pandhita lan pujangga liyane.

Bagong mesthi bisa menang lan

bener panemune. Iki kritik sosial

kang manpangatake wong cilik.

Yen anganggo wong cilik ora ana

saru sikune. Kabeh dadi ajur ajer.

Dasar wong cilik ora duwe tata

krama kang jangkep. Lan bab iku

malah dadi apike lan moncere

paraga Bagong. Babagan iku

dari kaluwihane Ki Seno Nugroho

anggone gawe eksperimen. Ki

Seno kasil nampilke Bagong nganti

dadi paraga kang kondhang. Meh

saben pentas Bagong lan Petruk

dadi paragatama kang dadi

underaning lakon.

Fenomena transformasi wayang

kulit gaya Ki Seno Nugroho mau

meh padha karo transformasi Serat

Centhini ing novel Centhini: 40

Malang Mengintip Sang Pengantin

anggitane Sunardian Wirodono.

Ing Serat Centhini, paraga Centhini

mujudake batur kaya dene

paraga Bagong. Minangka batur

mestine kudu sendika dhawuh

marang prentahing bendara.

Nanging ing Novel Centhini: 40

Malam Mengintip Sang Pengantin,

Centhini ditampilake minangka

paraga batur kang cerdhas

kang duwe pikiran menjila, kaya

dene paraga Bagong. Mulane

ana benang merah antarane

transformasi wayang Ki Seno

Nugroho karo transformasi Serat

Centhini ing novel Centhini. Ana

ing novel Centhini, paraga Centhini

ora mung dadi paraga kang

sendhika dhawuh, kang manut

miturut sapakone bendaharane.

Nanging Centhini diperanke

dadi paraga kang pinter, kang

wani ngritik marang bendarane.

Centhini ngritik marang Syekh

Amongraga minangka wong

kang jahat amarga ninggalake

Tambangraras sawise ulah asmara.

Malah Centhini nyebut Syekh

Amongraga minangka bajingan

kelas tinggi. Kapindho, Centhini

ngritik masarakat Wanamarta

minangka masarakat kang mamah

biak amarga senengane mangan,

saben-saben kalodhangan

mangan mula diarani mamah

biak kaya kewan memamah biak.

Ora leren anggone mangan.

Ketelune, Centhini ngritik yen

masarakat Wanamarta ora duwe

etika pangibadahan, katone Islami

nanging isih seneng nindakake

bab-bab kang ngemot takayul lan

maksiyat. Kaping papat, Centhini

wani ngritik bendharane (Ki

Jayengraga) minangka wong kang

ora bisa ngampet napsu seke.

Mulane disebut dadi priyayi kang

lekoh utawa saru ateges porno.

Kekarone transformasi wayang lan

Serat Centhini mau kena diarani

minangka kritik sosial tumraping

masarakat.

BAGONG

Transformasi Wayang Kulit Gaya Ki Seno Nugroho

Dening Dr. Pardi Suratno, M.Hum

P:08

8 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Wiranom

Kenya kang

kapacak ing kene

asmane Hapsari

Teta Raharja. Putri

kinasih saka pasangan

Broto Raharjo lan

Rini Indarwati kang

lair ing Sleman, 26

Oktober 2006 pantes

diacungi jempol

jalaran dheweke uwis

duweni maneka warna

prestasi. Mangkene

critane.

“Sedaya kalawau

kawiwitan nalika kula

sakit, amargi boten

melebet sekolah kula

rumangsa bosen,

lajeng iseng gambar

sarta marnai gambaran

kula. Tiyang sepuh kula ningali

gambaran menika, piyambake

rumaos bilih menika sae uga narik

kawigaten. Sabibaripun gambaran

kula kalawau dipunkintun ing

koran Kedaulatan Rakyat utawa

KR. Boten dangu gambaran kula

menika dipunpacak wonten koran

menika. Wiwit menika bapak ibu

lajeng madosi informasi-informasi

gayut kalihan even-even lomba

supados kula saged ngasah

bakat sarta potensi wonten dhiri

kula.” Critane kenya manis kang

manggon ing Bedingin wetan,

Sumberadi,Mlati, Sleman.

Wiwit saka kuwi kenya manis

iki banjur duweni tekad, usaha

kanggo ngasah bakat e. Dheweke

uga dibimbing uga disupport

dening tiyang sepuhe. Tiyang

sepuh kenya manis iki mesthi

bakal nyengkuyung apawae

kagiyatan kang dilakoni dening

putrine menawa kagiyatan kuwi

positif. Jalaran tekat lan semangate

dheweke akhire bisa ngasilake

maneka warna juwara. Kayata ing

taun 2013 dheweke nate juwara

lomba fashion show bocah lereng

Merapi tingkat kabupaten, lomba

mewarnai tingkat kecamatan

juara 1 lan maju ing tingkat

kabupaten, lomba mewarnai

dalam kegiyatan gebyar kreativitas

tingkat kabupaten juara 1, taun

2014 lomba menyanyi lagu anak

juara 2 tingkat kabupaten, taun

2017 juara lomba cergam tingkat

kabupaten, taun 2018 lomba

tata upacara bendera tingkat SD

juwara 2 tingkat kabupaten, lomba

cerita rakyat juara 3, 2019 lomba

mewarnai wayang juara harapan 1,

lomba story telling juara 2, lomba

cerdas cermat juara 3, lan taun

2022 lomba kompetisi bahasa

Indonesia juara 3, lomba strory

telling juara harapan 2. “Rasane

seneng lan bungah,” andharane

Teta rikala sepisan menang lan

entuk juwara.

“Bab ingkang gadhah kesan

menika rikala sampun usaha

kanthi saestu kangge latihan lan

ngasilaken juwara wonten ing

kompetisi, uga wonten support

tiyang sepuh ingkang mesthi

dipunsengkuyung nalika kula

ndherek lomba. Inggih kula

manggihaken passion kula nalika

ndherek lomba cergam lan story

telling. Wonten lomba kasebut

kula rumaos bilih public speaking

kula, kapercayan dhiri, imajinasi

sarta daya ingat kula dipunuji.”

PratelaneTeta.

Siswa kelas 9 SMP Pamungkas

Mlati iki duweni pangajab supaya

bisa nggayuh cita-citane lan apa

kang dheweke kepingin bisa

kawujud satemah bisa gawe bungah

tiyang sepuhe

sarta wongwong kang ana

sakiwa tengene.

“Sasampunipun

lulus saking SMP

kula gadhah

pangajab supados

saged mlebet

wonten ing SMK

Penerbangan lan

mendhet jurusan

EA (electrical

avionics). Kula

rumaos bilih

wonten jurusan

menika public

speaking kula

saged piguna

kangge kula

pribadhi lan tiyang

sanes.” Dheweke

uga duweni

pesen kanggo

para pamaos Djaka Lodang yaiku

“lakoni apa wae kang mbok

tresnani, tresnani apa sing mbok

lakoni, tetep fokus ing tujuwanmu,

boten sah mirengaken tiyang sanes

ingkang damel kuciwa” pungkase

Teta.

Tri Asih/DL

HAPSARI TETA RAHARJA

Yen Kapingin Kasil Kudu Fokus

Hapsari ngagem busana Jawi (Ft. Tri Asih)

Hapsari nampa pangaji-aji

(Ft. Tri Asih)

P:09

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 9 Pagelaran

Teguh Yuwono, S.S., M.M.

Spiritualitas Motivation

Spiritualis Motivator

Pemerhati masalah

spiritual motivasi

MBABAR CANGKIR

“Th o l e ,

k o w e

kuwi aja

dadi lemah sing

ora ana regane,

dadiya cangkir

sing migunani

lan diregani .

Ngonceki kawruh

kabudayan jawi

menika kathah

sanepanipun lan jero maknanipun.

Kayata perkawis kedadeyane

cangkir. Menawi lemah lempung

utawi siti dipun sade paling-paling

reginipun namung 500 sekilonipun.

Mandar mbokmenawi mboten

pajeng amargi sinten tiyang

ingkang betah lemah kanggo

apa. Nanging menawi dipun

onceki lan dibabar sae saestu

kawruhipun, sumangga.

Lemah lempung (tanah liat) ingkang mirah

reginipun diuwel-uwel,

diucel-ucel lajeng digepukgepuk supados lentur lan

saget dipun wangun menapa

kemawon, salah satunggaling

wujud ingkang kawangun

menika cangkir. Lajeng

menawi sampun cangkir

ingkang sae dipun garang

mawi mawa ingkang benter

sanget. Salajengipun menawi

sampun padhet dados

rerupan cangkir dipun plitur

lan dicet bathik lan pernis

supados gilap. Pungkasaning

pakarti dados cangkir bathik

ingkang mulus alus sae dipun

regani awis. Wiwitane lemah

rega 500 yen wis dadi cangkir

diregani 10.000.

Babagan ing nginggil menika

negesaken bilih tiyang gesang

ing ngalam donya menika kedah

miwiti kanthi rekasa, menika

kados lemah ingkang diblethat

blethot lajeng dibakar utawi

digarang kanthi panasing geni.

Menawi lemah menika saget

sanjang, mbokmenawi bengak

bengok kelaranen. Nanging

menawi dilereni sampun mboten

saget dados cangkir sing apik tur

larang regane. Manungsa menawi

ulet tahan banting lan gelem

rekasa obah awake ben prigel

duwe sesurupan lan ketrampilan

saha pengalaman kathah temtu

sumber dayanipun lajeng sae.

Gampil anggenipun pados rejeki

lan panguripan.

Wonten paribasan : “Berakitrakit dahulu, berenang-renang

ke tepian. Bersakit-sakit dahulu,

bersenang-senang kemudian”.

Nanging cuwanipun kathah tiyang

ingkang seneng-seneng rumiyin

lajeng sisah samangkenipun.

Apa ya ana wong sukses kuwi

orang rekayasa dhisik. Paling ora

ngupayani, sinau, nyambut gawe,

sikil dienggo sirah, sirah dienggo

sikil. Banjur yen wis titiwancine

kasuskesan bakal mara gawe

katentremaning ati.

Wangsul dhumateng perkawis

cangkir, ingkang migunani kena

kanggo ngombe, saget ugi dados

sesulih lan pranti nyuguh tamu

kanggo wedangan. Para pewaos,

sajatosipun cangkir menika

gadhah filosofi ingkang jero.

Cangkir tegese Nancang pikir.

Sedaya kedah dipun pikir rumiyin

saderengipun dilakoni. Kabeh

sing dipikir ora kudu dilakoni

nanging kabeh sing dilakoni kudu

dipikir dhisik. Filsuf Yunani Rene

Descartes ngendika : “Cogito Ergo

Sum” ( Aku mikir mula aku ana)

tegesipun menawi tiyang sampun

boten purun nggunaake pikirane

kasebut sanes manungsa. Kadosta

bilih manungsa menika kasusun

jiwa lan raga. Jiwa menika kasusun

akal, rasa lan kekarepan. Pramila

menawi tiyang ingkang mboten

gadhah akal ( pikiran ) lajeng dipun

arani sakit jiwa. Tiyang ingkang

mboten gadhah rasa diarani sakit

jiwa lan tiyang ingang mboten

wonten kekarepan malih kasebut

sakit jiwa.

Sumangga sesarengan ngelmu

punapa kemawon ingkang wonten

kiwa tengen kita, dipun

terasaken maknanipun kanti

jero dados kawruh supados

sedaya menika mboten

muspra. Contonipun : Garwa

= sigaraning nyawa, tuwa =

ngenteni metuning nyawa, lan

sapanunggalanipun.

Lelandhesan ingkang

sampun kaaturaken woten

ing nginggil, kita lajeng

mangertosi bilih kawruh

kabudayan jawi menika

endah saestu. Sedaya

wonten kawruhipun lan saged

ndadosaken paramasastra

ingkang sae saha kanthi

racikan basa sakeca dipun

mirengaken : ireng dha ireng

kaya gagak reraton, putih

dha putih kaya kunthul neba,

sayuk rukun asah asih asuh,

lan sapiturutipun.

Sumangga, tansah

nguri-uri kabudayan kanthi

mbudayake kawruh - kawuh

ingkang saged dipun wucalaken

dhumateng anak putu, satemah

saget dados tuntunan utawi pitedah

ingkang sae lan mrayogani. Lan

pungkasaning seserepan menika

saged dados ilmu dene ilmu

menika kedah dadi laku. Dene laku

sing ndadekake ilmu. “Ngelmu

iku kalakone kanthi laku. Wekase

lawan kas. Tegese kas nyantosani.

Setya budya pangekesing dur

angkara”.

Mekaten atur seratan menika

mugia migunani tumrap kita

sedaya. Maturnuwun.

P:10

10 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

Wanita sing duwe kulitan ireng

manis iki asmane Kurnia

Sari,S.Kep.Ns, nanging cukup di aturi Kurnia wae. Wanita kelairan 2 Juli 1993 iki wanita sing

klebu kebak prestasi, lan kegiyatane

nalika isih ngangsu ngelmu kabukti,

saabreg kegiyatane, antarane:

- Indonesia, Mental aritmatika,

(Sempoa) 2002 - 2003, Gerakan

Pramuka Gugus Depan, Kulonprogo

Yogyakarta 2008-2009

- Intermedia Computer, intensive

computer Course-web Desain tingkat Dasar, (2009 - 2010) English for

active comunication (2010-2011),

Pusat pengembangan dan pemberdayaan Potensi Daerah (P4D) Workshop medicpreniur, ‘Skin Care in

daily practice & Becoming Business

(2011).

- NIIT Acedemic Council, Advance Diploma, in Engglis Language

training for sucses (2014-2015).

- TIM Bantuan Medis Mahasiswa

PANACEA UGM, Workshop Pertolongan Pertama (2018) lan

Pusbankes AGD 188 DIY, pelatihan

penanggulangan penderita Gawat

Darurat (PPGD)/Basic trauma

and Cardiac Life Suport (TCLS)

(10-14 Oktober 2018),

Kurnia wektu iki mapan ing

tlatah Kutan Pedukuhan I

RT 005 / RW 002 Brosot,

Galur Kulonprogo Yogyakarta.

Wanita lulusan SMPN I Galuh,

SMAN 2 Wates, jurusan IPA lan Kasil ngrampungake sinau ing Stikes

“Aisyiyah“ Yogyakarta, S1 Ilmu keperawatan, jenjang profesi Univesitas ‘Aisyiah Yogyakarta (NISA)

.Ners S2 - S3.

Nalika Djaka Lodang Patemon

karo Kurnia, dheweke ngandharake

menawa profesi dadi perawat kuwi

wis dadi idham -idhamane wiwit

biyen, awit duwe profesi perawat

mono ora mung di uji kesabaran nanging diuji anggone bisa tlaten lan

profesional, Andharane.

Ora mung kuwi Wanita sing

kasil dadi juara Dimas Diajeng Kabupaten Kulonprogo taun 2017 iki

duwe pengaji-pengaji saka Dinas

Pariwisata Kabupaten Kulonprogo

Balai pemuda dan Olah Raga Republik

Indonesia (Kemenpora RI) sing patut

diacungi Jempol, antarane: Pengajiaji wujud piagam awit dheweke

kasil juwarai Karawitan tingkat SMP

Sa -Kabupaten Kulonprogo rikala

taun 2006 saka Dinas pendidikan

Kab. Kulonprogo, Jambore Pemuda

Indonesia (JPI ) tingkat Propinsi DIY

Pribadi Binuka

Kurnia Sari, S.Kep,NS

Tenaga Kesehatan, Sing Peduli Karo Kabudayan Jawa

Kurnia Sari, S. KEP, NS.

(Foto. Bari/DL)

Foto bareng karo Wismarini,S.E,M.

Hum,Kepala Seksi Permuseuman Dinas

Kebudayaan (Kundha Kabudayan) DIY.

(Foto: Bari/DL)

P:11

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 11

taun 2018, purna prakarya Muda

Indonesia (JPI) Bangka Belitung taun

2018, Duta Museum Daerah Istimewa Yogyakarta - (minangka) Ambassador Museum Memmorial Jendral

Besar HM.Soeharto 2020 - 2022

saka Dinas Kabudayaan (Kundha

Kabudayan) Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.

Wujud Prestasi liyane sing ora

bisa diremehake yakuwi, Dheweke

Wanita sing nampa beasiswa peningkatan Prestasi Akademik (PPA)

taun 2012-2014.

Pemenang 3.500 Anak Cerdas

Minum Club sing di adani dening

PT. Tirta Bahagia jalan kelas 1-3

Surabaya Indonesia taun 2013, Pemenang sayembara Novel “100 taun

Setelah Aku Mati” karya WN (Wahyu

Naufal) 2017, lan penampil terbaik

kirab pawai Budaya Nusantara dalam

Jambore Pemuda Indonesia (JPI)

Toboali, Bangka Selatan, Bangka

Belitung 2018.

Marang DL Kurnia mratelakake

menawa wektu iki kejaba sibuk

makarya minangka tenaga kesehatan (Nakes) dheweke uga wis mulai

ngasah (sinau) ngolah

suarane sinau tembangan Jawa klebu

nyinau anggone bisa

nyerat aksara jawa,

“Menawa tembangan

jawa wis dharah daging wiwit cilik, Mas,

mula aku mung kari

mbaleni wae,” pratelane karo DL, Wanita manis iki uga

ngandharake menawa

eyange sing duwe

asma Somodiyono,

alhamdulilah tekan

wektu iki isih kaparingan yuswa panjang

najan yuswane wis

ngancik 90 taun, saben dinane eyang

kakunge seneng gawe

syair-syair tembang

jawa, lan Kurnia sing

nembangake .

Kurnia nambahi,

menawa dheweke

prihatin menawa ndelokake sesawangan

para mudha - mudhi

milih nyinau lagu-lagu

K-Pop sing cethacetha kuwi dudu budaya bangsa

kita.

Bab Pentinge nguri-uri kabudayan jawa, wanita kang duwe esem

nengsemake iki nguri-nguri budaya

jawa kuwi minangka tanggung jawab

kita kabeh, kita kudu duwe rasa

handerbeni. Menawa rasa kuwi wis

ilang saka ati, budaya jawa mung

disingkiri klawan para wiranom,

tambahe. nalika

DL pitakon, “Pepinginan apa sing

kepingin diranggeh? Kurnia amung

paring jawaban sing cekak nanging

jero artine. “Jer basuki mawa bea,

duwe angen-angen nglestarekake

Budaya Jawa, liwat tembang-tembang sing daktembangake tembang

jawa kuwi Penting disinau,”

Ing pungkasane patemon, karo

DL Kurnia paring andharan “ menawa

tembang kuwi aja mung di ngerteni

ning ora gelem nyinau ya percuma.

Tembang iki klebu Budaya jawa sing

duwe Filosofi kang adi luhung, mula

perlu di jaga lan di uri-uri, nguri-nguri

tembang kuwi butuh wektu kanggo

nyinau klebu kudu bisa paham isine

tembang kasebut menawa dudu

para mudha sing gelem jaga sapa

meneh. Menawa ora di uri-uri lan di

jaga aku yakin Budaya Jawa bakal

ketileb jaman” prihatine.Menawa

panjenengan arep tetepungan luwih

cedhak karo Kurnia diaturi buka, FB

: Nia Sari Purwis, bisa uga Ana ing IG

: @niasari _kurnia.

[BARI/DL]

Kurnia Sari nalika nampa pangaji-aji Duta

Keistimewaan DIY, dening GKR.Hemas minangka

Manghayubagya Pawiyatan Pamong. (Foto. Bari/DL)

Kurnia Sari Nalika Interview ing ADI TV Yogyakarta. (Foto. Bari/DL)

P:12

12 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Pawiyatan

Siswi kelas VI SDIT Cendekia

Bantul iki jenenge Amelia

Faradila Rizki Nugroho, luwih

akrab diundang Amel. Prestasine

ing babagan budaya lan sastra

Jawa taun 2021 yaiku kasil juwara

2 alih aksara Jawa tingkat SD/MI

ing Kompetisi Bahasa dan Sastra

Tahun 2021 kang dianakake dening

Dinas Kebudayaan Kabupaten

Bantul lan bisa ngranggeh harapan

1 tataran Provinsi kang dianakake

dening Dinas Kebudayaan Provinsi

Yogyakarta. Kompetisi alih aksara

Jawa taun 2021 manggon ing

Pendhapa Dinas Kebudayaan

Provinsi DIY tanggal 21 Oktober

2021 kanthi tema Aksara Jawa

Anjayeng Bawana.

Putri mbarep pasangan Kukuh

Nugroho lan Arum Sutarsih iki gawe

mongkog lan bombong bapak

ibu, kluwarga lan sekolahane.

Kejaba alih aksara Jawa, Amel

uga tau menang video tervaforit

Perlombaan Baca Puisi dan

Geguritan Virtual Tingkat Nasional

dalam Rangka Bulan Bahasa dan

Siswi SDIT Cendekia Bantul

Sasab Alih Aksara Jawa

Amel foto bareng Pak Setya Amrih Prasaja, S.S., Kepala Seksi Bahasa dan Sastra Dinas Kebudayaan Yogyakarta lan kanca-kanca 5

besar alih aksara Jawa SD/MI tingkat provinsi DIY nalika nampa piala ing acara Penutupan Kompetisi Bahasa dan Sastra 2022 dan

Penyerahan Hadiah (Ft. Fitri)

Amel lan kluwargane (Ft. Fitri)

P:13

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 13

Hari Guru Nasional 2021 kang

dianakake dening TBM Kinanthi

Bojonegoro. Saka prestasi kuwi,

nalika acara wisuda KBIT, TKIT lan

kelas VI SDIT Cendekia Taun 2021

Amel didhawuhi dening gurune

supaya maca geguritan kanggo

ngisi acara. Dheweke nalika iku isih

kelas V. “Remen saged tampil ing

ngajeng kakak kelas, bapak-ibu

guru lan para tamu undhangan.

Kula dados mangertos gambaran

acara wisudha siswa ingkang

insyaAllah taun ngajeng kula

dados salah satunggalipun,” ature

Amel nalika ditakoni sawise maca

geguritan.

Ing taun 2022 iki tema kompetisi

yaiku Subasita ing Jagad Anyar.

Bedane kompetisi ing taun 2022

alih aksara Jawa tataran SMP/MTs

lan SMA/SMK/MA kanthi digitalisasi

komputer, ora mung manual kaya

taun sadurunge. Ananging yen

tataran SD/MI isih padha kaya

taun wingi, yaiku manual tulis

tangan. Amel kasil juwara 2 alih

aksara Jawa tingkat SD/MI Dinas

Kebudayaan Kabupaten Bantul ing

Kompetisi Bahasa dan Sastra Taun

2022. Pasarta kang sasap juwara

siji tekan telu banjur maju tingkat

provinsi. Lan nalika dibiwarakake

lumantar ing tasteofjogja_ akun

Dinas Kebudayaan DIY tanggal

12 September 2022, Amel

sasap nomer 3 tataran Provinsi

Daerah Istimewa Yogyakarta.

Ora nyangka, bungah, mongkog

campur dadi siji. Amel seneng

bisa gawe aruming sekolahe. Apa

kang karanggeh mau ora mung

teka ngono wae, ananging kabeh

kagayuh kanthi donga, usaha, ora

gampang nglokro, sabar, tliti lan

panyengkuyung saka wong tuwa,

guru, lan pembimbinge.

Dina Setu tanggal 17 September

2022 Amel lan kanca-kanca cacahe

29 kang menang tataran provinsi

diundhang ing acara Penutupan

Kompetisi Bahasa dan Sastra

2022 dan Penyerahan Hadiah

kang mapan ing Pendhapa Dinas

Kebudayaan (Kundha Kabudayan)

DIY. Dene kompetisi kejaba alih

aksara yaiku ana maca geguritan,

maca cerkak, sesorah, macapat,

pranatacara lan stand up comedy

basa Jawa.

Kanthi prestasi-prestasi kang

karanggeh dening Amel kasebut,

Amel kerep dadi pitakonan kanca- kancane, mligine ing materi aksara

Jawa. Ana kancane kang uga dolan

neng omahe ing Tanjungkarang,

Patalan, Jetis, Bantul kanggo sinau

aksara Jawa bareng. “Ora angel

kok, apa maneh saiki sinau aksara

Jawa bisa kanthi digital, nganggo

laptop utawa handphone,”

kandhane Amel.

Nalika tanggal 1 Oktober 2022

Amel ngangsu kawruh kanthi melu

workshop penulisan geguritan

dan cerkak ing SMK N 2 Sewon

kang diadani dening Paguyuban

Sastrawan Jawa Bantul (PSJB)

Paramarta. Ing workshop kang

duweni ancas nglestarekake

budaya literasi sastra Jawa

lumantar regenerasi panulis lan

sastrawan mudha kasebut, Amel

dadi pasarta kang paling mudha.

Pasarta liyane ana kang SMP, SMA,

guru, lan umum.

Amel percaya apa wae kang

dilakoni kanthi ati seneng mesthi

luwih gampang lan entheng,

nanging yen dilakoni kanthi ati

susah ya dadi abot. Siswi kang

duweni kareman maca, nggambar

lan masak iki duwe gegayuhan

dadi pengusaha. Muga-muga apa

kang dadi pepinginane Amel bisaa

kasembadan. [Fitri N]

Amel nampa bebungah nalika kasil juwara 2 alih aksara Jawa tingkat SD/MI Dinas

Kebudayaan Kabupaten Bantul ing Kompetisi Bahasa dan Sastra Taun 2022, kaapit

pembimbing lan Bapak Tri Jaka Suhartaka, S.S., M.IP. (Ft. Fitri)

Amel nalika maca geguritan ing acara AkhirusSanah & Wisuda KBIT, TKIT, lan SDIT

Cendekia Bantul (Ft. Fitri)

P:14

14 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Laporan Dhaerah

Acara tradhisional ‘Grêbêg

Gunungan Lènthèng Agung’

ing dhusun Gunung Bakal

desa Sumurarum Kecamatan

Tempuran Kabupaten Magelang

minangka acara Pengetan Dina

Wiyosane Nabi Muhammad SAW

utawa Muludan. Sajrone rong taun iki

acara kasebut diadani kanthi winates

sing pasartane mung warga dhusun

amarga anane pageblug Covid19. Ing taun iki ‘Grêbêg Gunungan

Lènthèng’ diadani rikala dina Setu

Pahing tanggal 8 Oktober 2022

utawa 12 Rabi’ul Awal 1444 H. Acara

ritual tradhisional iki digelar kanggo

masarakat umum lan ngulemi para

pejabat sing magepokan karo

acara iki saka tataran Provinsi Jawa

Tengah, Kabupaten Magelang lan

Kecamatan Tempuran. Acara tradhisi

iki ayahane difasilitasi dening

Dinas Pendidikan dan Kebudayaan

Kabupaten Magelang. Dene siraman

rohani kaparingake dening KH

Ahmad Muwafiq saka Yogyakarta lan

KH Muhammad Yusuf Chudlori saka

Tegalrejo, Magelang.

Pengetan Muludan iki kawiwitan

kanthi maos donga lan sholawat ing

serambi mesjid dening ulama ing

kene kang sinartan warga dhusun.

Dene ing jero mesjid puluhan malah

atusan wong gilir-gumanti mlebu

metu saperlu ngunjukake dongadonga sinambi mlaku ngubengi

Gunungan Lènthèng kaping telu

kanthi arah mengiwa. Sing padha

teka ing acara iki ora mung warga

desa ing kene, nanging uga

akeh sing teka saka njaban desa

Sumurarum. Gunungan Lènthèng

kapapanake ing tengah ruangan

jero masjid Baiturrochim. Gunungan

iki dhuwure udakara telung meter

kanthi atusan kerupuk lènthèng

sing ditata telung tataran. Saben

kerupuk lènthèng diwenehi gagang

sada aren. Ing perangan dhuwur ana

ingkung pitik lan perangan pucuk

katancepake keris pusaka. Rampung

acara, kerupuk lènthèng didumake

marang para pasarta ‘Grêbêg

Gunungan Lènthèng Agung’.

Achmad Jadin Thoyib, kepala

dusun Gunung Bakal kang isih trah

Muludan ing Desa Sumurarum

‘Grêbêg Gunungan Lènthèng Agung’

Warga maos donga lan sholawat

ing serambi mesjid Baiturrochim.

(Foto: Amat S)

Pasarta acara Grebeg Gunungan

Lentheng. (Foto: Amat S)

P:15

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 15

keturunan Kyai Raden Sayid Abdullah

leluhur dhusun iki ngandharake,

acara ‘Grêbêg Gunungan Lènthèng

Agung’ iki mujudake acara ritual

tradhisional sing wis diadani wiwit

taun 1700-an. Mula bukane, Kyai

Raden Sayid Abdullah sing asale

saka Kasultanan Mataram rawuh

ing dhusun iki saperlu syi’ar agama

Islam lan panjenengane mbangun

masjid Baiturrochim. Rikala semana

warga dhusun iki isih akeh sing

ngrasuk agama Hindhu lan Buddha.

Satemah saben arep panenan asil

bumi warga dhusun gawe gunungan

minangka ubarampe sesaji sing

kapisungsungake marang dewadewa. Laras karo syi’ar agama Islam

kang katindakake dening Kyai Raden

Sayid Abdullah, gunungan sesaji

mau isine nuli diganti nganggo

jajanan mirunggan dhusun iki yaiku

krupuk lènthèng sing dipepaki wohwohan asil saka desa iki.

Lènthèng awujud kerupuk kang

digawe kanthi bahan beras ketan

asli. Proses panggawene kerupuk

lènthèng telu nganti limang dina

suwene. Beras ketan dikukus,

sawise mateng nuli didheplok

nganti lembut lan wulet. Kanggo

nggiles ketan sing wis lembut mau

nganggo atine (perangan tengah)

wit gedhang supaya ora kraket ing

piranti nggiles. Nate ana sing nyoba

nganggo botol utawa piranti liyane,

nanging asile ora apik merga akeh

ketan lembut sing padha kraket ing

piranti kasebut. Dene alu kanggo

ndheplok digawe saka

kayu wit langsep utawa

kokosan. Kayu wit iki

atos lan kuwat ora kakikis yen kanggo ndheplok ketan bahan kerupuk lènthèng. Maknane lènthèng sing

digawe saka ketan

iki, yen warga dhusun

duwe keyakinan supaya lengket ing ati.

Kejaba kuwi, uga minangka lambang lan

pangajab supaya bisa

luwih rumakete rasa

‘persatuan’ lan ‘persatuan’ warga dhusun

lan warga masarakat

umume.

Gunungan Lènthèng dumadi saka

telung tataran kang maknane,

Iman, Islam lan Iksan. Saben kerupuk lènthèng sing disusun ing gunungan diwenehi gagang saka sada

aren kang kuwat nanging ora kaku.

Maknane, minangka muslim kudu

duwe sipat ora kaku utawa ‘fleksibel’. Tegese, tetep kukuh sajrone

keyakinan nanging kudu luwes lan

toleran. Ing satengahe kerupuk

lènthèng ana woh-wohan lokal, kang

ngemu pralambang karaharjan/

kemakmuran. Ing perangan dhuwur

gunungan lènthèng ana ingkung pitik.

Iki pralambange, saben manungsa

minangka makhluk ciptaane Gusti

Allah SWT sing dilairake kanthi kahanan wuda lan tilar donya uga

wuda. Satemah maknane, kudu

tansah emut marang ana lan urip

ing donya iki kang wajib ngibadah

nyembah marang Kang Murbeng

Dumadi. Ing pucuk gunungan ana

gaman tradhisional keris kang aweh

pralambang ketauhidan marang

Gusti Allah SWT.

Tradhisi iki rikala jaman

penjajahan Jepang nate ora diadani

sasuwene loro utawa telung taun,

amarga warga dhusun ora kuwawa

lan kahanan ekonomi sing angel

rikala semana. Akibate, dhusun iki

katrajang pageblug lan akeh warga

sing lara lan tilar donya. Awit saka

pengalaman pait mau taun sabanjure warga dhusun Gunung Bakal sing rikala semana cacahe 20

kepala somah bali ngadani ‘Grebeg

Gunungan Lènthèng’ tumekane saiki.

Gubernur Jawa Tengah sing

diwakili Kepala Badan Kesatuan

Bangsa dan Politik, Haerudin, SH,

MH mratelakake, acara tradhisional

grebeg gunungan iki ‘unik’, amarga

arupa gunungan kerupuk lènthèng

lan wis diadani wiwit taun 1700an. Kaajab warga ing kene bisa

nguri-uri budaya iki minangka kearifan lokal sing bisa dimekarake

minangka obyek wisata budaya

lan bisa nguripake perekonomian

rakyat. Welinge, warga masarakat

tetep madhep mantep ngibadah lan

makarya sarta nggemblengake tekad kanggo ndhedher bedhamen

lan karaharjan kanthi tumindak kang

becik kanggo masarakat.

Bupati Magelang

kang disulihi Sekretaris

Daerah Drs. Adi Waryanto kagungan pangajab, tradhisi iki

bisa dadi wadhah kanggo ngraketake tali

silaturahmi lan patembayatan sajrone

mawujudake lan njaga kahanan kang

aman lan tentrem.

Kejaba kuwi, acara

tradhisi budaya iki

minangka wujud atur

rasa syukur marang

Nabi Muhammad SAW

kang ngasta piwulang

agama Islam kanggo

nyam p u r n a k a k e

akhlak umat manungsa. [Amat Sukandar]

Achmad Jadin Thoyib.

(Foto: Amat S)

Gunungan Lentheng. (Foto: Amat S)

P:16

16 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Wanita lan Keluwarga

Sing jeneng dadi wong lalen,

apa-apa cepet lali utawa

pikun, kabeh wong mesthi ora

gelem yen ditari. Bab iki kedaden,

yen dadi wong pikun iku asring

dadi guyonan liyan. Upamane lagi

ribet nggoleki kacamatane, tiwas

wis takon mrono-mrene marang

kanca, jebul kacamatane wus

dienggo. Uga dadi anyel dhewe,

upamane yen lagi ngeling-eling

jeneng kanca, awake dhewe

yakin gampang banget, nanging

rasane kok angel banget dielingeling. Kabeh kuwi mesthi gawe

mangkele sing lagi nandhang

lalen.

Pancen, kabeh wong tundhone

uga dadi wong tuwa. Ana ing

wektu sing wis tuwa umure iki,

kabeh ngalami owah-owahan,

embuh kuwi owah-owahan awak,

wis ora bisa mlaku cepet, ora bisa

cekat-ceket, klebu uga kendho

anggone mikir. Kahanan sing

kaya mangkono iku sing njalari

bisa dadi wong lalen utawa pikun.

Mula kareben awake dhewe ora

nandhang lalen utawa pikun,

mula kita ngerteni apa wae babbab utawa sing jalari kita cepet

dadi wong lalen utawa wong

pikun, yaiku:

1. Aja seneng ora mikir

Sing jeneng mikir, iku ngajak

nglatih otak manungsa iku kerja

kanthi cara mikir. Mula sanajan wis

tuwa utawa mlebu mangsa tuwa,

sing jeneng otak manungsa kudu

asring diajak mikir kareben otak

tetep terus biyasa nyambut gawe.

Yen ora seneng mikir, ateges otak

leren anggone nyambut gawe, ya

bab iki sing cepet ndadekake wong

dadi lalen utawa pikun. Mikir sing

pancen perlu dipikir, aja nganti

kakehan pikiran.

2. Kurang turu

Yen wis ngrumangsani dadi

wong tuwa utawa wiwit mlebu

wayah tuwa, aja seneng lelungan

utawa kumpul-kumpul nganti lali

wektu. Kabeh mau njalari dadi

kurang turu, apa maneh yen

anggone lelungan utawa kumpulkumpul kanca wayah wengi. Yen

kurang turu, ateges uga ora ana

wektu kanggone awak klebu otak

leren. Embuh kuwi mung ngobrol,

nanging iku tetep wae mbutuhake

pikiran. Yen pikiran ora leren

amarga kurang turu, ndadekake

saraf pikiran rusak. Bab iki sing

njalari gampang cepet lalen utawa

pikun. Mula kurangi anggone

seneng lek-lekan, kareben aja

nganti kurang turu.

3. Aja seneng kakehan

gaweyan lan ngen-ngen

Yen wis ngunduri tuwa, uga

babagan makarya dikurangi,

samadya wae, aja seneng nyambut

gawe utawa ngangsa karana

meksa awak lan pikiran terus

nyambut gawe. Uga aja seneng

bangun pengarep-arep sing aengaeng, ora gampang kawujud. Yen

kakehan gaweyan utawa ngenngen lan pengarep-arep, dadekake

awak lan pikiran iku ngrumangsani

abot, kahanan sing kaya mangkene

iki sing diarani stress, amarga

kakehan pikiran kanggo nyambut

gawe. Kahanan iki dadekake saraf

otak utawa pikiran dadi rusak lan

iki sing njalari wong cepet lalen

utawa pikun.

4. Aja seneng omben-omben

alkohol lan narkoba

Sing jeneng omben-omben

sing ana alkohole lan uga narkoba

iku gawe rusake saraf otak utawa

pikiran lan uga ngrusak awak.

menawa saraf pikiran rusak,

saraf awak rusak, juntrunge

ya bakal gampang lalen utawa

pikun. Nemahi kahanan sing

kaya mangkono iku, mula aja

seneng nglakoni omben-omben

sing ngemu alkohol lan narkoba.

Wong akeh kandha, kabeh mau

njalari awak lan pikiran seger.

Iku sejatine mung rasane wae,

lan awak kepenak lan rumangsa

awak seger ya mung satleraman

wae ateges mung sedhela wae.

5. Aja seneng kakehan

pikiran

Dadi wong tuwa iku aja seneng

dadi wong sing sensitive, kagolan,

gampang sujanan utawa cubriya

sing ora-ora, apa maneh dadi

wong sing angel. Miwiti mlebu

umur tuwa iku nglatih urip iku

sumarah lan sumeleh, kabeh

sing jeneng patrab kagolan, wong

angel, seneng sujanan utawa

cubriya kabeh dilereni. Bab iku

yen diterus-terusake dadi ngebaki

pikiran, yen pikiran kebak, angel

anggone ngaso, dadekake pikiran

uga ora ngaso. Yen kahanan iku

diterus-terusake, dadekake saraf

pikiran rusak, tundhone dadi wong

lalen utawa pikun. Mula senenga

mikir sing pancen perlu dipikirake,

aja seneng mikirake sing ora perluperlu, mengko ndhak marahi

kakehan pikiran.

Mangkono iku bab-bab sing

njalari wong dadi cepet lalen utawa

pikun. Ye kita wis mangerteni babbab sing njalari dadi wong lalen

utawa pikun, mula ya age-age

dilakoni kareben ora getun tiba

buri.

&&&

Maneka sumber bahan

Cepet Lalen

Dening Simon Sudarman

P:17

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 17 Herbal

Ceplukan (Latin: Physalis

angulata) uga disebut

cecendhet, ciplukan, kopokkopokan, leletop, nyor-nyoran

klebu tuwuhan uwoh-uwohan

sing isih kurang oleh kawigaten.

Bokmenawa marga uwohe sing

mung cilik, mlenis, lan semu kecut

iki sing kurang dudut ati. Mula

ora aneh menawa tekan wektu iki

akeh tuwuhan ciplukan sing urip

diujarake ana alam bebas tanpa

kerumat. Untunge ciplukan klebu

tuwuhan sing uripan senajan

menawa kekurangan banyu banjur

gampang alum.

Cocog ditandur ing lemah nyabuk lan dhahas (setengah garingsetengah teles). Senajan cocok

urip utawa ditandur ing dhadhah

kang bawera

nanging tetep bisa

urip becik lan

subur ing papan

kang kayoman.

Kepara bisa urip

ing sangisore

uwit gedhe sing

n g r e m b u y u n g

godhonge. Ing

dhadhah subur,

dhuwur uwite bisa

nyandhak sameter

kepara bisa luwih.

Titenan liyane

saka uwit ceplukan

yaiku uwite

nggligir, ros-rosan,

bolong jerone, lan semu nglugut.

Godhonge lemes awangun lonjong

endhog semu dawa nanging pucuke lancip sarta pinggirane rata.

Kembang ceplukan mecungul

saka kelekan gagang sing

jejeg, warnane wungu, pucuke

dhungkluk, godhohan cacahe lima,

kuplukan ngemperi gentha, nekuk.

Gagang sari warnane kuning pucet

lan endhase warna biru enom.

Dene uwoh ceplukan kewungkus

glabat, rapet, awangun lonjong

endhog pucuke lancip, warna ijo

semu kuning. Dene uwohe bunder

cilik semu dawa antarane 1,5 – 2

cm, warna ijo lan mengkilat nalika

enom. Sawise tuwa lan mateng

warnane kuning semu soklat.

Rasa uwoh ceplukan legi semu

kecut lan seger temah disenengi

bocah-bocah.

Ing Pulo Jawa, tuwuhan

ceplukan ana sawetara jinis. Ana

sing uwit lan godhonge sing

rambute dawa, sedheng apadene

gundhul tanpa rambut. Ing Amerika

Kidul, Australia lan Selandia Baru

ana jinis ceplukan badhak utawa

ceplukan sing uwohe gedhe (Latin:

cxxxxx) sing anggone nandur

dikebonake lan kasil uwohe dikirim

menyang mancanagara. Semono

uga ing Meksiko ana jinis ceplukan

gedhe kaya Physalis philadelphica

lan Physalis ixocarpa sing wis

dikebonake wiwit sadurunge

Columbus tekan Amerika Kidul.

Jinis ceplukan Meksiko iki ana sing

dienggo buwah-buwahab, nanging

uga ana sing dimasak dadi sakehe

panganan klebu kanggo gawe

saus

Gayutan karo pigunane kanggo

obat –obatan saka tuwuhan,

ceplukan bisa dimanpangatake

saka oyod – uwit – godhong – lan

uwohe. Oyod – uwit – godhong

bisa dienggo kanthi cara digodhog

nganggo banyu tawa resik sarta

dipipis banjur dijupuk banyu

peresane. Dene uwoh ceplukan

bisa didhahar mentah tanpa

diolah utawa bisa digawe inuman.

Uwoh ceplukan akeh diedol ing

pasar-pasar tradhisonal kanggo

kebutuhan buah-buahan.

Sajrone craken Jawa, ceplukan

manjur kanggo nambani wong

kang kencokan dharah tinggi

(hipertensi). Kandhutan asam

sitrat lan fisalin sajrone uwohe

sarta alkaloid, asam malat,

tanin, kriptoxantin, vitamin C,

sarta gula buah piguna kanggo

nyegah lan ngusadani sawetara

lelara. Miturut sawetara tulisan lan

panaliten, oyod-uwit-godhong-lan

uwoh ceplukan bisa ngusadani

lan nyegah lelara kaya jantung

koroner, stroke, hipertensi, mripat

blabur, koreng, reumatik, ginjel,

diabetes, flu, watuk, asma, adhem

panas, sarta nyegah kanker.

Uwoh ceplukan sing uga ngandhut vitamin A, vitamin C, lan

vitamin K becik

kanggo jaga

kesehatan. Vitamin

A becik kanggo

kasarasane mripat.

Uwoh ciplukan uga

ngandhut zat utein,

beta karoten, lan

karo tenoid sing

kuwawa nyegah

saka degenerasi

makula yaiku kang

nyebabake wong

wuta sawise umur

tuwa. Semono uga

jat karotenoid uga

kuwawa nyegah

gangguan pendelengan. Dene vitamin K bisa

nyegah kropose balung awak,

becikake kulit awak, sarta bisa

njaga tekanan dharah supaya

ora mumbul (hipertensi). Kepara

vitamin K uga kuwawa ngendhani

serangan jantung koroner.*

Sumber wacan:

Dr. C.G.G J. van Steenis, 1987. FLORA,

PT Pradjnya Paramita, Jakarta

Dharma, AP (1987). Indonesian

Medicinal Plants [Tanaman Obat

Indonesia].

https://id.wikipedia.org/wiki/

Ceplukan

https://www.bola.com/ragam/

read/4115105/20-manfaat-buahciplukan-untuk-kesehatanCeplukan

P:18

18 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Jagading Lelembut

Crita iki dialami dhewe dening

Pangat tanggaku (sebut

wae jenenge ngono, kabeh

jeneng liyane uga jeneng singlon)

sakancane papat sing saguh dadi

petugas keamanan lingkungan

RW.

Wengine sangsaya nglangut.

Swasana mamring. Udan salah

mangsa sing ceblok wengi iku lagi

wae gelem leren. Bebarengan karo terange udan, rembulan sing

lagi separo mecungul ing tengah

langit merga mendhung putih sing

ngaling- ngalingi rembulan mau,

sumingkir katiyup angin wengi.

Kala-kala keprungu asu jugug saka

kadohan kasela swarane manuk

kolik sing saut-sautan karo manuk

tuhu sing saba ing tengah wengi.

Emoh keri kukuk beluk ya melumelu nrambul mamerake swarane

sing anteb kuwawa nggeterake jagad

raya sing saya nambah tintriming

wengi iku. Gug...gug...gug...culik...

culik...tuu...culik...culik...tuu.

Heer...heer...bluggg! Gangsir uga

padha ngenthir ngeres-eresi ati.

“Hadhuh! Wiwit mau githokku

kok pengkorak-pengkorok ngene,

ta! Kathik swarane manuk-manuk

kae meden-medeni!” sambate

Pangat marang kanca rowange jaga

ing pos kampling wengi iku.

“Kowe keling-kelingen Mbah

Din Renten sing awan mau lagi wae

dikubur ayake?” pitakone kanca

liyane.

“Jujur iya. Kathik saiki malem

Jemuwah Kliwon sisan!” wangsulane

Pangat sinambi ngusapi kringet

sing dleweran ing gulune.

“Lha nek malem Jemuwah

Kliwon ndang arep enek apa?

Nyalimu kok cuilik men, Ngat!” ujare

kanca rondha liyane.

“Jare wong-wong ngana kae

nek malem Jemuwah Kliwon ngene

iki akeh barang alus sing padha

kluyuran!” ujare Pangat wedi.

“Halah jare sapa? Wong nyatane

awake dhewe jaga bareng pendhak

bengi nganti pirang-pirang wulan

kok ya ora tau kepethuk barang

alus.”

Durung tutug anggone padha

omong-omong wis keprungu gemlonthange jam tembok sing dipasang neng pos kampling kono sing

nuduhake yen wancine wis tabuh

rolas tengah wengi. “Wayahe rondha!” Jayus menehi ada-ada marang kanca liyane.

Wong lima menyat ngadeg ora

lali padha nyaut sentolop lan kenthongan bumbung sing wiwit mau

diglethakake neng lungguhan gerdhu. Sinambi kothekan, wong lima

mider mubeng lingkungan RW,

kala-kala nggugahi sing diliwati.

Ora krasa lakune wong lima mau

wis tekan sangarepe regol sareyan

desa. Dene swasana uga sangsaya

krasa kekes. “Ssst...!” dumadakan

Jiran cluluk karo ngendheg lakune

kanca-kancane.

“Ngapa Ran?”

“Rungokna ta!” kandhane

Jiran karo nengklengake kupinge

nggoleki asale swara bengokbengok sing wose njaluk tulung.

Ing sela-selane swara njaluk

tulung mau ana swara liya luwih

saka limang swara. “Modiar ora kowe

saiki...Modiar ora kowe saiki! Iki

piwalesku! Hadhuh...hadhuh kapok

aku...kapok aku! Wis-uwis kapok

aku...” Swara mau keprungu bolabali. Kejaba swara mau keprungu

uga swara pating gedebug kaya watu

sing dibandhem-bandhemake.

Krungu swara-swara mau sakala

githoke wong lima mau mengkorok

mrinding keweden. Nanging durung

ngerti apa sing kudu ditindakake

dening wong lima Pangat sakanca

mau, saka regol sarean weruh

sesawangan sing sasuwene iku

durung tau diweruhi. Senadyan

mung kasunaran cahyaning

rembulan sing lagi separo ing

satengahing langit, nanging

sesawangan iku katon cetha welawela.

Katon ing tengah kuburan sesawangan memper uwong sing kurukuru arai pucet padha mbandhemi

sawijining kubur. Malah rumangsane

Jiran sesawangan memper uwong

mau ana sing memper adhine

Mbah Din Renten. Kejaba iku ana

uga sing rupane memper tangga

sing wis seda dhisiki sedane Mbah

Din Renten sing awan mau lagi wae

dikubur.

Lunga siji ganti liyane, sesawangan rerupan uwong pucet- pu­

P:19

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 19 Kembang Setaman

Banjir

ora ana tentreme angin semilir sore iki

kaya nalika sliramu ngremusi duren ana pinggir

ndalan

nalika langit bubar kirim udan

dhuwit telung puluh ewu babar kanggo wong telu

duren kulit kuning lan kulit abang

ndadekake pikiran ngrambyang

metani duren kulit abang ana Jawa sebrang

saiki banyu-banyu bedhedheg mandeg

ibere kita krasa mbedhedheg

noleh kana mangling kene, nggrantese padha

wae

napas sedulur pengungsi sing pating klempe

ing televisi gambare katon nggegirisi

dhus-dhus bantuan kesawang dadi rebutan

apa mbok cilikku sing katisen isih keduman?

Budi Wahyono

Pahlawanku

Guru,

Di gugu lan di tiru

Tumindak becikmu,

dadi conto sliraku

Pitutur alusmu,

gawe tentreming ati

Tanpa rasa lesu,

Saben esuk nganti sore

menehi piwulang marang muridmu

Piwulang becik kang dadi sangu

masa depanku

Ikhlas,

mbimbing aku kanthi bisa

Sabar tanpa sambat

ngadepi polahku

Guru,

Mbimbing aku supaya bisa migunani

kanggo wong liya,

bangsa, lan negara

Guru,

Namung rasa maturnuwun

kang bisa tak wenehake marang

panjenengan

Ora nate lali aku marang

jasamu

Piwulangmu tansah tak simpen

ing jero ati

Tiara Ayu Hendrawati

cet mbandhemi kubur sinambi

bengok-bengok modiar kowe...

modiar kowe...kaselan swara

sambat njaluk tulung saka jeron

kubur mau lumaku nganti wanci

jago kluruk kaping pindho mathuk

subuh. Wong lima padha ngoplok,

arep mlayu ora kuwagang sikil abot

kaya dibandhuli watu item sagumuk

gedhene.

Sesawangan mau ilang musna

bebarengan swaraning Adzan Subuh

sing ngumandhang saka langgar RT

sacedhake papan palereman kono

mau.

Kedadean iku ora mung dumadi

ing wengi sing ngepasi malem Jemuwah Kliwon mau, nanging wengi

candhake uga ana wong sing omahe

cedhak sarean mau mrangguli kedadean sing padha karo sing dialami

dening Pangat sakanca.

Kabar bab kedadean ing kuburan

sing diweruhi dening Pangat sakancane lan warga liyane cepet sumebar

ing desane. Desa dadi geger. Pak

Lurah sing waskita enggal nglumpukake sesepuh lingkungan sing

sabanjure Pangat sakancane jaga

uga diajak sanja menyang sarean

lan miturut krenteg atine langsung

njujug kuburane Mbah Saridin.

Saeba kagete para sepuh mau

mrangguli kubure Mbah Saridin,

amblong. Lemah sing maune

mbedhudhug ngurugi kubur nyisih

nyang sakiwa-tengene kubur. Kayu

trisik morat-marit nganti poconge

Mbah Saridin katon. Para sepuh

mau gedheg-gedheg sinambi

ngelus dhadhane dhewe-dhewe.

Ana rasa welas ing manahe.

“Njupuka pacul neng cungkup

kae. Kubur iki urugana maneh!”

pakone Pak Lurah marang Pangat

sakancane sing nuli tumandang.

“Dhuh Gusti paringa

pangapunten dhumateng sedherek

kula Saridin!” pandongane para

sepuh mau.

“Padha elinga ya, goleka pangupa

jiwa sing khalal sing kaberkahan

dening Gusti Allah supaya adoh

saka siksa kubur ngono kuwi,”

welinge Pak Lurah marang warga

sing melu ngurugi sareane Mbah

Din Renten iku.

Lebar iku kabar sing sumebar,

“Kuburane Mbah Din Reten

amblong, mayite Mbah Din Renten

dipilara dening wong-wong sing

matine ngenes merga kejiret utang

marang Mbah Din. Klebu jenate

adhine dhewe. [JMV Sunarjo]

P:20

20 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Tintingan Buku

Judul Buku : Nusantara Bernyanyi

jilid 4 Lagu- lagu

Daerah Jawa

Tengah

Penyusun : Karl- Edmund Prier

Penerbit : Pusat Musik Liturgi,

2012

Kandel Buku : 113 halaman

Lagu Jawa satemene akeh

kêpara ora kapetung. Lire

lagu mau mujudake lagu sing

wis nyawiji karo urip padinan wong

Jawa. Mung emane saiki lagu-lagu

kuwi wis arang keprungu merga

kadheseg obahing jaman, sing

dadèkaké saweneh kesenengan uga

dadi beda saben wektune, klebu

kesenengan wong rêngêng-rêngêng

utawa nembang. Saiki wong luwih

cerak karo lagu-lagu anyar, sing

satemene manawa dipetani luwih

jero maknane katon cethèk, amung

ngobrak abrik rasa sing krungu,

ananging tanpa ngemu teges lan

makna.

Kita mesthine isih kemutan

marang manéka warna lagu kang

karipta déning saweneh pengarang

jaman biyen, utamané ngenani

lagu. Isi cakepane racake duwèni

bobot utawa duwé makna jero. Kuwi

sing bedakake lagu jaman kawuri

lan lagu jaman saiki. Pancene kabeh

ora bisa digebyah uyah, ananging

kanyatan mau ora bisa diselaki jer

lagu jaman biyen akeh duwé makna

kêpara luwih nges kanggone sing

mirengake.

Bukaki buku “Nusantara

Bernyanyi” jilid 4 sing kasusun

déning Rm. Karl- Edmund Prier sj

pastor klairan Jerman kang duwèni

rasa peduli lan tresna marang budaya

Jawa, rinasa nemokaké saweneh

barang sing naté ilang ananging

katon ditemokaké maneh. Pindha

emas sing wis burem, bali mengkilap

merga diopèni, digosok lan karumat

samesthine. Kaya manéka tembang/

lagu Jawa sing ana nanging wis

arang kaprangguli lan ditemokake,

diopeni kaimpun dadi siji kêpara

“diwadhahi” aneng buku iki.

Lagu-lagu ing buku iki yen

dipermati kanthi teliti nuduhaké akeh

lan pepake kekayaan kabudayan

Jawa satemene. Kanthi bantuan

notasi musik diatonis, apadene not

balok, lan uga saweneh dikanthèni

balungan gendhing wusana wis

pepak manawa kepengin nyinau.

Kanggone para guru kesenian

buku iki rinasa cocog manawa

diajarake ing sekolah merga bisa

nambah seserepane anak dhidhik

utamane liwat lagu utawa tembangtembange.

Ana pengantare diaturake

dening penyusun manawa lagu/

tembang iki mujudake kumpulan

saka saweneh pangripta/pengarang

lagu kaya karyané: Ki Wasitodipuro,

Ki Nartosabdo, C. Hardjasoebrata,

Ki Hadisukatno, Ki Suratman,

Anjar Ani, Paul Widyawan lan Mus

Mulyadi. Malah ora mung kuwi ing

buku iki kaya wis kasebut ing ngarep

uga dikanthèni saweneh notasi

gendhing kanggo nggampangake

manawa dicoba krana gamelan sing

karipta dening M.Siswanto lan Didik

Supriyantara.

Buku iki kaperang dadi telung

bagéan lagu kang bedakake marang

jinising lagu kang ana ing kabudayan

Jawa mligine, yakuwi lagu/tembang

kanggo bocah-bocah sing isiné

Lindri, Yo dhå dadi wayang, Ilirilir, Buta cakil untu telu, Go jago,

Desaku, Nyeprok buntuté, Gundhulgundhul pacul lan isih akèh liyane

yen kagunggung ana patangpuluh

nem lagu. Ing bab loro, isi lagu

lagu kanggone wong kang wis

ngancik dewasa kaya: Witing klapa,

Mideringrat, Plek emplek ketepu,

Rinumpaka, Numpak prau layar, Yen

ing tawang ana lintang, Aja lamis

lan isih akèh liyane. Gunggunge

kabeh ana sangalikur lagu. Anêng

bab telu, isine tembang macapat

antarané: Mijil, Maskumbang,

Kinanthi, Dhandanggula, Sinom,

Asmaradana, Gambuh, Durma,

Pangkur, Megatruh, lan Pocung,

kabeh kagunggung cacah sewelas

tembang. Satemene seri buku

“Nusantara Bernyanyi” mono ora

mung Jawa wae, ananging ana 9

jilid saka dhaérah liya ing Indonésia

kang kapantha-pantha miturut

wilayahe kaya saka: Sulawesi, NTT,

Flores, Jawa Timur lan Bali, Betawi

Jabar, Kalimantan, Sumatra, lan

Maluku sarta Papua sing kabeh

duwé ciri-ciri mirunggan mligine

liwat lagune. Ing buku seri

papat iki pancene mligi amung

dhudhah lagu/ tembang minangka

kabudayan Jawa Tengah wae.

Nuduhaké Jati Dhirine Wong

Jawa

Buku iki cocog dikoleksi déning

pendhidhik kaya guru kesenian,

wong atuwa sing gadhah putra alit,

pemerhati budaya Jawa, lan sapa waé

kang pengin ngudi utawa ngerteni

lagu Jawa sing naté ngrenggani

lan dadi lagu favorit saweneh

bocah-bocah nalika dhek semana.

Ewadene manéka tembang mau

anêng perkembangané wis wiwit

ditinggalake, kêpara wis ora kepireng

nadyan anêng bangku pendhidhikan

pisan. Kamangka manawa dipetani,

saweneh nilai kaya tata krama,

pendhidhikan, gotong royong,

ngurmati liyan, patembayatan, nilai

estetika, etika lan isih akeh liyane

pranyata kakandhut anêng lagu

sing kaimpun aneng buku iki. Saka

kéné bisa dadi tepa palupi marang

saweneh jati dhirine minangka wong

Jawa. Ora ana eleke manawa bab iki

bisa dicoba kanggone para putra ing

bangku sekolah. Sumangga.

[Danan Mr. SSn.]

Pandhemen budaya Jawa, guru

kursus karawitan ing PML Kotabaru

Yogyakarta.

Nyinau Tembang Jawa Kanggo Bocah

P:21

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 21 Nasib Panjenengan

Kanggo mangerteni nasib panjenengan ing minggu iki, kaetung dina

lan pasaran (weton lan kelairane) banjur kagunggung. Asil gunggungan

kasebut kacocogake karo gunggunge neptu dina kaya kang kabeber

ing dhuwur. Dina-dina: [Ahad=5], [Senen=4], [Selasa=3], [Rebo=7],

[Kemis=8], [Jumat=6], [Setu= 9]. Pasaran: [Paing=9], [Pon=7],

[Wage=4], [Kliwon=8], [Legi=5]

Kawiwitan Minggu Legi, 6 November 2022 (11 Bakdamulud 1956 Ehe) ketug Setu Paing, 12 November

2022 (17 Bakdamulud 1956 Ehe). Klebu Wuku WUKIR. Bocah lair minggu iki dewane Bathara MAHAYETI,

watake prihatinan. Manuke: Manyar, wateke ora kena kungkulan. Kayune: Nagasari, wateke suka maringi

pangauban wong kang nandang papa. Banyune ana ngarep, wateke pradhah lan dhemen ngatonake

kadonyane. Lambange: arga wuru, wateke becik saka kadohan nanging yen cedhak balenjani. Ngungkurake

gedhong, wateke sareh nanging ora kena disetyani. Sambekalane: merga panganiaya. Bilahine: kena

sanjabaya (salah sasaran). Panulake bilahi: sedhekah sega wuduk dangdangan beras sapitrah, iwake

pitik putih mulus, janganane werna lima. Slawate: 5 keteng. Dongane: rajukna. Kala wuku: ana kidul wetan.

Dongane: kabul. Kala wuku: kulon. Pranata Mangsa: Mangsa Kanem, suwene Mangsa Kanem 43 dina, wiwit Kamis Kliwon, 10 November 2022 ketug Kemis Paing, 22 Desember 2022. Candrane Mangsa

KANEM: “Rasa Mulya Kasucian”. Werdine: mangsa rendheng, udan deres saben dina. Asring tumiba bun upas sing ngrusak

tanem tuwuh, mula nandur pari ngenteni mecungule Lintang Luku, iwak kali padha mijah.

Neptu 7 Kegedhen empyak kurang cagak pancen bisa gawe jomplange ekonomi, sing ngati-ati. Pangupaboga:

kalodhanganiku tekane mung sepisan mula manpangatna. Rejeki: gemrontol. Asmara: tanggap. Dina

Becik: Jumuwah Legi. Kesarasan: sare aja wengiwengi,ora becik. Memitran: sarujuk .

Neptu 8 Ora ana wong sing sampurna,

mula ora ana wong sing tumindak salah, iku kanyatan. Pangupaboga: nyambut

gawe aja sembrana mundhak uripe sengsara. Rejeki:

cukup Asmara: padha karepe. Dina Becik: Minggu

Legi. Kesarasan: sarapan esuk sing teratur. Memitran: isih kaya biyene.

Neptu 9 Tresnaa marang pepadhamu

kaya nresnani awakmu dhewe,

iku bakal gawe tentrem ati. Pangupaboga: wis

wayahe ngowahe cara biyen sing kurang cocok. Rejeki: akeh. Asmara: anget. Dina Becik: Selasa Pon.

Kesarasan: dhahar sayur lan buwah, ngunjuk anget.

Memitran: sangsaya cerak..

Neptu 10 Pakulinan nundha pakaryan

iku mung gawe repote buri,

prayoga enggal tandangana.. Pangupaboga: usaha

anyar aja setengah-setengah. Rejeki: lumayan.

Asmara: cocog. Dina Becik: Jumuwah Wage. Kesarasan: waspada gangguan padharan, ngurangi

kecut. Memitran: gawe seneng.

Neptu 11 Rancangen dina ngarep kanthi

premati upaya jangkahe urip

luwih manteb tanpa was-was.Pangupaboga: usaha

samben ananging kuwawa jejegake ekonomi.

Rejeki: lumintir. Asmara: sengsem. Dina Becik:

Setu Paing. Kesarasan: ngumbar kanepson bisa

ngancam kesehatan. Memitran: gemati.

Neptu 12 Akeh wektu kanggo menggalihake lakune urip kanggo dina

sesuk, ora perlu tidha-tidha. Pangupaboga: golek

sandhang pangan iku mawa ulat sing padhang. Rejeki: nglumpuk. Asmara: tanggap sasmita. Dina

Becik: Rebo Paing. Kesarasan: sarapan teratur, sare

ora kewengen. Memitran: waspada.

Neptu 13 Lelakon wingi ora perlu digetuni,

sing wis kelakon kareben nggawa critane dhewe. Pangupaboga: mandhiri ekonomi iku ora ateges tanpa ora kerja sama. Rejeki:

lumayan. Asmara: ngemong. Dina Becik: Senen

Kliwon. Kesarasan: aja kemrungsung, sabar sareh.

Memitran: semanak.

Neptu 14 Aja seneng jagakake pitulungane

liyan sing durung karuwan

ketululusane, waspada. Pangupaboga: hobi bisa

nekakake rejeki menawa ditlateni kanthi premati.

Rejeki: sempulur. Asmara: sengsem. Dina Becik:

Setu Paing. Kesarasan: diakehi ngunjuk putih, sayur,

lan buah. Memitran: sabar.

Neptu 15 Adhepana sakehe pepalang

sing ngadhang ing dalan amrih

gegayuhan bisa kasembadan. Pangupaboga: majune usaha ora uwal saka sesambungan becik karo

pelanggan. Rejeki: lumayan. Asmara: kebak asih.

Dina Becik: Senen Paing. Kesarasan: waspada

masuk angin. Memitran: sarujuk.

Neptu 16 Sabarang kalir kang kumethip

ing donya ora bakal langgeng,

mula aja seneng gegetunen. Pangupaboga: majune

usaha butuh tambahan modhal lan tenaga. Rejeki:

nglumpuk. Asmara: grengseng. Dina Becik: Selasa

Pon. Kesarasan: ngaso cukup, olah raga teratur.

Memitran: ora lali.

Neptu 17 Kahanan iku owah gingsir, mula

sing wis mungkur ora perlu digawe sandhungan. Pangupaboga: rejeki iku diudi,

ora mung dienteni. Rejeki: nglumpuk. Asmara: semeleh. Dina Becik: Rebo Wage. Kesarasan: olah

raga, ora telat dhahar. Memitran: aja gawe gela.

Neptu 18 Seneng ngaturake syukur lan

matur nuwun maweh tentreme

ati lan pikiran, iku tindakna. Pangupaboga: kalodhangan iku mung sepisan mula aja nganti keliwatan.

Rejeki: lumayan. Asmara: langsam. Dina Becik:

Setu Paing. Kesarasan: kerep telat dhahar iku ora

becik. Memitran: sapenemu.*

P:22

22 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

Sang Prabu Sumali paring jawaban dhateng Rekyan Apatih

Lokapala, Banendra, wiyosipun:

Heh, Banendra! Apa mulane dene Si

Wisrawana arep mbedhah Maespati?

Apa arep ngongasake kawidagdan, pamer kasekten?

Patih Banendra: Nuwun, Sang Prabu!

Boten amargi nedya ngongasaken kasektenipun, punika babarpisan boten.

Nanging, amargi kabegta saking kuciwanipun, dene panglamaripun dhateng Maespati dipun tampik Sang Prabu Kartawirya. Kauningana, Sang Prabu! Bilih ingkang wayah Wisrawana,

ngersakaken Dewi Danuwati minangka

prameswari Lokapala.

Prabu Sumali: Lhoooooooo! Yen kaya

ngono kersane putu Prabu Wisrawana,

ateges ora asung pangaji-aji marang

Maespati. Yen kaya mangkono lekase

wayah Prabu Lokapala, jeneng nerak

pager ayu. Melik lan pamrih marang

garwaning liyan. Ah....... eman temen

kang kaya Wisrawana! Wis, Banendra!

Sira mundura! Satemene ingsun

pakewuh sabiyantu karo Wisrawana,

jer Maespati kang dadi duweke Prabu

Kartawijaya kuwi harak maksih tinemu

sedulur! Ingsun kurang sarujuk, ewuh

pakewuh, Banendra! Ya...... kanggo

gawe mareme Kaki Prabu Wisrawana,

ingsun paring bebantu, kanthi ngirimake Ditya Mangliawan.

Ringkesing kandha, Ditya Mangliawan sigra tinimbalan sowan, nampi

dhawuhipun Sang Prabu Sumali, ndikakaken sung bebantu marang Banendra, kangge ngrabasa nagari

Maespati. Kala semana saparipurnaning

panangkilan. Sang Prabu Sumali ngersakaken kundur ngedhaton. Tambuhtambuh kang kelakon dening Ditya

Mangliawan kang ingirid Patih Banendra.

Dereng ngantos Hyang Surya

gumlewang ing bang kulon, wayahe lalu tengange. Sang duta Lokapala, Patih Banendra ngirid Ditya

Mangliawan kundur dhateng Lokapala.

Teka mangkana, lampahe Patih Banendra saha Ditya Mangliawan dumugi tengahing wana, kendel ing

sangandhaping prabatang ron ngrembuyung ngrongkop, dhasar karaos

wonten sumiliring angin nanduki

sariranipun Patih Banendra saha Ditya

Mangliawan.

Kacariyos, samantara areren, kepati

nendra Ditya Mangliawan sinuksman

yitmaning diyu Bathara Kala. Kagyat

Sang Mangliawan, tan wikan lamun

sinuksman yitmane Bathara Kala. Pangudaswaranipun: E....Bojleng bojieng........... Baya sapa kang rumasuk

ing jiwanggaku? Muga dadi wewah kasektenku, kanggo ngadhepi krodhane

wadya Maespati.....!

Ing Lokantara....

Bathara Wisnu saha Bathari Sri sami

nganglang jagad ngupadi panitisan.

Amiling-miling paningale, pan dereng

antuk titahing Bathara ingkang sayogi

kinarya manitis. Teka mangkana panglocitaning driya Bathara Wisnu dhateng ingkang garwa Dewi Sri, wiyosipun:

Wisnu: Yayi Dewi Sri! Apa si adhi wus

pramana marang titah ingkang pantes

kanggo panti panitisan, Dewi?

Dewi Sri: Nuwun inggih kakang! Ri

paduka sampun antuk sujanma ingkang

pantes dadya wahananipun panitisan. Ri

paduka badhe dhateng nagari Magada.

Ing riku ri paduka mangke pinanggih

malih ing Janaloka, kakang!

Bathara Wisnu: Iwang Suksma

mangadi luwih! Kalamun mangkono,

wus wancine si adhi pisah lan pun

kakang, kudu humangkat marang

Janaloka, unggyanira si adhi bakal

manjanma. Kawruhana, ya dhi! Pun

kakang uga wus antuk pilihan kanggo

manjanma ing madyapada. Ing

pangangkah muga besuk pun kakang

kepanggya kalawan si adhi ana ing

Maespati, jer ing kono dadya margane

pun kakang ketemu maneh lan si adhi.

Mula ayo sewang-sewangan lumawat

manggihi titah kang pantes kinarya

manitis. Pun kakang bakal lumawat

menyang Lokapala, dene si adhi apa

wus gumolong atinira bakal tumeka ing

Magada?

Bathari Sri: Ri paduka badhe nganglang dhateng Magada, wus gumolong

anteping tekad, kakang!

Bathara Wisnu: Sokur mangayu

bagya, mugyantuk kayuwanan, nuhoni

jejibahan ingkang sinangkul memayu

hayuning jagad. Wondene pun kakang

bakal manuksma marang Begawan

Wisnungkara ing Lokapala. Pusaka Cakrabaswara bakal ngupadi sujanma

ingkang pantes kinarya manjanma! Wis

ayo yayi Dewi, sowang-sowang ngayahi

sesanggeman timbalaning urip karya

rahayuning bawana. ..............

Wauta! Dewa myang Dewi sami

pepisahan, lumawat dhateng janma

ingkang pantes kinarya manitis.

Gancanging carita gelising kang

munggel kawi, ing tengahing marga

Dewi Sri kepapag lan Ditya Mangliawan.

Sang Dewi nedya pinundhut garwa,

purun pinundhut garwa nanging mundhut bebana, mustakane Prabu Kartawijaya ing Maespati. Ditya Mangliawan nyagahi. Dewi Sri bidhal dhateng Magada, Mangliawan dhateng

Maespati..... Kacariyos, dedamel Kyai

Cakrabaswara, gya murca saking

sarirane Bathara Wisnu hanyanggemi

jejibahan, manjanma dhateng Maespati,

manitis dhateng guwa garbanipun Dewi

Danuwati, prameswari Nata Prabu

Kartawijaya. Bathara Wisnu lumawat

dhateng Lokapala, nedya manjanma

dhateng Begawan Wisnungkara. Sang

Dewi Sri, Cakrabaswara saha Bathara

Wisnu sami manjanma ing titah ingkang pinilih. Sigeg!

Arjunasasra lair.

Ing kenya puri Maespati. Kacariyos,

Sang Prabu Kartawyaya lenggah ing

kenya puri saraya mangku ingkang

garwa, Kusuma Ratu Dewi Danuwati.

Sineba emban cethi parekan ingkang

sami nengga badhe miyosipun putra

Padhalangan

6

04

P:23

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 23

nata Maespati.

Teka mangkana, Dewi Danuwati ingkang sampun sinuksman dedamelipun

Bathara Kresna, kadi sinengkakaken

ing Jawata, tan antara dangu, Sang

Dewi kraos sampun wancinipun jabang

bayi putranipun, miyos ing wegdal punika. Noyah nayuh pada baskara titi

mangsa. Kanthi sekeca calon putra

Nata Maespati punika uwat saking

guwa garba, saksana gya mijil jabang

bayi kakung apekik, cenger...... akarya

suka bingahipun rama - ibu lan sadaya

para abdi emban cethi miwah parekan.

Elofang lampah ponang jabang bayi

miyos saking guwa garba, sampun

ngasta sanjata Cakrabaswara, akarya

bombong panggalihipun Sang Prabu.

Ing cipta wus wikan jatining kahanan,

ing benjing Sang putra, ponang

jabang bayi tinitah dadi musthikaning

bawana, ngratoni para Ratu. Jroning

cipta anggung muji sukur mring Bathara. Ponang jabang gya pinaringan

asma: Raden Arjunasasra utawi Raden

Arjunawijaya.

Kocapa! Sajawining beteng puraya Maespati, sampun kinepung wakul

binaya mangap wadya danawa saking

Lokapala, tinindhihan Ditya Mangliawan

ingkang sekti mandraguna. Bambang

Suwandageni gya humatur dhateng

Sang Prabu Kartawijaya, bilih sajawining

kadhaton sampun kinepung wakul

binaya mangap. Kadateng tyas Sang

Prabu Kartawijaya, saraya ngampil

sanjata Cakrabaswara, mijil saking

pura mapag mengsah sajawining

kedhaton;

Wauta, bala Maespati gya gumregah

gumregut ambyur ing palagan, karana

mulat Sang Prabu nyarirani manjing

pabaratan. Greget greguting prang

wadya Maespati, racak sami krodha

yayah bantheng atawan kanin. Singa

lena kaprawasa. Rame denira rok

bandawala arebut pati.

Kocapa, angsahing prang Sang

Kartawijaya, musthi Cakrabaswara,

nrajang Ditya Mangliawan ingkang

sekti mandraguna. Singa katrajang

tumekeng lalis. Samanten ugi Prabu

Wisrawana, hacancut tali wanda nrambul

yuda mengsah Prabu Kartawijaya. Dahat anggegirisi campuhing prang Narendra kalih, silih ungkih genti kalindhih, ngumbar pangabaran, sami dene

ngunggar kasudiran.

Kocapa, Prabu Kartawirya gya ngembat-embat Cakrabaswara, lepas sarana

cipta... Lumaraping Cakra nrabas

janggane Sang Prabu Wisrawana, thel

jangga lir tigas pancing, gumebrug

kuwandha ing bantala, sinurak ger

bala Maespati. Gugur Sang Prabu

Wisrawana. Ditya Mangliawan gya

nggebyur ing palagan, nrajang Sang

Prabu Kartawirya. Datan antara Ditya

Mangliawan ugi pejah, jangga kinarya

langkung sanjata Cakrabaswara. Bubar

mawut wadya buta saking Lokapala.

Kang maksih gesang sami lumaris

salang tunjang ngupadi pandhelikan.

Teka mangkana, mulat Sang putra

tumekeng lena, murina Begawan Wisrawa. Hacancut taliwanda Sang Begawan saraya, mingkis kampung manjing

palagan yun pepulih risaking bala buta.

Bibar mawut wadya bata Maespati katrajang pamuking Resi Wisrawa. Kacariyos, Bambang Suwandageni,

ngampil Cakrabaswara saking Sang

Prabu Kartawijaya, gya tumandang

jurit ing palagan. Mulat mengsah

musthi Cakra, Resi Wisrawa ngoncati

palagan, mundur saking pabaratan,

nganthi ingkang putra, Raden Dhanapati, boyongan dhateng Lokapala.

Sigeg.

Pratapan Jatisarana.

Bambang Suwandageni kundur

saking Maespati, pinethuk garwa Dewi Danuresmi. Datan karaos, bilih

anggenipun nggarbini Sang Dewi

sampun jangkep sangang candra lumampah. Inggih ing wegdal punika

Sang Dewi kraos bilih jabang bayi

sampun wancinipun lair ing jagad karamean, Janaloka. Teka mangkana,

para parekan emban cethi abdining

pratapan Jatisarana, sami tengga

mangantya lairipun jabang bayi. Datan

katalompen, mulat ingkang garwa

kraos badhe ambabar putra, pramila

lajeng cinandhak pinangku sinundhang

kanthi asih tresna.

Bathara paring pepesthening kodrat titahing sujanma, noyah-nayuh

pada, datan antara Sang Dewi ingkang pinangku ingkang raka, gya

ambabar putra, cenger.... karya suka

gambiraning para abdi ingkang lajeng sami tumandang ngupakara ponang jabang. Iba suka gambiraning

panggalih Bambang Suwandagni,

enggar tyase mulat ingkang garwa wus

ambabar putra, mijil kakung apekik.

Sasampunipun ingupakareng wewida,

ponang jabang bayi sinung kekasih

Bambang Sumantri.

Wauta. Ari-arining ponang jabang, sigra ingungkulan sanjata Cakrabaswara, paringipun ngampil

Sang Prabu Kartawijaya inggih Prabu

Kartawirya. Ingungkulan Cakrabaswara,

elokoking lelampah, karsaning Bathara,

ari-ari santun warni dados janma yaksa

bajang, sinung aran Bambang Sukasarana, cinekak Bambang Sukasrana.

Kacarita, Bambang Suwandageni.

Wikan ampuhing Cakrabaswara, tuwuh raos ingkang bebasan melik

nggendhong lali. Ing ngriku, Bambang

Suwandageni, katuwuhan niyat awon,

nedya nyakethem ponang Cakrabaswara, tekadipun boten badhe ngunduraken dhateng Maespati, boten dipun

caosaken ingkang paring ngampil,

inggih Prabu Katawijaya. Derenging

karsa nedya nyangkerem ponang sanjata, kawijil prasetyanipun:

“Aku ora bakal mbalekake sanjata

dibya Cakrabaswara marang wa Prabu

Kartawijaya.” Kapunggel samanten

rumiyin cariyos Rama- Sinta.

[Wonten candhakipun]

Yayi Dewi Sri! Apa si adhi wus pramana marang titah ingkang pantes kanggo panti

panitisan, Dewi?

P:24

24 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Crita Rakyat

05

Peperangan dumadi maneh.

Pasukan sing dipimpin

dening Raden Wijaya

jumlahe ora sepira, nanging

kanthi kuwanene padha ngupaya

ngrebut istana iku maneh saka

tangane Jayakatong. Nanging,

kedudukan Jayakatong sangsaya

kuat karana pikantuk dukungan

saka Ardaraja sing pengkianat.

Pasukan Raden Wijaya kepeksa

perang kanthi kekuatan kang

ora seimbang. Pasukan Raden

Wijaya kedheseg lan pungkasane

ora bisa apa-apa.

Sawetara iku, Raden Wijaya

lan sawetara mitrane ngupaya

nrobos kepungan mungsuh.

Padha ngupaya mati-matian.

Raden Wijaya sing rumangsa ora

mampu ngadhepi ewon prajurit

mung kanthi sawetara wong,

banjur mutusake ninggalake

perang. Sawetara iku, dheweke

kasil merjaya sawetara wong.

Raden Wijaya bebarengan karo

sawetara pendhereke age-age

mlayu. Dheweke slamet lan kasil

lolos saka kepungan pasukan

Kediri.

Raden Wijaya bebarengan

Sora, Nambi, Ranggalawe,

Pedang, lan Gajah Pagon terus

mlayu tumuju arah ngetan.

Pungkasane, padha tekan ing Desa

Kudadu. Padha mandheg kanggo

ngaso sinambi ngrencanakake

tindakan sabanjure.

Pengiring-pengiringe katon

sedhih nyumurupi kahanan

Raden Wijaya. Nanging ora ana

sing wani omong.

“Kita kudu nindakake

apa,” kandhane Raden Wijaya

sabanjure. “Saora-orane kita

oleh prau.”

“Prau? Napa ingkang badhe

Raden tindakaken?” pitakone

Sora kanthi perasaan kormat.

“Kita bakal menyang Madura.

Kita nyoba njaluk bantuan

Kakang Arya Wiraraja.”

“Napa Raden mboten emut.

Arya Wiraraja sampun ngirim

saperangan pasukanipun damel

mbantu Jayakatong. Mboten

kanthi mekaten kita marani

macan?” Nambi protes.

“Pancen mangkono. Ning aku

ora percaya yen Kakang Arya

Wiraraja wis ngianati. Takkira

dheweke ngirim bantuan iku

mung politik. Aku ngerti sapa

Banyak Wide.”

Sadurunge Banyak Wide

diangkat dadi Bupati Madura

dening Kertanegara banjur

nduweni gelar Arya Wiraraja.

Raden Wijaya wis kenal apik karo

dheweke. Raden Wijaya dhewe

blajar akeh bab politik saka

dheweke. Mula sakja iku, tindakan

Arya Wiraraja ngirim prajurit

kanggo mbantu Jayakatong

dianggep dening Raden Wijaya

minangka salah siji teori politik

Adipati Madura iku.

Sora, Nambi lan Ranggalawe

banjur marani Lurah Kudadu.

Karana pitulungan Lurah

Kudadu iku Raden Wijaya lan

mitra-mitrane pikantuk prau.

Sabanjure padha nyabrang

menyang Madura kanthi prau cilik

iku. Sabanjure madhep Adipati

Arya Wiraraja, lan ditampa kathi

perasaan kaget.

“Kakang Wiraraja, sliramu

tamtu maklum kahananku wektu

iki. Aku yakin sliramu wis ngiraira tekaku iki,” kandhane Raden

Wijaya. Bupati Madura mesem

sinambi ngaturi tamu-tamune

lungguh kanthi tenang.

“Adhi Wijaya, sliramu uga

tampu wis maca bab tindakanku

kanthi saperangan prajurit

Madura sing tak kirim iku?”

“Iku sing tak sesali. Prajurit

sliramu wis ngecoh kanthi

genderang perang saka elor,

kamangka mungsuh sing

sabenere teka saka kidul.

P:25

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 25

Luwih adoh maneh Kakang wis

ngorbanake prajurit bodho iku

kanggo mati ing tanganku.”

“Iku politik, Adhi Wijaya.

Kadangkala politik mbutuhake

korban jiwa saakeh-akehe utawa

ora babar blas.”

“Nanging, khususe aku tetep

ora percaya yen Kakang iku

pengkianat marang Singasari.

Kakang nindakake

politik iku mung

kanggo nggibur

Jayakatong. Kakang

wis weruh nadyan

tanpa bantuan prajurit

Madura, Jayakatong

wis menang saka arah

kidul.”

Arya Wiraraja mesem

sinambi njingglengi

pasuryane Raden

Wijaya. Pandangan

politik Raden Wijaya

pranyata bener.

Tindakan pengiriman

pasukan Madura

sabenere penyamaran

amrih ing mripate

Jayakatong. Bupati

Madura iku katon

nentang Singasari. Apa

maneh sadurunge wis

dadi kembang lambe

yen Banyak Wide sing

sabanjure nduweni

gelar Arya Wiraraja iku

oposisi Kertanegara?

“Adhi Wijaya,

sumurupana yen

keslametan jiwamu

wektu iki ana ing

tangame Jayakatong.

Ing ngendi-endi

prajurit mungsuhmu

sumebar lan siap nerkam kanthi

tombake. Apa maneh sliramu

panggah ngukuhi kesetiaanmu

marang Kertanegara mula ora

mustahil sliramu bakal nemoni

nasib kang padha kaya Prabu

Kertanegara. Kita pancen wongwonge Kertanegara sing setia,

ning kita uga manungsa kang

kudu ngukuhi urip.”

“Banjur apa sing kudu tak

tindake saiki?”

“Balia menyang Tumapel,

njaluka ngapura marang

Jayakatong!”

“Kakang Wiraraja!” Raden

Wijaya kaget sanalika. “Apa

kudu nyembah marang bekas

mungsuh? Yen mung ngono aku

ora perlu adoh-adoh nyabrang

menyang Madura iki!”

“Tenanga Adhi Wijaya,

sikapmu sing tenang sethithik.

Wis tak kandhakake mau yen

pengin sliramu slamet. Coba

sethithik mikir dawa. Endi sing

luwih penting, kesetiaan utawa

urip?”

Raden Wijaya meneng.

Mangkono uga Sora, Nambi,

Ranggalawe lan liya-liyane.

Tulung Adhi Ranggalawe

jawab pitakonku,” pratelane

Adipati Madura sabanjure. “Ing

ngendi ana kesetiaan iku?”

“Ing awake dhewe Kakang.”

“Bener. Ing awake dhewe

sing tamtune isih bisa urip ora?

Sebab ora ana kesetiaan maneh

marang manungsa sing wis mati.

Kepriye kita bisa setia yen kita

ora bisa apa-apa. Cethane yen

sing penting iku urip dhisik lagi

kesetiaan. Kanthi urip iku, kita

bakal ngleksanakake apa wae,

kalebu kesetiaan iku. Iku sebabe

nyangapa tak saranake amrih

Adhi Wijaya njaluk pangapura

marang Jayakatong, maksude

amrih sliramu dijamin urip.

Urip matine manungsa pancen

ing astane Gusti allah, ning

manungsa bisa merjaya

sapadane, kalebu

kita kabeh. Politik

sing taklakoni yaiku

golek urip, kanggo

ing tembe mburine

keturunan sliramu Adhi

Wijaya.” Raden Wijaya

sadhar yen apa sing

dikandhakake Arya

Wiraraja yaiku bener.

Kanggo pikantuk

pangurpan ing wektu

kaya iki pancen kudu

kanthi pengorbanan.

Raden Wijaya kudu

ngorbanake perasaan,

kanthi mara nyembah

menyang ngarepe

Jayakatong sing

dadi panguwasa.

Pungkasane, saransaran saka Arya

Wiraraja iku ditampa

kanthi becik. Sabanjure

menyang Jawa.

Menyang Tumapel

kanggo njaluk sepura

saka Jayakatong.

Tamtu wae sing njamin

keslamatane yaiku

Arya Wiraraja sing wis

pikantuk kapercayaan

saka Jayakatong.

Sawise kahanan

negara wis tenang, Arya Wiraraja

ngupaya nyedhaki Jayakatong

sing ing wektu iku kabener

nggoleki Raden Wijaya lan

mitra-mitrane. Arya Wiraraja

ngupaya amrih Jayakatong

gelem nampa Raden Wijaya lan

mitra-mitrane minangka abdi

negara. Uga dikandhakake yen

Raden Wijaya bakal nyembah lan

njaluk sepura marang dheweke.

Karana usaha Arya Wiraraja

kasedbut pugkasane Jayakatong

ngijini Raden Wijaya dalah mitramitrane mara sowan.

[Ana Candhake]

P:26

26 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

Crita Cekak

Ora krasa umurku jebul

meh 60 taun. Tanggal 01

Januari taun ngarep aku

pensiun. Pensiun saka guru SMA

ing tangga kabupatenku. Mesthine

menawa wis pensiun gambaran

kahanan uripku beda karo wektu

isih dadi guru. Menawa wektu iki

esuk tangi turu sembahyang, terus

ngliwet nganggo panci listrik,

jalan-jalan, adus, nyandhang

resik, budhal mulang, sawise

pensiun mesthine ora mengkono.

Menawa bubar mulang terus tekan

ngomah ngaso sedhela, ngrumat

uwit uwoh-uwohan neng latar

lan tegalan, ngrumat angrek, lan

kekembangan sarta tanduran

pasren, adus, nulis nganti jam

22.30 banjur turu, mesthine

sawise pensiun wektu ana ngomah

luwih akeh, gambaran urip mesthi

beda.

Lamuannku buyar nalika

krungu hp kedher, ana WA

mlebu, daktiliki nomor HPne durung dakwanuhi. Bareng

dakbukak saka Puspita sing isine

dheweke ketua panitia Bulan

Kitab Suci (BKS) paroki grejaku,

dheweke jaluk kesaguhanku

dadi juri lomba maca kitab suci

sing sasarane kawula mudha.

Aku nyaguhi. Terima kasih bapak

atas kesediannya mengorbankan

waktu untuk menjadi juri, ngono

wangsulan WA-ne Puspita. Maca

WA-ne aku banjur nggambarnggambarake menawa WA iku

saka bocah wadon gek ayu pisan,

awake lencir kuning, lambene

tipis dhamis, rambute sepundhak,

mripate blalak-blalak.

“Kula Puspita, ingkang WA

Bapak minggu kepengker,”

kandhane bocah wadon sing

nyeraki aku. Edan, gambaranku

ora mleset, cocok persis, mung

sadurunge aku nggambarake

bluse warna soklat peteng

nganggo bolero, kanyatan bluse

werna kuning kunir, bolerone

soklat enom.

“Bapak mangga katuran

tindak ruang meeting rumiyin

kangge pepanggihan kalihan

juri sanesipun,” aku gragapan,

nanging banjur nginthil Puspita

sing dhuwur awake ngluwihi aku.

Tugas yuri dina iku lancar, nanging

sing ngowah-owahi angenku,

rasane aku pengin terus nyawang

Puspita. Saparipolahe ketua panitia

iku tansah dadi kawigatenku.

Anggone mlaku sing trengginas

nanging wirama, cara omong ana

ngarep sing melu sayembara, lan

carane ngaturi tamu sing rawuh

dudut atiku. Basane enak dirungu,

santun, lan sabar, aweh gambaran

cetha wanita Jaman Noiw sing

isih cekelen budaya Jawa. Mula

nalika rampung ayahanku lan aku

pamit bali banjur Puspita menehi

kenang-kenangan marang juri

lan ngeterake tekan papan parkir

motor aku nglegakake takon,

“Mbak Puspita lenggahipun

pundi?”

“Celak kok Pak, nate miyos

Peken Cublak, kula celakipun,

dhusun kula Jatingarang,”

“Inggih, taksih sekolah,

menapa?”

“Taksih sekolah, Bapak?”

“Wonten …..”

“Yogya, Bapak,” aku banjur

pamitan, dheweke ngulungake

tangan ngejak salaman, motor

dakstarter karo isih kober

nganthuki Puspita sing mesem

renyah.

Rasaku ora pantes, ing atase

umur meh 60 taun isih kayungyun

karo bocah wadon sing sajake

umur kur-kuran. Ananging aku

banjur kelingan lagu-lagu sing

diripta Pance Pondaag lan Ebiet

G Ade sing jarene, biar kucumbui

bayangmu, ngono kae. Mula sing

ngerti menawa aku lagi kesengsem

karo bocah wadon umur kur-kuran

taun mesthine mung aku dhewe.

Saking rasa sengsemku marang

Puspita aku banjur nyimbingnyimbing liwat kanca sing ngerti

dheweke. Banjur aku dadi ngerti

jenenge lengkap, sekolahe,

keluargane. Puspita umure kirakira 22 taun, mahasiswa psikologi

UGM, anak barep duwe adhi siji

wadon, bapake kerja kantoran,

ibune guru, omahe ing enteke

dhusun iiring elor. Banjur aku

nyoba liwat dalan ngarep omahe

sing lagi ngepasi sepi, jebul omahe

P:27

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 27

gedhe latare jembar, ngarepan

omah kebak uwit uwoh-uwohan

lan kekembangan.

Kari seminggu aku dadi guru,

merga tanggal siji wulan ngarep wis

pensiun. Mesthine, sawise pensiun

aku dadi luwih pethel dherek mis

padinan esuk jam 6, merga wektu

esukku luwih longgar. Menawa

akire arep dherek misa padinan

ora bisa, paling ora bisa dherek

misa minggon nanging ajeg, ora

bolong-bolong kaya wektu iki. Lagi

enak-enake ngalamun karo mlaku

saka plataran greja menyang

papan parkir kathik miripatku

nyandhung blegere Puspita ing

kadohan mlaku dhewekan. Persis

kaya lagune Ebiet: ”Mengapa

jiwaku mesti bergetar/ …….

Mungkin karena kulihat lagi

lentik bulu matamu, bibirmu/ dan

rambutmu yang kau biarkan jatuh

bergerai di keningmu…. He, he

tenan kuwi. Banjur aku uga mupus

kaya lagune Ebiet ….. “Tapi kau

tercipta bukan untukku/ itu pasti

….. biar kucumbui bayangmu,

dan kusandarkan harapanku.”

Banjur ana perang batin sajrone

atiku, nyedhaki apa ora, pantes

apa ora, senajan blegerku isih

katon ngenomi, he,he.

“Halo, Pak Guru,” aku

noleh, Bambang putrane ketua

lingkunganku nyedhaki aku.

“Ana apa Mbang?”

“Benjang malem Jumat BKS

lingkungan jadwal pemandhunipun

penjenengan lho Pak.”

“Wow, iya ta,” aku mangsuli

karo lingak-linguk nggoleki

pernahe Puspita sing ilang saka

pendelenganku. Sialan, garagara Bambamg aku kelangan

moment. Hih. Ananging iya ora

apa, bokmenawa kesempatan

esuk methuki Puspita pancen

kudu ilang. Mula aku nyengkut

jangkahku menyang Pasturan

kanggo jupuk buku panduan

sarasehan. Bablas menyang

parkiran mung kari ana motor loro,

siji duwekku. Motor dakcengklak.

“Bapak. Nembe kondur?” Hah,

Puspita marani motor sing diparkir

sandhingku.

“Inggih. Inggih, sampeyan ugi

nembe wangsul.”

“Inggih, Bapak, pinanggih

rencang lami, lajeng wicantenan

kangen,” arep omong akeh-akeh

tutukku rasane angel ngetokake

suwara mula tibane mung amem,

nganti Puspita mungkur saka

sandhingku. Ninggal wewayangan

endah sing ngregridhu angenku.

Dinane isih esuk nalika aku

wis nata daganganku ing bak

buri mobil sing dakparkir ing

pojok Pasar Selokaton. Limang

taun kepungkur, aku wis miwiti

nyoba nangkarake bibit anggrek

botolan ing pot-pot komuni sing

dakpapanake ing greenhouse

saburi omah. Hobi dadi profesi

kuwi pancen kabukten. Kanyatan

sajrone wektu limang taun bibit

anggrek sing dakdhedher mekar

lan ngrembaka. Sebageyan ana

sing wis kembang, ana sing isih

rumaja, nanging uga akeh sing

isih bibit cilik. Total jendral sing

wis kembang kliwat sewu uwit sing

nyakup sakehe jenis anggrek, dene

sing isih rumaja lan bibit luwih

akeh maneh cacahe. Mula nalika

wektuku akeh krana wis pensiun,

tanduran iku banjur dakenggo

bebakulan anggrek secara

manual lan online. Secara manual

daktawakake ing sacedhak Pasar

Selokaton saben dina Minggu,

dene secara online dakpasang ing

internet.

Rasane kaya ora percaya nalika

saka kadohan weruh Puspita

nyeraki dagangan anggrekku. Aku

sing isih wedangan ing angkringan

sacedhak pasar sengaja ora

cepet meraki. Kareben dheweke

milihi anggrek sing disenengi.

Ananging nalika dheweke lingaklinguk nggoleki sing bakulam, aku

nyeraki.

“Mangga.” Puspita sajak kaget

ngerti tekaku.

“Ooo, bapak njih ingkang

kagungan?” aku manthukmanthuk. Puspita banjur milihi

anggrek bulan watara telung pot.

Anggrek bulan Taiwan lan lokal

sing warna kembange ping lan

kuning kunir karo jambon sulak

abang.

“Tindak panggenan kula

kemawon menawi ngersakaken

kathah pilihanipun?”

“Inggih, Bapak, benjang kula

sowan.” Puspita milih telung pot.

Terus daktata ana bagasi mobile.

Anggrek bulan trotol kuning ireng

sing mesthine sijine rega kliwat

satus ewu mung dakregani seket

ewu. Rasaku, pengin dakwenehake

wae tanpa perlu dituku, nanging

rasaku iku kurang prayoga. Malah

bisa semata-mata menawa aku

simpati dheweke. Iya menawa

dheweke nanggapi, utawa isih

legan. Menawa kosokbaline,

malah lara atiku.

Kagiyatan pelaku usaha cilik lan

menengah sajrone Gebyar Usaha

Menengah Kecil dan mikrokecil

(UMKM) sing digelar ing plataran

Greja Pituruh mlebu dina keloro

nalika Puspita nyeraki papan

anggonku nggelar dagangan. Kari

milihi anggrek Dendrobium sing

arep dituku dheweke takon cara

budidaya anggrek saka botolan

tekan dadi kembang. Sawise aku

nyritakake cara anggonku budidaya

anggrek dheweke nawani aku

kanggo nglatih warga ing papane

anggone kuliyah kerja nyata (KKN)

sing papane ing liya dhaerah.

Kanggoku iku kalodhangan

kanggo cerak karo dheweke, mula

daksaguhi. Apa maneh papane ing

wilayah pegunungan rumpil sing

papane rada mencil.

Jangkah kanggo nyedhaki

luwih cerak marang Puspita dadi

mangu-mangu nalika aku ketemu

Andini, wanita sing nate gawe

gonjing miring atiku nanging

akire digondhol priya liya. Andini

saiki randha anak 2 sing dadi lurah

ing Selagribig papane Puspita KKN

lan papan aku menehi pelatihan

nandur anggrek. Liwat WA Andini

ngajak ngrajut maneh tresna lawas

sing nate kabuncang angin.

Dina pungkasan KKN

karo enteke wektu pelatihan

dibarengake. Nalika pamit ing

acara pepisahan aku dicandhet

dening Andini kanggo sawetara

wektu mampir omahe. Dene

Puspita sakancane langsung

tumuju kendharaan sing wis

ngranti ing enteke udan plaharan.

Ana perang batin jroning

atiku, nuruti panjaluke Andini

utawa negakake Puspita melu

kendharaan rombongan KKN,

senajan seminggu kepungkur

dheweke wis saguh dakajak

bareng bali nganggo mobilku.

Aku isih dijagongi Andini nalika

aku meruhi Puspita sakancane

tumuju kendharaan rombongan

KKN. Nanging, sakala bumi

kaya horeg nalika gumuk sakiwa

kantor kalurahan jugrug nggawa

lemah lendhut. Aku agahan mlayu,

barengi playune lemah sing

campur lendhut cuwer. Mlayu, aku

terus mlayu.....

Yogyakarta 23 Oktober 2022

P:28

28 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

Wacan Bocah

SD Inpres Randu Alas, ora

suwe maneh sekolahe bakal

prei dawa. Pak Guru Dalimin,

guru kelas V, menehi tugas marang

para muride. Tugase rada aneh,

yaiku murid-muride sasuwene ngisi

preinan, diwenehi tugas magang

kerja.

“Ha, magang kerja? Walah, Pak

Dalimin iki kok ya aneh-aneh wae, ta.

Lha, coba bayangke, bocah-bocah

kelas V SD kaya aku iki, ditugasi

magang nyambut gawe. Tugas sing

aneh banget, ta?” batine Mulyadi,

bocah sing kondhang ngeyel kuwi

karo nggresula.

“Iki dudu tugas sing aneh,

bocah-bocah. Kanthi magang kerja,

kowe kabeh bisa sinau mandhiri,”

ujare Pak Dalimin kaya ngerti batine

Mulyadi.

Mulyadi babar blas ora seneng

diwenehi tugas kaya mangkono. Sok

ngonoa, tekan ngomah dheweke

crita marang bapak lan ibune.

“Wah, apik banget kuwi, Mul.

Terus, arep magang nyambut gawe

apa lan ana ngendi kowe?” pitakone

bapakne Mulyadi temenanan.

“Dereng ngertos, Pak. Lha, Pak

Dalimin niku maringi tugas kok sing

ora disenengi. Kula nggih taksih

bingung, je, Pak,” sumaur Mulyadi.

“Mul, mbok jajal kowe magang

nyambut gawe ana warunge Pak

Joned,” usule ibune Mulyadi. Pak

Joned kuwi tanggane Mulyadi sing

bukak warung dhaharan. Brengose

kandel, lan dodolane pepak banget.

Ing antarane yaiku sega kanthi

maneka lawuh kayata sop, osengoseng, brongkos, gudheg, lodheh

kluwih, lan tumis kangkung. Kejaba

tangga kiwa tengen, pelanggan

warunge Pak Joned iki biasane para

tukang becak lan buruh pabrik.

Ora ana pilihan liya, Mulyadi

wusanane mung manthuk wae

nalika bapakne ya nyarujuki usule

bojone.

Esuke, Mulyadi diterke ibune teka

ana warunge Pak Joned.

“Pak Joned, arepa iki mung

ajar nyambut gawe, ananging yen

Mulyadi anggone kerja keset, klelet,

ora sigrak, aras-arasen, Pak Joned

oleh nyeneni Mulyadi. Kuwi mau

ben kanggo pelajaran Mulyadi, Pak,”

pesene ibune Mulyadi. Pak Joned

manggut-manggut mangerteni.

Mulyadi ditinggal, lan ibune

kondur. Pak Joned ngandhani Mulyadi apa wae gawean sing kudu

ditandangi. Gaweane Mulyadi ing

warung kuwi mung siji, yaiku asahasah piring lan gelas sing reged.

“Sontoloyo, gaweyan sing paling

daksengiti,” batine Mulyadi. Arep

protes, Mulyadi ora wani. Mula, kanthi ati nggondhuk, Mulyadi mung

meneng wae.

Dina kuwi, Pak Joned kanthi

sareh ngajari Mulyadi asah-asah

piring lan gelas. Ora oleh kesusu,

supaya piring lan gelase ora pecah. Pisanane Mulyadi pancen rada

semangat anggone nglakoni. Ananging sangsaya suwe, aras-arasene

kumat.

Pak Joned isih kelingan dhawuhe

ibune Mulyadi. Nalika meruhi Mulyadi

mung thenguk-thenguk, Pak Joned

nyeluk Mulyadi.

“Mulyadiiiii. . . ., ngasahi piring!”

“Mangke mawon, Pak,” sumaure

Mulyadi protes.

“Ech, Mulyadi, kae deloken,

piring-piring lan gelas reged wis

numpuk akeh ing pawon.”

Mulyadi ora bisa piye-piye. Mulyadi

mung manut, sebabe dheweke wedi

yen dilapurake marang ibune. Kanthi aras-arasen, Mulyadi mlaku neng

pawon. Mulyadi ngasahi piring lan

gelas nganggo awu lan sabun. Ngasahi baka siji, alon-alon, karo raine

njlekhetut mrengut elik.

Dina-dina sabanjure, nganti dina

pungkasan Mulyadi magang kerja,

bengokan “Mulyadiiii. . . , ngasahi

piring!” bola-bali mlebu metu kuping

Mulyadi. Mulyadi nganti apal.

Dina magang nyambut gawe wusanane rampung. Sore-sore, Mulyadi

dipethuk ibune. Sadurunge mulih,

Pak Joned menehi amplop marang

Mulyadi.

“Mul, wong nyambut gawe kuwi

biasane entuk bayar. Kowe uga wis

nyambut gawe, kowe uga entuk bayar. Kuwi bayarmu,” ujare Pak Joned.

“Amplop punika dipunparingake

kula, Pak?” pitakone Mulyadi ora

percaya. Pak Joned manthuk karo

mesem.

“Matur nuwun, Pak,” ujare Mulyadi

seneng banget. Ibune Mulyadi mesem karo ngrangkul Mulyadi.

Ora let suwe, Mulyadi karo ibune

pamit mulih. Tekan ngomah, Mulyadi

rasane lega banget. Magang kerja

wis rampung. Mulyadi wis bebas saka

gawean ngasahi piring lan gelas sing

paling disengiti kuwi.

Lha, pokale Mulyadi wusanane

bali kaya wingi uni maneh. Keset, ora

gelem tumandang gawe. Bengi-bengi sabubare dhahar bareng bapak

lan ibune, Mulyadi kanthi sante

delehake piring reged ana meja.

Mulyadi banjur mlayu ana kamar tamu, ndelok Tivi kasenengane. Bapak

lan ibune Mulyadi mung pandengpandengan meruhi pokale anake

sing keset kuwi.

Ananging ora let suwe, bapak

lan ibune Mulyadi mbengok sora

sakayange.

“Mulyadiiiii..., ngasahi piring!!!”

***

P:29

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 29 Aksara Jawa

Raden Panji Inu Kertapati Saha

Raden Panji Semirang

Tanpa nilar ing

kawaspadan, Sang

Pangeran Pati Jenggala gya

lumaris ing pakuwonira

Raden Panji Semirang tut

wuri prajurit utusan.

Pranyata sisip

panggrahitanira Sang

Pangeran Jenggala, awit

sawusnya pinanggya

sapejagong kalayan Raden

Panji Semirang, gya tinampi

kanthi tanggap gita.

Raden Panji Inu Kertapati

sanget anggennya

angungun ing galih, dene

benceng kabar kang

sumebar kalayan ing

kanyatan.

Gya paring pangandikan

mring Raden Panji

Semirang:

“Kisanak Raden Panji

Semirang, kok jebul beda

kabar kang dak rungu,

lamun Nagara Asmarantaka

iku papan cumondhoke

para durjana kang dhemen

gawe rerusuh.

Harya Widada Bs.

P:30

30 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

Macapat

Tembang Dolanan

Senam

Tembang/Cakepan: Sastraliwung, 1=C 2/4 Wirama Greget

Kabeh warga angawuningani

Wulan November tanggal sadasa

Dinten pahlawan pangete

Tansah emut satuhu

Ngemutaken sedaya yekti

Prastawa dumados prang

Ing antaranipun

Arek Surabaya Yuda

Nyebrataken janda kang bononceng Inggris

Ngejeki pulo Jawa

Nggigah semangat warga sayekti

Rek arek miwah bangsa sadaya

Ing nusantara lumrahe

Ngantos salajengipun

Kapireng saindhenging bumi

Samya apa mrayoga

Wan keamanan tut

Cawe-cawe ing punika

Awit saking berkahing Kang Maha Suci

Kuncara Surabaya

Awit sedaya wau dumadi

Den pandhegani dening Bung Tama

Mbrastha kabeh penjajahe

Tekad awujudipun

Negari mandhireng pribadi

Pra pahlawan sedaya

Kathah samya gugur

Kurban bandha jiwa raga

Amung kangge Indonesia sayekti

Mardika salaminya

Tumraping para mudha sayekti

Sasageda tansah anuladha

Pangurbanan pahlawane

Prayoga aneniru

Mrih negari tansah lestari

Ayeni tentrem raharja

Tebih kang dahuru

Guyup rukun para warga

Adil makmur kang warata sanagari

Nagari nuswantara

Sleman, 2 Nopember 2020

Hari Pahlawan

Dening Drs. Supadi

P:31

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 31 Geguritan

Edy Pranoto

Ora Usah Sedhih

Ora usah sedhih nok

Panglipurku

Gaweyan iku pancen kaya wahyu

Katon cahyane

Ning yen disaut sok luput

Kajaba sing nyaut iku bangsane dewa

Isih ana kalodhangan kanggo nggayuh nok

Sabar

Luwih kenceng anggonmu ibadah

Sholat wajib lan tahajut aja nganti luput

Yen ndonga ya sing runtut

Mesthi bakal diparingi gawean sing yahut

Tri Wahyono

Tresnaku Ambyar

Ora ngira ora ngimpi

Tresnaku ambyar sewalang-walang

Oh, Gusti kang murbeng jagat

Tresna kula ajur mumur

Nalika ibune bocah dipundhut

Wangsul ing ngarsane Gusti

Tresnaku ambyar

Tresnaku buyar

Mawut salang tunjang

Oh, Gusti paringana kuwat

Ngrumat bocah ditinggal ibune

Oh, Gusti paringana ganti

Kanggo mecaki donya iki

Amrih bocah-bocahe

Padha duwe panjangka

Mulyake bapa-ibune

Tresnaku kang ambyar

Bisa bali kempel kaya biyen

Sedurunge ibune tilar donya

Amien...

Bambang Nugroho

Sandhangan

Gela kuciwa

Kepenak rekasa

Bombong mongkog

Kang rinasa

Wis dadi sandhangan

Uripe manungsa

Kari saderma kupiya

Lila legawa nampa

Marang kang kelakon

Mula kudu bisa

Kudu kuwawa

Aja nduwa

Kareben kelakone sedya

Nganggo sandhangane

Urip Mulya

Kebak rasa syokur narima

BantuI, 7 September 2019

Em Ha Ye

Ora Bakal Bali

Jantrane mangsa kala

Lumampah angarah arah

Tansah manther

Amecaki bebondhotan jaman

Ora perduli marang samubarang

Mlesat kadya kilat

Kabeh wus ginaris

Kabeh wus kinodrat

Kabeh wus dadi pepesthi

Prastawa gilir gumanti

Sungkawa bagya mulya

Minangka pratandha

Laksitaning cakra manggilingan

Kang tansah

Angrenggani panguripan

Aja nganti kuciwa

Aja nganti kelangan budi

Aja nganti nyecenggring ati

Mring tumindak kang nerak pakarti

Merga kang wus kelakon

Ora bakal bali

P:32

32 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Semarangan

I

wak ning kolam ngarep omahku padha

mlumpat, pas dak uncali pakan printhilan

pur. Karo ngalamun, nyawang selayang

ngrasakake kumricike banyu ngarep omahku.

Pas isih kepenak ngalamun, ibu nimbali aku

kanthi rada duka.

“Rif!!! Kok ya mbulet iwakmu wae, iki lho ibu

direwangi ngisah-isah ning mburi!” ibu radha

seru nimbaline aku. Bathinku, “sih penak-penak

ngalamun, malah ditimbali ibu, jan… jan….”

banjur aku njawab “Nggih bu… kadospundi?

Wonten dhawuh?” ibu ora mangsuli, mung

nunjuk piring

kotor sing biasane

dikerjakake Mbak

Niti rewangku.

“Lho, lha Mbak

Niti pundi bu bisane

mbak Niti ingkang

ngisah-isah? Mbok

ampun Arif ta Buk

sing ngisah-isah,

cah lanang kok

kon nandangi

kerjani cah wedok”

s a m b u n g k u

sunguten. Karo

males aku mulai

nyandhaki piring

kotor mau. “Bu…

kok piring kotore

kathah sanget,

ndak wonten

slametan?” aku nyoba ngejak ngobrol ibu.

“Winginane bapak nembe munggah pangkat

Rif, banjur bapak duwe karep gawe slametan,

ya gen tangga teparo ya ngrasakke senenge

dhewe…” wangsulane ibu.

“Tapi ta bu, terose ustad-ustad Youtube niku

slametan niku mboten pareng lho… jarene

kok bid’ah haram kaya paring sesembahan

kanggo sak liyane Gusti” tekonku heran.

“Ngene Rif, awak dhewe iki ora urip dhewe, ya

karo tanggane barang ta? Saiki yen tanggamu

entuk sukses wong jeneng menungsa kuwi

irinan mesti dadi paido, karepe slametan kuwi

ya kanggo mbagi kesenengane awak dhewe

merga entuk rejeki luwih akeh tinimbang

liyane, lha yen wong iri terus arep nyilakani

dhewe? Kan ora sida merga wes diparingi

slametan… Kanjeng Nabi ngendika sing kudu

diparingi kuwi sing cedhak-cedhak dhisik”. Ibu

mangsuli kanthi sabar.

Bareng dakdeloki, jebul ana kembang lan

bekas menyan ning pucuk omah, “Lha niki

kok wonten menyan, kembang-kembangan,

terose musrik ngoten-ngoten niku jal bu?”.

Ngene nang Arif, bebrayane menungsa kuwi

ora mung karo makhluk kang ketok belaka,

ya ana makhluk sing ora ketok, menyan kuwi

kanggo nyugati tamu-tamu sing ora ketok, aja

ngomongke syirik wae… yen Arif makani iwak

mau syirik pora? Kenapa kok makani makhluk

ora ketok dadi syirik? Malah sing bahaya kuwi,

yen makhluk kuwi

krasa kaya Gusti

sing ora butuh

diopeni”. Jelase

ibu, maklum ibuku

piyantun Jawa tapi

duwe pendhidhikan

formal sing dhuwur,

dadi mirsani kaya

ngono kui dadi

simbol budhaya

blaka.

“ K a p i n g

pindhone Rif dhewe

iki wong Jawa,

kudu ora ilang

Jawane, tegese

bab kabudayan

luhur ngene iki

kudu digemateni

temenanan, yen

dudu awake dhewe iki apa ya wong liya negara

bakal melu ngrewangi? Ya wektu saiki pancen

akeh wong-wong sing ilang Jawane merga

mikire bab kabudayan ngene mesti diarani

mistis, wes ora susah mikir kanthi semana,

mikir wae yen omah diparingi dupa lan

kembang ben wangi, virus-virus padha mati”

tambahe ibuku.

“Lha nggih buk, yen mboten pareng

slametan ngeten njur parenge pripun nggih

nggo ambagi senenge dhewe niki?” karo

ngentasi piring sing uwes resik. “Yon gene iki,

yen Arif durung isa mbagi senenge, yo ngewangi

liyane sing susah, kae kumbahane sisan bariki

di entasi ya nang…” ibu karo mesem ngacungi

kumbahan ning mburi omah. “Aku meneh….”

Batinku.

Muhammad Rahman Athian S.Pd., M.Sn

Kudu Slametan Model Kepiye Jal?

P:33

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 33

Oh Lelakon

Painem (jeneng singlon)

bocah wedok ireng manis

lan duwe pawakan semok

nangis sesenggukan. Dheweke

nembe wae disidhang karo

wong tuwane jalaran konangan

anggone mbobot (meteng)

tanpa ana bocah lanang

tanggungjawab.

Bapakne muring ora karukaruwan meruhi anak wadon

mbarepe meteng telung sasi

nanging ora ana pawongan

bocah lanang sing ngakoni

metengi anake.

Ibune Painem amung

ngelus dhadha karo

nyebut sabar lan ditata

atine bapakne Painem

ngadhepi kahanan sing

ora disangka-sangka. Anak

wadon sing digadhanggadhang gawe kuciwane

wong tuwane.

Ditlesih lan ditakoni

karo bapak ibune Painem

ngaku ora ngerti sapa sing

ngrudapeksa dheweke

nganti meteng telung

sasi kuwi. Dheweke ngaku

menawa kedadean kuwi

nalika dheweke ketemu

kanca-kanca ing caffe

kang asring kanggo

kumpul-kumpul bocahbocah enom.

Ing papan kuwi lanang

wedok pada ngombe

omben-omben kang

njalari nganti mabuk ora

sadhar. Ing kahanan ora sadhar

amarga mabuk-mabukan

Painem diglandhang karo bocahbocah lanang digawa mlebu

mobil tumuju papan plesiran

ing dhaerah Kaliurang.

Ing kono grombolan bocahbocah kang mabuk kuwi wis

nyiapake penginapan kanggo

ngrudapeksa Painem. Painem

ora duwe daya kanggo nulak

napsu bejate bocah-bocah

lanang kuwi. Kena diarani kaya

wong pada pesta seks ing papan

kuwi.

Sawise pada ngumbar

napsune bocah lanang-lanang

mau pada minggat ninggalake

Painem ing papan penginapan

kuwi. Painem nganti semaput

amarga ngladeni napsu bejate

bocah kang pada mabuk mau.

Dheweke sadhar terus nangis

sesenggukan amarga bubar

dirudapeksa ditinggal minggat

lan nganti saiki bocah-bocah

lanang mau ora ana kang

ngetok.

Apa maneh bocah-bocah

mau amung kenal amarga

asring ketemu ana ing caffe

kono kuwi. Ora ngerti omahe

lan alamate.

Krungu critane anake

bapakne Painem nuli golek cara

supaya bisa nutupi wadi kang

wis gawe wirang kulawargane.

Aja nganti tangga teparo pada

mangerteni wadi kuwi.

Bapakne Painem terus lunga

metu saka ngomah numpak pit

montore. Bapakne Painem klebu

wong sugih ing desa kono. Mula

piye carane supaya wewadi iki

bisa ditutupi. Bapakne Painem

golek bocah lanang sing gelem

ngrabeni anake supaya bayi

sing ana ing njero weteng anake

mbesuk ana sing tanggungjawab

lan ora gawe wirang.

Bocah lanang sing gelem

ngrabi anake arep diwenehi pit

montor weton anyar kari milih

ing toko. Tenanan, ora nganggo

suwe bapakne Painem nemu

bocah lanang sing gelem ngrabi

ethok-ethok kuwi.

Painem nuli dirabekake

bapakne karo bocah lanang

kuwi tanpa pesta resepsi kaya

umume wong duwe gawe.

Tangga teparo pada diundang

nyekseni ijap kabule

Painem lan calone. Cukup

syukuran kanggo nutupi

wadi kuwi nanging ora

ngurangi adat sabene

wong duwe gawe. Tamu

dicepaki dhahar unjukan

kang prasaja.

Esuk sawise pesta

syukuran kahanan omahe

Painem biasa-biasa wae.

Bocah lanang sing gelem

dadi bojone Painem

uga wis ditukokake pit

montor anyar. Tangga

teparo ana sing mbatin

kok bojone Painem

ora tau ketok sawise

dirabekake. Bapakne

Painem ngomong

menawa bojone nyambut

gawe ing njaban kutha.

Basan jabang bayine

Painem lair bojone

Painem mulih lan netepi

janjine ngurus suratsurat akte lair lan liya-liyane.

Sawise rampungan ngurus

surat-surat kuwi Bojone Painem

pamit lunga tekan saiki ora

ana kabare. Bapakne Painem

ora masalahake amarga wis

netepi janjine. Ora nganti sasen

Painem ngurus surat pegat ing

pengadilan agama. Painem

saiki urip karo anake sing ora

ana bapakne kuwi. Bapak ibune

Painem ngrumat putune kaya

bocah-bocah cilik umume. Piyepiye kuwi putune. Oh lelakonmu

Painem...Painem.

(Tetty-Sleman)

Lelakone Painem

P:34

34 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Pengalamanku

Ora Sedhih Nanging Ngelih

Durung ana sewulan iki tangga sisih kiwa

omahku jenenge Mbah Marwi (78 taun) seda.

Sing sangertiku Mbah Marwi kuwi tresna banget

karo putune, sing omahe Jakarta arane Kartika ( 6)

taun isih sekolah ana TK nol besar. Amarga covid l9

wis rong taun ora rampung-rampung, njalari Mbah

Marwi ora ketemu Kartika nganti tekan sedane. Awit

kuwi nalika Mas Darmono (bapake Tika) sakeluwarga

teka desa, ya dadi geger. Kejaba padha tangis

tangisan, suwe ora ketemu, sawise ketemu kok wis

dadi mayit. Apa maneh Kartika malah semaput lan

kudu diglethakake ana kamar. ”Ka aja sedhih ya

ndhuk, ikhlasna simbah Marwi wis ditimbali Gusti

Allah, kowe aja lemes ngene, mengko malah lara

lho,” bujukku lirih karo mborei lenga kayu putih ing

awake Tika. Tika banjur melek.

“Wis ya ndhuk aja sedhih terus, Mbah Marwi wis

sepuh banget lan gerah-gerah terus, iki ditimbali

gusti Allah kanthi tenang, di ikhlaske wae,” welingku.

Kocapa wangsulane Tika malah ngguyokake. “Budhe

aku kuwi ora sedhih, wis tak ikhlasake wiwit isih ana

Jakarta wingi, aku kuwi ngelih (luwe), bapak anggone

nyetir ngebut terus kawit mau bengi metune dalan tol

terus, dadi ora sempat mampir warung,“ wangsulane

Tika. “Dadi kowe semaput amarga ngelih dudu

sedhih,” pitakonku.

“Iya budhe,” wangsulane lugu. Kocapa sawise dakcawisi sega lan lawuhan iwak pitik ya dheweke sigrak

lan bagas waras. [Tri Rakanti Budiningrum]

Tukang Nyrempeti

Tangi turu isih riyip-riyip mripatku, ujug-ujug ana

tangga mertamu. Tembunge kebak pengarep.

“Nuwun sewu Pak, Panjenengan menapa ngasta

kunci pager griya ngajengan?”

Aku rada kaget, mesthi ana perlune. Biasane njilih

garasi kanggo parkir. Aku jengkel, kok kaya ora ngerti

yen sewayah-wayah sing duwe omah teka lan perlu

parkir uga. Mula aku gage-gage nebak, “Kangge

parkir Mas?”

“Inggih Pak, priyayi ingkang kagungan dalem lak

boten nate tilik griya ta Pak?” pitakone nggiring kareb. Aku, kosok baline wis dikethik karo sing duwe

omah yen parkirane dipanggoni bola-bali kudu nylerekake pager wesi. Iki tegese gawe swara sing ora

enak. Apa maneh yen mbukake esuk banget lan bengi wayah mulih saka jaba kutha. Durung tanduran

kelor sing daktata saben dina, aja-aja malah dadi

korban diidak-idak. Bacute aku mangsuli kaya sing

dikethikake Mbak Burjo, sing kagungan omah.

Mas Bejo sing lagi wae nembung markirake mobile sajake pancen khawatir tenanan. Mau bengi

ana jagongan sisih gardhu, kewetu yen Pak Ngawur

sing omahe nunut anake ana omah paling pojok,

kedumuk kerep nyrempeti mobil liyane sing parkir

ana ngarepan omah. Wis ana korban gunggunge

loro lan kudu ngenthengake kanthi ragat sa-yuta

setengah lan setengah yuta. Nanging kabeh padha

meneng-meneng merga njaga kerukunane tangga.

Mula, nalika Pak Ngawur sing umure sewidak eneman

taun ngetokake mobil, sing duwe mobil lagi parkir

padha gedandapan ngawasi. Wegah yen ketanggor

kesrempet maneh.

“Wonten menapa ta Pak?” ngerti para tangga

padha metu ana ngarep pager, Mbak Larni minangka

mantune Pak Ngawur kaget.

“Namung berdoa Bu, supados aman kemawon,”

semaure Pak Bedor sakecap nanging gawe kaget.

“Berdoa kangge tetangga Bu,” semaure liyane.

Ora mung pisan-pindho saben Pak Ngawur metu

padha gedandapan. Pitakon bacute, apa urip kudu

ngawasi polahe Pak Ngawur? Mula bener yen Mas Bejo

banjur disaranake nembung garasi omah liyane.

“Iya Mas kuwi sing duwe apikan. Yen ora entuk

ya kebangeten, semaurku nyengkuyung. Mula wayah

awane Mas Bejo banjur nembung karo sing duwe

omah liyane. Mbuh lila mbuh ora, sajake diparengake.

Mobile Pak Bejo saiki wis langganan parkir ana garasi

omah mau. Dalan kampung sing ambane nem meteran katon lega. Yen ngene, apa kudu matur nuwun

karo Mbah Ngawur? “Aku malah khawatir yen Mbah

Ngawur mengko genti nyrempeti mobil sing parkir

ana ndalan,” celathune Bedor gawe kuping panas.

[Budi Wahyono]

P:35

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 35 Napak Tilas

I

ng Kabanaran, Sukawati sisih wetan, Pangeran Mangkubumi matengake rencana strategi perang

gedhe lumawan Walanda, sing wis

karancang nalika ing Rancang Kencana lan Jekawal. Sawise mateng

rencanane, kanthi semangat sing

wis ora bisa diendhakake, banjur

ngleksanani perang gedhe. Perlawanan ing dhaerah Sukawati wiwit

saka Wirasari mangidul kapimpin dening Pangeran Mangkubumi piyambak. Dhaerah Grobogan mangidul

nganti Boyolali lor kapimpin dening

Raden Mas Said lan Tumenggung

Martapura. Sasuwene ing paprangan

iku, Pangeran Mangkubumi isih tetep

didheseg dening para abdi dalem,

kawula, punggawa lan sentana supaya enggal kersa dijumenengake

nata, ananging panjenengane isih

tetep nampik, amarga tansah ngurmati Sunan Paku Buwono II sing isih

jumeneng nata.

Sawijining dina, Pangeran Mangkubumi nampa palapuran menawa

Sunan Paku Buwono II gerah banget. Ing satengahing nandhang

gerah kuwi, Sunan Paku Buwono

II dipeksa Walanda, supaya nekeni

prajanjen karo Walanda sing diwakili

dening Gubernur V. Hohendorff.

Rampung nekeni prajanjen, Sunan

Paku Buwono II dipeksa uga dening

Walanda supaya lereh keprabon.

Saploke lereh keprabon, dhampar

keprabon dadi kosong. Ora ana raja

ing Mataram Tanah Jawa.

Sawise Pangeran Mangkubumi

midhanget palaporan kasebut lan

mirengake usulane Raden Mas Said

lan para abdi dalem, panjenengane

banjur kersa dijumenengake nata.

Ing dina Jemuah Legi 1 Sura, Alip

1675 Jawa (11 Desember 1749)

Pangeran Mangkubumi kawisudha

raja kanthi gelar ‘Sampeyan Dalem

Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah Ing Mataram’. Wisudhane

mapan ing Kabanaran. Prastawa

iki keprungu dening Walanda. Walanda ora dadi karepe. Mula Walanda banjur nobatake putra Mahkota

Sunan Paku Buwono II dadi Sunan

Paku Buwono III ing Surakarta,

tanggal 15 Desember 1749 Masehi.

Sunan Pabuwono II sing maune

nandhang gerah banget, pungkasane kapundhut dening Gusti Ingkang Maha Kuwasa ing tanggal 20

Desember 1749 lan kasarekake ing

Pasareyan Dalem Kyai Ageng Henis,

Laweyan, Surakarta.

Sabanjure Walanda cepak-cepak

arep gempur Kabanaran ing papan

lenggahe Pangeran Mangkubumi.

Ananging, rencanane Walanda sing

arep gempur kuwi kapireng dening

Pangeran Mangkubumi lumantar

telik sandhi, satemah panjenengane

sakulawarga enggal boyongan saka

Kabanaran menyang erenge Gunung Sindoro. Sawise kuwi banjur ndhisiki nyerang Walanda ing

Ambarawa, kapimpin dening Pangeran Wijil II, Pangeran Krapyak

lan Tumenggung Rangga Prawira

Sentika, penyerangan ing Kedu sisih

lor kapimpin dening GPH Hadiwijaya,

uga penyerangan benteng gedhe

Ungaran sing kapimpin dening Pangeran Mangkubumi piyambak.

Kanthi semangat gumregut, benteng gedhe Ungaran kasil dijebol

dening Sunan Kabanaran (Pangeran

Mangkubumi).

Ing paprangan kang edap-edapi

iki, Gubernur Jenderal Baron Van

Imhoff ketiban apes, yaiku tiba

kanthi luka parah, banjur gage

diplayokake menyang Semarang

dening serdhadhu Walanda. Ing Semarang, Gubernur Jenderal kasebut

wis ora bisa ketulungan (tewas).

[Lis HS]

Saka Kabanaran, Wiwitane Jumeneng Nata

Papan tilase

Pangeran

Mangkubumi

Kawisuda ing

Kabanaran.

(Foto: Herry)

Pasareyane Sunan Paku Buwono II ing Pasareyan Dalem Kyai Ageng Henis,

Laweyan, Surakarta. (Foto: Herry)

P:36

36 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Liputan

Kanggo Mengeti lan melu pengetan HUT kaping 266 taun

Kota Yogyakarta lan kanggo

Mangayubagya di lantike Gubernur

lan Wakil Gubernur DIY, Sri

Sultan HB X - KGPAA Pakualam

kaping X, seniman sing duwe

multi talent, priya kelairan

Yogyakarta 4 Agustus 1957,

penulis Novel lan komik,

Petrus Agus Herjaka utawa

luwih akrab di aturi Herjaka.

HS ngadani pameran Lukisan kang diwenehi tema

“Ratu Adil“ di adani ing Galery Kantor Tribun Jogja, Jl.

Jend.Sudirman Yogyakarta wiwit Tanggal 7 Oktober 2022 kepungkur lan Pameran Lukis karya

Herjaka HS purnane tanggal 16 Oktober 2022.

Rikala dheweke paring sambutan

Herjaka.HS nembangake,

“Rayung-rayung Tangise

wong wedi mati,

gendhongana,

kuncenana wong mati

mangsa wurunga”

Tembang sing ngandhut filosofi

kang jero. Ana suwara tangis kang

miris, saka jalma kang wedi ketekan

pati, nadyan jiwane (nyawa) wis dilebokake ana ing gedhong (di bungkus kain kafan) lan wis kakunci, sok

sapaa wae wis ora bisa nolak menawa

wis teka ing titi mangsa kapundhut,

kabeh mau mung nunggu wektu

saben jalma ing alam donya bakal

bali ing alam kalanggengan.

Herjaka HS ana ing ature

ngandharake menawa sok sapaa wae bisa dadi ratu adil,

kanggone lingkupe keluwarga

lan kanggo dheweke (diri

sendiri), nalika kita bisa

nggawa “perubahan” lan bisa

manfaat kanggone sapadhapadha, nalika peteng bisa

gawe pandhanging kahanan

ana ing “sekitar” satemah

bisa bangun semangat lan

“berkarya“ kanthi leganing manah,

andharane Herjaka HS, bab pesen

kasebut wis ana ing saben goresan

karya-karyane.

Herjaka HS ana ing pameran

lukise taun iki nampilake liwat tokoh-tokoh wayang nyoba maca

konteking jaman kanthi milah visual wayang kasebut, Herjaka HS

pancen seniman lukis sing patut di

banggakake awit anggone ngolaholah visual liwat goresan karya-karya

lukise lan hasil saka pemikirane kang

ora gampang kuwi bisa nuwuhake

karya-karya sing duweni “demensi”

kang anyar, klebu bentuk tradhisi

saka figur wayang kulit diolah kanthi

bumbu gaya realis dadi siji, bab iki

dadi cirikhase karya-karya seniman

lukis Herjaka HS.

Rawuh ana ing pameran Lukis

Herjaka HS, para seniman kondhang

lan budayawan, Susilo Nugroho, seniman panggung Den Baguse Ngarso lan Romo Sindhunata.

Den Baguse Ngarso mratelakake

“Aku klebu sing seneng karo karyakaryane Herjaka.HS, mula aku

nang omah duwe koleksi lukisane

Herjaka ana 6 lukisan, iki mengko

“Ratu Adil”

Kanggo Mangayubagya HUT lan Dilantike Gubernur/WaGub DI Yogyakarta

Karya Herjaka.

(Foto:.Bari/DL)

Petrus Agus Herjaka.

(Foto. Bari/DL)

P:37

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 37

aku kepengin tambah siji meneh.”

Pratelane.

Banjur Den Baguse Ngarso nambahi ature, “Koleksi sing aku duwe

salah sijine lukisan Pendhawa lima

lagi lagi mainake musik keroncong,

Werkudara main instrumen biola,

para punakawan dadi penonton,”

imbuhe.

Lukisan Pendhawa Lima main

musik iki, ngandhut arti yakuwi Pemimpin kuwi ya kudu bisa paring

panglipur kanggo rakyat (masarakat)

ora mung mligi menehi arupa bantuan, pemerintah adil kuwi ya kudu,

nanging ya kudu bisa gawe panglipur,

supaya rakyat bisa tentrem ayomayem, tandhese.

Kepala Dinas Kebudayaan Kabupaten Bantul Yogyakarta, Nugroho

Eko Setyanto (makili Bupati Kab.

Bantul) paring keterangan menawa

Herjaka HS salah sijine seniman

kang duwe potensi sing ana ing

Kabupaten Bantul Yogyakarta, Nugroho Eko Setyanto ngaku nalika

nggatekake hasil karya-karyane

Herjaka HS rasane mrinding (katon

wingit) kaya ana roh kang urip,

pratelane.

“Nanging saben seniman ki

pancen duweni keluwihane dhewedhewe, klebu Herjaka.HS kang

nglukisake sawernane bab, mligine

tokoh-tokoh wayang.“ Imbuhe.

Nugroho Eko Setyanto duwe pangajab bisaa pesen sing di pesenake

Herjaka HS liwat goresan lukis bab

Ratu Adil iki bisa kawujud, ora ketang

tuwuh ana ing manahe

dhewe-dhewe, pangajabe.

Herjaka.HS ing pameran

nampilake 12 karya lukis

kanvas, 16 karya kanthi

medhia kertas lan 14 tokoh

wayang kulit, kang diparingi

judhul “Wayang Bangun

Desa”.

Tema “Ratu Adil“ iki jumbuh karo kahanan wektu iki,

andharane budayawan Romo Sindhunata. sabanjure

piyambake mratelakake

Ratu Adil iki pancen cocog,

awit wektu iki para masarakat lagi

padha ngantu-ngantu anane Ratu

Kang Bisa Adil (pimpinan/penguasa

kang mlaku adil) kang bisa ngayomi

masarakat, paring kesejahteraan kanggo rakyat, pangajabe Romo Sindhunata liwat pameran iki bisaa

nuwuhake “inspirasi imajinatif” Ratu

Adil iki ngandut filosofi kang luhur,

pratelane. [BARI/DL]

Karya-karyane Herjaka (Foto. Bari/DL)

Herjaka HS nuduhake karya media kertas (Foto. Bari/DL)

P:38

38 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Pangupaboga

Ngandhakake kuliner soto

utawa saoto, racake saben

kutha ing Nuswantara iki ana

sing dodolan. Soto utawa saoto,

menawa dirunut sejarahe wis ana

atusan taun kepungkur. Ing jaman

biyen, soto dadi kulinere rakyat

jelata. Larah-larahe, krana dhuwite

cekak, wong cilik kepeksa ngopeni

jeroan sapi, kang ora ana ajine lan

ora apik kanggo kasarasan.

Ora kentekan akal, kepingin

mangan enak, dening rakyat

jelata jeroan sapi kayata babat,

wusanane dadi ubarampe kanggo

olah soto. Kanthi bumbu kang

sarwa prasaja, wong cilik tetep

bisa mangan enak.

Saiki soto wis munggah

pangkate, dadi klangenane masarakat saka

maneka golongan.

Malah ing Pulo Jawa

dhewe, awak dhewe

bisa ngrahabi soto

ing maneka laladan.

Sebut wae kita bisa

ngicipi mirasane

soto Betawi, soto

Bandung, soto Kudus,

soto Semarang, soto

(tauto) Pekalongan, soto

Lamongan, soto Banjar, soto

Madura, (rujak) soto Banyuwangi,

soto Yogja, utawa soto Solo.

Wiwit Jaman Kolonial

Sebageyan warung soto ing

dhuwur, umure ana sing wis

setengah abad luwih. Krana iku,

warung-warung soto kasebut bisa

sinebut ‘legend’. Salah sijine yaiku

Warung Soto Triwindu ing Kutha

Solo, Jawa Tengah.

Soto Triwindu, wis ana wiwit

jaman Kolonial Walanda. Cikal

bakal Soto Triwindu dirintis dening

suwargi Mbah Karyoreja, persise

yaiku watara taun 1939. Ing taun

semono, Mbah Karyoreja wis

dodolan soto nganggo pikulan.

Dheweke mlaku mikul kuali isi

soto blusukan kampung ing sakiwa

tengen Keraton Mangkunegaran

Solo.

Soto gaweane Mbah Karyorejo

iki rasane gurih mirasa. Wektu kuwi

prasasat ora ana sing nandhingi.

Krana kepranan soto gaweane

Mbah Karyoreja, wusanane dening

Sinuhun Mangkunegara VII, Mbah

Karyoreja disilihi panggonan

kanggo dodolan soto.

Papan kanggo dodolan soto

Mbah Karyoreja, yaiku lemah cilik

nyempil ing cedhak parkiran jaran

duweke Keraton Mangkunegaran.

Papan kasebut ora adoh saka

Pasar Windujenar. Kanthi bukak

warung soto ing cedhak parkiran

jaran, Mbah Karyoreja wis ora

ider dodolan maneh, gentenen

pelanggane sing padha mara

andhok jajan.

Ing sawijining kalodhangan,

Wati, salah sijining ahli waris Soto

Triwindu nyritakake, jaman biyen

pancen Mbah Karyoreja anggone

dodolan mung mlaku. Wusanane

banjur diwenehi panggonan

kanggo dodol dening Sinuhun

Mangkunegara VII. Sauntara

wektu Mbah Karyoreja magrok

dodolan ing cedhak parkiran jaran

kasebut.

Nanging nalika Pasar Triwindu

dibangun, miturut Wati, soto lan

pikulane uga melu pindhah ing

pasar. Wektu kuwi, usaha soto wis

diwarisake marang anake wedok

Mbah Karyoreja, yaiku Hj Yoso

Sumarto.

Nalika pindhah ing

Pasar Triwindu iki,

warung sotone sansaya

laris. Pelanggane

tambah akeh. Nalika

ditakoni kena apa

kok warung soto iki

dijenengi Triwindu,

Wati njlentrehake,

satemene biyen

jenenge yaiku warung

Soto Pringgodani.

“ M u n g w a e ,

pelanggane akeh sing

ngarani ‘Sotone cedhak

Pasar Triwindu’. Lha, jeneng

Pringgodani kesilep karo jeneng

Triwindu. Nganti saiki sing

digunakake ya jeneng Triwindu,”

Soto Triwindu Solo

Kaldhu Sapine Gurih Dadi Klangenane Jokowi

Wati, salah sijining ahli waris Soto Triwndu (Foto istimewa)

Soto Triwindu duduhe bening, rasa

kaldhune mantep (Foto istimewa)

P:39

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 39

ujare Wati nyritakake.

Warung soto iki pancen

makaping-kaping pindhah

anggone dodolan. Bejane, papan

dodolane isih tetep ing sakiwa

tengen Pasar Triwindu. Krana wis

kadhung kondhang kanthi jeneng

Soto Triwindu, jeneng kuwi tetep

dienggo nganti tekan saiki. Ya,

senajan Pasar Triwindu satemene

saiki wis ganti jeneng dadi Pasar

Ngarsopura.

Klangenane Jokowi

Kejaba ora pati wiyar,

wewangunan warung Soto Triwindu

iki prasaja banget. Nanging aja

kleru tampa, senajan panggonane

mung prasaja, pelanggan Soto

Triwindu iki akeh, ora mung

saka Solo wae, nanging uga saka

Ngayogyakarta, Jakarta, Surabaya,

Malaysia lan papan liyane.

Malah, para politisi lan artis,

uga dadi pelanggan Soto Triwindu

Solo. Sebut wae, suwargi Presiden

KH Abdurrahman Wahid alias

Gus Dur, Jenderal Purnawirawan

Wiranto, Harmoko, Yusuf Mansur,

penyanyi Kaka Slank, lan uga

Presiden Jokowi lan kulawarga.

Kabeh mau nuduhake yen warung

Soto Triwindu pancen istimewa

tenan.

Salah sijining ciri klasik kang

isih diuri-uri ing warung iki yaiku

meja dhahar sing unik. Pelanggan

kang lagi dhahar soto, bakal

disedhiyani meja sing cedhake

ana etalasene. Etalase iki gunane

kanggo nyimpen maneka werna

lawuh. Kepingin tambah lawuh

apa, pelanggan mung kari milih.

Sing mbedani Soto Triwindu

lan soto liyane yaiku ing kaldhu

sapine sing gurih mirasa. Kanthi

kaldhu sing gurih, ndadekake rasa

Soto Triwindu istimewa. Kejaba iki,

daging sapi uga isih seger, dijupuk

langsung saka tukang jagal.

Sing ora bisa dilalekake ing soto

Triwindu iki, duduhe soto bening

seger. Senajan warnane bening,

nanging rasa kaldhu lan daging

sapine mantep banget.

“Sebab, duduh soto kuwi uga

digunakake kanggo nggodhok

langsung daging sapine,” ujare

Wati.

Saliyane irisan daging sapi sing

gedhi-gedhi, ing mangkok Soto

Triwindu iki uga bakal ditemoni

sega, thokolan seger, lan kaldhu

sapi bening. Kanggo ngancani sak

mangkok soto, pelanggan bisa

milih maneka lawuh ing etalase,

kayata urang, kikil, mendhoan,

bakwan, kerupuk, paru goreng,

peyek, lan uga lenthuk. Dene

unjukane, kejaba teh lan jeruk,

warung soto Triwindu uga

nyedhiani beras kencur lan gula

asem.

Sing ndudut ati ing warung

Soto Triwindu, anggone masak

isih nggunakake kuali. Kejaba iku,

anggone masak uga isih nganggo

areng, dudu kompor gas. Miturut

Wati, kabeh mau kanggo jaga

rasane soto, supaya kaya sing

diwarisake dening leluhure biyen.

Senajan warung Soto Triwindu

jenenge wis moncer tekan ngendiendi, ahli waris durung kepikiran

bakal bukak cabang warung soto

ing papan liya. Miturut Wati, kanthi

bukak cabang ing liya papan,

dinuga rasa sotone dadi ora padha.

Yen rasa soto ing cabang mau

beda, apa maneh kurang enak,

bisa jalari jeneng Soto Triwindu

pamore mbleret. Mula, tekan saiki

durung kepikiran bakal bukak

cabang ing papan liya.

Menawa sutresna DL kepingin

leledhang lan andhok jajan ing

warung Soto Triwindu Solo, warung

iki anggone bukak saka jam 6

esuk nganti jam 3 sore. Papane

yaiku ing Jalan Teuku Umar No

43, Surakarta. Babagan rega, aja

kuwatir, regane murwat lan ora

jalari dhompete pelanggan jebol.

*** (Agha)

Jokowi lan kulawarga, andhok jajan ing warung Soto Triwindu (Foto istimewa)

Anggone masak soto ing kuali (Foto istimewa)

P:40

40 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Kraton

I

stilah sengkalan asale saka tembung ‘Saka-Kala’ (taun Saka). Ana

tambahan ambjad keri ‘an’ dadi

sengkalan. Sing dimaksud sengkalan

yaiku angka taun sing dilambangake

nganggo; ukara, gambar utawa

ornamen. Sengkalan sing awujud

ukara (kalimat) dijenengake

‘sengkalan lamba’ lan sing awujud

gambar utawa ornamen dijenengake

‘sengkalan memet’. Angka sajroning

sengkalan nyakup taun Saka, taun

Masehi, taun Hijriyah lan taun Jawa. Taun Saka lan taun Masehi dijenengake ‘surya sangkala’, amarga

itungan (perhitungan) taun kasebut

lelandhesan ubenge bumi ngubengi

srengenge. Kanggo Hijriyah lan taun

Jawa dijenengake ‘candra sangkala’,

amarga itungan lelandhesan ubenge

bulan (rembulan) ngubengi bumi.

Kanggo mangerteni bagian paling

wigati ing babagan sengkalan yaiku

watak wilangan utawa perangan

ukara (setiap kata) kang ngandhut

nilai wilangan mirunggan, tegese

apa bilangan mirunggan kasebut

ing sajroning sengkalan duweni

nilai 1, 2, 3, 4, 5, 6, 8, 9, lan 0. Mula

ukara (kata-kata) sing digunakake

sajroning sengkalan kudu ukara sing

ngandhut utawa ‘watak wilangan’.

Ringkese ukara sing ngandhut utawa duweni watak wilangan bisa

dijelasake;

1. Watak siji; samubarang barang

(benda) sing cacahe mung siji,

samubarang wewangunane

bunder, insan (manusia).

2. Watak loro; samubarang sing

cacahe loro.

3. Watak telu; geni (api) utawa

samubarang sing ngandhut

geni.

4. Watak papat; banyu (air)

lan ukara-ukara (kata-kata)

sing ngandhut teges ‘gawe’

(membuat).

5. Watak lima; raseksa (raksasa),

panah lan angin.

6. Watak enem; rasa (perasaan),

ukara-ukara sing ngandhut

teges obah (bergerak), kayu lan

kewan asikil enem (insect).

7. Watak pitu; pendhita, gunung,

jaran (kuda) lan titihan.

8. Watak wolu; brahmana, gajah

lan kewan melata (reptil).

9. Watak sanga; dewa lan

sambubarang-samubarang

(benda-benda) sing berlubang.

10. Watak nol; ukara-ukara sing

ngandhut teges ‘ora ana (tidak

ada)’, langit/angkasa, lan ukaraukara sing ngandhut teges

‘dhuwur (tinggi)’.

Pedoman cacah wolu milih

tembung kanggo nyusun

sengkalan;

1. Guru Dasanama (persamaan

arti kata). Kata-kata sing duweni

teges padha, kayata; gunung,

prawata, haldaka, giri lan liyane.

2. Guru Sastra (persamaan kata).

Kata-kata sing duweni tulisan

sing padha dianggep duweni

watak wilangan padha, kayata;

esthi ateges gajah.

3. Guru Warga (persamaan

golongan). Kata-kata sing

duweni persamaan golongan

dianggep duweni watak wilangan

sing padha, kayata; matahari,

rembulan (bulan), bumi duweni

watak wilangan 1.

4. Guru Wanda (persamaan suku

Sengkalan ing Kraton Ngayogyakarta

Sengkalan memet ing Bangsal Manis. (Foto: Herry)

P:41

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 41

kata). Kata-kata sing duweni

suku kata utawa unine (bunyi)

sing padha dianggep duweni

watak wilangan sing padha,

kayata; kata dadi lan waudadi

duweni watak wilangan padha

yaiku 4.

5. Guru Sarana (persamaan

fungsi). Sarana utawa alat, watak

wilangane dianggep padha karo

fungsine, kayata; lidah (ilat) karo

rasa.

6. Guru Karya (persamaan sifat

kerjanya). Barang/benda

lan kerjane, watak wilangan

dianggep padha, kayata; mata

karo mandeng.

7. Guru Darwa (persamaan sifat).

Sifat suatu barang/benda

dianggep duweni watak wilangan

padha, karo barang/benda iku

(sendiri), kayata; api karo panas.

8. Guru Jarwa (persamaan arti/

makna). Tembung-tembung

sing duweni persamaan arti/

makna dianggep duweni watak

wilangan sing padha, kayata;

retu, obah lan horeg.

Cara maca sengkalan;

Kanggo maca sengkalan, ukara

diwaca saka ngarep nganti buri,

nanging angka sing kakandhut

sajroning ukara sengkalan kasebut

diwaca saka buri mangarep.

Sengkalan lamba, tegese angka

taun sing nuduhake prastawa

mirunggan diwujudake kanthi ukara,

yaiku sing katatah ing wewangunan

utawa sing ora katulis (katulis ing

buku, tembang lan liyane), Contone

sengkalan lamba sing katulis ing

sangarepe Museum Sultan HB

IX ‘Kaheksi Nagaraja Manjing

Kedhaton’ tegese taun 1992 Masehi

(surya sengkala) lan ‘Panca Sembah

Dewa Nata’ tegese taun 1925 Jawa

(candra sengkala).

Sengkalan memet yaiku sengkalan (penunjukan angka taun) arupa gambar, lukisan, ornamen utawa

ukiran. Ing kraton Ngayogyakarta

akeh sengkalan memet sing terukir

ing saperangan bagian bangunan

kraton. Meh kabeh sengkalan memet ing Kraton Ngayogyakarta ora

dieloni (diikuti) sengkalan lamba

sing bisa jelasake arti angka taun

sing ana ing sengkalan memet,

satemah kadhangkala kangelan

anggone nafsirake watak wilangan

sing ana ing ukiran gambar, ukiran

utawa gambar saka sengkalan

memet kasebut,

contone;

1. ‘Dwi Naga Rasa Tunggal’,

tegese taun 1682 Jawa (candra

sengkala), wujude naga cacah

loro buntute ubet-ubetan (saling

melilit), mapane ing Baturana

sisih lor Regol Kamagangan lan

uga mapan ing Baturana Regol

Gadhung Mlathi, Kamandhungan

2. ‘Jagad Asta Wiwara Narpati’,

tegese taun 1921 Masehi (surya

sengkala), mapane ing pucuke

Regol Danapratapa, wujude

tangan nyekel bunderan lan

bola dunia kanthi simbol Kraton

Ngayogyakarta lan candra

sengkala ‘Kaluwihane Yaksa

Slira Aji’ tegese taun 1851 Jawa,

wujude; Godhong Kluwih, Yaksa,

Slira (kewan biawak), Aji diwakili

dening ‘Cihnaning Pribadi’

(gambar Haba VIII). Kuwi

kabeh kanggo mengeti taun

Jumenenge Nata Sultan HB VIII.

3. ‘Werdu Yaksa Naga Raja’

tegese taun 1853 Jawa

(candra sengkala), mapane

ing pagere Bangsal Manis,

kanggo pengetan pemugarane

Bangsal Manis, wujude Naga

cacah loro ngagem mahkota

lan kemamang ing rambute ana

lintah cacah siji.

4. ‘Panca Gana Slira Tunggal’

tegese taun 1865 Jawa

(candra sengkala), mapane

ing Pagelaran sisih lor, wujude

‘Kumbang cacah lima, biawak

cacah siji’ kanggo pengetan

pemugarane lan ‘Catur Trisula

Kembang Lata’ taun 1934

Masehi (surya sengkala), wujude

panah cacah papat bermata

trisula, kembang lan godhong

(lata).

(Herry SG).

Sumber: Seratan Sengkalan, Ir KRT H Widya

Sengkalan lamba sangarepe Museum Sultan HB X. (Foto: Herry)

Sengkalan memet ing regol Danapratapa. (Foto: Herry)

P:42

42 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Tradhisi

Festival Bregada Rakyat DIY

Bali Kagelar Secara Langsung

Awan kuwi dalan Malioboro

ora kaya biasane, masarakat

Yogyakarta, enom tuwa, bocah cilik wis padha ngebaki ana

ing pinggiran dalan Malioboro

Yogyakarta, para masarakat kota Yogyakarta padha ngebaki

pinggiran dalan malioboro ora liya

duwe tujuan kang padha ya kuwi

kepingin nyekseke arak-arakan

para seniman keprajuritan rakyat

sing cacahe 1000 prajurit sing

teka saka 4 kabupaten lan kota

DI.Yogyakarta, sing padha melu

dadi pasarta Festival Bregada

Rakyat DIY kaping 10, para prajurit

rakyat DIY kuwi padha baris tan

kaya tentara langkahe kang teges,

rapi manut suara iringan irama

musik khas Mataraman saka wilayahe dhewe-dhewe.

Nalika ketua panitia festival

bregada rakyat DIY kaping 10

piyambake kelebu ketua Sekber

Keistimewaan DIY Widihasto Wasana Putra patemon karo awak media

pratelekake menawa pagelaran

kang padha lan rutin diadani wiwit

taun 2012 kepungkur duwe tujuan

kanggo nggedhekake semangat

kelompok Bregada Rakyat sing

ana ing tlatah DI.Yogyakarta. Kirab para seniman wektu iki dadi

“sajian” kanggo ngrengsengake

pariwisata kabudayan sing

ana wilayah Yogyakarta lan

sakiwa-tengene mligine budaya

Pasarta Festival. (Foto: Bari/DL)

Bregada perjurit Ngestiharjo Kabupaten Bantul.

(Foto: Bari/DL)

P:43

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 43

keprejuritan Kraton Mataraman

Ngayogyakarta , kabukti bab iki

bisa dadekake “sajian” atraksi kang

bisa ngresengake pariwisata “awak

dhewe bisa nyawang seka benteng

Vredeburg tekan pojoking Dalan

Malioboro di kebaki ora mung saka

masarakat Yogyakarta nanging

saka para wisatawan manca lan

lokal,” ature Widihasto.

Widihasto nambahi keterangan

menawa festival Bregada Rakyat

DIY iki uga duwe tujuan yaiku

rasa sukur para warga masarakat

Ngayogyokarto Hadiningrat, mligine para seniman sing teka saka 4 wilayah (Sleman, Bantul,

Kulon Progo, Gunung Kidul) lan

Kota Yogyakarta, rasa sukur awit

pelantikan Gubernur lan Wakil

Gubernur DIY, Sri Sultan HB X lan

KGPAA Paku alam kaping X (masa

jabatan 2022 - 2027) sawetara

kuwi kinurmatan saka ajang festival bregada iki ana telu ya kuwi,

dadekake tali simpule dadi luwih

kuat ana ing babagan budaya,

menehi kesempatan kahanan lan

nggendhekake semangat kanggo

para pelaku seni keprajuritan.

Widihasto wasana Putra duwe

pangajab bisaa bab kuwi bisa

nambahi semangat kanggo para

seniman sing isih gelem nguringuri kabudayan kaprajuritan

Kraton Mataraman, pangajabpe.

Nalika pandhemi lagi nedhengnedhenge Festival Bregada Rakyat

DIY tetep di adani najan anggone

ngadani kanti cara virtual

“Lega rasane taun iki Festival

Bregada Rakyat DIY bisa diadani

kanti cara Luring, awit wis anane

kelonggaran saka pemerintah”,

tambahe. Kanthi kelonggaran

kasebut para seniman kaprajuritan

saka 4 Wilayah lan Kota sasat kaya

duwe semangat kang anyar para

seniman saka 4 Wilayah lan Kota

padha melu nyengkuyung Festival

Bregada Rakyat DIY iki.

Nalika DL nemoni salah sijine

pasarta Festival bregada saka

tlatah Kulon Progo dheweke ngandharake, “Remen sanget saged

tumut festival menika Mas, bab

saget juara Alhamdulilah mboten

juara mboten masalah kanggene

bregada Kulon Progo, ingkang

baku saget partisipasi lan saget

tumut manghayubagya awit dipun

lantikipun Sri Sultan HB X lan

Wakil Gubernur KGPAA Paku Alam

X kanti lancar mboten wonten

rubeda satunggil menapa, saestu

raosipun sampun mongkog” A

Taun iki Widihasto ngaturi 20

kelompok lan 2 kelompok ekbisi

saka kelompok bregada Panji

Parentah lan Paguyuban Onthel

Yogyakarta, ing saben taune

pasartone beda-beda, kareben

kabeh bisa ngrasakake kepiye

nalika Kirab kasebut di seksekake

karo masarakat klebu karo

para wisatawan sing lagi wisata

ing kota Yogyakarta lan tlatah

DI.Yogyakarta.

Kirab para bregada prejurit

rakyat DIY iki kabiji nalika mlebu

ing benteng Vredeburg Yogyakarta

para juri ana 5, ya kuwi Kanjeng

Raden Tumenggung Wiraningrat

(saka Kraton Ngayogyakarta),

BPH Kusuma Bimantara Saka

Kadipaten Pakualaman, Letkol Inf.

Helmi saka Danyon 403 / Wirasada

Pratista, Tazbir Abdullah saka

pemerhati pariwisata lan Rudolf

Iten saka pemerhati seni budaya

(Saka Negara Swis).

Para pasarta Festival Bregada

Rakyat DIY kasebut padha “unjuk

keprigelane dhewe-dhewe kanggo

ngranggeh juwara, pengaji-aji para

pasarta festival kasebut arupa piala,

piagam lan dhuwit pembinaan sing

totale 50 Juta Rupiah.

Pambiji (penilaian) ana ing

Festival Bregada Rakyat DIY taun

2022 iki, ya kuwi, tata lampah,

tata busana klebu serasine lampah

karo suwara wirama musikke.

[BARI/DL]

Bregada Perjurit Kraton. (Foto: Bari/DL)

Widihasta wasana putra.

(Foto: Bari/DL)

P:44

44 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe Liputan

Senajan dadi wahana

ngangen-angen wektu

kepungkur lan nyritakake

lara lapa saka sebagean laku jantra

panguripane, ananging temu

kangen ing Civita Youth Camp sing

mapan ing Jl. Cimandiri 50, RT 04/

RW 05, Cipayung, Ciputat 15401,

Tangerang Selatan, Banten aweh

daya surung kanggo tetep mapag

kahanan panguripan sing kebak

suka gambira. Jalaran, miturut

panata adicara Mas Stefanus S

Surya Atmaja pawongan kang

kagungan yuswa sawise 60

taun bakal tetep sehat sauger

penggalih lan pikiran ora akeh

kebandholan sanggan (beban).

Ing patemon dina sepisan sing

lumaku Jumuwah, 14 Oktober

2022 antarane jam 21.00 -23.30

iki Mas Surya mratelakake tresna

iku ngalahake sakabehe klebu

lelara kang ngamcam. Jalaran,

pawongan kang akeh susah lan

ngrasa abot ngadhepi kahanan

urip iku gampang kaserang lelara

klebu kanker sing racake banjur

nyerang bagean awak sing paling

ringkih kaya payudara, dhadha,

lan padharan. Tresna sing banjur

nglairake rasa sumarah, rila, ora

nyimpen kuciwa, lan pangigit- igit bakal mikuwati santosane

salira temah kuwawa ngendhani

ancaman lelara luwih-luwih menawi

dikantheni cak-cakan panguripan

saras (pola hidup sehat).

Dudutan sing diaturake Mas

Surya gepokan karo adicara

udhar rasa (sharing) sing diwiwiti

saka Sri Murtini mantana guru

sing wis dadi randha nalika

umur isih enom banget. Sebutan

randha pranyata dadi sanggan ing

tengahe masarakat sing patriarkat,

wong lanang sing kuwasa sajrone

keluwarga. Disusul Sri Hartatik

saka Bali sing nyritakake anggone

kena kanker payudara lan bisa

mari pulih kaya wingi uni sawise

butuhake perjuwangan sing

suwe. Pratelan saka Lidwina sing

lenggahe saiki ana Kemayoran

nyritakake beban berat nalika

TEMU KANGEN ING CIVITA

Ngronce Crita Endah Milangoni

Para alumnus SMPK Klepu lulusan

1969 saka temu alumni ing Civita

mampir ing Greja Weleri, papan

makaryane Rama Karta Sudarma Pr

(Foto: Ist)

Tukar pengalaman antarane alumnus SMPK Klepu lulusan 1969 ing Civita

(Foto: Ist)

P:45

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 45

putrane sing ketua OSIS ing SMA

Kanisius Jakarta diwetokake saka

sekolahan amarga konangan bantu

menehi jawaban marang kancane

nalika ulangan harian (2003)

Beda maneh pengalaman Br

Pay wis nate tugas ing sakehe

negara Eropa lan Amerika Latin.

Nalika dadi kepala sekolah ing

sawijine SMP ana muride kejepit

lawang. Mula age-age bocah

digawa menyang rumah sakit

merga jenthike kiwir-kiwir. Bubar

iku banjur dieterake bali menyang

omahe. Liya wektu nalika niliki

bocah sing nemu kacilakan

iku ibune bocah mau ngajak

tumindak sing ora samesthine.

Bokmenawa wanita iku kasepen

krana wis ditinggal garwane

menyang mancanagara. Mesthi

wae nolak pangajak sing nerak

kasusilan iki. Nalika pamit arep

bali pranyata lawange dikunci

dening wanita iku karo

tetep ngrimuk Bruder

diajak sesambungan

kaya dene wong

kaluwarga. Kanthi

tlaten mula banjur

aweh pangerten

m e n a w a

t u m i n d a k

m a n g k o n o

kejaba nglanggar

angger agama

lan nagara uga

duweni buntut ora

prayoga mengkone

(1998). Sawise iku Retno

Rahayuning Triwulan sing

mantan bidan uga mratelakake

menawa sawetara lelara ngencoki

dheweke. Saka . kanker payudara

(1994), operasi ambeien (1998),

tekan operasi saraf kejepit

(2010)..

Temu kangen alumni SMP

Kanisius Klepu, Minggir, Sleman,

DI Yogyakarta sing mapan ing

Civita Youth Camp, sawenehe

layanan pastoral sing arupa

omah retret sing madeg taun

1974 sarta ditangani dening

Sarekat JesusProvinsi Indonesia

bebarengan karo Tarekat Carolus

Boromeus iki uga dadi ajang

padha dene mikuwati ing babagan

kapribaden lan solidaritas. Tekan

wektu iki isih watara ana 60

alumni sing manunggal sajrone

Komunitas Amemayu Insan

Lentera (KAIL) sing lulusan

taun 1969 lan alumnine para

biarawan (rama, bruder, suster)

nate ngayahi jejibahan sumebar

menyang sakehe papan klebu

ing mancanagara kaya Thailand,

Filipina, Chili, Myanmar, AS,

Australia, PNG, lan negara-negaras

Eropa. Senajan adoh-adoh

papane ananging ing kala

mangsa temu kangen

sebagean padha bisa

rawuh. Kanggo

nglanggengake

paguyuban saben

rong wulan

sepisan ana

patemon sing

mapan ing dalem

salah sijine alumni

secara gilir lan

setaun sepisan temu

kangen bebarengan.

Diajab kekancan sing

manjing sumadulur iki

aweh gambaran cetha menawa

kanggo guyub, rukun, lan perdulen

iku perlu sesambungan terus

senajan liwat HP utawa langsung

temu dharat.*

Suhindriyo / DL

Sanajan yuswane wis purnakarya

nanging isih gaul (Foto: Ist)

Foto bebarengan ing sangarepe

reca Pieta ing sapinggire tlaga ing

lingkungan Civita Youth Camp

(Foto: Ist)

Foto bareng ing sapinggire tlaga sajroning Civita Youth Camp (Foto: Ist)

P:46

46 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

Wisata

Para sutresna pamaos Djaka

Lodang, bokbilih saking

sedaya pamaos kathah

ingkang remen nglodhangaken

wekdal tindak sesarengan

keluwarga utawa rencang saperlu

wisata mirsani suwasana papan

ingkang damel remening manah.

Kados ingkang pun lampahi

penulis menika. Ing wekdal

kepengker penulis sareng-sareng

keluwarga saha rencang murugi

papan wisata ingkang wonten ing

tlatah Kulon Progo. Papan wisata

menika naminipun: PUNCAK

SAKA utawi NEGRI Dl ATAS AWAN.

Dene papanipun wonten ing

Dhusun Klajuran, Tanjung Harjo,

Nanggulan, Kulon Progo, Daerah

Istimewa Yogyakarta.

Papan wisata menika papanipun

wonten ing pucuking Gumuk lan

Wisata Puncak Saka

Nanggulan Kulonprogo

Dalan kanggo mlebu menyang wisata Puncak Saka (Foto: Jumilah)

Grup band kanggo paring panglipur marang wisatawan (Foto: Jumilah)

P:47

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 47

radosanipun wanci nanjak ugi

boten saget sliringan kalihan

kendharaan rodha sekawan

sanes. Nanging para kadang

boten sisah kuwatir awit

redi nuju Puncak Saka

menika sampun dipunjagi

kalihan para wiranom

ing dhusun kasebat

ingkang kapitados

ngatur lancaripun

lampah para kadang

ingkang melancong

wonten ing Puncak

Saka menika.

Mbokbilih menawi

dereng nate dumugi

Puncak Saka para

kadang tasih kathah

pitakenan, kados

menapa Puncak Saka

menika? Nanging menawi

sampun dumugi para

kadang temtu badhe mbatos;

“Wooouw kanyata ingkang

ngrawuhi kathah“ he..he...

he.., kados penulis ingkang pun

raosaken, ing batos ugi mungun

dene kendharaan rodha sekawan

sampun kathah ingkang parkir

lan kathah para kadang ingkang

sampun rawuh rumiyin ingkang

sama tindak-tindak menikmati

suwasana alam Puncak Saka. Wonten

ingkang sama lenggahan ing papan

pilihanipun piyambak-piyambak

sinambi menikmati para musisi

ngidungaken tembang kenangan.

Ugi wonten ingkang sami dhahar

kembul sareng keluwarga

miturut pesenanipun. Lan

ingkang kalihan putra alit,

larene saget renang wonten

papan ingkang sampun

cumawis. Ingkang

nindakaken sholat ugi

sampun cumawis papan

kangge ibadah sholat.

Puncak Saka

menika wanci endah

lan nengsemaken.

Swasana alam menawi

nembe padhang, langit

biru rinenggan mega

putih kang kadya kapas.

Larikan sawah kanthi

tetanduran sing katon

ijo royo-royo dayakake

rasa ayem neng ati nadjan

ora duweni. Renteping

pomahan ing desa-desa

saka kadohan disawang

wis katon madani lumrahe

kutha. Apamaneh yen wektu

wis nyedhaki angslupe srengenge,

lampu-lampu ing Puncak Saka

sing wiwit madhangi alam Puncak

Saka, lan saka kadohan sing ora

kalah yaiku padhange lampulampu desa sing pating krelip, estu

swasana menika sangsaya nambah

rasa neng ati tansah eling marang

kuwasaning Gusti. *** [Jumilah]

Saka Puncak Saka nyawang sesawangan ing sakiwa tengene (Foto: Ist)

Punjere papan wisata Puncak Saka

(Foto: Jumilah)

P:48

48 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

P:49

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 49

Panggung

Priya kang duwe profesi

minangka dhosen ing

Universitas Negeri Yogyakarta

iki klebu priyayi pametri budaya

kang asmane kawentar ing

kalangan akademisi apadene

sastrawan lan budayawan. Priya

lairan Nganjuk, 16 September

1971 iki asmane DR. Purwadi,

S.S.,M.Hum, nanging kondhang

kanthi sebutan Pak Pur.

Dr. Purwadi, S.S., M.Hum,

kang ahli ing babagan Sastra lan

Budaya Jawa iki minangka dhosen

ing Fakultas Bahasa lan Seni

Universitas Negeri Yogyakarta,

Jurusan Pendidikan Bahasa

Dhaerah. “Wonten donyaning

pendhidhikan kula gadhah

pengalaman mucal mata kuliah

Seni Karawitan I, Folklor Jawa,

Ekspresi Lisan Lanjut, Sejarah

Sastra, Sejarah Sastra Jawa,

Pranata Sosial Jawa, Puisi Jawa

Modern, Seni Karawitan II, Sejarah

Kebudayaan Jawa, Seni Tembang

II, Ekspresi Lisan III, Nyekar

Macapat, Nyekar Dolanan, Sekar

Gendhing, Filsafat Jawa, Kajian

Sastra Jawa, Penulisan Karya

Ilmiah, kejawi menika ugi pengajiaji sarta piagam penghargaan

minangka narasumber kadosdene

‘Satya Lencana X taun, Certificat

as speaker in International

Seminar of Oral Traditions VII,

Piagam Penghargaan Gebyar

Kreasi Perempuan Paguyuban

Mustoko Putri Yogyakarta 2012,

Piagam Penghargaan Narasumber

saking Serdang Bedagai, Sertifikat

Seminar Hasil Implementasi

Lesson Study FBS UNY, Sertifikat

Seminar Nasional UNY, taksih

kathah malih penggaji-aji

sanesipun,” ngendikane Pak Pur

nerangake bab pengalaman lan

pengaji-aji kang disandhang.

Kejaba iku Pak Pur uga priyayi

kang kondhang ing lingkungan

mahasiswa utawa mahasiswi

(S1) apadene (S2) kang ora pelit

marang ilmune. Kepara sapa wae

kang kepengin nggegulang seni

budaya mligine nyekar utawa

nggamel dicawisake papan uga

gamelan kanggo gladhen. Papan

gladhen ing daleme yaiku Perum

Minomartani, Jl. Kakap Raya

No. 36 Minomartani, Sleman,

Yogyakarta.

“Kula remen sanget menawi

kathah wiranem ingkang tresna

budaya, kejawi gladhen gratis

wonten griya kula mangga kula

siapaken unjukan ugi klethikan.

Saestu kula gadhah pangajab

supados warisan leluhur ingkang

adiluhun menika tetep lestantun,

ngrembaka saindhenging donya

saha boten kaseser kalihan

kabudayan sanes,” ngendikane

Pak Dhosen kang uga dhalang

kawentar kanthi semangat.

Dr. Purwadi, S.S.,M.Hum

pancen pametri budaya kang

akeh labuh labete ing jagad

seni budaya, piyambake uga

akeh ngripta tembang dolanan,

tembang macapat sarta

tembang-tembang Jawa liyane.

Kepara Pak Pur uga akeh pentas

nggelar wayang kulit ora mligi ana

wilayah Jawa Tengah lan DIY wae

nanging uga tekan jaban kutha

kayadene Malang, Surabaya,

Nganjuk, Madiun, kepara tekan

Sumatera Utara (Serdang Bedagai)

lan dhaerah liyane.

Pak Pur uga tansah disengkuyung dening garwane Sari Indah

Setiani, sarta para putra kang

kabeh wasis nabuh gamelan yaiku

Adityo Jatmiko, Aryo Bimo Setianto

lan Anindito Wisnu Prasetyo.

Tatiek Kalingga/DL

Dr. Purwadi, S.S., M.Hum

Dhosen Wegig Ngripta Tembang Uga Dhalang

Kanthi busana padinan

(FT : Ist/Kalingga/DL)

Dr. Purwadi, S.S., M.Hum sadurunge ana

panggung (FT : Ist/Kalingga/DL)

P:50

50 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

GUYON FX. Subroto

Satleraman

Priya kang duwe profesi minangka tenaga

dhidhik utawa guru ing maneka sekolahan

kang ana Jakarta iki, pancen bisa ndudut

kawigaten para penikmat seni tradhisional

mligine seni gamelan. Priya

kang asmane Sunarso, S.Sn

nanging luwih akrab diaturi Pak

Narso. Pengalaman ing donyane

pendhidhikan pancen wis komplit

kaya kang diaturake, “Kula nate

ngajar wonten SMP Katolik Damai

Hati Kudus Jakarta Barat, ingkang

damel mongkog siswa ingkang

kula bimbing nate pikantuk

juwara nasional wonten Lomba

Melukis. Saestu pengalaman

ingkang dados kenangan endah

ningali siswa dhidhik nyandhang

juwara Nasional.”

Kejaba iku Sunarso, S.Sn

kang lair ing Sragen, 01 April

1965 pancen wis ‘malang

melintang’ ing profesi guru kang

ditekuni. Akeh siswane kang

bisa nyandhang juwara nalika

melu sayembara seni budaya,

Pak Narso kang nate ngajar ing

SMA Katolik Sang Timur Karmel

Kebon Jeruk, Jakarta Barat iki

uga rumangsa marem menawa

anak dhidhike bisa menang

lomba.

“Kula ugi ngajar karawitan wonten Kompas TV,

Mahasiswa Umum, para karyawan, asring kangge

Bintang Tamu grup Karawitan Bentara Budaya

Kompas Gramedia Jakarta. Kejawi menika ugi

ngajar karawitan Grup Duta Bandara Jl. Prancis

Tangerang. Saestu tumrap kula pribadi nggegulang

seni budaya sampun nyawiji wonten manah, sinaosa

kula mapan wonten Jakarta nanging kangge

ndherek nguri-uri sarta ngrembakaken seni budaya

kula tindakaken dumugi samenika,” ngendikane

Pak Narso bab kegiyatan kang

ditindakake ing donyane seni.

Sunarso, S.Sn klebu

‘pengendhang’ kang pilih

tandhing ing Grup Seni

Budaya “Sekar Melati’ Jakarta

pimpinan Drs. Sumiyarsono,

MM. Apamaneh Pak Narso

uga asring dadi Bintang Tamu

Pengendhang, keahlian mainake

alat musik tradhisional Kendhang

pancen kawentar tekan wilayah

liyane.

Tekan wektu iki Sunarso,

S.Sn isih aktif ngajar Seni Budaya

klebu Karawitan ing SMP lan SMA

Cengkareng 1, Cengkareng,

Jakarta Barat, sarta ngasta ekstra

kurilkuler ing SMP Penabur 2

Jakarta Pusat.

Pak Narso uga kagungan

pangajab, seni budaya kang

dadi warisan leluhur iki bisa

tetep lestari lan ngrembaka ora

mligi ing Nusantara nanging bisa

ditresnani ing manca negara.

“Mugi-mugi kawula mudha ugi

saged nresnani kabudayanipun

piyambak, kepara saged ngrembakaken kanthi

cara teknologi ingkang sarwa majeng dhateng para

mudha ingkang papanipun tebih. Kanthi mekaten

seni budaya badhe tetep ngrembaka boten badhe

kagiles lampahipun jaman,” Pak Narso mungkasi

pangandikane. Tatiek Kalingga/DL

Sunarso, S.Sn

Guru Seni Budaya Uga Pengendhang Kondhang

Sunarso, S.Sn diampingi garwa

FT : Ist/Kalingga/DL

P:51

Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe 51

“Mas, aku Siti Marpuah dudu

Sumiati!” sing disaruwe kaget lan

semu kisinan.

Siti Marpuah, kaya melu ngrasakake panandhange mitrane kuwi.

Wiwit wengi kuwi, Siti Marpuah

tansah taberi nglipur atine Marsono

saben ana cedhake. Kaya nalika

musike sida main neng ngarepe

rombongan touris Jerman, kang

luwih saka wong sepuluh, merga

panjurunge Siti, penampilane

kepetung sukses. Sing kinaran

sukses ora mung perkara pentas wengi kuwi wae nanging

neng pentas kuwi Marsono nyoba

nggawa asil lukisane sing awujud

pemandhangan gisike segara lan

potrete cewek Jerman sing dilukis

dhekemben uga payu dituku sing

dilukis. Nggawa lukisan telu cacahe

sing didudohake marang touris

payu loro. Kejaba kuwi neng dina

sateruse bregada kronconge saya

akeh sing nyeluk neng sadhengah

acara.

Ana uga pihak liya kang

kasengsem karo kronconge.

Sasi candhake, bregadane nate

diundang tamu wisata saka Jepang.

Manggone ora mung sadrema

neng penginepan cilik kaya sing

uwis. Malem Kamis pungkasan

sasi kuwi diundang pihak hotel

kang kapetung gedhe. Arane:

Hotel Mutiara, sing mapane ana

kiwa-tengene Malioboro. Grupe

main kompak lan apik kanthi vocal

pasangan utawa dhuwet kang

ditandangi dening Marsono lan

Siti Marpuah. Malah nate ana pihak

hotel sing kepengin ngontrak

grupe nanging Marsono sabalane

gemang merga rumangsa ora

mardika.

Gancange crita, suwe-suwe pawongan loro kuwi dadi pasangan

mudha-mudhi sing tansah reruntungan menyang ngendi lan lagi

apa wae. Kejaba yen wancine

Marsono ngeloni pamulangan.

Nanging yen Marsono lagi nggarap

lukisan neng sajabane jam lan

lokasi sekolah, Parang Tritis

upamane, Siti Marpuah tansah

sumandhing lan sumandhing.

Pancen sasuwene iki meh ana

patang wulan lelorone durung

nate muwus prajanjen kaprasetyan

nanging lakune sesrawungan wis

kaya kutut kepulut kang saya

lulut.

“Nggone sampeyan ngancani

aku nglukis iki kira-kira sing keri

dhewe lho Dhik,” semantane

Marsono, nalika dikancani nglukis

neng jero Kebon Kewan Gembira

Loka.

“Kok ngono?” saut takone.

“Aku neng Yogja rak kari telung wulanan. Sedhela maneh sapurnane tugas akhirku pameran

neng Magelang, aku ujian akhir.

Rampung ujian, lulus rakya terus

mulih, nggawa ijasah!” kojahe,

karo ngaso, saka anggone coratcoret, durung rampung.

“Hla apa ora kuliyah neng IKIP

utawa ASRI Yogja? (saiki jenenge

ISI Yogyakarta)” sing dikandhani,

nyelathu sajak kurang eklas.

“Dhik, aku kudu bali menyang

lemah klairanku. Aku kudu

ngancani lan rerewang ibu,

ngopeni adhikku sing isih SD

lan SMP. Ibuku saiki wis randha,”

pratelane karo nyawang teges sing

dijak omongan.

“Jan-jane aku…” guneme ora

tutug, merga ana luh sing ora

karancang metu saka pojok mripate.

“Aku ngerti kok sampeyan

gemati marang aku! Maturnuwun

kawigaten sampeyan marang aku

sasuwene iki. Aku ora bisa ninggali

apa-apa minangka piwales,” tutuge

caturan.

“Mas..!” mung kuwi sambunge,

karo sirahe disendhekake ana

pundhake Marsono.

“Aku bisa micara basa manca,

bisa duwe pengalaman ngroncong,

ya lumantar tepung lan srawungku

karo sampeyan,” suwara guneme

ora banter nanging keprungu

tekan telenge ati.

“Kuwi mung kapinujon wae Mas.

Sing bisa micara minangka guide

lan nabuh cukulele rak ora mung

aku?” tembunge ngledhehake ati.

“Nanging tumrap aku, ya

sampeyan sing nggulawenthah aku,

duwe akeh kaweruh sasuwene ana

Yogja,” srekale gawe bombonge

atine sing ditanduki ukarane.

“Uga merga sampeyan ta aku

duwe kenalan seniman. Gayeng

lho caturan lan srawung karo

seniman kuwi Mas!” timbangane

pangalembana.

“Aku durung kena diarani seniman Dhik!” selake.

“Njur diarani apa?” Tambuhe.

“Senewen, merga dicidrani tresna!” karepe ngrasani Sumiati. Wong

loro cekikikan kabacutake…

“Aku, ora bakal cidra Mas, aku

tresna Sampeyan!” guneme mbarengi ngaras pipine Marsono. Sing

diaras njondhil sanalika.

[ana candhake]

Ijasah

Sambunge kaca 2

Sing dirangkul rada njenggirat awit rasane rangkulan rinasa seje

P:52

52 Djaka Lodang No. 23v 05/11/2022

Setu Kliwon, 10 Bakda Mulud 1956 Ehe

Alumni SMP Kanisius Klepu, Sendangmulyo Minggir, Sleman, DI Yogyakarta

lulusan taun 1969 nalika padha Temu

Kangen ing Civita Youth Camp sing mapan ing Jl. Cimandiri 50, RT 04/RW 05,

Cipayung, Ciputat 15401, Tangerang

Selatan, Banten, tanggal 14-15 Oktober 2022 kepungkur. Saka kiwa ngisor

manengen Lidwina, Suwartono, Suparman, Sudarwati, Bruder Petrus, Kiryani,

Suryanti, Painem, Suryo Atmojo, Sri

Murtini, Purniwati, Sri Mulatsih, Retno

Rahayuning Triwulan, Suhartati.

Create a Flipbook Now
Explore more