Enjoying your free trial? Only 9 days left! Upgrade Now
Brand-New
Dashboard lnterface
ln the Making
We are proud to announce that we are developing a fresh new dashboard interface to improve user experience.
We invite you to preview our new dashboard and have a try. Some features will become unavailable, but they will be added in the future.
Don't hesitate to try it out as it's easy to switch back to the interface you're used to.
No, try later
Go to new dashboard
Published on Feb 05,2023
Like
Share
Download
Create a Flipbook Now
Read more
Published on Feb 05,2023
No description
Home Explore Djaka Lodang No. 21-2022
Publications:
Followers:
Follow
Publications
Read Text Version
More from DJAKA LODANG
P:01

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 1 Tintingan Buku

SETU L EGI, 22 OKTOBER 202

21

2

TAMU IKU SAKA ALAM GHAIB

LIPUTAN

GKBRAA Paku Alam X Bukak Ecoshibition 2022

Seni Olah Kain Ecoprint Luwih Maju

WISATA

Tanggap Warsa Kutha Yogyakarta

P:02

2 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe

Kasambung kaca 51

Rong minggu sadurunge netepi janjine marang wong

Jerman, dadak Marsono nampa telegram saka ngomah, sing

dijujugake sekolahane. Isine telegram, dina kuwi Pak Sukro ya bapake Marsono, seda. Kejaba kaget,

susah, uga ngrasakake

bingung. Kagete, merga

sadurunge ora ana layang

teka sing ngabarake yen

bapake gerah. Layang

kabar keslametan kanggo

ngomah sing dikirim bareng karo layang kanggo Sumiati minggu kepungkur, balesane uga ora

ngabarake, menawa bapake gerah. Ora elok menawa ana pikirane tuwuh

pangira sing maneka warna.

Anggone mangkat

menyang Ponorogo, wis

jam loro awan. Lakune

tumpakan saka Yogja tekan

Madiun, suwene limang

jam, yen lancar. Tekan

Madiun, nyambung Bus

sing menyang Ponorogo,

mbutuhake wektu sajam.

Ora nganggo mikir sing

werna-werna, mangkate

kudu nyilih dhuwit sangu

kanggo numpak bus

marang Anwar. Jer pancen

dina kuwi dhuwite nipis banget,

merga wis kadhung kanggo kulakan

caping.

Bus sing mlaku jurusan JogjaSurabaya, akeh-akehe, bus sing

lakune cukup banter. Nanging,

pangrasane Marsono, tumpakan

sing nggawa dhekne bali, kaya

mung nggremet. Iki merga kagawa

pikiran lan atine sing gembronjal,

ketaman prastawa kang ora dinuga.

Nadyan ana neng jok sing dilungguhi

ana penumpang liya njejeri, sajake

Marsono ora katarik atine, kanggo

omong-omongan. Pitepungan

mung kanggo abang-abang lambe,

sawise penumpang liya kuwi, wis

lungguh, jejer dheweke.

Playune Bus nganti wis mlebu

tlatah Klaten, Marsono milih meneng, karo ngaburake panglamune.

Sing tuwuh ana pikirane, nalika

arep mangkat menyang Yogja,

rong taun kepara meh telung taun

kepungkur.

“Kowe, apa wis wani lan tatag

tenan, nggonmu arep sekolah ana

Yogja?” ibune miterang, nalika

dheweke cecawis gawane, sing arep

digawa lunga.

“Sampun, Bu!” wangsulane.

“Iki, tenan lho, wong tuwa

anggone ngirimi dhuwit ora ajeg

wektu lan gunggunge!” dhawuhe

ibune, kanggo nanting tenan kewanenane.

“Pun ta, Bu, waton taksih wonten

Tanah Jawi kemawon, kula wantun.

Kejawi menawi wonten njawinipun

Pulo Jawa, kula taksih nglimbangnglimbang malih,” uni antebe

tekad.

“Pawadanmu apa, kok neng

Jawa luwih wani tinimbang neng

papan liyane?” dhesege ibune, sajak

rada kamisesegen, ngempet tangis,

nunggu anake sing tata-tata lan mojar kewanenane.

“Kula nggih boten ngertos, namung ati kula sampun manteb

mawon,” jlentrehe.

“Ya yen pancen tekadmu ngono,

ibu mung ndonga, muga-muga

gegayuhanmu kasembadan. Yen

pancen ora krasan tenan, kowe bali

mulih, ibu, bapak, ora duka kok,

Le!” semantane wong tuwane.

“Kraos-kraos, Bu, waton ibu,

mengestoni!”

“Yen jeneng ibu ngono mesthi

aweh pengestu, Le! Nanging sok

ana, ibune aweh pengestu, sing dipengestoni, malah nggladrah sakarepe dhewe!” pitutur bacute.

“Mugi-mugi, kula, boten nggladrah, Bu,” jawabe.

“Jaremu, neng kana arep nyambi

nyambut gawe kuwi, nyambut gawe

apa, lho, wong ijasahmu isih ijasah

SMP?” pandangu liyane.

“Nggih nyambut damel sak-sake,

Bu, tiyang teng kitha ageng, rak

nggih kathah damelan!” wangsulan

panglipure, kanggo ibune, manteb.

“Ning, aja colong-jupuk, lho

ya, welingku! Kuwi pakaryan kang

nistha lan nemahi cilaka!” weling

liyane.

“Boten, Bu, kula boten

badhe nglampahi pakaryan

niku,” tanggape, maneh.

“Kira-kira gawean

apa, sing kok candhak?”

dhesege ibune.

“Kula dados pembantu

rumah tangga, ibu rak

nggih boten lingsem?”

tantang lan tantinge.

“Ora, waton halal lan

kanggo gegayuhanmu

golek ngelmu!” saure sing

ditanting.

Bebarengan rawuhe

bapake saka reparasi

sepedhah perlu ngompa

sepedhah sing arep

dienggo ngeterake Marsono

menyang papan cegatan

bus, anggone rembugan

ibu karo anak, sigeg. Sing

ngeterake Marsono neng

dalan gedhe, bapake

dhewe. Marsono, milih

mbonceng, tinimbang

dibonceng, kanthi alesan

mesakake bapake yen

kudu krenggosan mancal

onthele, mbonceng dheweke.

Sadawane laku menyang papan

sing dituju, bapake ora akeh

pangandikane, ya mung saklimah

welinge, neng paran sing ngati-ati,

aja duwe watak sombong.

Bus saka Trenggalek sing arep

dinunuti, wis teka. Watara jam telu

sore Marsono ninggalake desane,

tumuju Yogja. Lungane prasasat

mung sangu donga lan pengestune

wong tuwa. Jan-jane anggone

mangkat menyang Yogja isih dina

sesuke. Gandheng mangkate

menyang Yogja dikoordinir panitiya

SMSR Madiun, mula mangkate

Marsono, sedina sadurunge.

Bengine rombongane padha nginep

neng gedhung SMKK Madiun.

Grakkk.. kratak! Bus sing

dinunuti Marsono saka Yogja,

ngetokake suwara. Suwara mau

ngagetake para penumpange,

klebu Marsono, sing lagi nglamun.

Malah ana suwara wedok njerit,

merga kaget, lan keweden. Bus mau

ngerim ndadak nuli minggir lan

mandheg. Unine sopir karo kernet

sing dirungu Marsono ujare buse

13

10

P:03

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 3

CRITA SAMBUNG ................................ 2

Ijasah

SRUMUWUS ....................................... 4

Hukum

WAWASAN JRONING NEGARA............ 5

Kesandhung Ing Rata, Kebentus

Ing Awang-Awang

TOSAN AJI .......................................... 6

Babagan Pamor Dhuwung

SASTRA & BUDAYA ............................. 7

Jeneng Tuwa Sajrone Tradhisi Jawa

WIRANOM........................................... 8

Parama Sanjaya

Bocah Calon Seniman

PAGELARAN ....................................... 9

Kawicaksanan Ing Sesrawungan

PRIBADI BINUKA................................. 10

Drs. Sarjono, M.Si

Gamping Gegayengan

PAWIYATAN......................................... 12

Pengetan Hari Aksara lan Hari

Kunjungan Perpus SD N Tegalrejo I Yogya

LAPORAN DHAERAH ......................... 14

Merti Dhusun Mantran Wetan

WANITA & KELUWARGA .................16

Ngulinakake Putra Basa Krama

HERBAL............................................... 17

Camcao Ijo

JAGADING LELEMBUT ........................ 18

Tamu Iku Saka Alam Ghaib

KEMBANG SETAMAN........................... 19

TINTINGAN BUKU ............................... 20

Urip Prasaja Tumrap Wong Jawa

PADHALANGAN................................... 22

Lairipun Sri Arjunasasra

CRITA RAKYAT..................................... 24

Majapait

CERKAK............................................... 26

Nalika Lingsir

WACAN BOCAH................................... 28

Kejutan Kanggo Bondan

AKSARA JAWA ................................... 29

MACAPAT ............................................ 30

Ngrasakake Undhake Rega BBM

TEMBANG DOLANAN .......................... 30

Senenge

GEGURITAN......................................... 31

SEMARANGAN .................................... 32

Alun-Alun

OH LELAKON ...................................... 33

Ora Rumangsa Ditulungi

PENGALAMANKU ............................... 34

- Ketemu Keri

- Tukang Ngapusi

NAPAK TILAS ...................................... 35

Bendhe ‘Kyai Bicak’

LIPUTAN.............................................. 36

GKR Bendara

Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat

Jaga Lestarine Bathik

PANGUPABOGA................................... 38

Gebyar UMKM Kevikep

Yogya Barat 2022

KRATON .............................................. 40

Uyon-Uyon Hadiluhung Selasa Wagen

ing Kraton Ngayogyakarta

LIPUTAN.............................................. 42

Ecoshibition 2022

Seni Olah Kain Ecoprint Luwih Maju

WARTA RINGKES ................................ 44

WISATA ............................................... 46

Tanggap Warsa Kutha Yogyakarta ka-266

Disengkuyung Kemantren Cacah 14

PANGGUNG......................................... 49

Nalika ‘Siter Sister’ Ngumandhangake

Ngrangine Siter

SATLERAMAN ..................................... 50

Wiwiek Chandrawati Jadin

Mudha Peragawati Tumeka Saiki

Tresna Budaya

Majalah Basa Jawa

Ngesthi Budi Rahayu

Ngungak Mekaring Jagad Anyar

Kababar Seminggu Sepisan

Terbit saben dina Sabtu

PENERBIT PT DJAKA LODANG PERS

Anggota SPS No. 66/1971/14/B/2002

SIUPP: SK MENPEN NO. 109/SK/MENPEN/

SIUPP/C1/1986 TGL 22 MARET 1986

Racikan

Pelanggan saha sutresna Djaka Lodang, menawi kintunan DL boten dumugi alamat,

kersaa paring katrangan lumantar sms utawi wa nomer: 0878 38 224 646

PENDhiri: H. Kusfandi [almarhum] &

Drs. H. Abdullah Purwodarsono

PEMIMPIN UMUM/PEMIMPIN REDAKSI:

Kuswinarni

PEMIMPIN PERUSAHAAN:

Tony Urat Sitohang

REDAKSI PELAKSANA:

Drs. Suhindriyo

REDAKSI:

Drs. Suhindriyo

Tatiek Poerwa Kalingga

SEKRETARIS REDAKSI:

Maria Nur Cahyati

ARTISTIK:

Tri Listiyono,

Wahyu Kadarsih,

Lestari Setyani.

KEUANGAN:

Wiji Sukarti

PROMOSI & IKLAN

Bari

SIRKULASI:

Sukarni

Heru

ALAMAT REDAKSI/ADMINISTRASI:

Jl Patehan Tengah, 29 Yogyakarta 55133

TELP./FAX. 372950

Email: djaka_lodang @ yahoo.co.id SMS: 0878 38 224 646

No. Rekening Bank :

Bank Mandhiri KH A. Dahlan

137-00-1034862-7

a.n. PT Djaka Lodang Pers

BRI Cabang Katamso

0245 0100 2268 307

a.n. PT Djaka Lodang • [BUKTI KIRIMAN SUPAYA KAKIRIM,

LUMANTAR WA UTAWA EMAIL]

Rega Eceran Rp 13.000,00 [DIY],

Rp 13.500,00 [jaban DIY]

Rega langganan sesasi Rp 50.000,00 [4 x

terbit] • Rega langganan sesasi Rp 62.500

[5 x terbit] • Langganan lumantar pos

ing Pulo Jawa tambah ongkos kirim Rp

10.000,00 lan sajabaning pulo Jawa

tambah ongkos kirim Rp 12.000,00

• iklan Rp 1.500,00/baris

• Rega Iklan Display, Paket

Sponsor Rubrik bisa sesambungan

langsung marang bagian iklan •

Foto dikirim file dhewe format TIF/JPEG 200 dpi.

“Djaka Lodang” nampa sumbangan tulisan lan

gambar saka para maos. Redaksi duwe hak

ngowahi tulisan kang bakal dicetak tanpa ngowahi

isi. Tulisan, foto, gambar lan sapanunggalane

kang kapacak dicaosi sembulih. Kang pidalem

ing Yogyakarta bisa mundhut langsung sembulihe

seminggu sawise karyane kapacak. Tulisan kang

ora kapacak dikondurake yen dikantheni

perangko sacukupe. Tulisan bisa kakirim liwat

email: [email protected].

Akehe tulisan watara 4.500 karakter

(klebu spasi) format RTF (dudu doc).

Feby Anggraeni

Wanita ayu kang profesine minangka waranggana iki asmane

asli Feby Ferosta nanging luwih kondhang kanthi asma

panggung Feby Anggraeni. Wanita lairan 4 Januari 1993 kang

tansah disengkuyung garwane Yogwi Anjar Ardianto, bakal tetep

melu nglestarekake seni tradhisional Jawa kang adiluhung. Feby

pidalem ing RT 05 RW 01 Dsn. Ngemplak, desa Sirnoboyo, Kec.

Pacitan, Kab. Pacitan, Jawa Timur.

Waranggana kondhang iki duwe pangajab seni budaya Jawa

bisa ngrembaka lan lestari widodo.

Foto: Ist/Kalingga/DL

P:04

4 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe

Amarga saka sawetara alasan, hukum dirasakake

mbaka sethithik kaya wiwit ilang kekuwatané.

Hukum kuduné dadi pathokan kang duwé

daya, lan bisa meksa manungsa ora gawé cidra

lan ora nindakaké kesalahan. Hukum kudu duwéni

daya kekuwatan, amrih manungsa kang nindakaké

kesalahan lan nerak paugeran, duwé rasa wedi amarga

bisa mlebu ing pakunjaran. Amarga saka kekuwatan

lan dayaning hukum, wong sing nglanggar hukum

padha kapok. Banjur baka sethithik bisa nyuda polah

tingkahé wong, dadi tumindak luwih becik lan apik.

Mbanjur tumindak kriminal saya tambah dina, bakal

sangsaya suda.

Ananging saiki, angger-anggering hukum ora ana

manéh sing diwedéni. Wong saiki luwih wani nglanggar

hukum. Apa buktiné ? Coba padha dititéni. Sapa waé

sing wis tumindak salah, nerak paugeraning hukum,

lan nglanggar undang-undang. Méh kabéh intansi

ana waé wong, utawa oknum sing nerak peraturan lan

hukum. Lan ing nindakaké iku malah pejabat utawa

pimpinan, sing kuduné malah menéhi tuladha kanggo

wong-wong sak ngisoré. Iki minangka pratandha, yén

hukum wis ora medéni manéh.

Kasus paling anyar yaiku ana ajapati déning jéndral

pulisi. Jéndral pulisi minangka penegak hukum, sing

kuduné njaga harkat lan marwah hukum, malah

tumindak nglanggar hukum. Apa manéh tuntutan

hukum dadi ngrembaka manéka warna, ora mung

amarga rajapati waé.

Yén digatékaké ing bab liyané. Ana jeksa sing

kuduné njejegake hukum; pranyata malah nerak

paugeran hukum. Kamangka sak mestiné jeksa

kuwi kudu ya ngurusi hukum. Lha iki kok malah

mbanjur diukum. Ana manéh, yaiku hakim. Hakim

kudu menéhi putusan, wong iku bener utawa salah.

Nanging nyatané hakim ora jejeg, lan ora bisa

adil manéh. Amarga nampa sawetara dhuwit, dadi

malah wani nerak hukum. Luwih medéni, ana Hakim

Mahkamah Agung, sing kecekel OTT KPK. Kamangka

Hakim Agung lho. Dadi ana ing endi kategori \"agung\"

iku? Nalika dhéwéké uga wani nerak hukum?

Marahi miris yaiku kasus ing Universitas Lampung.

Lembaga sing kuduné ndhidhik bangsa Indonesia

dadi manungsa kang takwa, jujur, tanggung jawab lan

terpelajar lan bermoral; pranyata nglanggar hukum.

Kasus Universitas Lampung iki minangka bukti, yén

hukum kélangan daya sing bisa nggawé wong wedi.

Wong saiki padha gampang tumindak nerak

paugeran lan hukum. Masarakat ora lali lan niténi.

Ing pemréntahan wiwit saka anggota DPR, Mentri,

Gubernur, Bupati, Walikota nganti tekan Lurah lan

uga Direksi, wis padha tumindak nglanggar undhangundhang. Iki nyata tumindak sing ala, lan marahi

ngrusak rasa percaya kita kabéh.

Amarga saka kuwi, hukum lan undhang-undhang

iki kudu dikukuhake, karebén kudu bisa nggawé

wong-wong ora wani nerak hukum. Apa sebabé

kok bisa kaya kuwi? Pranyata alesan sing utama,

amarga jalaran saka materi. Dipengaruhi déning

sikap hedonistik. Amarga saka kabutuhan donya sing

akéh banget, marahi nggawé manungsa wani nerak

angger-anggering hukum.

Iku nyata bab kang wigati, nalika kita ngerti

menawa méh kabéh sektor wis reged déning tumindak

nglanggar kukum. Iki pancén bab ora gampang. Yén

ora ana upaya kanggo ngendhegaké kukum, utawa

kanggo mbrantas penyakit sosial iki.

Kita wis weruh yen tumindak réprésif sing

ditindakaké ora nggawé wedi, utawa kapok, nanging

kosok balèné, saben dina tambah akéh pelanggaran

hukum. Pranyata, sanajan akéh

sing kejiret dening Operasi

Tangkap Tangan (OTT),

nanging isih bakal ana sing

kejiret manéh. Kaya mung

ngenténi giliran waé.

Bab iki kudu dadi kawigatén

kita kabéh. Kepriyé carané

lan upaya kanggo ngilangaké

tumindak kang nglanggar

hukum. Wiwit saka sekolah,

sipat jujur kudu dadi piwulang

wiwit cilik. Piwulang agama kudu

digatékaké lan diwujudaké. Uga

sing penting, lan iki sing paling

angél : tuladha saka wong tuwa,

tokoh agama, tokoh masarakat

lan para pejabat, kepriyé carané

urip kanthi jujur, lan ora mung

dadi lamis ing lambé.

Pungkasaning atur, dirasakaké wis wayahé kita kabéh

kudu mikir lan rumindak

bebarengan, kanthi serius,

holistik, kanggo mbrantas

tumindak pelanggaran hukum.

(KPA: 11 Okt 2022)

Kartun Editorial

Srumuwus

HUKUM

Dening Ki Pandan Alas

P:05

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 5 Wawasan Jroning Negara

Dening Suhindriyo

Mesthine ora ana sing

nyana lan ngira menawa sajrone wektuwektu nyeraki enteke taun 2022 keluwarga

pulisi Republik Indonesia (Polri) ngadhepi kahanan abot.

Prastawa rajapati Brigadir J (Nofriansyah Yosua Hutabarat)

sing njeblug ing sasi Agustus dadi dhadhakan sing ngancam

kawibawane Polri ing mripating warga bangsa. Prastawa sing

nyeret wong 11 klebu Kadiv Propam Irjen Ferdy Sambo lan Bharada

E alias Richard Eliezer sarta Brigadir RR alias Ricky Rizal iki wis

nyeraki meja pengadilan nalika tanpa kanyana ana Prastawa

Kanjuruhan dina Setu, 01 Oktober 2022 sing nuwuhake

kurban pati wong 131. Ing Prastawa Kanjuruhan iki

Polri netepake wong enem dadi tersangka lan

nunggu proses penyidikan tumuju

pengadilan.

KESANDHUNG ING RATA, KEBENTUS ING AWANG-AWANG

POLRI Ngadhepi Ujian Abot Amrih Becike Bobot

Prastawa rajapati Brigadir J

klebu prastawa sing gawe horege donyane kapulisen Indonesia marga sing kasempyok

perkara saka pulisi pangkat cendhek

tekan jajaran jendral sing biasane

ora gampang kasempyok perkara

hukum. Perkara rajapati sing dumadi

ing omah dhines Kadiv Propam Polri Irjen Pol Ferdy Sambo iki dumadi

saka rong perkara. Perkara sepisan

yaiku perkara rancangan rajapati

sing nyeret Ferdy Sambo, Putri

Candrawathi, Bharada Richard Eliezer, Bripka Ricky Rizal, lan Kuat

Ma’ruf. Wong-wong iki kajiret Pasal 338 juncto 55 dan 56 KUHP.

Dene perkara keloro gepokan karo

ngalang-alangi penyidikan rajapati

Brigadir J utawa obstruction of

justice. Perkara keloro iki nyeret

tersangka cacah pitu yaiku Ferdy

Sambo, Brigjen Hendra Kurniawan,

Kombes Agus Nurpatria, AKBP Arif

Rahman Arifin, Kompol Baiquni

Wibowo, Kompol Chuck Putranto, lan

AKP Irfan Widyanto. Para tersangka

iki kajiret Pasal 32 lan 33 jo 48 lan

jo 49 Undang-undang ITE Tahun

2016 krana ngrusak barang bukti

elektronik sajrone perkara iki.

Ana gambaran dandan sajrone

awak kapulisen iki enggal nyurung

kupiya gawe segere maneh bebadan

pulisi nalika tanpa kanyana jeblug

Prastawa Kanjuruhan ing Kepanjen

Malang, Jawa Timur. Apese ana

wong 131 dadi kurban pati krana kerusuhan supporter antarane Arema

FC karo Persebaya Surabaya. Para

kurban sing racake nom-noman lan

bocah-bocah iki tumekeng tiwas

krana dayane gas air mata sing

nuwuhake kahanan mbingungake

temah mlayu salang tunjang, rubuh,

idak-idakan. Panduga liya krana

mluwete stadion sing mesthine

mung kuwawa ngemot penonton

38.000 nanging diiseni watara

42.000 wong.

Prastawa sepisanan sing nggepok para awak pulisi ing prastawa

rajapati Briagdir J menehi gambaran cetha menawa bebadan pulisi

wani dandani awake dhewe tumuju bebadan kapulisen sing pinercaya. Dene ing prastawa keloro

gayutan karo kerusuhan ing Stadion Kanjuruhan tinemu anane

panduga kleru tafsir mungguhe

migunakake gas air mata sajrone

nangani kerusuhan supporter.

Pasal 19 b FIFA Stadium Safety and

Security Regulations gayutan karo

pengamanan ing pinggir lapangan.

No firearms or ‘crowd control gas’

shall be carried or used (senjata

api utawa ‘gas pengendali massa’

ora oleh digawa lan digunakake),”.

Campuran Chlorobenzalmalonitrile

utawa CS sing kinandhut sajrone

nuwuhake rasa lara lan perih krana

gayutan karo makaryane saraf.

Saka prastawa loro iki ana dudutan menawa ing taun 2022 iki

kapulisen ngadhepi ujian sing ora

entheng. Tanpa kinira ana prastawa

brendengan sing gawe sandhungan

makaryane pulisi. Wong Jawa ngarani, kesandhunging rata – kebentusing awang-awang. Dalan rata

wae nyandhung, awang-awang wae

sing ora wujud barang iya bisa njentus. Lire, menawa lagi nemoni apes,

akeh dalan sing dumadi. Liding wewarah, bisaa kabeh iki dadi srana

tumuju kabecikane bangsa.*

Sumber wacan / warta / gambar:

https://denpasar.suara.com/

read/2022/10/06/210245/resmi-kapolriumumkan-6-orang-tersangka

https://denpasar.suara.com/

read/2022/08/09/193952/

kasus-pembunuhan-brigadir-joshuaterungkap https://surabaya.kompas.com/

read/2022/10/03/045000178/tragedikanjuruhan-tewaskan-ratusan-suporter

P:06

6 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Tosan Aji

Agus Wuryanto S.Sn, A

FPSI*, Hon E HPPW

Penasehat Pusaka

Nusantara, Penasehat

Wonosobo Heritage,

Ketua Paguyuban

Tosan Aji Pakuwojo,

Wonosobo

Babagan Pamor Dhuwung

Pamor dhuwung wujudipun warni-warni kados

ron-ronan, sekarsekaran, taneman ugi sato

kewan. Wonten malih pamor

ingkang awujud gambar

rajah, ingkang maksudipun

kangge mujudaken dedonga

katur Allah, lumantar Pamor

ingkang kadamel ing wilah

dhuwung. Umumipun donga ingkang sifatipun

ihktiar, panuwunan punika saged mawi cara

piyambak-piyambak. Dene kabul botenipun

sedaya kersaning Allah ingkang Maha Agung.

Kita jalma manungsa namung saged nenuwun.

Sedaya donga ugi pusaka, boten bakal tumama,

menawi ingkang dedonga boten khusuk, boten

resik manahipun, boten nyawiji, sedaya kedah

saking kersaning Allah. Ingkang baken, sedaya

punika namung kangge seserepan pangertosan,

utaminipun kangge tambahan wawasan babagan

kabudayan jawi, ing zaman para luhur rumiyin.

Ing ngandhap punika gambaraning

pamor ingkang kapundut saking kitab

“PAMORDOEWOENG”Pakem Doewoeng Angka II,

babon asli saking Cirebon, katerbitaken 2e DRUK

ing Solo 1935 :

33. Pamor ing ngandhap punika boten wonten

naminipun anamung kateranganipun namung sae

ginanipun, menawi kangge dagang batheni, menawi

kangge ngawula gampil pikantuk palenggahan.

34. Pamor ing ngandhap punika tanpa nama,

anamung pun sebataken ginanipun sae, saha

kathah kasiatipun.

35. Pamor ing ngandhap punika tanpa nama,

anamung pun sebataken nggadhahi donga sinten

ingkang ngagem pamor punika bakal manggen

nglebet gedhung, kiyat wayuh, saha menawi

kangge tandur bakal tulus, sae tuwuhipun.

36. Pamor ing ngandhap punika tanpa nama,

namung kasebataken nggadhahi donga ingkang

sae kangge pun beta dagang, saha menawi kabeta

dateng lautan bakal slamet.

37. Pamor ing ngandhap punika tanpa nama,

anamung nggadhahi donga menawi kangge

nenuwun dumateng priyayi agung bakal pinaringan,

tinurutan menapa ingkang dados panyuwunipun.

P:07

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 7 Sastra & Budaya

Sajroning masarakat Jawa

sadurunge taun 2000-an isih

akeh ditemokake tradhisi

ganti jeneng. Biyasane nalika

wong lanang kang palakrama

(menikah) ing dina sepasaran

diumumake jenenge tuwa tumrap

pengantene. Wektu iku dadi wektu

kang ditunggu-tunggu dening

tangga teparo kang diundang saperlu mungkasi rerangkening wong

mantu. Ana ing dina sepasaran

(wektu limang dina saka anggone

duwe ewuh mantu) lumrahe wong

duwe gawe ngundang tangga

teparo, kaya dene pembubaran

panitia. Kang duwe gawe mantu

saperlu matur nuwun marang

tangga teparo kang wis ngrewangi

anggone duwe gawe mantu. Dene

suguhan kang pokok ing dina

sepasaran mau, yaiku jenang legi

utawa bubur sungsum. Kanthi

pangajab kang rewang mantu

bali otot bayune kang tundhane

banjur padha waras sehat kabeh.

Dadi kejaba suguhan dhahar lan

hidhangan liyane, bubur sungsum

mau ora kena keri utawa keliwatan.

Bubur sungsum mau arupa bubur

alus diwenehi juruh gula jawa,

Dadi rasane enak lan lumer. Ing

sepasaran iku mau dibiwarakake

jenenge tuwa penganten. Sawise

duwe jeneng tuwa, pawongan

mau wiwit disapa utawa diundang

dening tangga teparo kanthi jeneng

tuwane mau. Tuladhane, nalika

isih mudha (durung dadi manten

jenenge Suparman banjur diparingi

jeneng tuwa Wiryawiyata; jenenge

Sutarjo pinaringan jeneng Prapto

Sutarjo; jeneng Sukat banjur

pinaringi jeneng Harso Sukatno;

jeneng Sudir banjur pinaringan

jeneng Marta Pawira; jeneng

Suparno banjur pinaringan jeneng

Citrasuparno; jeneng Sukimin

banjur pinaringan jeneng Mitra

Sukiman, lan sapanunggalane.

Nanging udakara wiwit taun

1990-san, budaya ganti jeneng

tumraping wong omah-omah

mau saya suwe saya suda, malah

kepara saya ilang. Ing wektu saiki

wis arang keprungu maneh. Bab

itu bokmenawa gegandhengan

karo tradhisi jeneng wiwit lair kang

dadi data kependudukan, lan suratsurat keputusan uga tetep nganggo

jeneng cilik, ora owah. Pawongan

kang jeneng Supardi sawise dadi

manten tetep jeneng Supardi;

wong jeneng Suwarso uga tetep

nganggo jeneng Suwarso; wong

jeneng Sularso nganti omah-omah

tetep jeneng Sularso. Malah kepara

nganti pensiun anggone nyambut

gawe (tumrap pegawai negeri lan

karyawan swasta) tetep nganggo

jeneng cilik utawa jeneng nalikane

wiwit lair. Amarga jeneng wiwit

lair iku digawa nganti mati manut

administrasi modhern.

Mulane budaya ganti jeneng

tuwa wis ora cocok maneh. Ing

wektu saiki budaya ganti jeneng

tuwa kaya-kaya wis ora ana. Wong

jeneng Supardi nganti pensiun

tetep jeneng Supardi. Wong

jeneng Sutarno nganti pensiun

tetep jeneng Sutarno, lan liyane.

Anane ganti jeneng tuwa mau

mung kanggo penganten lanang.

Dene sing wadon mung manut

marang jenenge sing lanang. Bab

iku cunduk karo tradhisi patrilineal

ing kabudayaan Jawa, yaiku wong

wadon mung sadrema nunut

jenenge sing lanang. Saupama sing

lanang jeneng Mitrasukimin, sing

wadon ya diundang bu Mitra ngono

iku; saupama jeneng Broto Sutarno

kang wadon disebut bu Broto. Dadi

wong wadon mung karo jenenge

sing lanang.

Tradhisi ganti jeneng mau sejatine wis suwe lumaku ing kabudayaan Jawa. Ana ing Serat Centhini anggitane Pakubuwana V

taun 1815. Ana ing Serat Centhini

katerangake anane pawongan kang

ganti jeneng. Kayata ganti jeneng

kang diprentahake dening Ki Ageng

Karang marang Jayengresmi, Gathak lan Gathuk. Nalika semana

Ki Ageng Karang dhawuh lan

paring jeneng marang muride

kang aran Jayengresmi dadi

Syekh Amongraga; Gathak ganti

jeneng dadi Jamal, lan Gathuk

gumanti dadi Jamil. Tembung

syekh itu tegese maha guru ing

babagan agama Islam. Tembung

Jayengresmi ateges tanggon ing

saresmi lan banjur ganti Amongraga

itu saka tembung among tegese

ngemong, lan raga tegese badan.

Amongraga tegese ngemong

marang badane. Ngemong badane

mau kanthi pangajab bisa slamet

uripe. Tembung Jamal iku tegese

kaendahan kanthi pangajab

muga-muga jeneng Gathak mau

diganti Jamal supayane pawongan

mau duwe tumindak kang becik

utawa endah. Semono uga Jamil

kang sadurunge jenenge Gathuk.

Tembung jamil uga mung variasi

karo Jamal kang tegese uga becik

utawa endah. Kejaba jeneng tetelu

mau isih ana jeneng kang diganti

nganggo jeneng tuwa yaiku

jeneng Buras kang banjur dadi

jeneng Monthel. Buras iku bature

Jayengsari lan Rancangkapti nalika

kekarone ngumbara. Kang paring

jeneng saka Buras dadi Monthel mau

Syekh Amongraga. Kang tundhane

Monthel mau dadi sisihane Centhini.

Tembung monthel tegese bayi

lanang. Rada angel anggone negesi

jeneng monthel kang ana ing Serat

Centhini anggitane Pakubuwana V.

Bokmenawa manut lageyane tokoh

monthel mau kang ora duwe sipat

diwasa, tegese mbocahi. Dheweke

dadi rewange Rancangkapti kang

saperlu nglelipur bendarane.

Minangka panglipur mesthine

monthel kang nalika semana

jeneng buras kudu tansah akeh

geguyonan. Monthel ora duwe sipat

diwasa mula dheweke uga mung

nglakoni prentahe bendarane, kaya

prentahe bendarane kang aran

Syekh Amongraga supaya gelem

dadi bojone Centhini. Iki mung

dhapur otak-atik wae mengko

selagine nemu katerangan kang

luwih gumathok bisa dakaturake

maneh.

Jeneng Tuwa Sajrone Tradhisi Jawa

Dening Dr. Pardi Suratno, M. Hum.

P:08

8 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Wiranom

Parama Sanjaya, bocah kang

durung ana setaun mlebu

SD iki. Putra pembarep saka

Bapak Dedi Purnomo lan Ibu

Febrita Cipta Putranti iki pancen

wiwit cilik wis katon bakat senine.

Rehning wus katon bakat senine,

Bapak lan Ibu kang banget nresnani

putrane, banjur nglebokake

putrane kang didama- dama iki

ana ing Taman Kanak-Kanak

kang pancen kegiyatane kebak ing

seni. Mula ora mokal. Senajan isih

sekolah ana Taman Kanak-Kanak

jaka cilik kasebut wis bisa narik

kawigatene para penonton. Murid

teladan iku didhawuhi dadi dirigen

pertunjukan angklung. Keplok

kang mawurahan ngrenggani

gedung pertunjukan iku.

Putu sepisan saka simbah

kakung kang dadi abdi dalem

kaprajan iki, menawa awan nyuwun

diterake ing pamulangan beksan.

Pamulangan Beksa Sasmita

Mardawa. Pamulangan kasebut

nguri-uri beksa kang mligi, yaiku

joged klasik gagrag Ngayogyakarta.

Dadi anggone nggilut seni beksa

ora mung “amatiran”. Ancase

pancen arep ngurip-urip joged

gagrag Ngayogyakarta.

Wus pirang-pirang joged

kang dikuwasani. Mula senajan

njoged ing pendhapa kang

jembar, bocah kang wis wani

ngendhaleni kudane simbahe

iku, bisa ngeblok panggung

kanthi ora wigah-wigih.

Rama, ngono celukane

saben dinane. Menawa

didhawuhi joged gagah, ora

mantra-mantra bocah durung

ilang pupuk lempuyange.

Nggawa tumbak dawa kang

ukurane ngungkuli awake uga

ora kewuhan. Malah katon

luwih gagah.

Anggone kepengin

gagah, sajake ngembakake

tokoh idholane yaiku Raden

Werkudara utawa Bima. Nalika

Djaka Lodang sanja ing omahe,

bocah kang didama-dama

duweni bebuden luhur kaya

Bathara Rama iku malah lagi

ngobahake utawa njogedake

Satriya Jodipati, kanthi

trampil.

Bocah kang ora gelem turu

awan iku, nek sore isih nambah

kegiyatane ing pamulangan

agama. Pamulangan agama papan

panggulawenthahing agama, ora

ming mligi bab agama. Senine

ora keri, mligine seni lukis. Mula

seni lukise uga kaya-kaya entuk

rabuk. Satemah nambahi seni

gambare uga kapupuk. Kanthi

mangkono, prestasine ora mung

ana ing wiraga, wirasa, lan wirama

wae. Ing babagan seni lukis utawa

menehi warna ing gambar uga ora

kena disepelekake.

Kanthi tumemene bocah kang

duwe adhi wadon siji iki kapilih

melu pameran lukisan Children Art

Festival utawa menawa dijawakake

bakal muni Festival Seni kanggo

bocah-bocah. Pameran iki

mapan ing Beteng Vredeburg.

Children Art Festival bener-bener

pilihane bocah Indonesia. Dadi

lukisan-lukisan kang dipamerake

pancen saka bocah-bocah kang

pethingan.

Ora mung kuwi wae, anggone

ngisi kegiyatan. Sela-selane

tambahan pamulangan babagan

agama, bocah iku uga isih mothah

njaluk les matematika. Saka

anggone adreng ing bab-bab

sing becik, katon menawa besuk

tumekane dewasa bakal dadi

piyayi pilihan.

Pancen ing bab mbeksa,

bocah kang lagi kelas I ing SD

Muhammadiyah Nitikan iki durung

pati kondhang. Nanging bocah iku

menawa ditakoni gegayuhane,

kepengin kaya Eyang Didik

Hadiprayitno utawa Didik Nini

Thowok. Nalika pageblug Covid

19 anyaran, nyerang bangsa- bangsa saindhening bawana,

kraton ngedalaken lomba Beksa

Nir Corona. Senajan lagi ndherek

sa semester gladhen, didhawuhi

melu. Bapa guru beksa uga

ngalembana, senajan durung bisa

sasab.

Komarudin

Parama Sanjaya

Bocah Calon Seniman Kang Bakal Ngrenggani Jagad Seni

Beksa Gagrag Ngayogyakarta

Parama Sanjaya

(Ft. Komarudin)

Parama Sanjaya

nalika lagi mbeksa (Ft. Komarudin)

P:09

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 9 Pagelaran

Teguh Yuwono, S.S., M.M.

Spiritualitas Motivation

Spiritualis Motivator

Pemerhati masalah

spiritual motivasi

KAWICAKSANAN ING SESRAWUNGAN

Gesang ing

n g a l a m

d o n y a

menika kita tansah

betahaken tiyang

sanes. Pramila

wonten agama

dipun sebataken

“ m a q o m

muamallah” .

Tegesipun, wonten

pundi kemawon kita sedaya

tansah mbetahaken srawung

lan sesrawungan kalihan tiyang

sanes. Rinaosa benten sukunipun,

agamanipun, budayanipun,

lan sanesipun. Bebrayatan ing

masarakat menika ora kena

mbeda-bedake apa agamane, apa

sukune, sugih apa mlarat. Mboten

wonten tiyang ingkang sempurna

lan saged gesang piyambak.

Sibuk mikirke awake dhewe ora

duwe keprihatinan marang

wong liya ora njamin uripe

bakal seneng lan tentrem.

Kabeh sing diarani

“piyambakan” kuwi ora

mesti kepenak. Ngendika

piyambak, nggujeng

piyambak, reraosan

piyambak, nesu-nesu

piyambak. Hehehe…

malah kados tiyang

sedheng. Gesang menika

menawi saged nggujeng

sesarengan, reraosan

sesarengan, ngobrol

pitakonan rame-rame menika

saged dadosaken kasenengan

lan katentreman urip. Energi

ingkang positif sae saged manjing

ing batin kita menawi kita tansah

saged nggatekake wong liya kang

butuh pitulungan. Gunane

urip sesarengan, bebrayatan,

nuwuhake paseduluran menika

saged ngelingake awake dhewe

yen kita salah arah. Wong liya

bisa nyaruwe yen kita salah, perlu

semangat saka wong liyo pas

awake dhewe nandhang duh kita.

Umpami kita tansah laku

ing dalan kang becik lan tansah

nglurusake tumindak kang ala

lan ora bener, kabecikan tumrap

awak kita mesthi teka. Sing sapa

nandur perkara kang becik bakal

ngundhuh kabecikan. Paribasane

urip kuwi mung mampir ngombe,

mulane ayo padha gawe kabecikan

kang mrayogani lan migunani

tumrap sapadha-padha. Ora

susah nggresula lan gawe padudon

amarga gawe crah lan matine obor

paseduluran. Padu karo kanca,

karo sedulur karo tangga, sanak

kadang lan liya-liyane, menanga

ora ana manfaate. Sajatine sing

menang kuwi mung ego kita

piyambak lan sing munggah kuwi

emosine. Njagi paseduluran lan

pasederekan menika tegesipun

supados boten wonten ingkang

kaasorake lan kalaran atine. Pramila

sumangga nglatih matur ingkang

kinasih : nyuwun tulung, nyuwun

pangapunten, maturnuwun, lan

sapanunggalanipun. Menawi tiyang

sesrawungan sampun tebih saking

ukara-ukara menika (andhap asor)

tegesipun tambah gedhe egone.

Kekancan (sesrawungan)

menika kedah wicaksana,

srawung ing lelaran karo wong

kang apik (wong kang bener),

luwih becik timbang srawung ing

kesenengan karo wong kang ala

(wong kang ora bener). Temtu

kemawon ing masarakat menika

kita pinanggih kalihan tiyang

ingkang benten-benten sipatipun

pramila kedah ngantos-antos. Kita

kedah mangertosi perkawis pundi

ingkang ala lan pundi ingkang becik

supados saged mbedakaken lan

salajengipun nindakaken ingkang

sae lan ngadohi ingkang ala. Leres

bilih manungsa menika sanes

malaikat pramila saged tumindak

ingkang kirang sae kalihan tiyang

sanes. Nanging kados ingkang

dipun ngendikakaen ing Kitab

Kaca Wirangi ingkang dipun

serat kaliyan R. Soedjono Redjo

mekaten : “Wong kang utomo iku

momot ala lan becik nanging kalis

saka ala”. Oncekanipun kirang

langkung mekaten : “Manungsa

kuwi temtu duwe sipat-sipat kang

ora apik, kayata gampang nesu,

sirik, iri, dengki, srei lan liya-liyane.

Nanging ora kena tumindak ala

(jahat) marang liyan”. Tegesipun,

manungsa menika wanci nggadahi

sipat ingkang boten sampurna

gampil lali, nesunan, gampil

ngasorake wong liya, umuk, lan

sanesipun. Sipat-sipat ingkang

namung wonten awake piyambak

lan mboten nggrugeke wong

liya taksih kapetang gampil

dipun ngapurani. Nanging

menawi sampun nglarani

atine wong liya utawi jahat.

Menika sampun kapetang

dosa lan mboten saget

diampuni kejaba nyuwun

pangapunten rumiyin

kaliyan tiyang ingkang

dilarani.

Njih wanci leres

mboten wonten tiyang

ingkang sampurna,

dene wong kang duwe

laku utama menika

tansah ngrumangsani bilih

piyambakipun kagungan

kalepatan lan kekirangan,

nanging purun ngowahi lakune

lajeng dados sae saha boten badhe

ngulangi nglampahi tumindak

ingkang awon. Srawung menika

kedah nggadahi sipat papat : 1).

bisa ngrumangsani ora rumangsa

bisa. 2). tanggeljawab punapa

kemawon ingkang sampun dipun

tumindakaken 3). percaya dhiri

4). peduli tumrap sesami. Sipatsipat menika sae saestu menawi

dipun lampahi kanthi estu.

Mekaten seratan menika kawula

pungkasi bilih urip bebrayatan ing

pasedherekan utawi paseduluran

menika kedah diwiwiti kanthi

niyat ingkang sae ( silaturahmi

= nyambung katresnan). Niyat

ingkang sae lajeng dalanipun leres,

lakune bener, dadi lakon kang apik,

lelakonan ing kabecikan. Tumuju

kesaenan slamet rahayu memayu

hayuning bawana. Maturnuwun.

P:10

10 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Pribadi Binuka

Kapanewon Gamping,

Kabupaten Sleman,

N g a y o g y a k a r t a

Hadiningrat yaiku salah

sawijine kapanewon ing tlatah

Kabupaten Sleman kang

dumadi saka 5 Kalurahan,

59 padhukuhan,187 RW, lan

529 RT. Kapanewon Gamping

jembar wilayahe 2.683 Ha,

kanthi cacah pendhudhuk

watara 94.243 jiwa kang

kaperang saka pendhudhuk

priya 46.839 jiwa lan

pendhudhuk wanita 47.404

jiwa. Wandene limang wilayah

kalurahan ing Kapanewon

Gamping yaiku Balecatur,

Ambarketawang, Banyuraden,

Nogotirto lan Trihanggo.

Kapanewon Gamping

pancen misuwur babagan

pelestarian seni budaya

tradhisi. Saben kalurahan

duweni lan rutin ngadani

upacara adat suran, saparan,

lan merti desa. Uga, maneka

kelompok kesenian tradhisional

aktif lan ngrembaka, kayata

karawitan, kethoprak,wayang

kulit sadhalange, sanggar tari,

paguyuban prajurit bregada,

jathilan, reog, macapatan, gejok

lesung, srandhul, slawatan,

hadroh, kesenian kreasi baru sarta

kesenian tradhisional liyane.

Magepokan karo Upacara

Adat Suran Mbah Demang

ing Banyuraden, kabeh warga

masarakat padha cancut gumregut

tandang karya. Masarakat

bebarengan gawe ubarampe

sesaji saka wuluwetu asile olah

tetanen lan maneka warna jajan

pasar. Sawise ubarampe mau

karonce dadi gunungan, tumuli

digawa kanthi cara dipikul dening

warga masarakat kang nganggo

busana kejawen lan dikawal

barisan prajurit bregada,

barisan kelompok kesenian

tumuju patilasane pundhen

Ki Demang Cakradikrama ing

Padhukuhan Modinan. Sawise

ubarampe sesaji rampung

didongani ulama, kyai lan

ustad enggal diparingake

warga masarakat sing padha

mirsani lakune upacara adat

murih sarampunge kungkum

ana sendhang kasebut.

Upacara Adat Suran Mbah

Demang diadani kaangkah

murih masarakat antuk

nugraha saka Gusti Ingkang

Maha Kawasa.

Semono uga upacara adat

kang diadani ing Kalurahan

Ambarketawang, saben taun

sepisan pas sasi Sapar, yaiku

Upacara Adat Saparan Bekakak.

Upacara Adat Saparan ana ing

Ambarketawang iki katindakake

kanthi cara beleh bekakak

sing digawe saka ketan mapan

ing papan Petilasan Gunung

Gamping. Bekakak kang direngga

wewujudan pinanganten sarimbit

diarak lan ditutake ogoh-ogoh

kang wewujudan raseksa digawa

tumuju Gunung Gamping kanti

dipikul warga masarakat, dikawal

barisan prajurit turangga, barisan

bregada prajurit, lan kelompok

kesenian tradhisional. Pranyata

masarakat saka njaban rangkah

(luwar kalurahan/kapanewon/

kabupaten) akeh sing mirsani

kirab budaya kang adiluhung

iki lan swasanane dadi gayeng

regeng. Apa maneh yen upacaraupacara adat iku mau digelar

bebarengan sangsaya tambah

gayeng swasanane Gamping.

Miturut pangandikane Drs.

Sarjono, M.Si Panewu Gamping

marang Djaka Lodang rikala

ditemoni ana ing ruwang kerjane

ngandharake \"Menawa dumadine

upacara adat Saparan ana ing

Ambarketawang, satemene

tinggalan fisik lan dudu fisik. Sing

fisik, yaiku saka tilasane Kraton

Ambarketawang kang cacahe ana

loro. Sepisan sing mapane ana ing

Kalurahan Ambarketawang lan sing

kapindho yaiku upacara Saparan

Bekakak ana ing Ambarketawang

Drs. Sarjono, M.Si

Gamping Gegayengan

Panewu Gamping Drs. Sarjono,M.Si Foto Bebarengan Klawan Garwa Lan Putra

( Ft.Ist.Jono/DL)

Drs. Sarjono, M.Si Panewu Gamping,Sleman

(Ft.Ist.Jono/DL)

P:11

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 11

lan Suran Mbah Demang ana

ing Banyuraden. Intine diadani

upacara adat Saparan Bekakak,

yaiku kanggo ngeling-eling setyane

Abdi Dalem Kraton Ngayogyakarta

Hadiningrat Kyai Wirasuta lan uga

nyuwun keselametan kanggo para

penambang gamping amrih bisa

kalis sambikala. Saparan Bekakak

uga jumbuh karo parentah sing

dingendikakake dening Ngarsa

Dalem Sri Sultan Hamengku

Buwana I, diadani saben tahun pas

dina Jemuwah Kliwon tanggal 1011 ing Sasi Sapar.

Ewasemana yen gegayutan

kelompok kesenian tradhisional,

Gamping uga duwe kelompok

kesenian Jathilan Kreasi Baru

Kudha Pranesa kang wis kondhang

misuwur nganti tumeka luwar

dhaerah. Pancen trep, menawa

Dinas Kebudayaan (Kundha

Kabudhayan) DI. Yogyakarta

maringi kekancingan jeneng

minangka Desa Budaya kanggo

kalurahan-kalurahan sing ana

ing wewengkon Kapanewon

Gamping.

Mula pantes Panewu Gamping

lairan Sleman 16 Nopember

1967 kang pidalem ana ing

Padhukuhan Sumber RT 04.RW 14

Sendangmulyo, Minggir, Sleman,

kalawan garwane Ibu Julasmi, A.

Md. Keb lan wis peputra siji iki,

minangka pangarsa Kapanewon

Gamping tansah migatekake

masarakat kanthi becik lan

tememen.

Pak Sarjono asmane akrab,

uga ngandharake pengalamane

anggone ngasta Panewu Gamping

yaiku wiwit wulan September 2021.

Sadurunge Pak Sarjono ngasta

ing Kapanewon Moyudan tumuli

ing Kapanewon Godean. Kanyata

suwene setaun ngasta Panewu

ana ing Gamping akeh nggawa

kemajuwan lan ngrembakaknane

babagan budhaya lan seni tradhisi

adiluhung bisa dilestareake

tumeka anak putu. Karana para

nom-noman padha sinau olah

rasa macapat sarta ambyur ana

ing jagading budhaya leluhur.

Temahan akeh para nom-noman

sing wis ambyur lan nyawiji ana ing

kesenian jathilan sarta bregada,

lan saben diadani festival mesthi

antuk juwara lan pangaji-aji saka

panitiya lomba.

Sadurunge mungkasi

pangandikane kalawan pawarta,

Panewu Gamping Drs. Sarjono,

M.Si duwe gegayuhan lan pangajab,

supaya Kapanewon Gamping

bisa tetep unggul lan misuwur

ing babagan seni budhaya sarta

bidhang liyane kang magepokan

karo perekonomian, pembangunan

fisik lan infrastruktur uger bisa

adil lan warata nganti ing limang

kalurahan lan sa-padhukuhane,

murih bisa tumuju masarakat

Kapanewon Gamping kang Gemah

Ripah Loh Jinawi( GIRILOJI)

Jono/DL

kirab Prajurit Bregada Ngiring

Upacara Adat Saparan Tumuju

Gunung Gamping, Ambarketawang,

Gamping (Ft.Ist.Jono/DL)

Para Wiranom Mikul Ogok

Ogok Raseksa Saka Kalurahan

Ambarketawang Tumuju Gunung

Gamping (Ft.Ist.Jono/DL)

P:12

12 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Pawiyatan

Gerakan Literasi Nasional

(GLN) kang wus dikumandhangake pamarentah rikala taun 2016 nyata duweni sasaran

ora mung kanggo mbrastha Buta

Aksara. Saiki, program kasebut

luwih diarahake kanggo nuwuh

lan ngrembakaake tradhisi literasi

kanggo masarakat.

Miturut dhata cathetan statistik

saka UNESCO, Indonesia manggoni

peringkat 60 saka 61 negara adhedhasar tingkat literasine. Bab iki

ndadekake tandha menawa greget

maca lan daya maca masarakat

Indonesia isih kurang. Tundhone,

tanggung jawab kanggo ngetasake

buta Aksara lan ningkatake literasi masarakat dadi tanggung jawabe kabeh. Pamarentah, kudu

disengkuyung denung massarakat,

kalebu sekolah-sekolah kang minangka garda,utawa beteng literasi kang bisa nuwuh lan ngrembakaake literasi kanggo generasi

mudha.

GLN duwe 6 prinsip, kang

Pengetan Hari Aksara lan Hari Kunjung

Perpus SD N Tegalrejo 1 Yogyakarta

Panitiya nanggapi rawuhipun

Dhewan Yuri. (Foto: Sutarti)

Dhewan yuri lan komite sekolah sawise lomba (Foto: Sutarti)

P:13

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 13

kudu dukembangake, yaiku: Literasi Baca-Tulis, Literasi Numerasi,

Literasi Sains, Literasi Finansial,

Literasi Digital, lan Literasi Budaya dan Kewargaan. Enem prinsip

literasi iku mau bakal dikembangake

sarana pendidikan formal lan

uga non formal. Kejaba nganggo

jalur sekolah, kanggo nuwuh lan

ngrembakaake literasi,uga nganggo jalur literasi berdikari kang

antarane komunitas baca, dan

Taman Bacaan Masyarakat (TBM).

SD N Tegalrejo 1 Yogyakarta

salah sawijining unit satuan pendidikan formal, ndadeake prastawa

Hari Aksara kang dipengeti tanggal

8 September lan Hari Kunjung

Perpustakaan dipengeti saben

tanggal 14 September dadi ajang

ngiras-ngirus kanggo neter lan

nuwuhake greget literasi ing pawiyatan Lomba Pojok Litreasi kang

digelar Kamis, 8 September 2022

dadi sarana kang trep kanggo

ngrembakakake literasi. Kanthi

nggandheng dhewan juri saka

Dinas Pendidikan Kota Yogyakarta,

Perpustakaan Kota Yogyakarta, lan

perwakilan saka Gerakan Sekolah

Menyenangkan, kegiatan lomba iki

lumaku kanthi gayeng lan meriyah.

Wali murid kang kaimpun sajroning

wadhah Forum kelas-kelas lan

Komite sekolah, saiyeg saeka

kapti, lan bersinergi ngrengga lan

nata literasi kelase dhewe-dhewe.

Gawe lan nyuguhake space baca

kang nyaman ing kelas dadi tujuan

utamane. Ing pangajab, yen kelas

iku nyaman kanggomaca, temtune

uga bakal nyaman kanggo sinau

lan nggegulang ilmu.

Ora mung kongkonan utawa

dhawuhi para siswa, nanging guru

uga paring tepa tuladha mring

para siswa sarana ngulinaake

sanja Perpustakaan Tawita SD N

Tegalrejo 1 Yogyakarta. Kabeh

mau kanggo nuju generasi litera

kang banget dibutuhake sajroning

pembelajaran abad 21 kang duwe

pangajab luhur ndadeake masyarakat berpengetahuan (knowledge-based scoiety).

Senin esuk, 26 September

2022 klakon dibiwaraake juwarajuwara lomba literasi. Ing sajroning

upacara kang uga dirawuhi

perwakilan wali murid saben klas,

pihak sekolah ngumumake asiling

lomba Literasi, yaiku : Kanggo kelas cilik (1-3) Pojok Baca paling

Lengkap- 3A, Pojok Baca Paling

resik-3B, Pojok Baca paling kreatif2A, Pojok Baca paling Endah- 2B,

Pojok baca paling Rapi-1A, lan

Pojok baca paling Nyaman-1B.

Dene kanggo Kelas gedhe (4-6)

Pojok Baca paling Lengkap- 5B,

Pojok Baca Paling resik-6B, Pojok

Baca paling kreatif-4A, Pojok Baca

paling Endah- 6A, Pojok baca paling Rapi-5A, lan Pojok baca paling

Nyaman-4B. kang dadi Juwara

Umum yaiku Kelas IA.

[Sutarti, S.Pd]

Komite Sekolah SD Tegalrejo 1

Dhewan Juri kang lagi mbiji pojok baca kelas. (Foto: Sutarti)

Dhewan yuri dhiskusi babagan kreativitas kelas (Foto: Sutarti)

P:14

14 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Laporan Dhaerah

Merti Dhusun Mantran Wetan

Kirab Tumpeng Jangka lan Kenduri Tumpeng Sewu

Mantran Wetan, sawijine dhusun kang dumunung ana

ing sukune Gunung Andong

tlatah desa Girirejo Kecamatan Ngablak Kabupaten Magelang. Acara

Merti Dhusun digelar ritual Kirab

‘Tumpeng Jangka’ lan Kenduri

‘Tumpeng Sewu’. Ritual tradhisional

Merti Dhusun iki ngemu makna,

minangka panyuwunan

marang Gusti Allah SWT

supaya warga dhusun

iki bisa nggayuh urip

lan panguripan kang

luwih utama. Ritual Merti

Dhusun iki saben taun

padatane diadani ana

ing dina Rebo Pahing

wulan Sapar. Nanging

taun iki wulan Sapar

ora tinemu dina Rebo

Pahing. Satemah acara

Merti Dhusun diadani ing

dina Rebo Pahing tanggal 2 Mulud 1956 Ehe

utawa 28 September

2022 Masehi.

Sawetara taun kepungkur, acara Merti

Dhusun iki nate diadani

ana ing dina dudu Rebo

Pahing wulan Sapar.

“Nanging tetela ana kedadean aneh. Sega sing

dimangsak warga kanggo acara Merti Dhusun kabeh padha sayub

ora bisa didhahar. Kejaba kuwi, akeh warga

dhusun sing nandhang

lara, malah ana kang tilar donya,”

pratelane Supadi Haryanto, tokoh

masarakat ing dhusun iki. Satemah,

ayahan Merti Dhusun ing taun-taun

sabanjure bali maneh diadani ing

dina Rebo Pahing sanajan ora ing

wulan Sapar, tumekane saiki. Kenang

apa Merti Dhusun ing dhusun iki

kudu diadani ing dina Rebo Pahing?

Supadi ora bisa ngandharake bab

iki.

Sajrone ritual kendhuri iki saben

kepala somah wajib gawe lan nggawa

ingkung jago pitik kampung lan

sega tumpeng pepak salawuhe. Ing

dhusun iki ana ora kurang saka 145

kepala somah kang gawe ingkung

jago pitik kampung lan nyawisake

tumpeng-tumpeng cilik minangka

sesaji kang diarani ‘Tumpeng Sewu’.

Tumpeng-tumpeng cilik iki diselehake ana ing ancak sing dicagaki

pring lan dipajang ing sapinggire

dalan dhusun iki. Dene tumpeng

ukuran gedhe kira-kira sameter

dhuwure, sing dipaesi maneka warna

asil bumi disebut ‘Tumpeng Jangka’.

‘Jangka’ utawa ‘panjangka’ ngemu

makna minangka pepenginan lan

pangajab supaya panguripane

masarakat dhusun Mantran Wetan

sajrone taun iki bisa luwih apik, luwih

makmur lan tansah linuberan rejeki.

Ing dhusun iki acara merti dhusun

kanthi ritual Tumpeng Jangka wis

diadani wiwit atusan taun kepungkur

lan kanthi turun-temurun diuri-uri

tumekane saiki.

Kirab Tumpeng Jangka murwakani acara Merti Dhusun. Lakune

kirab ngubengi dhusun tumuju

menyang plataran daleme kepala

dhusun. Kirab kanthi ngusung

Tumpeng Jangka iki sinartan kabeh

warga dhusun Mantran Wetan sinambi nggawa ingkung jago pitik

kampung lan tumpeng pepak

salawuhe. Kendhuri merti dhusun

digelar ing plataran daleme kepala dhusun. Ing

kene Tumpeng Jangka,

sesaji jajan pasar ing

ancak lan ingkung jago

pitik kampung sarta

tumpeng tumpeng cilik

digelar. Achmad Thohir

kang mandhegani maos donga acara iki mratelakake, kendhuri Tumpeng Jangka sing digelar

iki minangka tasyakuran

‘atur bekti’ kanggo arwahe Nabi Mohammad

SAW nganti tekan arwahe

para leluhur lan cikal

bakal dhusun. Cikal bakal

utawa leluhur dhusun iki

yaiku Kyai Kotik lan Nyai

Kotik sing pasareyane

ora adoh saka daleme

kepala dhusun. Ana ing

ritual kendhuri merti

dhusun ini, Achmad Thohir miwiti kanthi ngobong

menyan ing sacedhake

tumpeng.

Kanthi tasyakuran

iki warga dhusun duwe pangajab supaya

uripe bisa ayem tentrem, rejekine

gangsar lancar lan urip kanthi kebak

kaberkahan. Kejaba kuwi, warga

dhusun iki uga nyuwun pangapura

awit saka sakabehe kaluputan lan

supaya kalis ing sambekala. Achmad

Thohir ngunjukake donga kanthi

cara agama Islam sing diamini

kabeh pasarta kendhuri tasyakuran

Merti Dhusun. Panguripane warga

dhusun iki saperangan gedhe minangka among tani janganan kayadene kobis, wortel, tomat, loncang lan tanduran liyane lan uga

ngingu kewan rajakaya mligine sapi

Gunungan ‘Tumpeng Jangka’ (Foto. Amat S)

P:15

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 15

kereman.

Acara Merti Dhusun ing dhusun

Mantran Wetan diregengake kanthi

pagelaran maneka warna kesenian,

sing digelar dening seniman dhusun

iki utawa sumbangan para seniman

saka liya desa. Sadurunge pagelaran

kesenian-kesenian mau diwiwiti

pagelaran kesenian sakral yaiku

‘Jaran Kepang Papat’. Pak Sunoto,

pewaris lan sesepuh kesenian Jaran

Kepang Papat nate ngandharake,

kesenian jaran kepang papat

iki warisan ramane, mbah Atmo

Paridjan. Umure kesenian iki wis

luwih saka satus taun. Saben acara

Merti Dhusun kesenian Jaran Kepang

Papat wajib digelar. Kesenian jaran

kepang kanthi paraga mung wong

papat lan isih kebak swasana mistis.

Satemah, saben pagelaran kudu

dicawisi sesaji arupa jajan pasar,

kembang mawar, rokok, gedhang,

wedang teh lan wedang kopi. Kanthi

pepake sesaji iki para paragane bisa

cepet kesurupan.

Tumrap masarakat Jawa

acara ‘Merti Dhusun’ duwe makna

mirunggan. Warga dhusun ngayahi

acara ritual tradhisional ‘bersih desa’,

yaiku ngresiki rereged sing ana

ing dhusun kasebut. Rereged mau

sing katon apadene sing ora katon,

supaya urip lan panguripan warga

dhusun bisa tetep diparingi rasa

ayem, tentrem, subur lan makmur.

Acara iki asipat sinkretis yaiku

nyawijine antarane budaya spiritual

Jawa yaiku ngurmati arwah leluhur

utawa cikal bakal dhusun/desa karo

agama mligine agama Islam. Merti

dhusun iki wis dadi adat lan tradhisi

turun temurun sing ana lan diuriuri wiwit jaman kuna nganti saiki.

Satemah masarakat Jawa mligine ing

padesan, isih nguri-uri lan ngayahi

acara Merti Dhusun. Sanajan acarane

beda-beda amarga dilarasake karo

adat lan tradhisi masarakat ing desa mau, nanging liding acara merti dhusun padha yaiku kanggo

ngurmati leluhur utawa cikal bakal

desa lan ngunjukake donga marang

Gusti Allah SWT saperlu nyuwun

pangayoman, kaslametan lan supaya

gangsar ngupadi rejeki. Merti dhusun

uga minangka sarana kanggo luwih

ngraketake pasrawungan lan ngundhakake rasa gotong royong warga

dhusun.* [Amat Sukandar]

Pagelaran kesenian Jaran Kepang Papat. (Foto. Amat S/DL)

Gambar ndhuwur: Kenduri Tumpeng Jangka. Gambar kiwa ngisor: Warga dhusun

Mantran Wetan pasarta kenduri Merti Dhusun. (Foto. Amat S)

P:16

16 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Wanita lan Keluwarga

Ngulinakake putra migunakake basa krama

marang sing kapernah

tuwa iku klebu panggulawentah

sajrone kaluwarga. Secara teori

ngulinakake putra basa krama

marang sing kapernah sepuh

iki katone gampang, nanging

kanyatane ora mengkono.

Jalaran kanggo nggawa para

putra bisa basa krama

iku luwih dhisik

putra dikenalake

utawa dikulinakake

migunakake basa

Jawa saben dinane.

Bisa ana lingkungan

pasrawungan utawa

ana lingkungan

keluwarga.

Ana paribasan

sing nyebutake

“wangunen wesi

nalika isih panas” .

Werdine gegaweyan

barang saka wesi

iku luwih gampang

anggone memangun

utawa mematut kaya

kang dikarepake

nalika wesine

isih panas sawise

diobong. Semono

uga nggulawentah

putra supaya kaya

kang dikarepake

iku luwih gampang

krana dikulinakake.

Ing lingkungan

keluwarga, putra dikulinakake

ora njangkar marang kang

pernah tuwa apadene marang

kang kapernah enom. Tuladha,

menyang sedulur tuwa bisa muni

kakang, kangmas, mbakyu,

paklik, bulik, pakdhe, budhe.

Semono uga marang sedulur

enom bisa nyeluk adhik, dhimas,

rayi. Becik banget uga menawa

putra dikulinakake matur kanthi

basa marang wong atuwane

utawa ngoko setengah basa.

Menawa didangu utawa diceluk

dening wong atuwane anggone

matur utawa mangsuli muni

inggih utawa dalem.

Ana ing lingkungan

pasrawungan, putra bisa diajak

nekani patemon sing dumadi

saka wong sing umurane bedabeda utawa undha usuk. Banjur

ing kono, nalika methuki wong

sing kapermah sepuh anggone

matur kanthi migunakake basa

krama. Menawa putra durung bisa

basa krama, nalika matur bisa

dituntun dening wong asepuhe.

Tuladha,nalika didangu dening

wong sing yuswane luwih tuwa

katimbang yuswa wong atuwane

kanthi tembung “Wis klas pira

anggone sekolah, Le?”, banjur

matur “Sampun klas gangsal,

Budhe /Pakdhe.” Bisa uga nalika

diparingi panganan utawa sangu

ora lali ngaturake panuwun

kanthi tembung “Matur nuwun.”

Diwawas saka panyawang

panggulawentah, ngulinakake

putra migunakake basa krama

marang kang kapernah sepuh iku

akeh keuntungane. Jalaran tanpa

rinasa iku dadi srana sajrone

panggulawentah tatakrama utawa

unggah-ungguh (pendidikan

budi pekerti). Putra kang becik

budi pakartine mesthi wae

luwih gampang digulawentah

katimbang bocah kang kurang

becik budi pakartine. Amarga

putra kang budi pakartine

becik biasane

gampang didhawuhi.

Didhawuhi sinau ora

mbantah, didhawuhi

tetuku ora kakehan

alasan anggone ora

gelem, utawa nalika

didhawuhi supaya

enggal turu nalika

wis wengi isih nyekel

HP uga ora suwala.

Lire, tata krama iku

bisa dadi landhesan

budi pakarti. Putra

kang pakartine becik

biasane tata kramane

uga becik. Kosok

baline putra kang tata

kramane kurang, budi

pakartine uga kurang

becik.

Amarga kasil

p a n g g u l a w e n t a h

iku kasile ora bisa

sakala (instan),

mula nggulawentah

putra sinau basa

krama wiwit putra

isih cilik iku luwih

untung katimbang putra wus

umure wus akeh utawa malah

uwis diwasa. Ibarat banyu kang

tumetes ing watu padhas kang

atos, anggone bisa gigis butuh

wektu suwe lan terus-terusan.

Semono uga nggulawentah

putra supaya blater migunakake

basa krama uga butuh wektu

lan ketlatenan sing tanpa ana

uwise. Pancen kanggo ngasilake

kasil kang becik iku jer basuki

mawa beya. Lire, kudu wani

kurban wektu lan tenaga amrih

pendhidhikan putrane bisa kasil

becik.* (Sanjaya)

Ngulinakake Putra Basa Krama

P:17

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 17 Herbal

Camcao (Latin: Cyclea barbata) uga disebut cincau,

tuwuhan mrambat sing duwe kasiat. Wong Sunda ngarani

tuwuhan iki camcauh, wong Melayu menehi sebutan juju, kepleng, krotok, tarawalu, lan tahulu.

Camcao jinise warna-warna kaya

camcaao ijo, camcao ireng, apadene camcao lenga. Klebu camcao ijo kayata camcao ijo tipis

sing godhonge awangun atisemu

nglugut (Latin: Cyclea barbata),

camcao ijo grumbul (Latin:

Premna oblongifolia), camcao ijo

cina (Latin: Cocculus orbiculatus), sumpet kendhi (Latin: Stephania capitata),

lan cuwing (Latin:

Tiliacora triandara).

Saka saka sakehe jinis

camcao ij iki paling

disenengi camcao ijo

godhong ati krana

godhonge tipis, lemes,

semu nglugut temah

gampang diwenyet lan

diperes kanggo gawe gelatin lan ager-ager.

Tuwuhan mrambat saka

keluwarga siwar-siwaran (Latin:

Menispermae) iki asli saka laladan

Asia Tenggara. Isih ana sing urip ing

alam asline nanging wektu iki wis

akeh sing dimekartumangkarake

kanggo keperluan bahan pangan

olahan lan tamba. Ing alam asli

bisa mrambat dhuwur ing deleging

uwit, pang lan grageh uwit gedhe

sing dhuwure bisa kliwat limang

meter. Dene ing papan budidaya

racake dirambate ing anjanganjang (para-para) sing digawe

saka pring, wesi, lan kawat. Malah ana uga sing dirambate ing

anjang-anjang gapura pekarangan

temah dadi tuwuhan pasren.

Camcao ijo bisa urip becik ing

tanah ngare utawa semu gegunung

sing dhuwure ora kliwat saka

1.000 meter ditepus sakalumahe

banyu segara. Sokur sajrone lemah sing pH-ne antarane 5,56,5 sing papane semu edhum,

hawane panas teles (lembab),

lan kecukupan banyune. Kanggo

nangkar-tumangkarake bisa sacara

generatif nganggo wiijine utawa

secara vegetatif nganggo tugelan

uwite utawa stek sarta thukulan

oyode utawa klingsane. Tugelan

uwit sadurunge diceblokake bisa

diekum sawetara nganggo hormon

tuwuh alami kaya brambang lan

banyu klapa sing dicampuri jat anti

jamur (fungisida), diasatake nganti

garing, banjur lagi diceblokake.

Biasane sawise seminggu tekan

telung minggu banjur tuwuh trubuse, sawise trubus sakilan dawane

lagi ditandur.

Kejaba kanggo unjukan sing

seger nganggo banyu gula lan es

utawa kanggo isen-isen es buwah

barengan karo cendhol dhawet lan

buwah-buwahan, pranyata camcao

duweni kasiat usada mirunggan kanggo ngudhunake tekanan (tensi)

getih. Uga asring kanggo ngusadani

diare, tatu kena geni, wudun, tatu

koreng, apadene sariawan. Saka

sakehe kasiat camcao ijo kang

wigati krana sajrone godhonge

akeh tinemu serat. Serat duweni

kagunan bancarake usus anggone

ngolah pangan.

Akeh tulisan sing nyebutake

menawa camcao becik kanggo pawongan kang katerak lelara kanker.

Pawongan kang katerak kanker

biasane kena stress oksidatif lan

gangguan sistem daya tahane

awak temah kahanan awak saya

marlupa. Kanggo nuwuhake greget

mecungule daya tahan awak

mesthi wae butuhake sumber pangan lan ngombe

sing duweni kandhutan

gizi. Camcao ijo sing

akeh ngandhut serat

cocok banget kanggo

nyukupi kebutuhan

nutrisi temah daya

tahane awak saya

becik. Sawenehe panaliten nyebutake

menawa pangaribawane

cuweran camcao ijo kuwawa

ngedhem panase badan lan

bisa nyegah tuwuhe lelara turunan

(degeneratif) asma, diabetes,

hipertensi sing ora gampang

diusadani mawa obat-obatan

pabrik apadene obat herbal. Mula

asring ngunjuk utawa dhahar agerager saka camcao iku becik kanggo jaga kesehatan. Luwih-luwih

sing kagungan gerah darah tinggi

utawa hipertensi bisa kanggo ngendhaleni tekanan darah dhuwur

sing bebayani tumrap kesehatane

salira.*

Sumber wacan:

Dr. C.G.G J. van Steenis, 1987. FLORA, PT

Pradjnya Paramita, Jakarta

Dharma, AP (1987). Indonesian Medicinal Plants [Tanaman Obat Indonesia].

https://www.merdeka.com/gaya/mengenaldaun-cincau-hijau-jenis-jenis-manfaat

https://id.wiktionary.org/wiki/camcau

CAMCAO IJO

P:18

18 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Jagading Lelembut

Sawijining wengi..... Pak

Rukun (sebut wae jenenge

mangkono) leyeh-leyeh

ana lincak ngarep omah. Bojo

lan anake wis nglempus turu ana

kamar.

“Keneng apa..... aku

ora bisa turu wengi iki?“

pitakone Pak Rukun karo

kethap-kethip.

“Oooh..... apa merga iki

malem Jumuah Kliwon?“

pitakone Pak Rukun

maneh.

“Aaah.,... udut klembak

menyan wae!“ kandhane

Pak Rukun karo nglinting

udut klembak menyan

dhewe.

Pak Rukun banjur

nyumet udut klembak

menyane lan..... nyedhot

kanthi nikmat.

“Naaah..... menawa

ngene iki, aku betah

ora turu sewengi natas!“

kandhane Pak Rukun lirih

karo nyedhot udut klembak

menyane.

“Hawane tengah wengi

iki..... tak rasa sangsaya atis

banget lan sepi mamring,“

grenenge Pak Rukun karo

ngliling sakubenging omahe.

“Aneeeh..... saiki aku mambu

wangine kembang mawar!“ batine

Pak Rukun maneh karo ngendhusendhus.

“Heeem..... ambune kembang

mawar iki nggugah lananganku!“

kandhane Pak Rukun lirih karo

mesam-mesem dhewe.

“Hihihiii.....kula nuwuuun.....!“

salame sosok wadon iku karo

ngguyu.

“Haaah..... sapa sosok wadon

kang nyapa aku iku?“ pitakone Pak

Rukun lirih karo tangi saka olehe

turon.

“Hihihiii..... wis lali karo aku?“

pitakone sosok wadon iku karo

ngguyu maneh.

“Sinten nggiiih.....?“ pitakone

Pak Rukun maneh karo ngelingeling, sapa sosok wadon kang wis

ngadeg neng ngarepe.

“Hihihiii..... pacarmu biyen!“

jawabe sosok wadon iku

karo marani Pak Rukun kang

kamitenggengen.

“Aaah..... kowe iku wis mati

bunuh diri!“ panyaute pak Rukun

karo kaget.

“Hihihiii..... nyatane saiki aku

mrene!“ kandhane sosok wadon

iku karo ngguyu lan njaluk pangku

pak Rukun.

“Hihihiii..... sampeyan ora

kangen karo aku?“ pitakone sosok

wadon iku karo nglendhoti pak

Rukun.

“Apa bener kowe pacarku, Siti

kae (sebut wae jenenge mangkono

uga)?“ pitakone Pak Rukun ora

percaya.

“Hihihiii..... sampeyan wis

kelingan karo aku!” jawabe sosok

wadon iku karo nggodhani Pak

Rukun.

“Sitiii..... ayuuune...... kenapa

ora tahu ngabari aku?“ pitakone

Pak Rukun karo mbrebes mili.

“Hihihiii..... aku gething amarga

sampeyan tinggal rabi karo bakul

gudhangan!“ jawabe sosok wadon

iku karo nglendhot manja.

“Satemene..... aku iku ora tresna

karo bojoku, nalika semana.....

aku dijebak lan kudu tanggung

jawab,“ critane Pak Rukun karo

ngelus dhadha.

“Hihihiii..... wis ora usah dielingeling sing ora apik, sing penting.....

saiki aku lan sampeyan wis ketemu

maneh!“ panyaute sosok wadon

iku karo nggrayangi awake

pak Rukun.

“Awakmu ora kadhemen

mung nganggo kemben

ngono iki.....!“ kandhane

Pak Rukun karo ngruket

kenceng sosok wadon iku.

“Hihihiii..... kadhemen

banget, sampeyan angeti!“

kandhane sosok wadon

iku karo pasrah nalika Pak

Rukun mbukak kembene.

“Awakmu kang semok

iki nggugah lanangku

aaah.....! “ pambisike Pak

Rukun kang wis ora kuwat

ngampet nafsune maneh.

“Ayooo..... aku uga isih

tresna karo sampeyan

hihihiii.....!“ pangajake

sosok wadon iku marang

Pak Rukun.

Pak Rukun lan sosok

wadon iku nglampiasake

hasrat birahine ana ing

lincak ngarep omah. Pak

Rukun ora ngetung wis

kaping pira anggone lumban

katresnan karo sosok wadon iku.

“Aaah..... uuuh.....!“ swara

desahane Pak Rukun amarga

kekeselen.

“Hihihiii..... aku mulih dhisik

amarga wis meh parak esuk!“

kandhane sosok wadon iku karo

ngguyu seneng.

“Aku isih kangen karo kowe

wong ayuuu..... “ pambisike pak

Rukun karo ngambungi sosok

wadon kang ditresnani.

“Sesuk..... aku mrene maneh

nyuntak kangenku hihihiii.....!“

kandhane sosok wadon iku

ngguyu.....

Bebarengan ngono iku.....

sosok wadon iku ilang musna kang

kari..... mung ambune kembang

mawar.

Pak Rukun mung bisa dhelegdheleg..... karo mbenakake

klambine maneh.

[Titiek Concat]

P:19

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 19 Kembang Setaman

Prasmanan

Dumadining urip enak kepenak

Yen saben arep mangan

Bisa milih apa sing dipangan

Nanging weteng dudu dunak

Mula ora kabeh kudu dipangan

Murih ana sisa kanggo sapa

Ngombe uga aja nganti kakehan

Weteng uga dudu rawa

Elingana pituture wong tuwa

Yen memala gawan kemaruk

Urip aja nganti kabotan raga

Bebasan wit bakale ambruk

Ing kahanan sarwa prasmanan

Sapa kemaruk bakal kapiran

Kepara marem malah cilaka

Katerak memala lan bebaya

Panganan

Apa umbenan

Yen pancen ana sisa

Aja nganti muspra.

Maria M Bhoernomo

Griya Pena Kudus, 2021

Pimpinan saha Karyawan Kalawarti Basa Jawa

Yogyakarta

Ngaturaken

Sugeng Ambal Warsa Ka 266

Kutha Ngayogyakarta Hadiningrat

Mugi Sadaya Sangsaya Istimewa

Rasa Tresnaku

Aku njaluk ngapura marang sliramu

Sing duwe rasa tresna kang ora pantes

Amarga aku mangerteni sliramu wis ana sing

duwe

Nanging rasa iki tansah ngganggu atiku

Sasuwene iki aku nyawang sliramu

Atiku tansah kegodha pengin duweni sliramu

Nanging aku ora kuwat nampani kanyatan

Sliramu uwis duwe sisihan

Muga rasa iki tansah nancep ana atiku

Nganti dawaning wektu

Ora nganggo wates anggonku nresnani sliramu

Kanggo sangu anggonku mapan turu

ngimpekake sliramu

Mukidi, Sleman 2022

P:20

20 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Tintingan Buku

Judul buku : Nrimo ing Pandum

Cara Berbahagia

Ala Orang Jawa

Pengarang : Asti Musman

Penerbit : Pustaka Jawi

Yogyakarta, 2021

Kandel Buku : viii +200 halaman

Nintingi saweneh bab kang

bisa dadi patuladan ing jaman

kawuri kanggone bebrayan

Jawa mono satemene akeh. Kabeh

mau nuduhake manawa kabudayan

luhur pancen wis asring ngrenggani

tumrape wong Jawa. Buku seratan

Asti Musman “Nrimo ing Pandum

Cara Berbahagia Ala Orang Jawa”

paring gambaran kanggone

bebrayan Jawa mau. Buku iki ora

ngguroni nanging bisa kanggo

panglimbang utawa sumbang

saran sarta pemikiran ing jaman

saiki. Satemah “tuladha utama”

bisa dicoba kanggo ngulinakake

marang sikep urip sarwa prasaja

lan ora ngaya, apamanèh bab

kanggo ngranggèh salah sijining

pangajab. Kanggone bebrayan Jawa

saweneh sikap mau bisa kasil utawa

karengkuh racake manawa duwèni

kasedyan, ananging tanpa meksa

apa kang dadi kasedyane. Sikep iki

kapilih amarga jumbuh marang rasa

katenangan jroning batin, merga

nggege krana ngranggèh saweneh

bab kanthi krana kesusu kuwi

tundhane ora becik.(kaca iii)

Sikep nentremake marang rasa,

ora grusa grusu jroning ngranggèh

anêng karya. Manungsa jroning uripe

bisa sumeleh manawa narima saka

pepesthen, krana urip kang sarwa

prasaja. Sijiné, bisa nahan dhiri

pribadi, utawa ngendhaleni marang

hawa nepsu, merga kuwi satemene

pacoban sing paling abot krana bisa

antuk karaharjan jroning urip. Mula

aja keladuk ati manawa lagi krasa

seneng, semono uga manawa

wis kecukupan apadene selagi

kekurangan. Kabeh kudu empan

papan lan kudu ngerteni, ing ngendi

kudu bisa bedakake trap-trapane,

kanthi samadya. Asring pawongan

kanggo ngranggèh saweneh perkara

kang dadi gegayuhane manawa

ora kasembadan, asring anjalari

pawongan mau tumindak kang ora

ora. Amung wae sabenere perkara

iki bisa dikendhaleni manawa

manungsa bisa rumangsa jroning

uripé. Saka kéné pawongan bakal

duwèni watak bebuden kang luhur

lan sabar. Amarga wong ngono

kuwi bakal ora gampang lali marang

dhiri asline (jati pribadi), wusanané

bisa nglelimbang lan duwe ati

kang jembar, duwé rasa rumangsa

marang bab mau, wusana sing krasa

ing batos among ketentremaning

rasa lan pikir.( kaca 2)

Memayu hayuning bawana. Sing

ditegesi “gawe endahing bumi”

krana uga gawé becik marang bumi

kepara jaga bumi saisine. Luwih

tandhes ditegesi manawa kita

selagine isih nemahi kasugengan

aneng donya kudu cedhak marang

Gusti sing paring agesang, alam

minangka sumbering karahayon

jati, lan marang pepadha ingkang

dados pasrawungan kita saben

dina. Tetelune mau kudu saukur lan

kêpara kudu tinata, utawa harmonis.

(kaca 173)

Kanggo jangkung krana harmonis

mau pancen ora gampang. Jroning

urip mono minangka titah kita kudu

tansah eling (emut) marang sangkan

(asal) paraning dumadi (tujuan

urip) kudu waspada sarta ngati ati,

lan tansah golek dalan padhang

lan sumarah marang Pangeran

kang akarya jagad. Manungsa bisa

duwé gegayuhan ananging durung

mesthi kabeh bisa kasembadan,

mula umur wis ngancik yuswa,

kudu amung migunakaké wektu

saapik apike, krana tumindak kang

tan anêrak anggering Gusti. Tumrap

pepadha kudu duweni rasa tepa

selira (urip sosial), rukun (ngormati

marang liyan), nyengkuyung

marang patembayatan (sarasa,

krana ora menangan kêpara bisa

rumangsa). Marang alam minangka

papan kanggo uripe manungsa,

kudu amung aweh puji sokur awit

kanugrahan marang urip, ngati ati

anggone ngecakake pawetu, lan ora

nggege marang samubarang kalir

sing ora kasedyan. ( kaca 183)

Nintingi buku iki kita diajak

marang urip kang prasaja, yakuwi

duwèni rasa kang gelem nglenggana

marang saweneh bab, merga urip

amung sadrema nglakoni. Ing kene

ngemu teges kudu: eling, (marang

sing Kuasa) percaya, (marang apa

kang dititahake krana kapinteran

aneng donya) mituhu (setia kanggo

nglakoni kewajiban minangka

titahe) marang tugas/karya aneng

bebrayan agung. Kaya di aturake

déning pengarang Asti Musman

tumrap wong Jawa, bab iki kudu

dadi tujuaning bebrayan, wusana

bisa “nyecep nilai utama” kang

tundhane ndadekake kabagyan urip

samangkone bisa bakal kajangka.

(kaca iv)

Buku iki mathok minangka

“Kamus Jawa praktis” kêpara dadi

keunggulane merga durung naté ana

buku kang nyerat kanthi gamblang

kaya anêng buku iki. Tulisane

ringkes, nanging ngemu teges

kang tandhes lan jero tumraping

urip anêng bebrayan Jawa, kejaba

basane uga gampang dingertèni

sapa wae lan sekeca kawaos. Buku iki

cocog kanggo tuladha lan tetenger

marang kautamaning urip wong

Jawa ing jaman kawuri, ananging

pranyata isih pantes tinuladha ing

jaman saiki.

Danan Mr SSn.

Guru kursus karawitan ing PML

Kotabaru Yogyakarta.

Urip Prasaja Tumrap Wong Jawa

P:21

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 21 Nasib Panjenengan

Kanggo mangerteni nasib panjenengan ing minggu iki, kaetung dina

lan pasaran (weton lan kelairane) banjur kagunggung. Asil gunggungan

kasebut kacocogake karo gunggunge neptu dina kaya kang kabeber

ing dhuwur. Dina-dina: [Ahad=5], [Senen=4], [Selasa=3], [Rebo=7],

[Kemis=8], [Jumat=6], [Setu= 9]. Pasaran: [Paing=9], [Pon=7],

[Wage=4], [Kliwon=8], [Legi=5]

Neptu 7 Akeh ayahan durung bisa ditandangi, enggal tandangana

supaya ora gawe ribet pikir lan ati. Pangupaboga:

usaha anyar butuh kawigaten mirunggan amrih majune. Rejeki: dlidir. Asmara: resep. Dina Becik: Kemis Legi. Kesarasan: perlu dhahar buwah-buwahan

amrih lancar. Memitran: ora lali.

Neptu 8 Akeh pengalaman wingi sing

bisa kanggo ngaca dhiri tumuju kemajuane urip dina ngarep. Pangupaboga:

yen ditlateni mesthi bakal dadi, aja sumelang. Rejeki: deres. Asmara: sengsem. Dina Becik: Jumuwah Paing. Kesarasan: olah raga iki becik kanggo

jaga kasarasan. Memitran: isih kelingan.

Neptu 9 Ora ana urip tanpa sandhungan, ora ana dina tanpa

mendhung lan udan, iku wis lumrah. Pangupaboga: hobi bisa dadi profesi menawa ditekuni. Rejeki: gemrontol. Asmara: gayeng. Dina Becik: Senen

Pon. Kesarasan: sare ora kewengen, diakehi dhahar

sayur. Memitran: sangsaya cerak.

Neptu 10 Pengalaman kepungkur bisa

kanggo gambaran ngadhepi kahanan anyar kebak tantangan. Pangupaboga:

rejeki tinemu ing sembarang papan, aja sumelang.

Rejeki: mbanyu mili. Asmara: tanggap. Dina Becik: Minggu Paing. Kesarasan: aja seneng ngumbar

amarah. Memitran: saya raket.

Neptu 11 Aja seneng nyepelekake

perkara cilik sing mengkone bisa dadi perkara gedhe bilaheni. Pangupaboga:

akeh usaha yen ditemeni bakal mekar lan dadi. Rejeki: gemrontol. Asmara: setya tuhu. Dina Becik:

Jumuwah Paing. Kesarasan: sare kerep kewengen,

iku ora becik. Memitran: ketemu maneh.

Neptu 12 Beja lan cilaka, bungah lan

susah, iku ora uwal saka tumindake dhewe, sing ngati-ati. Pangupaboga: akeh

plimpingan kanggo mekarake usaha anyar. Rejeki:

sempulur. Asmara: sengsem. Dina Becik: Setu

Pon. Kesarasan: kasarasan iku wigati didudi, olah

raga prasaja. Memitran: saya raket.

Neptu 13 Sing wicaksana ngecakake

ayahan sing dadi tanggung

jawabe, aja salah jangkah. Pangupaboga : bathi lan

rugi iku wis enggon-enggone wong bebakulan. Rejeki: lumayan. Asmara: gathuk. Dina Becik: Senen Pon. Kesarasan: ngurangi dhaharan ngandhut

lenga. Memitran: kaya biyen.

Neptu 14 Pakaryan sing dirancang lan

dicakake kanthi becik kasile

bakal maremake, buktekna. Pangupaboga: bayaren tenaga kerjamu sadurunge kringete asat. Rejeki:

nglumpuk. Asmara: nges. Dina Becik: Selasa Wage.

Kesarasan: sarapan esuk iku wigati tumrap kasarasan. Memitran: sumadulur.

Neptu 15 Rampunge pakaryan mung

kudu ditandangi, ora mung

disawang karo ongkang-ongkang. Pangupaboga:

tlaten lan tanggen iku upaya becik kanggo majune

usaha. Rejeki: Selasa Pon. Asmara: marem. Dina

Becik: Kemis Legi. Kesarasan: dhahar sayuran lan

buwah iku wigati Memitran: kepranan.

Neptu 16 Nguja kesenengan tanpa

eling marang akibat sing bisa dumadi bisa gawe repote dhewe. Pangupaboga:

usaha anyar butuh kawigaten sing temenan amrih

mekare. Rejeki: deres. Asmara: tanggap. Dina Becik: Rebo Kliwon. Kesarasan: saras iku ngepenaki,

mula udinen. Memitran: rukun

Neptu 17 Gawe wisuna sing jalari

sengsarane liyan iku tumindak ora becik sing kudu diendhani Pangupaboga:

rejeki tinemu ing sembarang papan, aja sumelang.

Rejeki: nrecel. Asmara: kangen. Dina Becik: Minggu Paing. Kesarasan: dhaharan kebak gajih prayoga

diendhani. Memitran: ora lali.

Neptu 18 Dina ngarep iku perlu dirancang kanthi premati amrih

sakehe pepalang bisa diliwati. Pangupaboga: yen ditemeni bakal mekar lan dadi. ejeki: lumintir. Asmara: greget Dina Becik: Jumuwah Paing. Kesarasan:

ngurangi asin-kecut supaya ora juwarehi padharan.

Memitran: isih kelingan.*

Kawiwitan Minggu Paing, 23 Oktober 2022 (27 Mulud 1956 Ehe) ketug Setu Pon, 29 Oktober 2022 (3

Bakdamulud 1956 Ehe). Klebu Wuku SHINTA. Bocah lair minggu iki: dewane Bathara YAMADIPATI, watake:

butarepan, gedhe kanepsone, ora sranta temah kerep ketiwasan, cupet pengandele, nanging enak wicarane

lan alus budine. Manuke: Gagak, weruh ing wangsit. Kayune: Gendhayakan, wateke dadi pangaubane wong

lara. Nyandhing gedhong, wateke dhemen ngatonake kadonyane. Lambange: Wulan karahinan, wateke

kenceng budine ora bisa sareh. Mandhi umbul-umbul, wateke: duwe kamulyan. Sambekalane nalika umur

setengah tuwa. Bilahine: lelara ngeget. Panulake bilahi: sedhekah sega pulen dangdangan beras sapitrah,

iwake pindhang kebo rega 21 ketheng ora kena ngenyang. Slawate: 21 ketheng. Dongane: tolak bilahi. Kala

wuku: lor wetan. Pranata Mangsa: Mangsa KELIMA, suwene 27 dina, wiwit Jumuwah, 14 Oktober 2022

ketug Rabu Wage, 9 November 2022. Candrane Mangsa KELIMA : “Pancuran Emas Sumawuring Jagad”. Werdine: tibane mangsa udan, hawa anyep kedayan tibane udan saben dina, empon-empon wiwit kembang, sesawangan

alam endah, manuk-manuk padha ucul, perlu waspada banjir lan lan longsor,

P:22

22 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Padhalangan

6

Nagari Lokapala

I

ngkang kinarya sambeting kandha, gelising kang munggel

kawi, mangkya genti kocapa

pasewakan nagari Lokapala.

Sang Prabu Wisrawana sineba ingkang rayi Raden Dhanapati, ingkang

lenggah jajar kalayan pujangganing

nagari, nenggih Begawan Wisnungkara. Dereng ngantos Sang Prabu

murwakani pangandika, katrenjuh

sowanipun Rekyan Apatih Banendra

saha ditya utusan tetiga: Gohmuka,

Gohgora saha ditya Samparangin,

ingkang sami sowan lenggah ing

sawingkingipun Patih BanendraJujuling karsa Sang Prabu harsa

wikan pawartane duta utusan

anglamar dhateng Maespati, sigra

andangu dhateng ditya Gohmuka,

paran pawartane anggenipun dinuta

dhateng Maespati, wiyosipun:

Prabu Wisrawana: Heh Gohmuka!

Mara enggal matura, paran kabul

kawekasane sira ingsun utus nglamar

calon garwaningsun yayi Dewi

Danuwati? Mara matura, Gohmuka!

Apa mulane dene kupingira dawir

mili getih, Gohmuka?

Gohmuka: Nuwun, inggih Sinuwun! Kula sampun nindakaken

dhawuhipun ingkang Sinuwun.

Prakawis kabul lan kawekasanipun

anggen kula ngayahi dhawuh dalem

Sinuwun, gusti kula Kyana Patih

Banendra ingkang badhe matur.

Dene kuping kula dawir punika

amargi pasulayan kalayan Raden

Suwandageni. Kula dipun larak

dipun glandhang saking pasewakan,

dados pasulayan ing tengahing

alun-alun. Kula dipun sebit kuping

kula.................

Prabu Wisrawana: Oh...... keparat

Suwandageni! Banendra! Kepriye

iki......?

Banendra: Nuwun, Sinuwun sesembahan kula! Calon garwa prameswari paduka ingkang Sinuwun, pranyata dipun kekahi Prabu

Kartawijaya! Wosipun utusan paduka ingkang sinuwun cabar wigar karana kinekahan Sang Kartawijaya, lumantar kadangipun, bocah

pratapan Jatisarana, kekasih Raden Suwandageni. Dewi Danuwati

ingkang mila garwanipun Prabu

Kartawirya punika, samangke

saweg nggarbini sepuh! Mila adreng

anggenipun ngekahi, Sinuwun.

Makaten, samangke ingkang abdi

nyadhong dhawuh....

Krodha risang Wisrawana, jaja

bang mawinga wengis, wadana

pindha sinecang, tebah jaja ngeplek

wentis, kumejot padoning lathi,

kerot-kerot kanang waja, netra

kocak ngondar-andir......................

Prabu Wisrawana: Oh..... Jagad

wasesaning Bathara!. Keparat wong

Maespati Banendra! Sawegakna

sagung prajurit Lokapala, kerig

lampit brungkat kimpul! Budhal

prang mungsuh Maespati! Aja takon

kapan budhale....... Dina iki,..........

budhal Banendra.......Nadyan

paman Wisnungkara ngelingake

marang aku! Ingsun datan praduli....

Yayi Danapati.....sowana menyang

Argapura, nyuwun pangestu rama

Wisrawa. Patih Banendra sowana

menyang Ngalengka nyuwun bebantu bala raseksa, marang eyang Prabu Sumali. Prajurit............... ! Samekta ing ngayuda....... Budhal dina iki! Ingsun dhewe kang ngasta

bawat payung agung manggalani

yuda......................

Sigra kang bala lumaris, budhal

saking Lokapala,

warna-warna busanane, sangkep

dameling ngayuda,

sayekti tan kuciwa, bendhe beri

puksur tambur,

tineteg kaya butula.........

Kocap kacarita, budhal bala

Lokapala, pan sampun antuk bebantu

bala yaksa Ngalengka, nadyan Prabu

Sumali datan nyarojani lekase Prabu

Wisrawana. Kala samanten Patih

Banendra sampun sowan nyuwun

pangestu dhateng Begawan Wisrawa

ing pratapan Argapura.

Mangkana, budhaling wadya

Lokapala sinawang kadi wutahing

samodra harsa ngelem dharatan.

Surak gumuruh swaraning wadya,

yayah ambelahna bumi. Kathahing

prajurit tanpa wilangan, anglur

selur, pindha sela blekithi, sela

watu, blekithi semut: esthane kadi

semut gumremet ing sela..............

Kumlebeting bandhera dwaja lelayu

cawuh myang umbul-umbul, tinan

saking mandrawa saksat mendhung

metengi akasa. Maneka warna

busanane wadya: kang warna abang

manunggal dadi sajuga, sinawang

kadya arga kawelagar, kang mangagem sarwa putih manunggal kadi

kuntul neba sarawa. Kang ireng

manunggal padha ireng, cinandra

kadi gagak mangsa sawangke,

kang kuning manunggal kuning

kadi podhang areraton..............

Gyak gambira untaping pra wadya,

kapyarsa sekar Durma kumaraning

kang wadya bala:

Ridhu mawur mangawur-awur

wurahan,

Tengaraning ajurit, gong maguru

gangsa,

Teteg kadya butula, wor

pangriking turanggesthi,

Rekatak ingkang, dwaja lelayu

sebit.

Campuhing prang prajurit

Maespati mengsah rota denawa

Lokapala.

Wadya bala Maespati ingkang tinindhihan Patih Citrayatna papagan

lan prajurit yaksa Lokapala, ing tapel

watesing nagari Maespati.

Patih Citrayatna: Jagad dewa

bathara! Iki ana barisan yaksa sayaga ing prang, sagelar sapapan! Nitik kumlebeting bandhera myang

dwaja lelayu, umbul-umbul pranyata

barisan Lokapala! Sapa tetindhihing

yuda, mara enggal ngakua!

Patih Banendra: Aku Patih Banendra, warangka Nata Lokapala.

Genti takon, iki uga ana prajurit

02

P:23

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 23

sagelar sapapan ngebeki tapel watesing nagara Maespati! Sapa manggalaning prang prajurit Maespati,

enggal ngakua, aja mati nggawa

aran?

Patih Citrayatna: Babo! Patih

Maespati, Citrayatna jenengku! Heh

Banendra! Apa karepmu ngirid bala

yaksa nyedhaki watesing Maespati?

Patih Banendra: Wurung sesembahanku Prabu Wisrawana,

mundhut Dewi Danuwati, kang

pinacang bakal dadi garwane Sang

Prabu. Ditampik Prabu Kartawirya.

Mula kang mangkono, Maespati bakal den byuki bathang sayuta. Mula

mumpung durung lebur negara

Maespati, mundura! Tak lebur

Maespati, ludhes keles dening bala

yaksa!

Patih Citrayatna: Jagad dewa

bathara! Suwarga ginawe ayu! Kudu

bali! Ora gelem bali, kelakon lebur

dening prajurit Maespati, ambelani

bumi wutah rahe!

Sulayeng rembug dadya pancakara. Gumyak gumuruh swaraning

wadya kalih golongan. Bala yaksa

kang racak ageng aluhur, anggero

giro angglundhung karya ramene

ing payudan. Ditya Mangliawan bebantu saking Ngalengka ngamuk

punggung sura tan taha, kenging

jemparing naraca bala ingkang

lumepas saking langkapipun Patih

Citrayatna, temah kontal dhawah

tambuh-tambuh prenahipun.

Kendhanging Mangliawan akarya

girising wadya danawa, temah sami

ngucireng jurit, tinggal glanggang

colong playu. Patih Banendra

tetindhihing wadya danawa tan

mangga pepulih, saksana gya

ngunduri perang. Sinurak wadya

Maespati..........................

Enengna prajurit yaksa ingkang

kasor ing yuda. Patih Banendra

mundur sawadyane nedya kundur

dhateng Lokapala. Sinigeg getya

kang winarna, nenggih ing pratapan

Argapura, inggih sinebut pratapan

Dederpenyu. Semana Begawan Wisrawana, nampi sowanipun utusan saking Lokapala, nenggih Raden

Danapati. Teka mangkana panglocitaning driya Sang Begawan

Wisrawa, nanggapi sowanipun

Danapati, kawijil ing lesan: E....

netra kapi katon, sun waspadakake

iki kaki Danapati kang munggak

pratapan Argapura. Mara enggal

lungguha kang prayoga, ngger!

Begawan Wisrawa: Yen sun waspadakake, kaya kaki Danapati kang

munggah marang pratapan. Kulup,

bagia satekamu, ngger!

Dhanapati: Kapundhi dhawuh

timbalanipun Kangjeng rama. Nuwun

inggih saking idi pangestunipun

Kangjeng rama, sowan kula winengku ing kayuwanan. Bekti kula

sayogi katur ing pepada paduka,

Kangjeng!

Dewi Lokati ingkang marak ing

ngarsa Sang Begawan mudhoni

rembag, sung pambagya dhateng

ingkang putra Dhanapati, wiyosipun:

Ngger putrane pun ibu! Baya kanthi

rahayu sowanmu, gger?

Dhanapati: Nuwun kapundhi

dhawuh pangandikanipun Kangjeng

ibu! Nuwun inggih, awit saking idi

pangestunipun Kangjeng ibu, sowan

kula winengku ing kawidadan. Bekti

kula katur, Kangjeng ibu!

Dewi Lokati: Hiya kulup! Bektimu

wus ibu tampa, pangestune ibu wae

enggal tampanen, ya ngger!

Dhanapati: Nun inggih, Kangjeng

ibu! Pangestu paduka kula tampi,

kapundhi, mugi ambabara kayuwanan, Kangjeng ibu!

Begawan Wisrawa: Bocah punakawan padha slamet ndherekake

momonganmu Dhanapati, kakang

Semar?

Semar: Aiiiiiiii, hemel-hemel

sadulita! Nun inggih Panembahan!

Saking pamujimu, sowanku

wilujeng kalis saking sambekala.

Puja pangastawa mugi katur,

Panembahan!

Gareng Petruk Bagong saur

manuk: Inggih Panembahan! Saking

idi pangestunipun Panembahan,

sowan kula ndherekaken momongan

kula bendara Dhanapati, nuwun

inggih sami wilujeng. Sembah kula

mugi atur Panembahan.

[Wonten candhakipun]

“Keparat Swandageni ! Banendra ! kepiye iki....?

P:24

24 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Crita Rakyat

Wonten nawala menika

dipun tulis kanthi cetha amrih Singasari

dhateng Yuan. Miturut panemu

kula, bab menika minangka

cara diplomasi Kubhilai Khan

kang nyuwun amrih Singasari

ngakeni Kubhilai Khan minangka

raja diraja kita, satemah dados

bawahanipun. Dados, nawala

menika nawala tuntutan tumrap

kita. Langkung abot malih nggih

menika sawijinipun ancaman

tumrap kedaulatan Singasari

ingkang sampun kita bina sasuwenipun puluhan taun niki.

Mekaten panemu, kawula.”

Prabu Kertanegara mesem

puas. Apa kang diaturake putra

mantune cocog karo panemune.

Dheweke ora perlu njaluk panemu

pejabat liyane kang tamtune bakal padha kaya kang diaturake

Raden Wijaya.

Nadyan mangkono, dheweke mbalekake panemu putra

mantune iku marang sidang

majelis.

“Bokmenawa ana sing duwe panemu liya?” kandhane setengah takon. Patih Panji Anengah

jumeneng saka kursine lan

manthuk hormat marang Prabu

Kertanegara banjur matur:

“Kula sependhapat kalihan

adhi Wijaya. Namung kula badhe nambahaken sekedhik.

Kados sampun Kakang Prabu

dhawuhaken saderenge mbikak

sidang niki menawi Singasari

bakal tetep madeg ing nginggile

perdamaian donya ingkang tegesipun saboten-botenipun ngindhari saking perang. Ugi boten

wicaksana menawi negara kita

ingkang berdaulat menika lajeng

dipun grogoti dening bangsa

asing. Napa malih Kubhilai Khan

nuntut kados napa ingkang

dipun aturake dening adhi Wijaya

mila sampun sapantesipun kita

siap-siap damel ngadhepi kemungkinan niku. Kita angsal berdamai, nanging kita ugi angsal

perang.”

Panemu Patih Aragani utawa

Panji Anengah damel keplok

ambata rubuh kabeh para

pejabat liyane. Prabu Kertanegara

manthuk-manthukake mustakanipun.

Prabu Kertanegara banjur

nutup sidang majelis iku kanthi pengarep-arep saben aparat

pamarintah kudu tetep waspada

marang kemungkinan rongrongan bangsa asing marang

kedaulatan Singasari.

Let sawetara minggu sawise

pertemuan iku, teka utusan saka

negeri Cina iku menyang kraton

Kertanegara.

“Aku teka kanggo ngandhakake perintah junjunganku Kubhilai Khan. Ngarep-arep amrih

Raja Singasari gelem menyang

Yuan.” Mangkono, pratelan utusan negeri Cina iku.

Kanthi nahan kanepson,

Prabu Kertanegara nyoba gapyak.

Banjur diwangsuli ucapan utusan

Kaisar Cina iku kanthi basa

sing ora nyinggung perasaan

kang isine yen pihak Singasari

durung siap nuruti uleman iku.

Utusan Kaisar Cina iku bali kanthi

kuciwa.

Setaun bacute, yaiku ing taun

1281 teka maneh utusan liyane.

Kertanegara tetep nulak kaya

nalika utusan sing sepisanan

teka. Sawise iku bola-bali teka

utusan-utusan liyane kanthi tuntutan kang padha.

Kertanegara kelangan

kesabarane. Dheweke duka

banget. Mula nalika utusan saka

Negeri Cina kang asma Meng

Ki teka maneh ing taun 1289,

Kertanegara ora bisa maneh

nahan kesabarane. Kanthi praen

duka, Kertanegara ngusir utus03

P:25

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 25

an iku.

“Bokmenawa rajamu iku

wong Tartar kang ora duwe

perasaan. Bola-bali wis dakkandhakake yen kerajaanku ora

sudi tundhuk karo manungsa kejem kaya rajamu! Sumurupana,

negaraku yaiku bangsa kang

berdaulat ing dhuwure negara

lan wutah getihe dhewe. Ayo lunga! Metu saka istanaku iki lan

aja teka maneh mrene, ngerti!”

Mangkono Kertanegara kang kelangan kesabaran iku duka lan

nulak mentah-mentah utusan

Kubhilai Khan kang asmane

Meng Ki. Meng Ki minangka duta rumangsa kelangan rai karana digawe isin ing ngarepe

umum. Maneka sumber sejarah

nyebutake yen utusan Meng

Ki diperung kupinge dening

Kertanegara. Uga ana sing

ngandhakake cuping irunge

ditigas dening raja Singasari

iku.

Nanging, miturut buku Negarakertagama yen Meng Ki bali

menyang negarane kanthi rai

cacat. Maksude yaiku apa sing

dikandhakake ing basa Inggris

minangka to Lose his face,

tegese kelangan rai karana Meng

Ki diusir mentah-mentah dening

Kertanegara.

Kubhilai Khan duka banget

keprungu laporan Meng Ki.

Akibate ing taun 1292 dikerahake

sawijining armada kang dumadi

saka 1.000 kapal kang nggawa

20.000 tentara. Pemimpin penyerangan iku asmane Che-Pi,

Yikomusu, lan Kau-Hsing.

Kertanegara yaiku sawijining

raja kang ngrasuk agama Buddha

kang setia. Ing taun 1289, Prabu

Kertanegara kawisuda minangka

Jina utawa Buddha kang dhuwur

drajate. Recane digawe ing

omahe Mpu Barada sing biyen

wis ngedum Krajan Erlangga.

Warta kanthi digawekake reca

Kertanegara ing wujud Buddha

ing omahe Mpu Barada ateges ilange kesaktian Mpu Barada wis mecahake Kerajaan

Erlangga. Kanthi mangkono,

dikarepake Kertanegara bakal

kasil nyawijekake kabeh negeri

kebesarane Singasari.

Pungkasane, Kertanegara miwiti usahane njembarake kekuasaane menyang luar Jawa.

Pengkhianatan Ardaraja

Kertanegara duweni karep

nyengkuyung Melayu kanggo

nyerang Sriwijaya. Niat iku wis

dirembug karo Patih Panji Anengah lan Raden Wijaya. Gusti

Prabu nyuwun amrih Raden Wijaya

gelem nemoni Ardaraja kang kerikeri iki arang sowan menyang

kraton. Prabu Kertanegara perlu

meruhi kahanan putra mantune

iku.

Keri-keri iki, Ardaraja katon

asring nemoni ramane ing Kediri

nadyan bab iku ditindakake

sacara meneng-meneng. Apa

maneh nalika dheweke ditemoni

Raden Wijaya, lagi teka saka

Kediri.

“Aku arang sowan menyang

kraton karana akeh banget sing

dakrampungake, Kakang Wijaya.

Rama Jayakatong asring lara. Iki

sing nguwatirake aku.”

Raden Wijaya manthuk-manthuk. Kayake dheweke percaya

karo alasane Ardaraja sing sabenere ngapusi. Ardaraja ing

wektu iku ing kahanan bingung.

“Ya uwis, Kakang bakal aturake

ngenani sliramu iku marang

Rama Prabu Kertanegara.”

“Nanging Kakang …” Ardaraja

ragu. “Apa Rama Prabu ora bakal

duka yen nyumurupi kahananku?

Aku kaya wis ora nggatekake urusan negara lan luwih mentingake

urusan keluwarga.’

“Tak kira ora, pokoke sliramu

terus terang marang Rama Prabu.”

Pungkasane, Ardaraja gelem teka menyang istana karana saran Raden Wijaya. Dikandhakake alasan palsu iku marang

Kertanegara lan ketoke Kanjeng

Prabu percaya karo alasan putra

mantune iku.

(Ana candake)

P:26

26 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe

Crita Cekak

“Patang puluh lima taun

daksimpen rasa iki.

Ora ana daya kanggo

ngucapake ukara tresna, apamaneh

kandha lumantar tembung manis

kaya lumrahe kanca. Dakkunci

rapet sajroning gedhong pusaka,

kabeh sumimpen nganti dina iki

ora owah ing ati. Menawa sliramu

percaya, bakal kababar cetha

nadyan wayahe wis lingsir,” Arno

nyawang wanita kang lungguh

ing ruwang tamu dikancani putra

kinasihe.

Patemon kang ora nate

kanyana, dina kuwi Minggu 13

Juni durung ganep sesasi wanita

kang aran Lintang kapedhotan

tresna ditinggal garwane. Lintang

ditinggali anak siji, kang digalagala dening suwargi Pak Juno

garwane Lintang. Kabeh garising

urip ora ana kang ngerti, klebu

sedane Pak Juno kang dadakan

lan ora kanyana dening garwa lan

putra.

Ora kendhat tekan titi wanci

iki donga saka anak lanange kang

jeneng Arjun sarta Lintang tansah

ngancani suksmane Pak Juno.

“Ora ngira kahanan iki nemahi

bale somahku, kaya kasendhal

mayang rasane. Tanpa ana glagat

sadurunge, tanpa ana tandha

kang cetha. Lelakon urip kudu

dakadhepi, amung bisa sumendhe

Gusti marang kabeh kang dumadi,”

kandhane Lintang nalika Arno teka

ing ngomahe saperlu ngucapake

rasa belasungkawa.

“Pancen kabeh titah mono

mung bisa nglakoni, jalaran

garising gesang wis cinathet

tan bisa manungsa ngowahi.

Dhik Lintang, muga bisa nampa

kahanan iki kanthi sabar, nerusake

gegayuhane Pak Juno kang durung

kelakon. Kanggo Arjun semono

uga, bisa jaga ibu lan kang wigati

kasarasane aja dilirwakake ya, Le,”

pangucape Arno sareh.

“Inggih Om, maturnuwun

saking kawigatosanipun. Mugi

ibu tansah pinaringan sehat, kiyat

saking ujian menika,” Arjun caos

wangsulan marang tamune kang

aran Arno.

Ing ruwang tamu katon

sepi, wong telu padha ngumbar

pengangene dhewe-dhewe.

Lintang isih katon lemes lan pucet

kepara tanpa daya. Praupane kaya

wong kang kelangan pengareparep, ilang kabeh gegayuhan uripe.

Kadhang kala Arno nyolong nglirik

wanita kang isih kanca sekolahe

nalika SMP biyen, ing batine

kandha wanita iki ora ana kang

owah. “Lintang, apa ngerti atiku

kang sejatine. Aku eling kabeh

marang sliramu, Lintang,” ukara

kuwi mandheg ing batine Arno.

“Om, mangga dipun unjuk teh

manisipun. Wah ngantos asrep

lho,” Arjun mecah sepi ing ruwang

tamu awan kuwi.

“Wah iya Le, nganti ambyur

ing rasane ibu kang isih durung

bisa nampa kahanan,” wangsulane

Arno setengah gragapan krungu

tembunge Arjun.

“Mas Arno, maturnuwun

rawuhe. Saka adoh isih nggatekake

keluwargaku, dingapura kabeh

lupute almarhum ya Mas. Nyuwun

dongane wae muga keluwargaku

bisa nampa garising pesthi iki

kanthi legawa,” kandhane Lintang

tanpa semangat.

“Saiki kang paling wigati jaga

kasarasan, jaga ati lan bisa nampa

kahanan kanthi legawa, Dhik. Aku

pengin, adhik lan Arjun bisa nata

ati. Papanku adoh, takjaluk aja

ana rasa pakewuh menawa ana

bab kang kudu dirampungake

telpon. Aku bakal melu cawe-cawe

marang bot repote keluwargane

Dhik Lintang,” kawigatene Arno

katon saka pangucape.

Lintang lan Arjun ora

bisa kumecap, nanging saka

panyawange marang Arno ana

rasa panuwun tanpa upama kang

sumimpen ing batine. Arno ngerti

marang batine ibu lan anak kang

lungguh ing ngarepe, kanthi sareh

Arno nerusake tembunge. “Le

Arjun, menawa ana masalah aja

sungkan karo Om lho,” kandhane

sumanak.

“Inggih Om, Arjun mesthi

telpon kok. Maturnuwun sampun

ngrepoti,” Arjun matur kanthi

prasaja.

P:27

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 27

“Ora kena ngomong ngono, Om

ora repot. Aja dibaleni ngomong

‘ngrepoti’ ya, Le,” Arno ngandhani

Arjun kaya ngandhani anake.

Kahanan bali sepi, Lintang isih

durung bisa ngilangi wewayangane

Pak Juno kang pancen gemati

marang keluwarga. Lintang uga

durung bisa nampa menawa

kanyatan kang diadhepi jebul

dudu ngimpi. Kanggone Lintang

lungane Pak Juno dianggep bakal

bali menyang ngomah maneh,

nanging saben ditunggu saka

esuk, awan, bengi, Pak Juno ora

menehi kabar kapan bakal mulih.

Pipine Lintang teles banyu bening

kang pranyata ora bisa dibendung

maneh, Lintang jupuk tissue kang

ana ngarepe.

Nalika tangane Lintang arep

ngranggeh tissue, Arno wis luwih

dhisik ngulungake sapu tangane

karo kandha, “Adhik, usapen

luhmu. Mesakake Arjun, aku ora

kuwat yen kudu nyawang kahanan

kaya ngene iki.”

Arjun nyedhaki ibune karo

ngrangkul pundhake. Tangise

Lintang wutah, ora kuwawa

nyangga kahanan kang diadhepi,

Arjun uga melu netesake luh ora

mentala nyawang kahanan ibune

kang nangis nggrantes. “Ibuuuu,

ibu kudu kuwat. Ana Arjun

kang bakal jaga ibu salawase,”

Arjun ngrangkul ibune kebak

katresnan.

Arno tumungkul melu

ngrasakake sedhihe Lintang lan

Arjun kang ditinggal bapak lan

garwa kinasihe. Arno ora bisa

ngucap ukara, nanging saka pojok

mripate katon kembeng ngampet

rasa sungkawa nyawang kahanan

keluwargane Lintang. Ruwang

tamu dadi sepi nyenyet tanpa ana

ukara kang kumecap saka kabeh

kang lungguh ing kono.

Suwarane lirih nanging cetha,

Lintang kandha, “Mas Arno,

diapura salahe Pak Juno ya Mas.

Tulung Arjun anggepen putramu

dhewe, mas.”

“Ora ana lupute alm Pak Juno,

Dhik. Rasah kuwatir bab Arjun

bakal dadi kawigatenku,” Arno

mangsuli tandhes.

Arno pamit sanajan isih ana

pengarep-arep kang sumimpen

ing atine. Jalaran durung wektune,

Arno durung wani blaka. Sanajan

wayahe wis lingsir, ora ana kang

telat tumrap Arno. Impen kuwi kudu

dadi kanyatan, panggayuhe kudu

kelakon. Arno, Lintang lan Arjun

banjur padha salaman ndherekake

jangkahe Arno tumuju kendharaan

kang di parkir ing plataran jembar

ngarep pendhapa kuna.

Pertapan Kalingga, 02

Oktober 2022

Arjun nyedhaki ibune karo ngrangkul pundhake. Tangise lintang wutah.

P:28

28 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe

Wacan Bocah

S

adhar anane jam pelajaran tam- bahan iki ndadekake siswa kelas

enem luwih suwe anggone sinau ing sekolahan saben dinane. Pak Gaguk, guru pengetahuan alam kang ngrangkep dadi wali kelas enem ngajab amrih anak

dhidhike padha mbontot saka ngomah.

Pangajab sing kaya ngene lair supaya

maeman sing dipangan bocah-bocah

dadi luwih resik satemah resiko kena

penyakit nganti ora bisa mlebu sekolah

bisa disingkrihi. Pakulinan anyar sing ditindakake Bondan lan kancane nunggal kelas

iku lumaku kanthi lancar. Ora ana sijisijia kedadeyan nganeh-anehi kang

ditindakake dening bocah kelas enem.

Nanging embuh ana apa pirang-pirang

dina iki. Anggone Bondan ngentekake

sangu pangane cepet banget, lan anehe

maneh saben rampung ngentekake sangu

pangane Bondan mesthi ijin menyang

kamar mandhi. Wiwitane Pak Gaguk

nganggep apa sing ditindakake Bondan iki

isih wajar. Nanging bareng tumindak kaya

ngene nerus. Pak Gaguk wiwit cubriya,

merga apa sing ditindakake dening Bon- dan wis ora wajar. Nanging Pak Gaguk ora langsung ndhedhes Bondan supaya ngaku ana apa ing sawalike pakulinane

kang aeng sawetara dina pungkasan iki.

“Pak, kula sampun rampung. Kula ijin

dhateng kamar mandhi riyin, nggih!” “Iya, Ndan. Nanging aja suwe-suwe. Amarga pelajarane ora suwe maneh

bakal diwiwiti.”

“Inggih, Pak.”

“Cah, aku kok dadi penasaran karo sing dipangan Bondan, ya? Kok bisabisane enteke cepet banget. Sejatine iki

ora apik ditindakake. Nanging kanggo

miyak misteri iki. Aku pengin nonton

ing jero wadhah mangane Bondan ana

apane. Nanging babagan iki aja kok

kandhakake Bondan lho ya!” ngendikane

Pak Gaguk. “Inggih, Pak,” semaure bocah-bocah

bebarengan. Tenan bareng Pak Gaguk mbukak wadhah mangane Bondan. Piyambake

pirsa sesawangan kang ngangetake.

Pranyata wadhah mangane Bondan

iku resik lan kosong mlompong. Saka

apa sing disawang ing awan kuwi. Pak

Gaguk duwe pangira yen Bondan sengaja

nggawa wadhah mangane mau mung

saderma kanggo ngrukuni kancane. Pak

Gaguk kelingan unen-unen aja ngatonake

kasusahan sing kasandhang lan aja ngrasa gumedhe saka tumindak becik

sing wis ditindakake.

“Pripun, Pak? Maeman sing diasta Bondan napa Pak?” takone Irma. “Ngene ya, Cah. Aku arep ngomong. Nanging dakjaluk sing dak omongake iki

aja nganti diweruhi Bondan.” “Nggih, Pak.”

“Janji?”

“Janji, Pak.”

Sawise ambegan landhung Pak Gaguk ngendikan maneh. “Ngene, ya, Cah, nalika dakdelok iki mau wadhah maeme Bondan isih resik.

Tegese ing jero wadhah mangane Bondan iku ora ana tandha-tandha sing nuduhake

wadhah kasebut mentas digunakake.” “Lajeng kenging menapa Bondan mbekta wadhah kasebut, Pak?” takone

Irma.

“Nggih, Pak. Aneh sanget. Mosok mbekta wadhah kok kosongan?” Aryo

melu-melu urun rembug. “Anggone Bondan nggawa wadhah mangan iki mung saderma kanggo

ngrukuni kanca. Dheweke nggawa wa- dhah panganan sing sejatine kosong

iki supaya dikira ora nyejeni, lan ora

dianggep beda tinimbang kowe kabeh.”

“Tumindak aeng ingkang ditindakake

Bondan sampun seminggu niki nggih,

Pak. Saged ugi sampun seminggu niki Bondan babar pindhah boten maem awan

kados ingkang kula lan rencang-rencang

saben dintene?” takone Lila.

“Iya, bisa uga ngono, Lil.”

“Eh, Cah, iki awake dhewe kan akeh

sing durung kelong sangu pangane.

Upama saperangan disisihake kanggo

mbantu Bondan piye? Kebeneran iki mau

sanguku roti rada akeh,” usule Irma. “Kena, Ir. Iki mau ibuku uga nggawani aku endhog godhog cacah loro. Aku siji

wae cukup, kok. Merga wayah ngaso

mau aku ditraktir Dendi, tanggaku sing

dina iki lagi ulang taun,” semaure Aryo. “Buahe nggonku wae ora apa-apa,” tambahe Lila.

Nyawang sing ditindakake muride iku atine bungah banget. Piyambake babar

pisan ora ngira senajan muride isih kelas

enem SD nanging duwe rasa perduli sing

gedhe banget marang sapadhane. “Kabeh wis ana, nanging kok kaya ana sing kurang, ya? Ning apane?”

takone Irma lirih.

“Ombenane Ir,” wangsulane Lila.

“Wadhuh, nek ombene rata-rata

kabeh botolan. Piye iki? Nek maem ora

nganggo ngombe lak mengko kesereten

piye?” sambunge Aryo. “Banyune iki. Bapak duwe susu kothak cacah loro kok,” wangsulane

Pak Gaguk sing gawe tentreme muridmuride.

Ora watara suwe Bondan nothog lawang. Sawise mlebu kelas dheweke

langsung lungguh ing kursine maneh.

Wektu bali mlebu menyang jero kelas iku

mau. Bondan ngrasa aneh jalaran akeh

kanca-kancane sing durung rampung

anggone ngrahabi sangune. Nanging

rasa aneh iku mau ora digagas banget

dening Bondan. Tinimbang mikirake

babagan sing kaya ngono dheweke milih

nglebokake wadhah mangane menyang

jero tase maneh. “Lho, kok malih abot,” batine

Bondan.

Bondan banjur mbukak wadhah mangane. Kalane wadhah mangan iku

mau dibukak. Bondan kaget banget.

Jalaran wadhah mangane sing maune

kosong saiki isine kebak. Ing kono ana

roti, susu, apel, gedhang, lan jeruk.

Nyawang sesawangan kaya ngono ora

krasa luhe Bondan ndredes mili nelesi

pipine. Dheweke ngrasa matur nuwun

banget duwe kanca sing apikan. Nanging

dheweke uga bingung kudu menyang

sapa anggone ngucapake matur nuwun. “Ayo dimaem aja disawang thok, ndang dimaem. Jam pelajaran tam- bahan sedhela maneh bakal diwiwiti!,”

ngendikane Pak Gaguk. Bondan sing wis ora kuwat ngem- pet luwene langsung mangan jajanan ing

wadhah mangane. Ing kalane mangan

jajan iku Bondan janji bakale ngucapake

matur nuwun menyang kabeh kancane

nunggal kelas sabubare jam pelajaran

rampung.***

P:29

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 29 Aksara Jawa

Raden Panji Inu Kertapati lan

Dewi Galuh Candra Kirana

Ing sawijining wektu

Raden Panji Inu Kertapati,

kang uga asma Raden

Panji Kudawanengpati,

kagungan kersa nedya

tindak amanggihi calon

garwa Dewi Galuh

Candra Kirana ing Krajan

Kedhiri. Tindakira Sang

Pangeran kadherekake

bregada prajurit sawatawis

kang pinatah anjagi

kasugenganira.

Kocap kang winursita,

tindakira Raden Panji

Inu Kertapati ya Raden

Panji Asmara Bangun

sapandherek ing tengahing

marga kapapag babarisan

saka nagara Asmarantaka

kang dipandhegani dening

Raden Panji Semirang.

Nagara Asmarantaka

wus kawentar papan

cumondhoke para durjana

kang dhemen gawe

rurusuh, angganggu

marang pawongan kang

andon laku.

Harya Widada Bs.

P:30

30 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe

Macapat

Tembang Dolanan

Gereng gereng tangise kawula alit

Nangisi kahanan

Kahanan kang hanyedhihi

Agawe trenyuhe driya

Wruhanana regane BBM midit

Kang dadya karana

Reregan liyane ugi

Pating pleper padha mundhak

Mangga mangga kita sami hamirsani

Golongan menengah

Dumugeng golongan miskin

Tan bisa ngoyak reregan

Hamakarya suwene ana sesasi

Nanging asilira

Datan bisa hanyukupi

Mung kanggo selikur dina

Yogyanira kang wajib kudu marsudi

Uwaling bebaya

Kang nerak wargane nagri

Kandhane arep pro rakyat

Wakil rakyat kudu bisa hamakili

Klebu rakyat papa

Nguculi gubeting tali

Kang hanjiret rakyatira

Ngrasakake Undhake Rega BBM

Sinawung Sekar Maskumambang

Dening Drs. Subagya

Senenge

Tembang/Cakepan: Sastraliwung

1=C 2/4 Wirama Greget

. .

.

. . .

P:31

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 31 Geguritan

Yan Tohari

Saukara

nalika ana ketang saukara

isih mangsi biru daktulis gurit mbarengi tibane

grimis sore

aku ngerti awakmu kurang rena

awit gurit amung nambah tumpukan cuwa

ukara mbaka ukara tan wurung kabuwang ing

larahan

lan kaendahan sastra dadi crita lawas tanpa

tuwas

sepuranen aku nimas, sepuranen...

tembang-tembang asmaradana kebacut

ngumbara

mapag udan sing nibakake was sumelang

ketang saukara kepengin daktitipake ing grimis

pungkasan

muga gurit lawas iki bisa dadi panglipur

ngancik mangsa ketiga: werna tresna durung

luntur...

Karangdowo, Klaten 2022

Aming Aminoedhin

Kodrat

taun-taun lumaku kaya wis kinodratake

bakal ana memala tanpa rupa, angel ditata.

ing kana-kene kabeh kena, ora ana sing bisa

nglawani kanthi permati, isih gawe wedi

marang sapa wae ana donya iki, wingi ika

kutha-kutha kaya mati, katon sepi.

donyane apa wis cedhak kiyamat, ora ana

sing ngerti, akeh wong mblunat

laku korupsi, tanpa rasa wedi, ana uga

seneng laku mbotoh, omong goroh

tanpa tayoh.

jamane donya pancen wis kinepung memala.

kapan rampunge memala iku nggodha

manungsa? kapan uga wong-wong iku

ora laku bejat? gawe uripe liyan

dadi mlarat kesrakat.

kuwi kabeh wis dadi kodrat jaman akir,

akehana dzikir, aja melu-melu

wong sing padha kenthir.

Mojokerto, 22/6/2021 (03.57)

Em Ha Ye Semut

Cilik wewujudanmu

Nanging gedhe tekad mu

Makantar semangat mu

Rumaket kekadangan mu

Delengen kae!

Wadya bala semut

Lagi pacak baris

Nambut karya

Kanthi guyub rukun

Agawe santosa ing karsa

Bagya mulya jiwa raga

Adoh saka rasa serik

Sesongaran apa maneh thethengilan

Angudi bebrayan

Kebak karaharjan

Apa ora padha isin

Karo drajate semut?

Kevin Meinandoval

Pitutur Hadi

Mara diage wuningana brayat samya

Gedhe cilik kakung putri wredha mudha

Sagung sanak datan ana kang kajaba

Manawa ana pitutur kang banget hadi

Yaiku dhawuhing para wasis luhur uni

Sanyata pantes tinampa dhateng kaki

Prandene patut lamun kagema palupi

Kang tama yeku wong kang nora jirih

Wong kang wanuh laku sedyane urip

Ingkang wasis lan samukawis ngelmi

Kalawan wong kang wicarane manis

Pengging Handayaningrat

P:32

32 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Semarangan

Wes sejam luwih aku mlayu-mlayu ning

sekitaran alun-alun Batang. Kringetku

wes netes kaya es lumer merga kena

angete srengenge. Jenenge mlayu kesel, banjur

ya campur mlaku barang. Karo mlaku ngrasakke

kesel aku muteri alun-alun karo mikir, kayane

ana sawijining keanehan saka alun-alun sing dak

sawang kaputer-puter mau. Kenalke jenengku Abdi

mahasiswa fakultas budaya ing salah sawijining

kampus negeri ning Semarang.

Mbiyen aku ora tau mikir nganti semene iki, tak

piker alun-alun kuwi ya padha wae karo lapangan

amba liyane sing ana ning tengan kutha. Tapi

bareng tak tamattamatke kok ya

ana perasaan sing

bedha, ndeloki

sekitaran alunalun kaya ana pola

tertentu ngono

prangsaku. Nanging,

apa ya? Sepisan

meneh tak puteri

alun-alune, kaya

ana sing padha karo

kutha liyane, akhire

ketemu, jebule

saka kidul ana

pusat pamrintahan,

saka lor ana pusat

ekonomi lan pasar,

bagian wetan ana

pusat hokum lan

keadilan, bagian

kulon ana pusat

keagamaan, yaiku

masjid.

Bareng ketemu

iki, aku banjur

mlayu semangat.

Ora mlayu bali,

nanging mlayu semangat maring Mbah Mijan.

Mbah Mijan dudu sedulur segetihku, nanging

saben ana pitakonan bab kasejarahan utawa

spiritual Mbah Mijan biasa njelaske kanthi kepenak

miturutku. Mbah Mijan iseh ngemut kinang karo

ngguya-ngguyu, sajake kaya wes pirsa apa sing

dakkarepke.

Bar salim aku banjur tekon maring mbahe,

“Mbah jan-jane ki apa sing gawe alun-alun

kuwi pada pa ya uwonge, kok denahe ya padha

kabeh”. “Jenenge alun-alun kuwi ora diartiake

sembarangan lho nang, kuwi ana sejarahe, saka

jaman Hindhu-Buddha ning tlatah Jawa wes ana

istilah alun-alun miturut kitab Kertagama, kuwi

dinggo ngormati dewi lemah, bentuke kudu segi

papat, lan lemahe kudu sakral yaiku lemah ngarep

pusat pemerintahan” jelase mbahe.

“Lho mbah, kok nyatane bagian kulon kuwi

masjid, dudu peninggalan Hindhu apa Buddha?

Tapi masjid, kan niku kerajaan Mataram” tekonku

ngeyel. “Ngene nang, budhaya kuwi ngembang,

terus peninggalane ora kemudu arupa artefak,

contohe alun-alun kuwi budaya Hindhu Buddha

tapi ya ditumrapake uga ning Kerajaan Mataram,

di nggo ngumpulake masyarakat kanggo ngerteni

apa wae kabutuhane lan kanggo nyebarke titahe

raja-raja jaman semana”. Sambunge simbah.

“Tapi nang pas jaman Landa teka nyang bumi

Jawa, alun-alun dadi

beda fungsine, wes

ora kaya mbiyen

meneh, alun-alun

mung dienggo

upacara formal

bloko, wes ora

kaya mbiyen sing

fungsine akeh. Saiki

alun-alun wes ora

sakral meneh, wes

dadi panggon sing

rupapadha nanging

sejatine beda”.

Mbahe nambahi.

“Bedane napa

mbah?” jujurku

bingung. “Ngene

ya nang, saiki

alun-alun wes ora

tumrap fungsine,

saiki wong-wong

padha dodolan ning

alun-alun, ya apik,

nanging sampahe

ora diurus kanthi

bener, durung dalan

sing saiki rameneerameram, ndadikke alun-alun ora bisa dilewati

kecuali pas minggu pas ana cegatan kendaraan

pada raoleh mlebu kuwi lho… apa jenenge?” “Car

free day” jawabku negesi, “nah ya kuwi” jarene

simbah karo ngacungi jempol aku.

“Lhah terus sakmenika piyantun nem kados

kula niki kedah pripun mbah?” karepku golek

winarah. “mendhing saiki dewe sing isih urip ning

jaman iki, kudu gelem njaga kaluhurane leluhur

gawe alun-alun, dadi bisa njaga panggon publik

kuwi kanthi luwih setiti, aja lali iki titipan saka

leluhur lho!” piwelinge simbah. “Nggih mbah,

maturnuwun”.

Oleh : Muhammad Rahman Athian S.Pd., M.Sn

Alun – Alun

P:33

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 33

Oh Lelakon

Kaya adat saben dinane Martuji

(jeneng singlon) bocah

lanang pengangguran kang

duwe anak bojo sing kudu diopeni

mung lungguhan dolanan hape

karo ngguya-ngguyu dhewe.

Martuji wis omah-omah naka

sepuluh taunan. Dheweke biyen

kerja ing kutha Jakarta sawise lulus

saka sekolahe. Ora ketang kerja

dadi buruh ana ing percetakan

kang lumayan gedhe. Bayare uga

cukup kanggo urip saben dinane.

Dheweke kontrak omah petak

prasaja ing dhaerah Blok M.

Menyang mulih nyambut

gawe dheweke numpak

angkutan kutha. Saploke

omah-omah duwe bojo Martuji

malah malih dadi wong kang

keset. Nyambut gawe wegahwegahan nganti bojone kerep

muring-muring weruh Martuji

klonthang-klanthung ora

mangkat nyambut gawe.

Anake wiwit sekolah butuh

ragad akeh kok Martuji ora

ngowahi kelakuane. Kancakancane sapenggaweyan wis

padha duwe omah lan pit

montor Martuji durung duwe

apa-apa. Omah ya ming

kontrak lan mangkat nyambut

gawe isih numpak angkutan

umum.

Ngrasakake kahanan uripe ora

owah Martuji duwe pepenginan

mulih ana desane. Sapa ngerti

ing desane ana gaweyan sing bisa

nyukupi kabutuhane. Apamaneh

bali ana omahe wong tuwane ora

perlu ngontrak maneh. Ngontrak

omah ing kutha gedhe Jakarta

larang regane.

Bojone Martuji sing aran Paini

manut wae kekarepane bojone.

Esuke Martuji sakulawarga

pindhahan saka kutha Jakarta bali

menyang desane. Kanthi nyewa

truk kanggo ngangkut tempat tidur,

lemari lan bekakas liyane Martuji

sakulawarga pindhah saka kutha

Jakarta tumuju desa kelairane.

Elek-elek bali ana omahe dewe.

Tekan desane Martuji

sakulawarga dipethukake bapak

mbokne ing pekarangan omah.

Bekakas nuli diudhunake saka truk

lan dilebokake ana njero omah

saperlu ditata.

Tangga teparo padha melu

ngewangi usung-usung bekakase

Martuji. Bapakne Martuji ngaturake

panuwun marang tangga teparo

sing wis mbiyantu kerepotan

kulawargane. Bapak-bapak lan

ibu-ibu sing padha ngewangi

nuli diaturi ngunjuk lan dhahar

panganan sing wis disajekake.

Dhasar watake Martuji, ben ora

ketok rekasa dheweke crita-crita

menawa ing kutha Jakarta uripe

kepenak. Dheweke bali desane

karepe ben cerak wong tuwane sing

wis sepuh lan butuh ditunggoni.

Wong-wong sing krungu critane

ming manthuk-manthuk.

Liya dina Martuji sakulawarga

sing saiki urip ana desane mulai

ngrasakake menawa urip ing desa

kudu sregep obah. Ora ketang dadi

buruh tani, golek kayu lan suket

kanggo nguripi kewan ingon- ingonane.

Anake Martuji uga seneng

urip ana desane mbahe. Swasana

desane ayem tentrem lan ora

brebeg krungu suwara kendharaan

liwat. Hawane uga adem lan apik

kanggo kesehatan.

Urip ing desane Martuji uga

ora gelem owah. Gaweyane mung

lungguhan wedangan karo dolanan

hapene sing ora ana gunane.

Bapakne wis akon Martuji nyambut

gawe saanane dhisik. Martuji mung

jawab yah yoh nanging ora ndang

menyat.

Sawijining dina Martuji ketemu

kanca cilikane biyen sing jeneng

Sukro. Sukro uga nyambut gawe

nggarap sawah lan kebone dhewe.

Asile lumayan kanggo urip saben

dinane. Sukro klebu wong kang

kecukupan. Dheweke bisa tuku

pit montor nganti cacah telu. Sing

siji dienggo dheweke, sing siji

dienggo anake sekolah lan siji

nganggur ana ngomahe.

Sukro ngajak Martuji nandur

wit-witan kang gampang openane

lan asile lumayan. Martuji gelem

wae nuruti panjaluke kancane

kuwi nanging dheweke alesan

ora duwe pit montor kanggo

wira-wiri menyang kebon lan alas

kangg adoh. Sukro nuli ngomong

menawa ana pit montor siji

sing nganggur oleh dienggo

Martuji yen temenan arep

nyambut gawe ngewangi

dheweke.

Pit montor nuli

dipasrahake Martuji.

Panjaluke pit montore

diopeni ben awet lan ora

rusak. Pit montor banjur

digawa mulih lan diduduhake

bojone. Bojone seneng

meruhi Martuji gelem obah

arep nyambut gawe ewangewang kancane.

Dina malih sasi Martuji

mulai keset-kesetan

maneh. Rumangsa ora tau

ditakoni Sukro pit montor

digadhekake kanggo nutupi

kabutuhan saben dinane.

Pisan pindho ketemu Martuji

ing dalan Sukro ora nggape kok

saiki Martuji ora numpak pit

montor. Apa pit montore rusak

apa piye.

Sukro banjur nemoni Martuji

saperlu nakokake pit montore

ana ngendi. Martuji jawab menawa

pit montore digadhekke. Wis ana

sesasi pit montor dicekelake

rentenir. Padahal dhuwit silihan

kudu nganaki kang ora sethithik.

Sukro nuli ndhedhes Martuji

supaya nduduhake panggonan

omahe rentenir mau. Tekan omahe

rentenir pit montor nuli ditebus lan

digawa mulih Sukro. Martuji isin

amarga wis gawe kuciwa kancane

mau. Dheweke mung bola-bali

njaluk ngapura lan janji bakal

mbalekake dhuwite yen wis ana.

Sukro ming mesem karo bali

saka panggonan kono. Ing batine

bocah iki wis ditulungi ora ngerti.

Kepengine nulungi kanca supaya

ora rekasa anggone nyambut

gawe. E malah ndadak kakehan

polah. Oh lelakon. (Heri-Jogja)

Ora Rumangsa Ditulungi

P:34

34 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Pengalamanku

Ketemu Keri

Karep nulis pengalamanku iki wis suwe

dakangen-angen, ning lagi saiki

kelakone, critane mangkene.

Wektu iku aku isih bujangan lan lagi

medhayoh ing daleme paklike kancaku

sing mapan ing tlatah pegunungan.

Kaperluwanku atur uninga yen kancaku kang

lagi melu kegiyatan perkemahan sekolahan

nandhang lara lan banjur digawa menyang

rumah sakit dening gurune.

Wiwit kuwi anggonku seduluran saya

rumaket nganti saiki, paklike kancaku

mau kabeh putrane nganggo jeneng Dias,

sing nomer siji Dias Eka Cahyana, nomer

loro Dias Dwi Haryani, nomer telu Dias Tri

Laksana.

Pranyata tembung Dias asale saka

cekakan asma bapak ibune yaiku pak Dikin

lan ibu Asri, wah jan elok lan arep daktiru

samengko yen aku njenengi anak-anakku.

Kersane Allah bojoku jenenge Siti, lan aku

kewuhan anggone gawe cekakan amarga

jenengku Agus, wektu kuwi aku durung

sinau gawe tulisan arep gawe cekakan

jeneng mula anakku banjur dak jenengi

Niken lan Kukuh.

Bareng saiki aku wis duwe putu lagi

ketemu, satemene bisa apik jenenge anakku

mau Eko Astianti lan Kukuh Astianto, ning

emane ketemune tiba keri, nalika semana

sing mrentul kok Agti lan Gusti rak aneh ta,

nuwun.

[Agus Suprapto-Purworejo]

Tukang Ngapusi

Bocah kembar kang praupane padha

persis bisa wae beda ing sipate

Kedadeyan ing crita iki kena

kanggo bukti. Ana bocah kembar kang

wektu saiki wis dadi wong tuwa celuk wae

Sarwedi lan Sarwono temtu jeneng wong

loro iki jeneng singlon.

Wong loro iki manggone ana tlatah Temanggung. Sarwedi guru ana ing salah

sijine SD ing kabupaten Temanggung.

Sarwono pagaweyane ora jelas.

Salah sawijine dina tanpa ana sebabe ujugujug Sarwedi ing dalan raya Temanggung

- Wonosobo dikeplaki karo wong. Sarwedi

bingung apa masalahe.

Mbasan dijelasake karo sing ngeplaki

Sarwedi dituduh wis ngapusi pirang-pirang

perkara. Sarwedi banjur menehi keterangan

yen dheweke iku kembar.

Wong sing ngeplaki dadi mlongo.

[Muhisom Setiaki - Parakan]

P:35

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 35 Napak Tilas

Walanda ora mandheg

anggone ngonggrehonggreh paprintahan

Mataram, supaya bisa nguwasani

sakabehe. Wose, Mataram kudu

manungkul marang Walanda.

Pangeran Mangkubumi ora kersa

tundhuk marang Walanda. Kanthi

sakuwate, Pangeran Mangkubumi

disengkuyung dening masarakat

sing ora seneng marang polah- tingkahe Walanda, terus ngadani

paprangan. Paprangan dumadi ing

tapel wates Surakarta.

Wektu kuwi, rombongan

Gubernur Jenderal Van Imhof metu

(bali) saka Surakarta arep tumuju

menyang Semarang. Rombongan

Gubernur Jenderal Walanda

kasebut dikawal dening pasukan

saka Surakarta kapendhegani

dening Tumenggung Jayawinata.

Nalika tekan tapel wates Surakarta,

Gubernur Jenderal kaget anane

serangan Pangeran Mangkubumi

sing ujug-ujug. Kanthi wengis

pasukan Pangeran Mangkubumi

arep ngrangket Guberner Jenderal

kasebut. Ananging Gubernur

Jenderal kasil dislametake

dening pasukan Walanda.

Sing dadi kageting Gubernur

Jenderal, pasukan sing dikirim

raja kapandhegani Tumenggung

Jayawinata, sakala mbalik gabung

marang pasukan Pangeran

Mangkubumi. Ngerti kedadeyan

mangkene iki, pasukan

Walanda gage mlayokake

Gubernur Jenderal menyang

Semarang.

Perang Pangeran

Mangkubumi larase

thathit nyamber-nyamber

ing papan ngendi wae,

prabawane perang iki

wis sumrambah tekan

sakiwa-tengene Surakarta.

Sakehing masarakat lan

para bangsawan sing ora

seneng Walanda melu

nyengkuyung kiprahe

Pangeran Mangkubumi.

Raden Mas Said, putra

Pangeran Mangkunegara

uga manunggal marang

Pangeran Mangkubumi.

Ora mung kuwi, para bupati

pesisir lor sing rumangsa

diidak-idak Walanda, uga

nyengkuyung lan enggalenggal manunggal marang

Pangeran Mangkubumi.

Sawijining dina,

Pangeran Mangkubumi lan para

warga sing pada nyengkuyung,

ngadani serangan umum ing

Kraton Surakarta sing dikukuhi

dening wadyabala Mataram lan

Walanda sing kapimpin dening

Mayor Hugendorf lan Mayor De

Klerq. Pasukan Mataram ora

kuwagang lumawan serangan

Pangeran Mangkubumi sing

disengkuyung dening masarakat

kang ora bisa kaetung cacahe.

Pasukan Mataram kedhesek,

wusana nyingkrih tumuju Kraton

Surakarta. Sunan Paku Buwono

II banjur maju ngadhepi pasukan

sing nyerang kuwi. Panjenengane

enggal-enggal nabuh bendhe

pusaka ‘Kyai Bicak’ utawa

‘Pancajadnya’. Ananging apes,

bendhe iku ditabuh ora metu unine.

Iki pancen ora bisa dinalar. Biasane

bendhe yen ditabuh unine sero

lan gemlonthang keprungu saka

kadohan. Ananging saiki kepara ora

ana unine alias ora gelem ditabuh.

Sunan Paku Buwono II banjur

kendel sawetara ing Siti Hinggil,

wusana ngendika ing sajroning

manah: “Aku isih eling marang

ngendikane Rama Prabu, aku ora

kepareng nglarani atine adhiku

yaiku Mangkubumi. Saumpama

nglarani atine adiku, iku pratandha

negara Mataram bakal pecah.

Mula, adhiku sing daktresnani,

terusna perjuanganmu lumawan

Walanda. Muga-muga Gusti

Ingkang Maha Agung tansah

paring pangayoman.”Sunan Paku

Buwono II banjur manekung,

semedi nyuwun pangapura marang

Gusti Ingkang Maha Kuwasa.

Sawise semedi, bendhe banjur

ditabuh... swarane gemlonthang

keprungu nganti tekan ngendiendi. Pangeran Mangkubumi

mireng swara bendhe iku, banjur

mrintahake para pasukan supaya

mundur. Pangeran Mangkubumi

kondur ing bumi Sukawati

maneh.

(Lis HS)

Sumber:

1. KRT Rintoisworo, KHP

Widyabudaya, Karaton Ngayogyakarta

Hadiningrat.

2. Ensiklopedia Raja-Raja Tanah Jawa,

karangan Ki Sabdacarakatama.

BENDHE ‘KYAI BICAK’

Pangeran Mangkubumi terus

berjuang lumawan Walanda

(Foto; repro)

Pusaka bendhe ‘Kyai Bicak’

(Foto; Herry)

P:36

36 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Liputan

Gusti Kanjeng Ratu (GKR)

Bendara kang sadurunge

kagungan asma Gusti

Raden Ajen Nurastuti Wijareni

yaiku putri wuragil utawa putri

kaping lima saka pasangan Sri

Sultan Hamengku Buwono X

kalihan GKR Hemas. GKR Bendara

uga nate minangka salah sijine

’10 Besar’ Kontes Miss Indonesia

2009, panjenengane sarjana

bidhang perhotelan ing Swiss

(Edinburgh Napier Universaity),

uga ISS International School, sarta

IMI (International Management

Institute).

GKR. Bendara kang tansah

disengkuyung dening garwane

yaiku Achmad Ubaidillah kang

kaparingan gelar Kanjeng

Pangeran Haryo (KPH)

Yudonegoro, kaparingan putra

cacah loro yaiku Raden Ajeng

Nisaka Irdina Yudanegoro lan

Raden Mas Radityo Mandhala

Yudo.

Ing pengetan ‘Hari Batik

Nasional’ Minggu, 2 Oktober

2022 GKR. Bendara Penghageng

KHP (Kawedanan Hageng

Punakawan) Nitya Budaya paring

pangandikan, “Museum Karaton

Ngayoyakarta Hadiningrat

nggelar agenda ‘peluncuran

katalog digital Awisan Dalem

Bathik’ lan ‘wajah baru museum’.

Mapan ing Bale Raos, kegiyatan iki

dileksanakake bebarengan karo

pengetan ‘Hari Batik Nasional’.

Kanthi semangat nglestarekake

sarta ngrembakake, sajroning

pagelaran kasebut Kraton

Ngayogyakarta nandhesake

katrangan magepokan karo

nggunakake motif bathik

l a r a n g a n

GKR (Gusti Kanjeng Ratu) Bendara

Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat Jaga Lestarine Bathik

GKR. Bendara

(Foto : Ist/Kalingga/DL)

Motif bathik Ceplok Sekar

Radyakartiyasa

(Foto : Ist/Kalingga/DL)

P:37

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 37

(Awisan Dalem) ing Kraton, ing

kalodhangan iku uga ngepyakake

motif bathik anyar kanggo para

edukator ing museum.”

Kegiyatan nglestarekake

bathik kang dimaksudake dening

Kraton adhedhasar marang

rujukan arsip-arsip busana

wiwit pamarentahan Sri Sultan

Hamengku Buwono I (1755-1792)

nanging uga dokumentasi kraton

nalika jaman pamarentahan

Sri Sultan Hamengku Buwono

VIII (1921-1939) uga Sri Sultan

Hamengku Buwono IX (19401988). Katalog kasebut praktis

nyuguhake ornament hias bathik

kang ngrembaka saka sadawane

wektu.

Masarakat bisa antuk

katrangan ngenani paugeran

motif, ornament nganti ukuran

saka maneka hiasan bathik.

Katalog uga macak ukuran

motif kang diwujudake lumantar

vector, satemah nggampangake

masarakat anggone merdeni

unsur-unsur stilistik kang

ana sajroning bathik khas

Yogyakarta.

KPH Notonegoro minangka

penanggungjawab saka

prodhuksi katalog uga katuran

bukak kalodhangan kang jembar

tumrap para pemerhati bathik,

praktisi seni bathik, apadene

pecinta bathik kanggo paring

pemanggih supaya katalog

kasebut ing tembe bisa dadi

tolok ukur tumrap masarakat

sajroning mengagem busana,

mligine magepokan karo bathik

Magepokan karo ngrembakakake bathik, Museum Kraton

Ngayogyakarta dipandhegani

Kawedanan Radyakartiyasa melu

jaga langgenge tradhisi wastra

kanthi ngepyakake motif bathik

anyar. Motif bathik kasebut

didhudhah saka ornament hias

flora kang ana ing Saka Regol

Danapratapa. Bathik kasebut

banjur dijenengi Ceplok Sekar

Radyakartiyasa, motif iki dicipta

lan digunakake tumrap para

edukator museum. Motif kanthi

pola ceplok kasebut banjur ‘distilir’

arupa sekar utawa kembang

padma, kanthi pangajab dadi

sumber ilmu saka saben kang

ngagem bathik kasebut.

GKR. Bendara minangka

Penghageng Kawedanan

Hageng Punakawan Nitya Budaya

ngendika, “ Corak iki laras

digunakake dening edukator

museum kang duwe jejibahan

‘memandu’ tamu utawa wisatawan

, sebab petugas iki minangka

pangarsa saka siar budaya kang

asale saka kraton. Kejaba iku,

peluncuran wajah baru Museum

Kraton Yogyakarta uga kanthi

rega tiket anyar sarta tata ruang

kang anyar saka saben museum.

Ing kompleks Kedhaton,

ana maneka museum kanthi

tema-tema khusus, kayadene

Museum Daur Hidup, Gedhong

Lukisan, sarta ‘living museum

kang minangka representasi

saka kehidupan keseharian

Kraton. Saben museum iki ing

taun ngarep bakal ‘diluncurake’

marang masarakat kanthi

bertahap. Kanthi mangkono

Kraton Yogyakarta praktis bisa

paring sumbangwsih marang

khasanah keilmuan uga jaga

lestarine budaya lumantar ruangruang museum.”

Tatiek Poerwa Kalingga/DL

Sumber : kratonjogja.id

Minangka narasumber ing Pengetan ‘Hari Batik Nasional’ (Foto : Ist/Kalingga/DL)

Para pemerhati, praktisi seni bathik, pecinta bathik (Foto : Ist/Kalingga/DL)

P:38

38 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Pangupaboga

Antarane dina Setu-Minggu,

1-2 Oktober 2022 kepungkur

kegiyatan Gebyar usaha

menengah kecil dan mikrokecil

(UMKM) wilayah Kevikep Yogyakarta

Barat bagian utara utawa Kevikep

Kulon Progo Utara digelar ing Boro,

Kalurahan Banjarasri, Kapanewon

Kalibawang, Kabupaten

Kulonprogo. UMKM sing nyakup

paroki / stasi cacah enem yaiku

Nanggulan, Pelem Dukuh, Boro,

Promasan, Pojok, lan Klepu iki

paling sethithik disengkuyung 72

pelaku UMKM sing mapan sajrone

stand cacah enem lan saben

stand paling sethithik dienggoni

pelaku usaha cacah 12. Saemper

karo sebutane minangka usaha

menengah – kecil - mikrokecil

mula kasil usaha sing ditawakake

paling akeh uga prasaja sing trep

kanggo masrakat ngisoran tekan

menengah.

Miturut Ketua Panitia Gebyar

UMKM Kevikepan Yogyakarta

Barat Utara 2022 Yustinus Harjito

marang Djaka Lodang, kegiyatan

iki bisa dadi wadhah tumrap

umat kang duweni kegiatan

usaha cilik tekan menengah.

Tekan wektu iki akeh umat kang

duweni pangupajiwa gegaweyan

lan bebakulan sing paitan lan

sumebar pasarane isih winates.

Diajab liwat kegiatan Gebyar UMKM

Boro 2022 iki bisa dadi srana lan

pancadan kanggo mekarake kasil

pakaryan (produksi) lan pasaran.

Jalaran akeh kedadeyan, bisa gawe

barang dagangan nanging ora bisa

anggone ngedol. Liwat gebyar

iki diajab sakehe sandhungan

bebakulan mirunggan anggone

ngedol bisa lancar. Pangarep- arep lancare edol-edolan iki

bisa dideleng saka akehe dhuwit

blanjan saka sing rawuh ing

pameran sajrone rong dina kliwat

Rp 40 yuta. Lire, lakune bebakulan

luwih lancar nalika dumadi

patembayatan antarane sing bakul

karo sing tuku. Dagangane bisa

dipercaya ala becike, tukune uga

langsung karo sing gawe.

Gambaran nyata anane bakul

(pelaku usaha) cilik lan sedheng

sing perlu oleh kawigaten iku bisa

ditonton saka warna-warnane

dagangan kang dibakulake sing

sebageyan gedhe kasil usaha

dhewe. Uga saka prasaja lan

mempere barang dagangan sing

dibakulake dening pelaku UMKM

ing wilayah Kevikepan Yogyakarta

Barat Utara. Racak dagangan

sing ditawakake olahan pawon

utawa kasil saka usahane dhewe.

Panganan olahan pawon sing

ditawakake klebu peyek, krupuk

ikan, kripik, dhawet, wingka,

moci, jadah, jenang, krasikan, lan

isih akeh olahan liyane. Barang

kerajinan nyakup saka guci, grabah,

kain bathik, lurik, kain tenun, tas

kain, dhompet, sandhangan dadi,

lan akeh jinis kasil karya liyane

tekan taplak saka limbah plastik.

Dene dagangan sing gayutan karo

budidaya tetanen lan kesenengan

kayata palawija, uwoh-uwohan,

iwak banyu tawa, bibit sayuran

lan buwah-buwahan, bibit lan

GEBYAR UMKM KEVIKEP YOGYA BARAT 2022

Ngajab Pelaku Usaha Cilik lan

Menengah Jenggelek

Penyerahan Nomor Induk Berusaha (NIB) marang pelaku UMKM dening Rama

Subiyantara Putra Perdana Pr (Ft. Ist)

Anggota DPRD Kab. Sleman Bambang Sigit Laksana mertinjo Gebyar UMKM

Kevikepan wilayah Yogya Barat (Ft. Ist)

P:39

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 39

kembang anggrek, tuwuhan

pasren lan kekembangan. Amarga

Gebyar UMKM iki gayutan karo

pengetan Hari Pangan Sedunia

(HPS) tanggal 16 Oktober

2022 mula melenge kegiyatan

luwih ngatonake bebakulan

kasil prodhuksi pangan mentah

apadene olahan.

Amrih kegiatan bebakulan iki

bisa lancar, mekar, pinercaya,

lan diakoni perlu Nomor InduK

Berusaha (NIB) sing diwetokake

dening Dinas Koperasi. Mula

bebarengan karo digelare Gebyar

UMKM ing Boro iki, Dinas Koperas

Kulon Progo menehi pelayanan

marang pelaku usaha sing durung

duwe NIB kanggo ngajokake.

Amarga pelayanan pengajuan

lan menehi NIB iku asipat online

mula pelaku usaha sajabane

Kulonprogo tetep bisa ngajokake

liwat pelayanan ing Gebyar

UMKM lan oleh NIB secara gratis

wektu iku uga. Penyerahan NIB

marang pelaku usaha ditindakake

dening Pastor Paroki Boro Rama

Subiantoro Putra Perdana Pr

amakili pihak Dinas Koperasi

Kulon Progo.

Gebyar diregengake suguhan

kiprah senam lan jalan sehat, seni

suwara, campur sari, joged klasik,

organ tunggal, jathilan sing digelar

antarane acara tanggap wacana

lan edum-eduman doorprize

kaya kipas angin, termos, kulkas

lan liyane sing cacahe puluhan.

Gebyar UMKM Boro 2022

sing uga disengkuyung

dening Kevikepan

Yogyakarta Barat sarta

Badan Kerjasama Antar

Desa Kalibawang Mandiri

iki senajan lagi sepisanan

dianakake nanging oleh

tanggapan becik saka

sakehing pihak. Para

pelaku usaha sing biyene

kurang manteb lan

kurang percaya marang

usahane rumangsa oleh

dalan kanggo ngipuk- ipuk usahane.

Miturut Pengetan

HPS sing ditindakake

pihak Greja mirunggan

saka Konferensi

Waligereja Indonesia

(KWI) sing taun 2022 iki

jupuk tema Solidaritas

Pangan (Semakin

Peduli dan Murah Hati)

iki krasa mirunggan

krana nujoni wektu

paska pandhemi Covid-19. Mula

panguwuh lan pangajak sing

ditindakake yaiku ngusahakake

pola makan langayahidup sing

prasaja, nyurung lan mandhegani

martakake babagan urip sehat

- cukup – marnani – sajrone

panguripan kang prasaja, menehi

kemurahan marang pelaku usaha

cilik - andum pangan kang sehat - mbangun penalaran solidaritas,

lan mbangun ketahanan

pangan lelandhesan lingkungan

alam. Kejaba iku ing adicara

pembukaan sing ditindakake

dening SEkretaris Dinas Koperasi

dan UMKM Kabupaten Kulonprogo

Ibu Chatarina Tri minangka sulih

salirab saka Pj BupatiKulonprogo

ngajak para pelaku UMKM kanggo

mlebu dadi anggot5a koperasi

minangka saka guru ekonomi

bangsa kanggo mujudake keadilan

sarta kemakmuran kabeh warga

bangsa Indonesia. *

(Willibrordus / DL)

Pelaku UMKM sing wis kelarisan saka Paroki Klepu (Ft. Ist)

Pembukaan kanthi nabuh gong dening Kepala Dinas Koperasi Kab. Kulonprogo, Ibu

Chatarina Tri Subekti minangka sulih Pj. Bupati Kulonprogo (Ft. Ist)

Panitia Gebyar UMKM Kevikepan Yogya

Barat 2022 Boro (Ft. Ist)

P:40

40 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Kraton

Uyon-uyon asale saka ukara

‘Manguyu-uyu’ sing ateges

persembahan tembang Jawa

sing dilantunake dening waranggana

(pesindhen) lan penggerong kairingi

gamelan Jawa, andadekake uyonuyon ora bisa uwal saka karawitan,

pesindhen lan penggerong. Karawitan iki bisa kanggo ngiringi apa

wae, nanging yen uyon-uyon madeg

dhewe minangka seni pertunjukan.

Biasane uyon-uyon digunakake ing

adicara manten, tasyakuran, mengeti

tanggap warsa lan liya-liyane.

Jinise uyon-uyon ana 3 yaiku;

1. Uyon-uyon sing piranti gamelane

jangkep (pelog lan slendro).

2. Uyon-uyon sing migunakake

mung saperangan gamelan,

yaiku ora migunakake bonang,

kethuk, kempul lan kenong.

3. Cokekan yaiku uyon-uyon sing

migunakake gender lan siter.

Kecukupan uyon-uyon ana 4 yaiku;

1. Gamelan; tetabuhan sing

ngiringi tembang.

2. Niyaga; pawongan sing ngayahi

nabuh gamelan.

3. Lelagon; sing ditembangake

kayata, ladrang, srepeg,

ketawang lan liya-liyane.

4. Sindhen lan wiraswara; pawestri

sing nembang, dene wiraswara

yaiku priya sing nembang.

Ing Kraton Ngayogyakarta kanthi

ajeg diadani uyon-uyon hadiluhung

ing saben Wiyosan Dalem Sultan

ingkang Jumeneng. Jaman Sultan

HB IX uyon-uyon hadiluhung diadani

saben dina Setu Pahing. Saiki jaman

Sultan HB X diadani saben dina Senen Pon malem Selasa Wage (Selasa

bengi bakda Isya’). Adicara iki diadani

kanggo mengeti Wiyosan Dalem

Sultan ingkang Jumeneng. Jaman

biyen sadurunge ana teknologi kaya dene saiki, disiarake liwat RRI

Nusantara II Ngayogyakarta. Saiki

wis disiarake lumantar Youtube

Channel Kraton, dileksanani dening

Kawedanan Tandha Yekti. Dene

adicara uyon-uyon hadiluhung

dileksanani dening Kawedanan Kridhamardawa, uga ngatutake kawedanan-kawedanan liyane sing

terkait. Dene ageman sing kajibah

ing adicara kuwi, kakung ngagem

pranakan jangkep tanpa cenela

(sepatu, sandhal), nyampinge diwiru

engkol. Menawa pawestri ngagem

ageman kebaya janggan warna ireng

tanpa cenela.

Gendhing-gendhing sing disuguhake biasane diwiwiti lan

dipungkasi kanthi gendhinggendhing pakurmatan, gunane

kanggo kurmat Dalem nalika

Sultan miyos utawa nilarake papan

upacara. Gendhing-gendhig iki

dikumandhangake saka piranti

‘Gangsa Ageng’. Ana gendhing cacah

papat kagem pakurmatan Dalem:

1. Gendhing Prabu Mataram.

Prabu ateges raja Mataram yaiku

putra wayah cikal bakal Kraton

Ngayogyakarta. Gendhing iki

ditabuh rikala Sultan miyos saka

kedhaton.

2. Gendhing Raja Manggala.

Raja ateges raja (Sultan),

Uyon-Uyon Hadiluhung Selasa Wagen

ing Kraton Ngayogyakarta

Abdi dalem pengrawit ingkang ngiringi Beksan Punggawa.

(foto: Herry)

Beksan Punggawa, yasan Sultan HB X. (Foto Herry)

P:41

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 41

manggala yaiku pengageng.

Yen digandheng yaiku raja sing

paling utama. Gendhing iki

ditabuh rikala Sultan miyos saka

kedhaton (padha karo ‘Gendhing

Prabu Mataram’).

3. Gendhing Tedhak Saking.

Gendhing iki ngiringi rikala

Sultan jengkar saka singgasana,

kondur tumuju kedhaton.

4. Gendhing Sri Kondur.

Yaiku gendhing

sing ditabuh rikala

Sultan jengkar saka

singgasana kondur

tumuju kedhaton.

(gendhing iki

gunane padha karo

gendhing ‘Tedhak

Saking’).

Durung suwe iki ing

tanggal 19 September

2022 dina Senen Pon

malem Selasa Wage

diadani gelar acara

‘Uyon-uyon Hadiluhung

Selasa Wagen’ ing

Bangsal Kasatriyan Karaton Ngayogyakarta

Hadiningrat. Kejaba nyuguhake

(menyajikan) Uyon-uyon Hadiluhung

uga nyugata beksan kanthi irahirahan ‘Beksan Punggawa’ ingkang

bisa dipriksani masarakat lumantar

live streaming ing kanal youtube

Kraton Jogja lan RRI Pro 4. Para tamu

undhangan (sing rawuh kanthi cacah

winates), ananging ora tinarbuka

kanggo umum.

Komposisi gendhing:

1. Gendhing Pambuka; ladrang

‘Rajamanggala’ laras pelog

pathet nem.

2. Gendhing Soran; gendhing

‘Damarkeli’ laras slendro pathet

nem, kendhangan jangga

jangkep sadhawahipun.

3. Beksan ‘Punggawa’.

4. Gendhing Lirihan I; Gendhing

‘Kanyut’ laras slendro pathet

sanga, kendhangan jangga

jangkep sadhawahipun. Minggah

ketawang ‘Srikawuryan’ laras

slendro pathet sanga.

5. Gendhing Lirihan II; Gendhing

‘Irim-irim’ laras pelog pathet

barang, kendhangan Sarayuda,

minggah ladrang ‘Angguk

Kudus’.

6. Gendhing Lirihan III; Gendhing

‘Carang Gantung’ laras slendro

pathet manyura. Kendhangan

candra jangkep sadhawahipun.

Ladrang Asmaradana laras

slendro pathet Manyura, ayakayak, srepeg lan plajaran, laras

slendro pathet manyura-lagu

dolanan; ‘Te kate dipanah, Sar

sur kulonan, Dhong-dhong

gung lan Bagong ngamuk’, laras

slendro pathet manyura.

7. Gendhing Panutup; ladrang ‘Sri

Kondur’ laras slendro pathet

manyura.

Ing adicara malem Selasa Wagen

iki, disugata ‘Beksan Punggawa’.

Beksan iki yasan Dalem Sultan HB

X, kapendhet saking roman panji,

nyaritakake bab paprangan antarane

Raden Jaya Wiruta minangka senapati

saka Krajan Kediri karo Kyai Patih

Jaya Surangga minangka patih saka

krajan Parangkencana. Paprangan

iki jalaran anane

penolakan saka Dewi

Sekartaji yaiku Garwa

Panji Asmarabangun

(ibu Panji Laleyan saka

Kediri) supaya dipundhut garwa dening raja

saka Parangkencana,

yaiku Prabu Dasakusuma. Satemah raja saka saben krajan mrintahake senapati dan

patihe supaya perang.

Paprangan kasebut dimenangake dening Raden Jaya Wiruta.

(Herry SG).

KPH Notonegoro

rawuh ing

adicara UyonUyon Hadiluhung

Selasa Wagen.

(Foto Herry)

Bangsal Kasatriyan, papan Uyon-Uyon Hadiluhung Selasa Wagen

dileksanani. (Foto Herry)

Abdi dalem pengrawit ingkang ngiringi Uyon-Uyon Hadiluhung.

(Foto Herry)

P:42

42 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe

Liputan

Pameran ecoprint lan shibori,

Ecoshibition 2022 digelar ing

Jadin Craff Textile Galerry

saka tanggal 4 – 10 Oktober 2022.

Sekretaris Ecoshibiton 2022, Agus

Herwindo Muatip nandhesake

menawa pameran ecoprint lan

shiburi iki minangka pameran

kang sepisanan sawise pandhemi

Covid-19.

Minat masarakat ing babagan

olah kain ecoprint lan shibori wektu

iki sangsaya antuk kawigaten. Seje

karo kain bathik, kain ecoprint

luwih prasaja ing proses gawene.

Nanging tetep duwe ‘daya tarik’ lan

kaendahan kang seje apamaneh

Yoyakarta duwe inovasi-inovasi

kang endah kanggo seni olah kain

ecoprint kepara malah luwih maju

ditandhing dhaerah liyane.

GKBRAA Paku Alam garwa

Prameswari Paku Alam X ing

acara pembukaan pameran

ngendika, “Ecoprint minangka

salah sijine seni olah kain kang

nyebar saindhenging Nusantara,

lan ngrembakane seni olah kain

iki dadi bab kang oleh kawigaten

saka dhaerah-dhaerah liyane

padha ‘berlomba’ supaya bisa

antuk asil kang paling becik kanthi

manpangatake ‘pewarna alami’

kang ana lingkungane dhewe.

Sanajan mangkono Yogyakarta

tetep luwih maju ing babagan

Ecoshibition 2022

GKBRAA Paku Alam X : Seni Olah Kain Ecoprint Luwih Maju

KGBRAA Paku Alam X nalika buka pameran ecoprint lan shibori (FT Kalingga/DL)

Pejabat DIY lan pelaku usaha UMKM foto bareng Gusti Putri

(FT Kalingga/DL)

P:43

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 43

teknik apadene warna-warna alam

kang endah lan durung ana kang

ngalahake.”

Ancas tujuan saka pameran

kasebut supaya pelaku UMKM kang

munjerake ing bidhang ecoprint lan

shibori bisa gumregah maneh.

“Ecoshibition iki sadurunge

nate dileksanakake ing taun

2018, nanging krana anane

pandhemi Covid-19 samubarange

winates. Pungkasane taun 2022

bisa ngleksanani maneh, kanthi

panggayuh bab iki bisa paring

pambiyantu pelaku UMKM kang

‘munjerake’ ing sektor kain

tradhisional bisa gumregah lan

duwe pengare-arep,” katrangane

Agus tandhes.

Ing pameran produk ecoprint

lan shibori wetara 24 ‘tenant’

kang melu nggelar produce. Ora

mligi busana, ana maneka produk

ecoprint lan shibori kang disulap

dadi tas, sepatu, topi, nganti

hiasan omah.

Pameran iku uga nyuguhake

m a n e k a

‘busana tren’

kang ‘banjur

bisa dienggo

masreni dalem

kanthi bahan

dhasar shibori

lan ecoprint.

Kejaba iku

uga digelar

‘fashion show,

W o r k s h o p ,

S a r a s e h a n

UMKM sarta

Seminar kang

magepokan Karo jinis kain shibori

lan ecoprint kasebut.

Ketua Panitia, Handoyo uga

kagungan pangajab, “Kanthi

pameran iki bisa sangsaya

ngundhakake ekonomi para

perajin ecoprint lan shibori, kejaba

iku ing Negara manca ecoprint lan

shibori uga lagi digenjot supaya

luwih maju lan ngrembaka mula

para perajin ing negarane dhewe

mligine ing Yogyakarta aja nganti

kalah. Pameran iki uga salah sijine

ajang kanggo nepungake seni

olah kain ecoprint lan shibori kang

wektu iki pancen lagi ‘booming’,

muga-muga kanthi pameran kang

digelar iki bisa ngundhakake

ekonomi para perajin ecoprint lan

shibori.”

Tatiek Kalingga/DL

Conto Kain Ecoprint kang diagem Gusti Putri (KGBRAA Paku

Alam X) diampingi ketua panitia (FT Kalingga/DL)

Sambutan Panitia

diaturake Wiwiek

Chandra lan

Handoyo

(FT Kalingga/DL)

P:44

44 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe Warta Ringkes

Bantuan Bibit Alpukat lan Klengkeng

Dumadine bandhara Yogyakarta

International Airport (YIA),

Kulonprogo bakal dadi kutha

gedhe (metropolitan), Kulonprogo

dadi regol mlebu metune wisatawan

ing wewengkon Daerah Istimewa

Yogyakarta. Diajab Kulonprogo ora

mung kanggo liwat para wisatawan

dhomestik lan manca negara. Warga

Kulonprogo bisa narik wisatawan

supaya gelem mampir ing Kulonprogo

kanthi maneka “suguhan”, kayata

wisata alam, kuliner, adhat tradhisi,

seni budaya, wisata agro buah lan

sapanunggalane.

“Kanthi bantuan bibit alpukat

saha kelengkeng menika, kejawi

kangge njagi kelestarian alam mugi-mugi ugi saged ningkataken

ekonomi masarakat Kulonprogo,”

ngono andharane Heru Susanto

Wahyu Saputro Asisten Manager

Bisnis Mikro Bank Rakyat Indonesia

(BRI) Kantor Cabang Wates ing acara

“BRI Menanam” rikala dina Selasa

27 September 2022 mapan ing

kantor BUMDes “Binangun Mujur”

Srikayangan Sentolo Kulonprogo.

Miturut Heru Susanto Wahyu Saputro ing lokasi acara, “BRI Menanam” minangka program bantuan

bibit cacah 7.750 taneman saka

BRI marang 20 Kalurahan ing

Kulonprogo kang klebu Desa Brilian,

sacara simbolis diserahake pungkasan Agustus 2022 ing Pedhukuhan

Kuncen Bendungan Wates Kulonprogo.

Dene ing Kalurahan Srikayangan

Sentolo kang minangka puteran

pungkasan, dipasrahake bantuan

cacah 100 taneman alpukat lan

100 taneman kelengkeng dening

Heru Susanto Wahyu Saputro

kang diampingi Noviani Dwi Astiti

Kepala Unit BRI Kenteng marang

Lurah Srikayangan Aris Puryanto

kang diampingi Direktur BUMDes

Srikayangan Maria Sriyanti SSos.*

[Sumarno]

Lurah Srikayangan Sentolo Kulonprogo Aris Puryanto (nomer loro saka kiwa)

nalika nampa bibit alpukat. (Foto. Sumano)

Sendratari yaiku kesenian kang

nyawijekake seni drama lan

tari. Rehning ana dramane,

mula ing kesenian iku uga ana

dialoge antarane para paraga.

Wawanguneme ora akeh kaya

naskah drama,

Saben taun Kundha Kabudayan

Daerah Istimewa Yogyakarta ngadani

festival kesenian iki. “Festival

Sendratari ing taun iki kanggo kang

kaping seket loro”, ngendikane

ketua panitia nalika asung laporan.

Diadani ing dina Ngahad Legi, 2

Oktober 2022 utawa 6 Mulud 1956

Ehe. Mapan ing Consert Hall Taman

Budaya Yogyakarta.

Nalika jagad dicengkerem

dening Pandhemi Covid-19, festifal

iki diadani kanthi cara virtual

tegese sendratarine diadani ana

ing kabupatene dhewe-dhewe nuli

direkam. Rekaman iku sing dikirim

marang Kundha Kabudayan Provinsi.

Taun iki wis bisa uwal saka bebaya

iku. Mula bisa bali kaya

wingi uni. Sendratari

dipitontonake ing

panggung,” mangkono

ngendikane ketua

panitia bacute. “Kanthi

diadani saben taun,

bisa minangka sarana

kanggo ngetingalake

lan ngajak para

wiranom supaya bisa

dadi sutradara anyar,

penata rias anyar,

penari anyar, penata

tari anyar, panata

gendhing anyar, lan

liya-liyane kang kabeh

digarap dening para

wiranom kang maksih

semega, lan duweni

greget kang makantarkantar kanggo

ngrembakake joged

gagrag Ngayogyakarta,”

bacute pratelane.

Festival Sendratari Antar Kabupaten/

Kota se DIY Tahun 2022

Salah sijining pasarta Festival (Foto.Komarudin)

P:45

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 45

Wiranom pancen

kudu nduweni

g r e g e d

(semangat) kang

tangguh. Ora gampang

mingkuh. Ngadhepi

kahanan kang gawat,

kebak dredah, Dredahing

Indonesia jalaran

reridhuning PKI. Mula

saka iki Muhammadiyah

ngedekake komando

kesiapsiagaan angkatan

muda Muhammadiyah

utawa dicekak Kokam.

Bebadan iku didegake

kanggo ngawekani

serangan PKI. Aja nganti aset

Muhammadiyah direbut PKI.

Kokam wis umur 57 taun.

Kanggo mengeti milad kasebut,

Kokam Kabupaten Bantul ngadani

apel gedhen-gedhenan. Apel

kasebut ngiras pantes kanggo

mangayubagya bakal anane

Muktamar Muhammadiyah lan

Aisyiyah kang kaping 48 ing

Surakarta.

Apel kasebut ditekani anggotane

sing cacahe bisa nyandhak sewu.

Kejaba seka Kokam, apel iku uga

diiloni dening warga Tapak Suci

lan warga Hizbul Wathon. Adicara

iki diadani ing lapangan Trirengga.

Dene wektune Ngahad Legi, 2

Oktober 2022 utawa 6 Mulud 1956

Ehe.

Jenenge Apel, mula nganggo

Pembina Apel. Dene ingkang

diaturi minangka Pembina sore

iku, panjenengane Syauqi Suratno,

M.M. Sajroning amanate, piyambake

ngajak pasarta apel ngeningaken

cipta kanggo ndongakake arwah

bantening bal-balan ing Malang

Jawa Timur. Sabanjure, tokoh kang

digedhekake dening Muhammadiyah

iku ngendikake menawa tanggal

2 Oktober 1965, wektu iku negara

diancam bebaya Komunis. Kabeh

padha siyap siyaga ngadhepi bebaya

iku. Nuli Muhammadiyah ndhapuk

Komando Kesiapsiagaan Angkatan

Muda. Muhammadiyah kang

pinangka peranganing organisasi

kang duweni

Sesembahan ora lila

menawa dhasaring

negara bakal diowahi

kanthi dhasar

komunis tanpa duwe

Sesembahan.

Sadurunge apel

iku ditutup, Kapolres

Bantul, AKBP Ihsan,

S. IK. Paring sesorah

kebangsaan.

Ana ing sesorahe,

pepucuking polisi

sa Kabupaten

Bantul mratelakake

mongkoging manah

tan kena kinira lan penjenengane

uga luwih bombong awit ana mitra

kang bakal tansah melu ngayomi

Kabupaten Bantul kanthi anane

Kokam saka Muhammadiyah lan

Banser saka NU.

Bubar apel gedhen-gedhenan

iku, diadani pawai arak-arakan

seka lapangan Trirengga tekan

kantor PDM. Arak-arakan sore iku

uga diregengake kanthi tabuhaning

tambur saka HW Wredha Blawong lan

saka Srandakan. HW Wredha saka

Blawong duwe pasukan slompret

lan bellyra satemah sasuwene arakarakan bisa asung panglipur marang

masarakat kanthi lagu-lagu.

[Komarudin]

Apel Kokam Bantul

Para pamupu festival iki, sing bisa

sasab bakal pikantuk piala, piagam

lan bebungah. Rombongan ingkang

ngaturake kanthi biji paling akeh

bisa mboyong piala gumilir (bergilir)

saka Kepala Kundha Kabudayan

Daerah Istimewa Yogyakarta,

piagam lan bebungah. Wondene

ingkang pikantuk kanggo piyayi siji

lan sijine (perorangan) nglimputi:

sutradara, ingkang mranata (penata)

tari, ingkang mranata iringan

utawa gendhing, ingkang mranata

paes, paraga (pemeran), paraga

pambiyantu (pemeran pembantu)

sasa paraga kakung lan putri sing

paling pantes, kabeh mau dipithati

lan dipilih sing paling becik.

Senajan kahanan lagi pageblug,

festival sendratari taun 2021 uga

lumampah kanthi rancag. Taun wingi

ingkang nglenggahi juwara umum,

utusan saka Kabupaten Bantul.

Mula ing kalodhangan reroncening

adicara bebuka wingi, dhuta saka

Bantul ngondurake piala gumilir.

Ing taun iki, lagi bubar wae ana

dahuru kaya dene pageblug. Bumine

perlu diruwat. Mula undheraning

(tema) crita ing taun iki diistilahi

Ruwat Bumi. Kanthi mangkono,

ingkang mranata crita banjur padha

nyuplik wayang lakon tuwa. Putraputra Pandhawa waktu iku durung

lair. Sadurunge crita kababar, luwih

dhisik diadani workshop panulising

crita kasebut. Workshop wus

lumampah ing wulan Juni 2022.

Ana ing kalodhangan festival

wingi, sing entuk giliran sepisan,

utusan saka Kota Yogyakarta.

Rombongan iki nggelar lakon

Sudamala. Ringkesing carita, Bumi

iki nyata. Ora mung ana ing angenangen. Garising pepesthen wus

ditetepake. Manungsa kudu nglakoni.

Angkara murka lan budi utama gilir

gumanti nganti Sang Hyang Radite

wus tan jumedhul maneh.

Kulon Progo kang pikantuk

giliran angka loro mbabar crita Dusa

Durga. Durga iku pralampitaning

kasangsaraning jagad. Durga

sawijining buta kang kadadeyan

saka Bathari Uma kang disot amarga

nerak paugeran.

Ruwat Bumi minangka cara

kanggo ngilangake sukertaning

bumi awit tumindak dosa kang wis

dilakoni.

Mulatsih digarap dening duta

saka Bantul, diaturake kanggo

minangkani giliran angka telu.

Bathari Sri oncat saka Negara

Ngamarta amarga para kawula ora

padha nindakake kewajiban. Sang

Hyang Ismaya ngajak para nara

praja lan kawula Ngamarta bali

menyang jejibahane dhewe-dhewe.

Satemah Dewi Sri kersa ngayomi

praja Ngamarta.

Laku Jantra ngrenggani

pangggung kang angka papat.

Garapan duta Gunung Kidul.

Nyritakake budi pekerti kang tansah

dituntun nurani murni bakal nampa

kahanan apa wae kanthi lega

legawa.

Sri Pangabar saka Sleman,

mungkasi festival iku. Angkara

murka lan serakah mahanani para

panguwasa nerak angger-angger.

Raja kang isih kadunungan nurani

resik manengku puja. Panyuwune

kinabul. Nara praja kersa nilar watak

angkara budi candhala.

[Komarudin]

HW Wredha Blawong nggayengke apel Kokam Bantul (Ft. Komarudin)

P:46

46 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe

Wisata

Rikala tanggal 7 Oktober

2022 masarakat Yogyakarta

tumpleg bleg! ana ing Tugu

Yogyakarta, Tugu Pal Putih sing

ngandhut makna sejarah kang

dawa. Masarakat Jogja padha

rame-rame teka, para mudha- mudhi nganti tekan kasepuhan

tujuane nonton puncaking acara

Manghayu bagya (HUT) laire Kutha

Yogyakarta sing kaping-266,

arupa event \"Wayang Jogja

Night Carnival\" (WJNC) # 7

kang bisa di tonton langsung

dening masarakat Jogja.

Kahanan event Wayang

Jogja Night Carnival

bengi kuwi pancen elok

tenan, mligine para

pasarta Carnival sing

nganggo busana

wayang kang

maneka warna,

udan deres sing

sempat ngguyang

kutha Yogyakarta

nalika awan sasat

ora bisa bendung

para masarakat

sing padha duwe

tujuan padha yakuwi

deleng event sing

wis mandheg 2 taun

merga pandhemi.

Pagelaran Wayang

Jogja Nigt Carnival taun

iki kaya tamba kangen

kanggone masarakat

Jogja lan para seniman

sarta seniwati sing ana ing kutha

Yogyakarta. Rong taun suwene

pagelaran iki mung di adani ing

stadion Mandala Krida, ora ana

ing Balai Kota Yogyakarta. Nalika

Djaka Lodang kepanggih Luthvi

lan Risma P a s a r t a

Carnival Wayang Jogja Night saka

Kemantren Danurejan Yogyakarta,

ngandharake menawa masarakat

saka Kemantren Danurejan padha

semangat melu nyengkuyung

Pengetan HUT Kutha Yogyakarta

kaping-266

\"Rasane kaya ngimpi Mas, nalika

aku karo mbakyuku kedhapuk

dadi pasarta carnival iki makili

Kemantren Danurejan,\" andharane

Luthvi marang DL.

Watara 500 seniman/seniwati

Yogyakarta disengkuyung penampil

saka kemantren Kota Yogyakarta

cacah 14, arak-arakan pasarta sing

nganggo busana tokoh wayang,

di barengi karo kendharaan

kang dipacak maneka warna

dadekake sesawangan bengi kuwi

tambah nengsemake. Apa maneh

katambah bumbu lampu sorot sing

werna-werna warnane ditambah

unine musik kontemporer agawe

ati bisa adhem lan ayem. Pasarta

sing makili saka 14 kemantren

kasebut wis kapantha maragakake

tokoh pewayangan yakuwi,

Pakualam maragakake Widodari

klepu Dewadaru, Bathara Durga

kemantren Umbulharjo, kemantren

Danurejan Bathara Guru,

Bathara Gana Gedongtengen,

tokoh Arjuna lan Sembadra

Gondomanan, kemantren

Wirobrajan kedhapuk tokoh

Baladewa lan Erawati,

Mantrijeron Bathara

Wisnu, Bathara Brahma

Tegalrejo, Bathara

Indra kemantren

Kraton, Bathara

Bayu kemantren

N g a m p i l a n ,

Bathara Narada

Gondokusuman,

Bathari Supraba

kemantren Jetis,

Komajaya lan

Dewi Kamaratih

K o t a g e d h e ,

K e m a n t r e n

M e r g a n g s a n

didhapuk tokoh

wayang CingkarabalaBalaupata.

A r a k - a r a k a n

Carnival di wiwiti saka

Jalan Sudirman tumuju

ing panggung utama

sing mapan ana ing Tugu

Tanggap Warsa Kutha Yogyakarta Ka-266

Disengkuyung Kemantren Cacah 14

Sumadi, SH.MH lan jajarane nalika mirsani Carnival (Ft. Bari/DL)

tampilane para seniman - seniwati

Yogyakarta (Ft. Bari/DL)

P:47

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 47

Kutha Yogyakata. Wayang Jogja

Night Carnival (WJNC) # 7 taun iki

jupuk tema, \"Lokananta Arjuna

Anugraha\".

Ing carita wayang kulit/

wayang uwong Lokananta

awujud gamelan sing

mung ana ing kayangan

lan ditabuh rikala

Rabine Baladewa lan

Erawati, sing kaping

pindho Rabine Arjuna

lan Sembadra. Pejabat

PJ Walikota, Kota

Yogyakarta Sumadi,SH.

MH paring keterangan

menawa WJNC # 7

minangka adi cara

puncaking pengetan

HUT kaping 266 Kota

Yogyakarta, piyambake

uga ngaturake agenda kang

kagelar pendhak taun iki wis dadi

cathetane Kementerian Parekraf

RI. Sabanjure Sumadi,SH.MH

paring keterangan alasane taun

iki ngusung tema \"Sulih, Pulih,

Luwih\" ana ing pengetan HUT

Kota Yogyakarta kaping-266 taun

2022 iki, awit pemerintah Kota,

bebarengan karo masarakat

Yogyakarta wis bisa kasil ngliwati

kanthi sabar lan donga saka

pandhemi Covid 19, ature.

Piyambake duwe pangajab kanthi

tema Sulih,pulih lan luwih iki bisaa

masarakat Yogyakarta luwih duweni

semangat sarta tekad bebarengan

nuju kahanan sing bisa bali ayem

tentrem ora ana rubeda sawiji apa,

tambahe.

Ana ing kalodhangan iki Kepala

Dinas Pariwisata Kota Yogyakarta,

Wahyu Hendratmoko, mratelakake

piyambake ngaturake panuwun

lan duwe pangajab baline tradhisi

kepungkur bisaa paring panyurung

semangat kanggo para seniman/

seniwati sing melu nyengkuyung

ing Wayang Jogja Night Carnival

2022. Saben Kemantren ngirim

wakil kemantrene cacah 30

penari, nanging Kemantren

Mantrijeron lan Kemantren

Danurejan ngirimake 6070 penari, \"Bokmenawa

ndak meri sing ora katut \"

matur kaya ngono kuwi,

Wahyu Hendratmoko

karo mesem ngguyu,

ningali antusias sing

kaya mengkono piyambake duwe angenangen, bisaa para

seniman/seniwati lokal,

karya-karya kreatif bisa

kawentar ana ing taraf

Internasional.

K a w i c a k s a n a n

masarakat kang duweni

unggah-ungguh jawani

jumbuh karo Yogyakarta kota

istimewa, saka taun ing taun

Yogyakarta sangsaya ngrembaka

ana ing endi papan, ya dikenal

masarakate sing tansah junjung

bab gotong royong, aruh-aruh

karo sapadha-padha klebu karo

wong sing saka luwar Jogja,

seneng tulung tinulung bab iki

sing bisa mujudake Yogyakarta

Berhati Nyaman.

B A R I / DL

Mbk Luthvi - Risma Pasarta saka kemantren Danurejan

(Ft. Bari/DL) Salah sijine paraga saka pasarta karnival

(Ft. Bari/DL)

Pasarta kang melu ngregengake acara

(Ft. Bari/DL)

P:48

48 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe

P:49

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 49

Panggung

Kasenengan para ibu racake

asring magepokan upamane

nambah seserepan, pawetu,

nambah rasa kapribaden utawa PD,

kaya : ngadi salira, busana, mangsak,

senam lan liyane. Ananging beda

karo ibu ibu cacah telu iki, sing

hobine unik yakuwi \"nyiter\" salah

sijining alat gamelan karawitan Jawa,

kanthi asma \"Siter Sister\". Têtêlu ibu

mudha mau asmane : Bernadetta

Krisma, Feryna Setyawati lan Lukita

Q'rai.

Ditakoni Djaka Lodang kapan

kabentuke grup iki? Anane grup

sanyatane ora disengaja, kirakira setengah taun kepungkur.

Dikandhakake Krisma salah sijiné

anggota sing uga dadi \"manager\"

grup mratelakake, manawa anggone

kekancan pancen wis watara

telungtaunan. Mulabukane sing

seneng siter pancen aku, kandhane

Krisma mitêrang ing saselane latihan

ing buri pendhapa Ambarukmo sore

kuwi karo diiyani kanca lelorone

Feryna karo Lukita Q'rai. Kanggone,

siter narik kawigatene merga

maine ketok aneh, ora ditabuh,

nanging \"dipetik\" ora kaya liyane.

Kacarita Lukita Q'rai lan Feryna uga

kepengin bisa main bareng, merga

lelorone meneng-meneng uga

duwé kesenengan padha karo siter.

Ananging wektu semono merga

katerjang pagebluk covid, dadi lagi

bisa gabung nalika sawise covid

mendha, ya taun iki bisa latihan

bareng. Sadurunge amung Krisma

sing duwe siter, dene Feryna lan

Lukita Q'rai durung duwéni siter. Lagi

nemu sing adol siter peking (siter

ukuran cilik) ing toko cedhak pasar

Ngasem, lan wiwit kuwi lagi bisa

latihan bareng. Perkembangané,

rasane kurang gayeng manawa main

siter peking, mula kepengin nyoba

duwe siter ukurané rada gedhé. Ora

nyana dheweke entuk alamate sing

gawé siter gedhé (clempung) aran Ari

Tejo, sateruse Ari Tejo sing nglatih/

nggladi sitere tumekane saiki.

Rasa \"Penasaran\" dadi Rasa

Tresna

Latihan siter ora gampang, kudu

ngerti setelan larase, bene pas lan

sekeca manawa kepireng. Larasane

nganggo pelog lan slendro, amarga

akeh lagu sing dimainaké nganggo

laras mau, yen ngepasi bareng

musik diatonis, campursari pokoke

bisa mlebu kabeh kandhane. \"Wah

tenan Mas, main siter ora entheng.

Kejaba kudu sabar, kukune dawa,

apamanèh jian blas durung naté

ketemu siter, ya lagi iki. Nglatihe

cengkokan siter, jian angel Mas

angel..\" kandhane Lukita Q'rai

jlentrehake marang Djaka Lodang

karo ngguyu kekel, kelingan lelakon

ajar siter dheksemana.

Amarga pengine duwé grup

siter, kagiyatan mau tetep lumaku

terus. Kalodhangan mirunggan ibu

mudha tetelune mau asring ketemu

nggladi sitere sing wis diwènèhi

cathetan pelatihe Mas Ari Tejo. Rasa

\"penasaran\" tuwuh rasa tresna

marang siter mau. Manéka cengkok

siteran kasil diapalake nganti paseh

unine, lan ngasilaké saweneh

aransemen gendhing/ lagu favorit.

Cengkokane pakem, ananging

sing prasaja dhimen ora adoh saka

asline, lire swara siter

duweni cengkok mligi,

kandhane Feryna

nambahi, karo ora lali

mesem pait madu.

Pentas Wola wali

Maune \"Siter

Sister\" amung kanggo

kalangan kanca sakiwa

tengene wae. Sateruse

akeh pandhemene,

apamanèh grup

\"Siter Sister\" iki di

pandhegani déning

ibu-ibu sing duwèni pasuryan endah

lan nengsemake kang dadekaké

\"Siter Sister\" diapali lan kondhang ing

sadhéngah papan. Nalikane latihan

wae, asring antuk saweran saka para

pamirsa kang lagi liwat /linangkung

ing kono, selagine latihan anêng

buri pendhapa Ambarukmo saben

Rebo sore.

Pentas mirunggan racake nyakup

instrument cacahe enem yakuwi;

siter clempung cacah papat, bas

lan kendhang batangan. Kendhang

diasta Antonius Harya, dene bas

déning Ambrosius (Aam), dene Ari

Tejo nguwati nggon sitere. Pentase

ngaturake manéka warna gendhing/

lagu. Saka lagu pesenan utawa

mirunggan asil \"request\" pamiyarsa

kang rawuh, dene manawa pentas

prasaja, ibu mudha \"Siter Sister\"

tetelune sing ngayahi.

Tumekane saiki \"Siter Sister\"

wis pentas wola wali aneng acara:

mantenan, nyugata komunitas

Moge (motor Gedhé), nyugata

pemimpin saweneh bangsa G-20 ing

Ngayogyakarta, komunitas UFO kang

nganggo sitere dadi obyèk panaliten

\"ruang angkasa\", nyugata tamu

penting swasta lan pamarintah ing

acara \"patehan\" (suguhan wedang

teh) anêng hotel Ambarukmo saben

jam 11.00 tumeka saiki, uga ngiring

misa anêng saweneh gréja.

\"Aku rumangsa mongkog njaga

kabudayan Jawa sijine siter, nadyan

durung sempurna anggonku main,

paling ora nuduhake para mudha

yen ibu- ibu wae manteb nyinau siter,

ora susah isin-isin nyinau kabudayan

dhewe, yen ora kita dhewe sapa

maneh sing bakal maelu?\" kandhane

Krisma diamini Feryna lan Lukita

Q'rai semu nguwuh pitakon marang

para mudha jaman saiki, mungkasi

patemon klawan Djaka Lodang sore

kuwi. Danan Mr. SSn.

Nalika ‘Siter Sister’ Ngumandhangake Ngrangine Siter

Wanita kang mlebu ing ‘Siter Sister’

(Ft. Danan)

‘Siter Sister’ lagi

ngumandhangake siter

(Ft. Danan)

P:50

50 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe

GUYON FX. Subroto

Satleraman

Wanita ayu gandhes luwes iki asmane Wiwiek

Chandrawati nanging luwih akrab diaturi

Wiwiek. Nalika mudha piyambake klebu

Kenya kang bisa diandhalake ana sandhuwure ‘cat

walk’ ora mligi ana kutha Gudheg’ nangin kiprahe

ing donyane ‘fashion show’ ing tingkat ibukota

kepara sering melu tekan mancanegara.

Wiwiek Chandrawati kang ngampingi minangka

garwa kinasih ‘Bapak Tenun’ yaiku Jadin C.

Djamalludin sugih ilmu kang

bisa dituladhani. Wiwiek

kang aktif uga ing organisasi

sosial iki sarta ngrembakake

‘Rumah Seni’ ing Jl. Bantul

utawa ing Karangnongko,

Panggungharjo, Sewon,

Bantul, DIY.

“Kejaba ing ‘Rumah Seni’

(Galery Jadin Craft) iki, aku

uga akeh melu kegiyatan kang

magepokan karo kepentingane

wong akeh. Organisasi sosial

tumrap pribadiku penting

banget, apamaneh akeh

sedulur kang perlu pambiyantu

mligine ing wilayah pinggiran.

Nanging uga ora lali tetep jaga

warisan leluhur, kaya kang

durung suwe dileksanakake

ing ‘Rumah Seni’ Jadin Craft,”

pratelane Wiwiek Chandra

tandhes.

Wanita kang tansah

disengkuyung keluwarga

iki pancen kepengin Tenun

Tradhisional bisa tetep

lestari kepara bisa sangsaya

ngrembaka ing Nusantara

mligjne. Kanggo para maos bisa mirsani koleksi

uga bahan-bahan kang bisa di tuku jalaran ing Jadin

Craft Tekstile uga nyawisake bahan-bahan Tenun

kanthi motif Ikat, Songket, Batik, Embroideri, Tie

Dye, Lurik, Checkered lan isih akeh maneh motifmotif Tenun kang ora mligi motif Jawa nanging

motif sa Nusantara cumawis ing kene.

Wiwiek Chandrawati iki tansah aktif ing maneka

kegiyatan ora mligi ing tenun wae nanging

akeh kegiyatan sosial kang

disengkuyung. Dadi ora

nggumunake menawa ing

usaha kuliner kang dirintis

uga akeh pelanggane. Malah

menu kang dicawisake uga

ora larang regane nanging

rasane bisa gawe kangen

pengin baleni.

“Aku uga nlateni menu

kuliner kang jawani, masakan

nusantara kang bisa gawe

ketagihan pelangganku. Ing

G’ROBUCKS COFFE papane

enak, nyaman kanthi menu

kang ngangeni lan bisa

sekalian nonton maneka

batik lan tenun, ecoprint

sarta shibori ing ‘Rumah Seni’.

Seni budaya wis nyawiji ing

atiku, mula tekan kapan wae

aku tetep nresnani kepara

kepengin seni budaya iki

ngrembaka ing saindenging

donya,” tandhese Ny. Jadin

C. Djamalludin kanthi eseme

kang manis.

Tatiek Poerwa Kalingga/DL

Wiwiek Chandrawati Jadin

Mudha Peragawati Tumeka Saiki Tresna Budaya

Wiwiek Chandrawati

(Foto Kalingga/DL)

P:51

Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe 51

nyrempet wong lanang nunggang

pit onthel mbonceng bocah cilik.

Saperangan penumpange padha

mudhun kanggo nakyinake warta

mau. Marsono milih ora ndelok awit

rumangsa ora mentala yen nyawang

awak tatu lan getihen. Kabar saka

sing lagi nanjihake ujare sing

mbonceng ninggal donya nanging

sing dibonceng ora apa-apa.

Gelem ora gelem bus mau kudu

mandheg suwe merga sopire mlayu

menyang Kantor Polisi sing cedhak

nyingkiri pangamuke wong akeh.

Pungkasane Marsono kudu melu

mudhun awit tumpakan mau dening

polisi sing wis teka ora diolehi

mbacutake laku.

Bareng wis mudhun, Marsono

lagi mudheng menawa bus sing

ditumpaki nembe tekan laladan

Sragen. Pikirane Marsono tekan

Ponorogo, iki mengko wancine

wis kliwat angslupe srengenge.

Dietung-etung, wiwit wanci kuwi

tekan Madiun wis jam enem kliwat.

Laku saka Madiun tekan Ponorogo

butuh wektu sajam. Dene bus

pungkasan saka terminal Ponorogo

sing menyang Trenggalek watara

jam pitu bengi.

Marsono wis ora bisa mikir piyepiye, lha wong sangune kari ngepres

kanggo numpak tekan omahe. Yen

golek ojek, kuwatir yen ojeke njaluk

opah larang banget merga wancine

bengi. Sing dipikir sing baku bisa

enggal tekan Ponorogo dhisik. Dene

yen wis kepancal bus sing ngliwati

desane, kepepete arep nunut truk

sing ngliwati kana.

Merga bus sing dinunuti ora

oleh mbacut mlaku dening polisi,

mula penumpange dinunutake bus

saka Sala arep menyang Surabaya.

Merga penumpang susulan kuwi

ora bisa kamot kabeh, Marsono

kudu ngenteni bus sing saka burine

maneh. Iki njalari saya wengine

maneh dheweke tekan Madiun.

Mesthi wae penumpang sing kudu

munggah keri padha kesrah-kesruh

rumangsa digawe gela.

Tekan terminal Madiun, tujune

Marsono enggal oleh bus sing

menyang Ponorogo. Kaya sing

dadi pangirane kurang luwih sajam

wis mudhun terminal sing dituju.

Begjane maneh, bus sing mlaku

menyang Trenggalek durung

mangkat. Sanajan kudu nunut mung

karo ngadeg dheweke isih bisa katut

numpak.

Penumpange sing akeh

bocah mulih sekolah sing mlebu

sore. Meruhi cewek-cewek sing

menganggo seragam sekolah mak

tratap Marsono kelingan cewek sing

sasuwene iki ngrengga atine. Emane,

bus sing dinunuti dudu bus sing

ngliwati desane Sumiati. Menawa

liwat kana paling ora Marsono bisa

nyawang saklebatan lurung sing

tumuju menyang omahe.

Saka papan mudhune numpak

bus tekane ngomah Marsono isih

kudu mlaku watara sakilometer.

Jaman kuwi dalan laladan kono

durung ana aspal lan listrik dadi

lakune kepetung cenunukan.

Kala-kala sikile nyandhung watu

lan keblowok jlegongan cilik

sing tumama ana ratan. Nanging

dheweke ora ijen awit ana sawenehe

pawongan nunggal bus mau

mudhun lan mlaku ngidul.

“Boten dipethuk?” cluluke wong

wadon nggendhong rinjing sing

nunggal laku.

“Boten,” sauté.

“Tindak pundi?” takone maneh,

najan ora karo nyawang sing dicluluki

merga kudu ngulatake dalan neng

kahanan peteng.

“Wangsul,” saure Marsono

cekak.

“Griyane?” takonan sabanjure.

Marsono uga wangsulan walaka tur

jlentreh.

“Sik, ta!” tembunge sajak

gawok.

“Dospundi?” sing disaruwe

miterang.

“Esuk wau kula bidhal teng

peken kitha kok mireng warta

Pak Sukro seda napa leres?”

ukara sing kawetu.

“Inggih leres mila kula niki

wangsul,” jlentrehe.

“Gerahe napa, teka kula boten

mireng?”

“Kula nggih dereng ngertos,

tiyang kula nembe dugi dalu niki!”

“Njenengan ki, napane Pak

Sukro?” tambonge, sing dibarengi

mlaku.

“Kula, yoganipun,” sambunge.

“Gek saking pundi? Napa sampun

kerja teng Surabaya?”

“Kula, saking Yogja,” Marsono,

nggenahne.

“Pun kerja, napa?”

“Saweg sekolah!” jlentrehe

maneh.

“Wo, banjur sing ngabari sinten?”

tambuhe.

“Kula ditlegram, siang wau,”

katrangane.

“Wadhuh, mugi-mugi bapake,

angsal panggenan sing sekeca,

nggih, Nak! Sing sabar!”

“Maturnuwun, Bu, kula menggok

mriki!” guneme, sawise lakune wis

tekan prapatan lor SD.

“Ndherekake, Nak, kula bablas

ngidul,” tembunge, sing dibarengi

mlaku.

Marsono mbacutake lakune

menyang omahe, sing saka kono,

mung kurang telungatus meteran.

Lakune nggembol maneka rasa,

mligine, mbayangake suwasana

ngomah nembe kesripahan.

[ana candhake]

Ijasah

Sambunge kaca 2

“Esuk wau kula bidhal teng peken kitha kok mireng warta Pak Sukro seda...”

P:52

52 Djaka Lodang No. 21v 22/10/2022

Setu Legi, 26 Mulud 1956 Ehe

Pimpinan Saha Karyawan Majalah Basa Jawa

YOGYAKARTA

DHEREK MANGAYUBAGYA DHUMATENG

SRI SULTAN HAMENGKUBUWONO X

Saha

KGPAA PAKU ALAM X

KRANA SAMPUN KAWISUDA MINANGKA

GUBERNUR-WAKIL GUBERNUR DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

PERIODE 2022 - 2027

DINTEN SENEN, 10 OKTOBER 2022

SENEN WAGE, 14 MULUD 1956 EHE

Create a Flipbook Now
Explore more